Anda di halaman 1dari 8

Apresiasi Wayang

“Tiwas Bebarengan Karo Sirahe Putra Angkate”

Dening : Anak Agung Margaretha .S.P (02)


Erin Limanda Afriana (09)
Naila Mufarihah Sari (20)
Rico Rahmat Henderiyanto (28)
Ryan Maulana Agung (30)
Wahyudi Ali Mahrus (34)

SMAN 2 SDA
Tegese Tembung Angel
Terjemahan
PARAGRAF 1.
Prabu Pandu Dewanata ing Ngastina ngerti putrane sing nomer loro meloki dewi kunthi sing sawayah iki gaiso
ninggalno bungkuse. Sang Prabu dhawuh marang setan supaya mecah bungkus. Para Satriya gonta-ganti supaya
mecah bungkus. Wis akeh senjata sing dianggo mecah bungkus, ning ora ana sing iso.

PARAGRAF 2
Para Kurawa uga melu mecah bungkus mau. Naning uga ora ana sing bisa. Bungkuse kedher, banjur
ngabruki Kurawa, saengga kocar-kacir keplayu. Akhire kabeh padha pasrah, ora isa mecah bungkus. Prabu Pandhu
banjur mlebu sanggar pemuda njalok marang dewa supaya diparingi dalan.

PARAGRAF 3
Ing Kahyangan Suralaya, Hyang Girinata ngadep Hyang Narada. Sing lagi mbahas putrane Prabu Phandu
sing durung metu saka bungkuse. Hyang Narada ngomong yen bungkus mau metu saka Dewi kunthi amarga pujiane
Hyang Bayu. Mula sing bisa mecah bungkus ya mung sedulur kadang nunggal bayu.

PARAGRAF 4
Durung tutug anggone ngendikan, saka Gajah Sena, dumadi saka keluargane Hyang Bayu kang korut njur
lair salah kedaden awujud gajah. Gajah iki nyuwun karukti supaya bisa munggah wit. Hyang ojok dikandani supaya
Gajah Sena mecah bungkus ing Ngastina, sebab ning kono margane bisa munggah wit. Gajah Sena matur sendika
nuli budhal menyang Ngastina.

PARAGRAF 5
Tekan Ngastina gajah iku sowan Prabu Pandhu matur nedya mecah bungkus. Prabu Pandhu nyaranno
supaya Gajah Sena awas, terus de’e teko bungkus kang mapan ning alun-alun.Gajah Sena enggal tumandang,
bungkus klakon kepecah.

PARAGRAF 6
Moro-moro bangkit saka bungkus bocah lanang cawetan kain poleng, nrajang wani Gajah Sena saengga dadi
perang rame. Gajah Sena kena tempiling endhase sakala nemahi tiwas. Sukmane manjing marang jabang bayi
ndadekake saya sekti. Hyang Narada kang rawuh nganthi para dewa mundhut bungkus-bungkuse, de’e nggeleng sira.
Dene jabang bayi dijenengi Bratasena ya Bimasena
PARAGRAF 7
Ning negara Buwanakeling, Prabu Wijawastra ya Sempani lagi ditakoni karo bojone Dewi Drata. Sing dibahas
wis pirang-pirang taun anggone kawin isih durung dikek i momongan. Tekan ramalan sing diterimo, mula sinuwun
banjur pamit nang bojone niyat tapa.

PARAGRAF 8
Prabu Wijawastra ngrasuk rasukan kaya wong tapa lan ganti asma Begawan Sempani, moro tapa ning pinggir
segara. Sawise watara suwene anggone tapa, Begawan Sempani kaget ngerti ana bungkus anyar putrane Prabu
Pandhu ceblok ning sacedhake anggone tapa mau

PARAGRAF 9
Pangayoman mau banjur didungani, ing wektu iku uga jabang bayi lanang. Jabang bayi mau kejenengake
Jaka Segara ya Bambang Tirtanata, amerga nemune ning banyu pinggir segara. Bungah sang Begawan Sempani
kepergin putrane dadi satriya utama kaya putrane Prabu Pandhu. Mula Jaka Segara ngabdi menyang Ngastina Jaka
Segara matur sendika, badhal menyang Ngastina.

