Anda di halaman 1dari 4

WERKUDARA MANTU

KEMBANG SALAGA RAHINA KUDHUPING WENGI

1. Prolog nagari Ekacakra, Prb Kirmina nimbali abdi Togog, Bilung


Sang Yaksendra nedya males ukum sedanipun ingkang rama Prb. Baka ingkang ing nguni
pejah mengsah Bratasena, pramila nedya nglurug dhumateng kasatrian Jodhipati. Togog –
Bilung matur menawi samenika Raden Werkudara ing Jodhipati badhe kagungan kersa
mantu. Kapara kawontenan menika kaliyan Prb. Kirmina kadamel dhadhakan perkawis
anggenipun nedya ngrabasa Jodhipati. Gya netapaken wadya bidhal dhumateng Jodhipati.
2. Jejer Kasatriyan Jodhipati
Raden Werkudara nampi rawuhipun Prb. Puntadewa, Prb. Kresna, Prb. Baladewa, Prb.
Duryudana, Raden Janaka miwah Nakula , Sadewa.
Sedaya sami tuwuh tandha pitaken amargi sedaya kanoman putra raja miwah pranakan
Janaka ingkang sami ngayunaken Dewi Anantawati putri Raden Werkudara, sedaya katampi
lan sampun sami nglempak ing Jodhipati.
Raden Werkudara ngandaraken menawi slaga ngaten menika kagem paring raos adil
dhumateng para penglamar lan paring piwulang menawi sedaya nugraha wujud jodho, rejeki
lan pesthi menika nut purbaning Gusti lan pambudidaya. Sedaya kalawau boten saget dipun
merenaken. Pramila Raden Werkudara ngawontenakan sayembara, sinten ingkang saget
ngaturaken bebana “Kembang salaga rahina kudhuping wengi” menika ingkang bade dados
mantu kajatukramakaken kaliyan Dewi Anantawati rayi Raden Anantareja.
Lan Raden Werkudara mitungkas menawi sinten ingkang angsal damel, kanoman sanesipun
boten kenging meri lan kedah legawa.
Dereng purna pangandikan, kasaru sowanipun nom-noman ingkang nami Bambang
Wilugonggo ingkang nedya ngawu-awu sudarma dhumateng raden Janaka. Bambang
Wilugonggo ngandharaken menawi putra Raden Janaka ingkang patutan kaliyan Dewi
Gonggowati atmajanipun Bathara Gonggo Pertala , dewaning mina ing dhasar benawi
Gangga.
Raden Janaka dhawuh dhumateng Bambang Wilugonggo menawi badhe kadhaku putra
menawi saget mupu sayembaranipun Raden Wekudara ngaturaken Kembang Salaga Rahina
kudhuping wengi. Bambang Wiluganggo gya bidhal.
Prabu Duryudana rumaos boten rena amargi Bambang Wiluganggo kang katemben dugi
kapara ugi kadhawuhan mupu sayembara.
Raden Werkudara ngendika menawi namung pawongan ingkang boten gadhah raos melik
ingkang saget pikantuk kembang menika.
Raden Werkudara nyuwun dhumateng Prb. Baladewa, kapurih kersa mranata para putra
amrih prayogi .
Pasewakan purna.
3. Limbuk Cangik
4. Paseban Jawi
Prb. Baladewa kaadhep Raden Pancawala, Abimanyu, Irawan, Samba, Wisatha, Setyaki,
Antareja, Gathutkaca, Udawa, Pragota, Prabowo.
Rembag, Prb. Baladewa dhawuh para putra mupu sayembara ning kedah rukun, boten
kepareng gadah kemeren dhumateng ingkang angsal damel lan para putra dipun jarwani
menawi wonten kadang saking Abimanyu lan Irawan nami Bambang Wiluganggo ingkang
nembe ngawu –awu sudarma. Sedaya gya bidhal.
5. Perang Gagal
Brayat Pandawa papakan wadya Ekacakra ingkang nedya ngrabasa Jodhipati, wusana dados
perang. Wadya Ekacakra ingkang kaseser gya ngunduri yuda.
Prb. Duryudana ingkang nembe miyos saking Kasatriyan Jodhipati, kaadhep Raden Lesmana
Mandrakumara, Prb. Karna, Druna, Sengkuni.
Prb. Duryudana rumaos serik dhumateng Bambang Wilugonggo ingkang ugi ndherek mupu
sayembara, pramila dhawuh supados Bambang Wilugonggo sampun ngantos ndherek mupu
sayembara pramila kedah dipun sirnakaken.Menawi kepanggih Bambang Wilugonggo
kadhawuhan ngrangket. Sedaya bidhal.
6. Goro- Goro
Bambang Wilugonggo miwah punakawan gya ngupadi Kembang Salaga Rahina Kudhuping
Wengi.
7. Candhakan
Bambang Wilugonggo kapanggih Prb. Karna lan Kurawa. Prb. Karna meminta Bambang
Wilugonggo mengurungkan niat mencari kembang. Wusana dados perang, para kurawa
ingkang kaseser lumawan Bambang Wilugonggo gya mundur, Prb. Karna namakaken
jemparing rante satemah Bambang Wilugonggo saget kapikut. Awit pamrayoginipun patih
Sengkuni, Bambang Wilugonggo kapurih nglarung supados boten kadenangan Pandawa
menawi Bambang Wilugonggo dipun pejahi Kurawa, wusana Bambang Wilugonggo kalarung
ing Benawi Gangga. Awit ajrih menawi punakawan badhe matur dhateng para Pandawa
pramila Petruk , Bagong ugi kacepeng lan kacemplungaken benawi.Bambang Wilugonggo
ingkang kalarung temah palastra nuwuhaken goro-goro ing benawi Gangga.
8. Candhakan Manyura
Bathara Goggo Pertala ingkang wujud mina ageng uninga menawi goro-goro ing benawi
Gangga amargi kunarpanipun ingkang wayah kalarung gya hambekta kunarpa Bambang
Wilugonggo ing dhasar benawi dipun gesangaken malih.
Bambang Wilugonggo ingkang gesang malih matur dhumateng Dewi Gonggowati lan Bathara
Gonggo Pertala menawi kadhawuhan mupu sayembara ngupadi Kembang Salaga Rahina
Kudhuping Wengi.
Bathara Gonggo Pertolo dhawuh mnwi kembang kalawau kagunganipun. Kembang wau
sejatosipun dumadi saking kancing gelung ageming Raden Werkudara.
Bathara Gonggo Pertala gya maringaken kembang ingkang wujudipun tasih kuncup. Bathara
Gonggo Pertolo nuli ngeningaken cipta ngegaraken kembang, sareng mekar wujudipun
dumadi saking 5 kudhup warni Ijo, abang, kuning, putih lan cemeng manggon ing tengah.
 Kudhup warni ijo aran bayu aneras lenggahipun kadang bayu Maenaka
 Kudhup warni abrit aran bayu mangkurat lenggahipun kadang bayu Yaksa Jajakwerka
 Kudhup warni kuning aran bayu kanitra lenggahipun kadang bayu Gajah Setubanda
 Kudhup warni putih aran bayu kinara lenggahipun kadang bayu sang anoman
 Kudhup warni cemeng manggon tengah aran bayu langgeng lenggahipun raden
werkudara.
Sedaya kalawau wujud talining kadang bayu , sekar salaga rahina warni ijo abang kuning
putih , kudhup wengi, wengi menika cemeng tegesipun langgeng ing tengah lenggahing sang
Werkudara.
Bathara Gonggo Pertala ugi paring warah, kapurih ngesthi sang Bathara Bayu murih saget
ngegar lan ngingkupaken kembang menika.
Riwusnya pana, Bambang Wilugonggo kadherekaken Petruk Bagong gya kagetak bathara
Gonggo Pertala supados enggal dumugi gisik benawi.
9. Candhakan
Wilugongo ingkang sampun dumugi gisik kepangih Raden Samba, sedaya handhaku kadang,
Wilugonggo matur sampun pikantuk kembang. Raden Samba ndherek bingah , kepingin
sumerap wujuding kembang. Nalika kembang dipun paringaken pirsa nuli kasaut Samba
kabeta mlajar. Petruk ingkang sumerap mrayogakaken supados Wilugonggo bujung.
Bambang Wilugonggo trimah nampi kedadosan wau amargi pitaya menawi Raden
Werkudara badhe wicaksana, lan malihipun raden Samba boten badhe saget ngegaraken
kembang. Bambang Wilugonggo gya tut wuri.
Raden Samba ingkang mlajar panggih Irawan, Samba ingkang rumaos sampun angsal damel
dawuh supados Irawan murungaken sedya ngupadi kembang. Raden Samba mameraken
kembang, prayitna Irawan, kembang gya kasaut mlajar.
Irawan ginem margi Samba pamer mila kembang kasaut, ning boten ngertos Abimanyu
wonten wingkin Irawan gya nyaut kembang, Bimanyu rumaos langkung werdha timbang
Irawan , ingkang krama riyin timbang Irawan. Raden Samba ngruket Bimanyu gya katrambul
Irawan , rebatan ngantos kembang dhawah boten sami ngertos. Kembang dipun panggihaken
Raden Pancawala gya kaaturaken dhumateng Jodhipati supados boten nuwuhaken daredah.
10. Candhakan Kasatriyan Jodhipati
Raden Werkudara miwah para sesepuh nampi sowanipun Raden Pancawala, Samba,
Bimanyu, Irawan lan Wilugonggo.

