Anda di halaman 1dari 3

ULANGAN PADINAN 1

Crita Ramayana Anoman Duta


Prabu Rama lagi duka merga Dewi Shinta, garwane, didustha nang Rahwana.
Anoman banjur diutus mangkat maring Ngalengka kanggo mapag lan nggawa bali Dewi
Shinta ningen katekan wanara liya sing jenenge Anggada. Anggada kepengin dadi
utusane Rama kanggo mapag Dewi Shinta, sekloron padu padha pamer
kekuwatan. Minangka solusine, Prabu Rama banjur aweh sayembara kanggo Anoman lan
Anggada. Nalika ditakoni sapira suwene wektu kang dibutuhna dienggo maring
Ngalengka Anoman mangsuli butuh wektu sepuluh dina, ningen Anggada bisa nempuh
mung pitung dina bae. Anoman ngudhunna dadi limang dina lan Anggada mangsuli
telung dina. Pungkasane Anoman menang sayembara merga dheweke sangguh teka ing
Ngalengka kanthi wektu sedina. Anoman banjur mangkat dikancani nang Semar, Petruk,
Gareng lan Bagong.
Anoman kepengin cepet-cepet tekan Ngalengka, banjur punakawan dilebokna neng
kancing gelung Anoman. Wiwitane Anoman mangkat maring kahyangan kanggo nemoni
Bathara Surya lan matur supaya srengengene diendheg. Kanthi cara kaya kuwe dinane
bakal awan terus lan Anoman bisa teka nang Ngalengka sedina bae kaya janjine.
Sewetara suwe mikir, Bathara Surya pungkasane gelem ngendheg lakune srengenge,
kuwe bae merga Semar sing nyuwun maring Bathara Surya. Sewise kuwe Anoman
mudhun maning ningen nembe bae ngidek lemah, dheweke kesedhot segara. Jebule sing
nyedhot Anoman kuwe Ditya Wil Kataksini sing njaga segara Ngalengka banjur diuntal
maring jero wetenge. Anoman ngupaya metu sekang jero wetenge Wil Kataksini kanthi
mbedhah wetenge nganggo kuku Wajane. Wil Kataksini mati lan Anoman nerusna
lakune.
Anoman sing diuntalna Wil Kataksani tiba nang gunung lan semaput. Punakawan
banjur nggawa Anoman maring guwa Windu sing nang kono ana wong wadon tapa
jenenge Dewi Sayempraba. Dewi Sayempraba banjur nulungi si Anoman lan punakawan,
diwei panganan lan nginum. Anoman ora mung waras sekang larane ningen uga kepranan
maring dewi kesebut.Sewise krasa cukup nggone seneng-seneng karo Dewi Sayempraba,
Anoman pamit mangkat nerusna laku maring Ngalengka.Metu sekang gowa Anoman
dadak ora bisa ndeleng, dheweke dadi wuta. Anoman lan punakawan sedhih karo
kahanan kaya kuwe merga dianggep Anoman bakal gagal maring Ngalengka kanggo
nggawa bali Dewi Shinta kaya kang wis diutus Rama. Anoman dikancani punakawan
mbacutna lakune kanthi grayah-grayah nganti pungkasane Anoman ketemu karo Garuda
Sempati. Garuda Sempati kuwe kadange Garuda Jatayu sing dipateni Prabu Dasamuka
kanthi pedhang Menthawane nalika nulungi Dewi Shinta. Garuda Sempati banjur nulungi
Anoman lan punakawan nggunakna idune lan ndonga maring Dewa. Anoman lan
punakawan kasil ndeleng maning sawise ditambani Garuda Sempati. Sewise leren
sewetara, Anoman atur panuwun maring Garuda Sempati lan pamit nerusna laku.
Nang tengahe laku Anoman nglewati dalan sing alus banget kaya babut utawa
karpet ningen jebule kuwe ilate Ditya Ilatmeja utawa Wil Kataksa. Anoman diuntal
maning neng jero weteng ningen siki karo Wil Kataksa. Kaya kang wis tau kedaden,
Anoman mbedhah wetenge Wil Kataksa nganggo kuku Wajane. Sewise kasil metu sekang
jero wetenge Wil Kataksa, Anoman mabur maring Ngalengka. Indrajid, putrane Prabu
Dasamuka sing ngerteni tekane Anoman nggoleti dheweke neng sakubenge praja.
Anoman ora kasil ditemokna dening Indrajid merga umpetan nang wit nagasari sing ana
sejrone Taman Asoka. Banjur Anoman nembang nganti keprungu swarane Dewi Trijatha
(adhine Prabu Dasamuka). Dewi Trijatha sing ngerteni bab kesebut kaget ana kethek
putih banjur kesengsem..
Kanthi pitulungan sekang Dewi Trijatha, Anoman kasil sowan maring Dewi Shinta
banjur ngewehna sesupe sekang Prabu Ramawijaya. Angger ali-ali kesebut ora sesek lan
bisa diagem nang Dewi Shinta kanthi longgar nandhakna nek Dewi Shinta esih suci.
Kebukten nek Dewi Shinta esih suci banjur ngewehna uga maring Anoman kanggo
diaturna Prabu Rama susuk kondhe minangka pralambang nek Dewi Shinta ngenteni
banget tekane Ramawijaya. Nalika Anoman cecaturan karo Dewi Shinta demadakan
kepriksan para prajurit Ngalengka banjur dikepung Indrajid lan prajurite. Anoman digujer
tanpa bisa nglawan.Dheweke digawa maring pasewakan. Prentahe Dasamuka sing
ngreteni bab kesebut, Anoman dicencang tangan lan sikile kanggo diobong. Tanpa
diweruhi liyane, Togog, jelmaan Sang Hyang Antaga aweh maring Anoman banyu
sacegukan kanthi kesepakatan nek umahe Togog dijaga sekang anane bahaya.
Prabu Dasamuka sing mimpin pengobonge Anoman nyumet geni ngobong kayu.
Ora disangka-sangka dhuwure dahana kesebut ora kasil mateni Anoman.Malah Anoman
mabur kanthi nggawa geni neng awake.Geni kang digawa banjur diawut-awut neng
pojok-pojoke praja nganti wewangunan senegara kobong kabeh.Akeh prajurit mati
sekang pangamuke Anoman. Sewise Ngalengka kobong Anoman banjur bali seprelu
sowan maring Prabu Ramawijaya nang Pancawati. Nang pinggirane segara sing misahna
Ngalengka lan Pancawati, Anoman nemokna Raden Wibisana (adhine Prabu Dasamuka)
sing semaput merga dikepruk kangmase dhewek banjur diusadani nang Anoman.
Minangka rasa panuwune, Anoman diterna bali maring Pancawati dening Raden
Wibisana. Sabanjure teka nang Pancawati Raden Wibisana diangkat dulur enom dening
Ramawijaya lan didadekna penasihat raja. Mengkone sekang Raden Wibisana kasebut
Prabu Ramawijaya bisa ngreteni pengapesane para senopati Ngalengka. Anoman sing
slamet bali maning maring Pancawati banjur crita ngenani lakune maring Ngalengka lan
nuduhna susuk kondhene Dewi Shinta sing mratandhakna gelem baline Dewi Shinta
angger dipapag Prabu Ramawijaya.