PARAGRAF 10
Emane Jaka Segara kena pengaruhe Patih Sengkuni uwong sing demen ngapuji, saengga ora
ngabdi marang putrane Prabu Pandhu, nanging ning Kurawa. Malah sawise Prabu Phandu seda, Jaka Segara melu-
melu mungsuni Pandhawa. Jaka Segara tuwuh dadi satriya unggul banjur salin jeneg Jayadrata iku rancange salah
sawijining senapatine Kurawa.

PARAGRAF 11
Ing paperangan Jayadrata bisa merjaya Abimanyu kang tatune akeh banget (ora bisa diitung) kena maneka
sanyatane Kurawa. Arjuna kang ora narimakake patine Abimanyu nggoleki Jayadrata arep males pati. Nanging ora
bisa males pati nganti srengenge angslup, Arjuna arep pati obong. Nanging Dahyang Durna cepet-cepet ndelikake
Jayadrata, kanthi di dhang-dhangi maewu-ewu prajurit Kurawa.

PARAGRAF 12
Nganti wayah surup Arjuna ora bisa nemokake Jayadrata. Prabu Kresna nyebar warta yen Arjuna arep pati
obong. Warta iki njalari para prajurit Kurawa kepengin nyatakake, kalebu Jayadrata. Lali marang pesane Dahyang
Durna, Jayadrata metu saka pandhelikane. Hamung ndengongokake sirahe saka jero pandhelikane, nanging Prabu
Kresna mangerteni. Banjur njawil Arjuna, Prabu Kresna nuduhake papane Jayadrata.
PARAGRAF 13
Arjuna anyar ndudut Kyai Pasopati, nuli linepasake nuju sirahe Jayadrata. Panah ngenani janggane, wektu
sirahe Jayadrata pedhot sakwise ceblok gemlundhung. Begawan Sempani kang weruh putrane gugur ora narimakake,
sirahe Jayadrata dipuji saumpama urip. Senajan mung sirah, utawa isih bisa maju perang. Sampek nyokot keris sirahe
Jayadrata ngamuk gawe tiwase prajurit Pandhawa saakeh-akehe.

PARAGRAF 14

Sepisan maneh Arjuna ngeculno Kyai Pasopati. Sirahe Jayadrata kepanah tembus ngenani Begawan
Sempani. Jayadrata lan Begawan Sempani tiwas bebarengan. Anggone tiwas, Begawan Sempani lungguh mangku
sirahe Jayadrata.
Struktur Teks
Pambuka :

Prabu Panu Dewata ing Ngastina menggalih bab putrane kang angka loro patutan karo Dewi
Khunti kang nganti sawatara warsa isih durung bisa mijil saka bungkuse. Sang Prabu dhawuh marang para
setana supaya mecah bungkus. Para Satriya genti-ganti ngupaya mecah bungkus.Wes akeh gegaman
diango mecah bungkus, ning ora ana kang tedhas.

Para Kurawa uga melu mecah bungkus mau. Naning uga ora ana kang bisa. Kepara bungkus
nggereng, nuli nlabung marang Kurawa, saengga kocar-kacir keplayu. Wekasane kabeh padha pasrah, ora
kuwawa mecah bungkus. Prabu Pandhu nuli manjing sanggar pamujan nedya nenuwun marang jawata
supaya pinaringan marga.

Pasulayan ( komplikasi ) :

Ing Kahyangan Suralaya, Hyang Girinata kaadhep Hyang Narada. Kang lagi dingendikakake bab
putrane Prabu Pandhu kang durung mijil saka bungkuse. Hyang Narada matur yèn bungkus mau miyos
saka Dewi Kunthi karana pamujane Hyang Bayu. Mula kang bisa mecah bungkus ya mung sedulur kadang
nunggal bayu.

Durung tutug anggone ngendikan, katungka sowane Gajah Sena, gajah dumadi saka kamané
Hyang Bayu kang korut njur lair salah kedaden awujud gajah. Gajah iki nyuwun karukti supaya bisa
munggah nirwana. Hyang Girinata dhawuh supaya Gajah Sena mecah bungkus ing Ngastina, sebab ing
kono margane bisa munggah nirwana. Gajah Sena matur sendika, nuli budhal menyang Ngastina.