Raden

Pancawala ngaturaken kembang ning namung nemu pramila Raden Pancawala trimah boten
rumaos saget mupu sayembara.
Raden Samba ngaken ingkang pikantuk saking wana paringe dewa, nanging nalika Raden
Werkudara nyuwun Raden Samba supados ngegaraken kembang ingkang wujuding tasih
kuncup, Raden Samba boten saget mila gya mundur kewirangan.
Raden Bimanyu lan Irawan dereng ngantos kadangu gya sumire saking papan.
Raden Werkudara dhawuh menawi ingkang saget ngegaraken lan mangertos werdining
Kembang Salaga Rahina Kudhuping Wengi, menaka ingkang minangka mantu.
Bambang Wilugonggo gya ngegaraken kembang lan merdenaken wujuding kudhup
kembang . Wusana Bambang Wilugonggo kadhaupaken kalawan Dewi Anantawati.Ponang
sekar kapundhi Raden Werkudara minangka kancing gelung.
Kasaru raden Setyaki sowan, matur wonten nalendra yaksa ingkang soroh amuk, Raden
Werkudara ingkang badhe nyalirani, sedaya gya sumire.
11. Candhakan
Raden Werkudara mengsah Prb. Kirmina, wusana Prb. Kirmina pejah.
12. Jejer Pungkasan
Sedaya manghayubagya babaring lampahan
13. Tancep Kayon

Anda mungkin juga menyukai