Anda di halaman 1dari 5

Analisis Unsur-Unsur Pambangun Novel Ngulandara

Bab I Anggitanipun Margana Djaja Atmaja

Kaimpun dening :
1. Anisa Khaaza Devani (03/XI MIPA 5)
2. Atik Mani Hapsari (06/XI MIPA 5)
3. Aulia Nur Azizah (08/XI MIPA 5)
4. Evelyn Iza Kirana (10/XI MIPA 5)
5. Muhammad Silmy Firdaus (26/XI MIPA 5)
6. Nadhira Faza Gunarso (27/XI MIPA 5)

SMAN 6 SURAKARTA
TAHUN AJARAN 2019/2020
Oto Mogok
A.Sinopsis

Sinopsis Cerita Oto Mogok punika cariyosipun dipunwiwiti oto mogok. Nalika
kahanan sampun sonten ugi jawah, otonipun kaluwarga Ajeng Tien kedah mogok wonten
satunggaling mergi. Ramanipun Tien nyobi ndandani nanging dereng saged - saged, wusana
kahananipin ngantos sonten banget, jawah saya deres, otonipun dereng saged urip. Boten
dangu Den Bei sakeluwarga lajeng mlebet wonten oto. Manahipun tiyang sakaluwarga
punika gusar sanget.Boten langkung dangu wonten oto ingkang nyambangi. Lajeng jejaka
ingkang nama Rapingun punika mbiyantu ndandani oto. Panjenenganipun boten purun nampi
arta panuwunipun saking Den Bei. Kaluwarga langkung kuciwa sanget bilih jejaka wau boten
purun nampani.Wonten satunggaling dinten, Nyonyah Oet Hien, mitranipun Den Bei sowan
supados badhe sadeyan emas. Nyonyah Oet Hien ugi karem nyade otonipun piyambak.
Mangertos menawi oto punika oto ingkang diagem kaliyan Rapingun, Raden Ajeng Tien
lajeng ndangu kaliyan Nyonyah Oet Hien. Boten klentu, sopir oto punika inggih Rapingun,
jejaka ingkang mbiyantu kaluwarga Ngasisten. Oto kaliyan sopiripun lajeng dipunpundhut
kaliyan kaluwarga.Sopir pribadhinipun kaluwarga Ngasisten punika jejaka ingkang jujur,
trampil, mrantasi, ugi sae pocapan saha tindak - tandukipun. Nglampahi pedamelan kanthi
sucining manah, tansah ngabdi dhumateng kaluwarga Ngasistenan. Sadaya langkung remen
dhumateng Rapingun.Hel jaran liar kagungan kaluwarga mawon saged tundhuk kaliyan
Rapingun. Menika amargi manahipun Rapingun ingkang sae, langkung sabar anggenipun
ngruwat. Sedaya tindak - tandukipun Rapingun punika kedah ngedap - edapi kaluwarga.
Langkung dangu anggenipun ngudi wonten kaluwarga Ngasistenan, langkung raket ugi
anggenipun memitran kaliyan putri Ngasistenan punika. Kekalihipun ugi sami remen ing
batos. Sasampunipun kesumerepan menawi Rapingun punika salah satunggaling putra kraton
ingkang kedah ngulandara, sedaya kaluwarga inggih sansaya gumun. Jejaka kraton purun
nglampahi lelampahan kados punika. Boten klentu menawi tiyang punika inggih tiyang
ingkang wicaksana, tiyang ingkang nggadhahi kaluhuran saha beciking bebudhen. Pantes
menawi Raden Ajeng Tien punika lajeng dipunpundhut garwa kaliyan piyambakipun.
B.Unsur Intrinsik
1. Alur : Progresif (Maju)
Nalika kahanan sampun sonten ugi jawah, otonipun kaluwarga Ajeng Tien kedah
mogok wonten satunggaling mergi. Ramanipun Tien nyobi ndandani nanging dereng saged -
saged, wusana kahananipin ngantos sonten banget, jawah saya deres, otonipun dereng saged
urip. Boten dangu Den Bei sakeluwarga lajeng mlebet wonten oto. Manahipun tiyang
sakaluwarga punika gusar sanget.
2. Latar :
a. Suasana :
1. Nesu : ”...Judheg aku! Punika angluhipun satunggaling priyantun ngadeg,
cancut, wonten ngiringanipun motoring oto ingkang sampun kebikak”...
Nesu : ” Iki maneh sing bocah melu nutuh, mau rak wis padha rembug.
Yen aku nyrengeni Rap, ora padha arep ngrewangi, jebul malah aku sing
dikrubut”...
2. Seneng : ”Priyantun tetiga wau bingahipun boten kenging winiraos”...
3. Cemas : ” Adhuh ngger! Tujune diparingi slamet. Dos pundi ta jeng, kok le
ora ngati-ngati kuwi! Criyos makaten wau kaliyan mengap-mengap, kabekta
saking kaget lan uwasing manah”...
Cemas” Sampun sedasa menit Rapingun meksa dereng enget. Raden Ajeng
Tien saya gugup manahipun, nanging boten mangertos punapa ingkang kedah
dipuntindakaken”...