Sumber :http://wisnuprasetyobekti.blogspot.co.id/2016/11/anoman-dhuta-bahasa-jawa.
SOAL
1. Sinten mawon paraga wonten carios Anoman Duta?
2. Sayembara napa ingkang dipunwedharaken kagem Anoman kaliyan Anggada wonten
carios Anoman Duta?
3. Sinten ingkang menangaken sayembara wonten carios Anoman Duta?
4. Anoman wonten carios Anoman Duta sajatosipun sinten?
5. Tindakipun Anoman dhateng Alengka wonten carios Anoman Duta dipundherekaken
sinten?
6. Napa ingkang dipunsuwun Anoman dhateng Batara Surya wonten carios Anoman
Duta?
7. Napa ingkang dipunparingaken Rama Wijaya dhateng anoman nalika badhe
manggihi dewi Shinta wonten carios Anoman Duta?
8. Nalika dumugi alengka papan pundi ingkang dipuntuju dening anoman wonten
carios Anoman Duta?
9. Napa ingkang dipuntindakaken Anoman nalika kepanggih Dewi Shinta wonten
carios Anoman Duta?
10. Saksampunipun Alengka kobaran, Anoman lajeng kondur dhateng pundi wonten
carios Anoman Duta?
11. Gawea Ringkesan Crita Anoman Duta!

Anda mungkin juga menyukai