Anda di halaman 1dari 3

Nama : Fadhlik

Tugas Rangkuman Geguritan Anoman Duta

Prabu Rama lagi duka amarga Dewi Shinta, garwane, didustha dening Rahwana. Anoman banjur
diutus budhal menyang Ngalengka kanggo mapag lan nggawa bali Dewi Shinta nanging katekan
wanara liya kang jenenge Anggada. Anggada kepengin dadi utusane Rama kanggo mapag Dewi
Shinta, sakloron padu padha pamer kakuwatan. Minangka solusine, Prabu Rama banjur menehi
sayaembara kanggo Anoman lan Anggada. Nalika ditakoni sapira suwine wektu kang ditempuh
kanggo menyang Ngalengka Anoman mangsuli butuh wektu sepuluh dina, nanging Anggada
bisa nempuh mung pitung dina bae. Anoman ngudhunake dadi limang dina lan Anggada
mangsuli telung dina. Pungkasane Anoman menang sayembara amarga dheweke sangguh teka
ing Ngalengka kanthi wektu sedina. Anoman banjur budhal dikancani dening Semar, Petruk, lan
Bagong.

Anoman kepengin cepet-cepet banjur punakawan dilebokake neng kancing gelung Anoman.
Wiwitane Anoman budhal menyang kahyangan kanggo nemoni Bathara Surya lan matur supaya
srengengene diendheg. Kanthi cara mangkono dinane bakal awan terus lan Anoman bisa teka ing
Ngalengka sedina bae kaya janjine. Sawetara suwi mikir, Bathara Surya pungkasane gelem
ngendheg lakune srengenge, iku bae amarga Semar kang nyuwun marang Bathara Surya. Sawise
iku Anoman mudhun maneh nanging lagi bae midak lemah, dheweke kesedhot segara. Jebule
kang nyedhot Anoman iku Ditya Wil Kataksini kang njaga segara Ngalengka banjur diuntal
menyang jero wetenge. Anoman ngupaya metu saka jero wetenge Wil Kataksini kanthi mbedhah
wetenge nganggo kuku Wajane. Wil Kataksini mati lan Anoman nerusake lakune.

Anoman kang diuntahake Wil Kataksani tiba ing gunung lan semaput. Punakawan banjur
nggawa Anoman menyang gowa Windu kang ing kono ana wong wadon tapa jenenge Dewi
Sayempraba. Dewi Sayempraba banjur nolungi si Anoman lan punakawan, diwenehi panganan
lan ngombe. Anoman ora bae waras saka larane nanging uga kepranan marang dewi kasebut.
Sawise krasa cukup suka pari suka karo Dewi Sayempraba, Anoman pamit budhal nerusake laku
menyang Ngalengka. Metu saka gowa Anoman dadak ora bisa ndeleng, dheweke dadi wuta.
Anoman lan punakawan sedhih karo kahanan kaya mangkono amarga dianggep Anoman bakal
gagal menyang Ngalengka kanggo nggawa bali Dewi Shinta kaya kang wis diutus Rama.
Anoman dikancani punakawan mbacutake lakune kanthi grayah-grayah nganti pungkasane
Anoman ketemu karo Garuda Sempati. Garuda Sempati iku kadange Garuda Jatayu kang
dipateni Prabu Dasamuka kanthi pedhang Menthawane nalika nolungi Dewi Shinta. Garuda
Sempati banjur nolungi Anoman lan punakawan nggunakake idune lan ndedonga marang Dewa.
Anoman lan punakawan kasil ndeleng maneh sawise ditambani Garuda Sempati. Sawise leren
sawetara, Anoman atur panuwun marang Garuda Sempati lan pamit nerusake laku.

Ing tengahing laku Anoman nglewatidalan kang alus banget kaya babut utawa karpet nanging
jebule iku ilate Ditya Ilatmeja utawa Wil Kataksa. Anoman diuntal maneh neng ero weteng
nanging saiki karo Wil Kataksa. Kaya kang wis tau kedaden, Anoman mbedhah wetenge Wil
Kataksa nganggo kuku Wajane. Sawise kasil metu saka jero wetenge Wil Kataksa, Anoman
miber menyeng Ngalengka. Indrajid, putane Prabu Dasamuka kang mangerteni tekane Anoman
nggoleki dheweke neng sakupenge praja. Anoman ora kasil ditemokake dening Indrajid amarga
sesidheman ing wit nagasari kang ana sajrone Taman Asoka. Banjur Anoman nembang nganti
keprungu swarane Dewi Trijatha (adhine Prabu Dasamuka). Dewi Trijatha kang mangerteni bab
kasebut kaget ana kethek putih banjUr kesengsem. Anoman dielus-elus lan dipangku nganti
Anoman mijil kamane lan ceblok ing pangkone Dewi Trijatha. Kama banjur diusapi dening
Dewi Trijatha kanthi ron kamal lan dibuwang ing bengawan. Kama Anoman kang korut ing
bengawan banjur diopeni Dewi Pratalawati (selir Prabu Dasamuka) ing Negara Guwa Pratala lan
ing tembe dadi jabang bayi wujud wanara seta kang dijenengi Raden Triyangga.

Anda mungkin juga menyukai