b. Panggonan :
1.“Mogoking oto wau wonten tengah-tengahing bulak, kaprenah
sandhanganipun Dhusun Kledhung, dene Kledhung punika dumunung ing
papan ingkang inggil, kleres ereng-erengipun Redi Gumbing lan Sundara,
wonten saantawisipun Parakan (Tumenggung) kaliyan kreteg (Wanasaba)”...

2. “Dumugi pratigan ingksng dhateng Weleri, ing pinggir margi kiwa tengen
ketingal dilah pating klencar’ (Weleri,Kendal)
3. “ Den Bei Asisten Wedana sakaliyan tuwin putranipun lajeng dhateng gadri
wingking, sami lelengahan’...

c. Wektu :
1. Pagi : “Sampun ingkang kados kawontenan kasebut nginggil wau, saweg
ing wanci jam kalih welas siyang, tur suryanipun jumperet kemawon
hawanipun meksa atis”..

3. Paraga lan Watak


a. Tien: Jujur ”Bu, Bul Nuwun sewu inggih bu! Ibu kok ngendika klesak-`
klesik menika ngendika kaliyan sinten ta, bu? Menapa saweg ndonga?”...

b. Ibunya Tien: Pemarah ” Nyatan nek kaya ngene iki priye hara? Mangka neng
tengah bulak, wis jam setengah nem, kathik atise kaya ngene, Gunng Sumbing wis
kemul ampak-ampak, dalan ing Kledhung ya wis meh putih, dhasar dalane sumengka,
kok jebul otone bobrok!”...

c. Bapaknya Tien: Sabar” Yah ibune ki ta! Rak ya lumrah ta yen oto kuwi sok
mogok, ora kok banjur bobrok ngono”...

d. Sopir: Baik” Sarehning taksh gremis, mangga Ndara lenggah nglebet


kemawon”...

4. Sudut Pandang : Ketelu

5.Tema : Tulung tinulung

6. Amanat : Dadi wong kang apik lan senantiyasa lembah manah sukben bakal disenengi
kabeh uwong dihormati lan dadi wong kang sukses

7. Gaya Bahasa : Personifiokasi


C. Unsur Ekstrinsik
ana papat nilai moral ing novel Ngulandara yaiku nilai moral hubungan manungsa
karo Gusti Allah kalebu sukur, nilai-nilai moral hubungan manungsa karo manungsa liya
kalebu keakraban, kekarepan pengorbanan, ngajeni para majikan, nilai-nilai moral hubungan
manungsa karo alam sekitar kewan sing tresna, lan nilai-nilai moral hubungane manungsa
karo dheweke. awake dhewe kalebu pantangan, welas asih, lan sikap wicaksana.

Anda mungkin juga menyukai