Anda di halaman 1dari 3

SRI TANJUNG

Jaman biyen ing negara Sindureja, kang jumeneng ratu


asma Prabu Sila Hadikrama. Negarane, subur makmur loh jinawi, tata tentrem kerta
raharja, rakyate urip cukup sandhang, pangan, lan papan. Ananging Prabu Sila
Hadikrama lagi nandhang dhuhkita amarga Sang Prameswari lagi nandhang gerah
ora dhangan-dhangan. Prabu Sila Hadikrama utusan patihe kang asma Raden
Sidapaksa nggolekake obat kagem Sang.
Prameswari. Patih Sidapaksa sowan eyange Sang Bagawan Tambang Petra ing
padhepokan, nyuwunake obat kagem Sang Prameswari. Patih Sidapaksa kuwi isih
turun Pandhawa, mula saliyane priyantune bagus, gagah prakosa, uga sekti
mandraguna.
Ing padepokan, Patih Sidapaksa ketemu prawan sing ayune banget, solah
bawane alus manuhara, lan nengsemake pandulu. Prawan ayu mau asmane Dewi
Sritanjung. Sritanjung pancen beda karo prawan-prawan liyane amarga sejatine
Sritanjung lahir saka ibu widodari. Patih Sidapaksa kepencut marang Sritanjung, kaya
tumbu oleh tutup, semono uga Sritanjung. Kekarone banjur nambut silaning akrami.
Sarampunge palakrama, Sritanjung kaboyong menyang kraton Sindureja lerem ing
dalem kepatihan.
Prabu Sila Hadikarma bareng pirsa Sritanjung kesengsem, kayungyun mring
kasulityane Sritanjung tanpa kinawruhan Patih Sidapakasa. Rina wengi Prabu Sila
Hadikrama golek cara piye bisane ngrengkuh Dewi Sritanjung. Ndadekake Prabu Sila
Hadikrama kerasukan watak julig culika.
” Patih Sidapaksa, ingsun ngaturaken agunging panuwun, sliramu wis bisa
minangkani kersaningsun, Prameswari wis waluya jati kaya wingi uni. Ananging isih
ana maneh jejibahan sing kudu koksarirani dhewe, yaiku ngaturake nawala menyang
swargaloka, katur para dewa bukti suka panarimaku marang kabeh kang kaparingake
ing negara Sindureja”, pangandikane Prabu Sila Hadikrama ing pasewakan
agung.àKomplikasi
” Sendika dhawuh Sinuhun, kula pundhi sedaya dhawuh paduka, mugi saged
angayahi jejibahan punika”. Patih Sidapaksa nyanggemi kabeh dhawuhe Sang Nata,
tanpa ngaweruhi niat satemene saka Prabu Sila Hadikrama sing kepingin nyingkirake
Patih Sidapaksa, amarga kepingin nggonjak Dewi Sritanjung. Sejatine nawala kang
kudu diaturake kagem para dewa mau isine ”Sapa sing nggawa nawala iki arep
mbalela maranga para dewa.”
” Yayi Dewi Sritanjung, pun kakang lagi kodheng, amarga kudu ngayahi jejibahan
kang mokal kelakone pindhane ngarep-arep udan ing wayah ketiga, cebol nggayuh
lintang, apa sliramu kersa paring pambiyantu?” Pangandikane Patih Sidapaksa
sarawuhe ing dalem kepatihan.
” Aduh Kangmas Sidapaksa, boten usah kodheng panggalih panjenengan, kula
sabiyantu panjenengan angayahi jejibahan punika. Kula nggadhah slendhang mustika
paringanipun Bapa Rama Raden Sudamala, ingkang nglantaraken panjenengan sowan
dhateng para dewa wonten ing swargaloka.” Dewi Sritanjung enggal nyamektakake
slendang mustika, minangka srana tindake Patih Sidapeksa tumuju Swargaloka sowan
para dewa.
Cekaking crita satekane ing Swargaloka, nalika nawala diaturake para dewa
sakala Patih Sidapaksa diajar lan dipilara amarga dianggep arep mbalela. Patih
Sidapaksa lagi weruh yen isine nawala pancen sengaja kanggo nyingkirake
piyambake. Amarga saka ora kuwawa nadhahi panandhange, Patih Sidapaksa sambat
nyebut para leluhur Pandawa. Para Dewa nembe pirsa yen ta kabeh mung salah
paham amarga saka trekahe Prabu Sila Hadikrama, mula banjur dikeparengake kondur
menyang Sidureja lan kaparingan kanugrahan.
” Aduh yayi Dewi Sritanjung wong ayu, leganana brantaningwang, sapanjalukmu
dakturuti” Lali purwa duksina, tanpa suba sita, murang tata Prabu Sila Hadikrama
nyoba ngungrum, kayungyun gandrung-gandrung kapirangu marang Dewi Sritanjung.
” Pangaputen Sang Prabu, mangga kula aturi enget, kula punika garwanipun
Patih Sidapaksa, kula punika sampun kawengku priya...” Dewi Sritanjung atetawang
tangis nyuwun kawelasan, ananging Prabu Sila Hadikrama wis kepancingan setan ora
maelu tangise Dewi Sritanjung. malah kepara ndadi. Sritanjung bisa karuket wani,
Sritanjung bangga, jelih-jelih njaluk tulung.
” Oh dadi ngono ya patrapmu, rupa ayu mung samudana, kanggo nutupi
tumindak dursilamu, kendho tapihmu, ditinggal kakung ngleboke kakung liya.” Ora
kanyana Patih Sidapaksa wis rawuh ing taman sari kepatihan, pasuryane abang
mbranang kebak kamurkan.
Kagyat sang Prabu Sila Hadikrama, dasar wis kepanjingan watak julig culika,
mula kanggo nutupi tumindake malah mitenah Dewi Sritanjung.
” Pangapuramu Patih, pancen garwamu Sritanjung kuwi murang tata, dudu
wanita utama.” Ngono pangandikane Prabu Sila Hadikrama.
” He..., Sritanjung ora pantes sliramu urip ing ngalam donya, delahan
panggonanmu”. Sora pangandikane Patih Sidapaksa.
” Aduh kakangmas Sidapaksa, nyuwun agunging pangaksami, punika boten
kados ingkang panjenengan pirsani, kula boten nggadhahi tumindak ingkang nerak
kasusilan”. Dewi Sritanjung nyoba atur pambela diri. Ananging ora dipaelu dening Patih
Sidapaksa.
” Inggih sampun Kakangmas, menawi panjenengan sampun boten kersa
mirengaken atur kawula, kula pasrah jiwa raga, ananging perlu kawuningan lan
mangga sineksenan bumi langit saisinipun, mbokbilih sanjata panjenengan tumawa ing
raga kula, ingkang muncrat rah ateges kula ingkang lepat, menawi ingkang muncrat
toya angganda arum, punika paring tenger bilih kula boten lepat lan boten anggadhahi
tumidak dursila.” Tanpa ngenteni, sanjata keris tumacep ing dadane, saking tumamcep
sanjata keris medhal toya angganda arum, Sang Dewi Sritanjung pralaya ing astane
Patih Sidapaksa. àResolusi Patih Sidapaksa nglumpruk tanpa daya pindha kalolosan
otot bebayune, amarga getun ora kersa nggugu ature garwane. Kawetu pangandikan ,”
Besuk yen ana rejane jaman panggonan sedane Sritanjung iki karan Banyuwangi,
amarga kasiram banyu angganda wangi saka anggane yayi Sritanjung, ya iki arane
sapa becik kethithik, sapa ala ketara.

Anda mungkin juga menyukai