Anda di halaman 1dari 3

Nama : Nabila Sapta Novitasari

Kelas : XI AKL-1

Nomer : 23

Identitas Buku

Judul : Emas Sumawur ing Baluarti

Penerbit : Pura Pustaka Yogyakarta

Penulis : Partini B

Tebal Buku : 326 halaman

Sinopsis

Satunggal dinten wonten oto mogok ing satunggaling bulak, kaprenah sangandhaping
dhusun Kledung. Wonten 3 priyayi ing salebeting oto wau. Raden Bei asisten, Raden Ayu Asisten
saha Raden Ajeng Tien. Sawatawis radi dangu nengga pitulungan lajeng wonten oto sanes mandheg
ing sawingkingipun ingkang dipun sopiri dening Rapingun. Boten let suwe oto wau sampun saged
dipunstater malih.

Cekakipun cariyos Rapingun ingkang waunipun dados sopiripun Nyonyah Hien, lajeng
piyambakipun dados sopir Raden Bei Asisten ing ndalem ngasistenan Ngadirejo. Mlampah
setunggal wulan anggenipun Rapingun tumut Raden Bei Asisten. Rapingun dipun anggep kadosta
putranipun kiyambak dening Raden Bei.

Sejatosipun Rapingun menika turunan saking tiyang ingkang mulya. nama aslinipun R.M
Sutanto. Ananging piyambakipun ngulandara wonten ing pundi pundi.
Unsur intrinsik novel

Tema : Petualangan Hidup

Alur : Maju

Sudut Pandang : Sudut Pandang orang ketiga

Penokohan : Rapingun,Raden Ayu Asisten,Raden Bei Asisten,Raden Ayu Supartinah,Nyonyah


Hien, Raden Bei Mantri,Raden Mas Gandaatmaja,Raden Ayu
Gandaatmaja,Harjana,Kreta

Perwatakan

1. Rapingun / R.M Sutanto :

o Seneng Tetulung

“Punapa ndara, kendel wonten ngriki?, Ingkang rewel punapanipun, ndara? Kula
kepareng nuweni?Mbok menawi saged ngleresaken.”

o Tanggung Jawab

“O, ya talah Rapingun, pantes kowe dadi sedulurku, semono anggonmu ngayomi
menyang awakku.”

o Mandiri

“O, ngger, sanadyan kowe ora nyambut gawe, rak ora kekurangan apaapa ta.
Dhuwet saka sewan omah sesasine, kuwi rak wis cukup ko anggo nuruti
kasenenganmu. Dene kagem dhahare bapakmu cukup saka peparingdalem
pensiunan. Saben aku ngisis sandhanganmu kang tumpuk-tumpuk ana lemari lan
koper, atiku ora kena ditata. O, ngger, anakku. Saya keranta-ranta maneh atiku, dene
lungamu ora sangu dhuwit lan nggawa salin salembar-lembara…..”

o Kendel

“E, aja. Aja temenan lo Rap! Aku ora eman jarane, sing take man kowe. Jaran kuwi
pancene mono becik temenan, nanging gemblung. Mulane para panegar ora ana sing
wani nunggangi.”

2. Raden Ayu Asisten : cerewet

3. Raden Bei Asisten : tanggung jawab, sareh

4. Raden Ajeng Tien : misterius, apik

5. Nyonyah Hien : pinter ngomong


6. Harjana : antagonis, keras, pendendam.

Kekurangan Novel : Novel Emas Sumawur ing Baluarti kedah konsentrasi anggenipun maos
amargi basanipun radi awrat dipunpahami.

Kelebihan Novel : Novel menika ngemut piwulang ingkang sae tumrap kauripan.

Anda mungkin juga menyukai