Tekan Ngastina gajah iku sowan Prabu Pandhu matur nedya mecah bungkus. Prabu Pandhu
mrayogakake supaya Gajah Sena awas, nuli kadhawuhan methukake bungkus kang mapan ing alun-alun.
Gajah Sena enggal tumandang, bungkus klakon kapecah.

Dumadakan jumedhul saka bungkus bocah lanang cawetankain poleng, nrajang wani Gajah Sena
saengga dadi perang rame. Gajah Sena kena tempiling endhase sakala nemahi tiwas. Sukmané manjing
marang jabang bayi ndadekake saya sekti. Hyang Narada kang rawuh nganti para dewa mundhut
wlungsungane bungkus, nuli kabuncang adoh. Dene jabang bayi kajenengake Bratasena ya Bimasena.

Ing nagara Buwana keling, Prabu Wijawastra ya Simpani lagi imbalwacana karo garwané Dewi
Drata. Kang dirembug wis pirang-pirang warsa anggone palakrama isih durung pinaringan momongan.
Saka wangsit kang tinampa, sinuwun kadhawuhan supaya tapa ing pinggir segara. Mula sinuwun banjur
pamit kang garwa nedya tapa.

Prabu Wijawastra ngrasuk rasukan kadidene wong tapa lan ganti asma Begawan Sempani, nuli
tapa ing pinggir segara. Sawise watara suwene anggone tapa, Begawan Sempani kaget pirsa ana bungkus
wlungsungane putrane Prabu Pandhu ceblok ing sacedhake anggone tapa mau.
Wlungsungan mau banjur dipuja, sanalika malih dadi jabang bayi lanang. Jabang bayi kajenengake
Jaka Segara ya Bambang Tirtanata, amarga namung ing banyu pinggir segara. Bungah sang Begawan
Sempani kepengin putrane dadi satriya utama kaya putrane Prabu Pandhu, mula Jaka Segara kadhawuhan
suwita menyang Ngastina. Jaka Segara matur sendika, budhal menyang Ngastina.

Emane Jaka Segara kena pengaruhe Pati Sengkuni kang culika, saengga ora suwita marang putrane
Prabu Pandhu, nanging marang Kurawa. Malah sawise Prabu Pandhu seda, Jaka Segara melu-melu
mungsuhi Pandhawa. Jaka Segara tuwuh dadi satriya unggul banjur salin jeneng Jayadrata. Nalika perang
Baratayuda Jayadrata kadhapuk dadi salah sawijining senapatine Kurawa.

Ing palagan Jayadrata bisa merjaya Abimanyu kang tatune arang kranjang kena maneka sanyatané
Kurawa. Arjuna kang ora narimakake patine Abimanyu nggoleki Jayadrata nedya males pati. Lamun ora
bisa males pati nganti srengenge angslup, Arjuna nedya pati obong. Nanging Danyang Durna enggal
ndelikake Jayadrata, kanthi ingampingan maewu-ewu prajurit Kurawa.

Ndungkap wayah surup Arjuna ora bisa nemokake Jayadrata. Prabu Kresna nyebar warta yen
Arjuna arep pati obong. Warta iki njalari para prajurit Kurawa kepengin nyatakake, kalebu Jayadrata. Lali
marang welinge Dahyang Durna, Jayadrata metu saka pandhelikane. Hamung ndengongokake sirahe saka
jero pandhelikane, nanging Prabu Kresna enggal sasmita. Banjur njawil Arjuna, Prabu Kresna nuduhake
papane Jayadrata.

Pamudare pasulayan ( resolusi ) :

Arjuna enggal ndudut Kyai Pasopati, nuli linepasake ngener sirahe Jayadrata. Panah ngenani
janggane, sanalika sirahe Jayadrata pedhot banjur ceblok gemlundhung. Begawan Sempani kang pirsa
putrane gugur ora narimakake, sirahe Jayadrata kapuja saengga urip. Nadyan mung sirah, nanging isih
bisa maju perang. Kanthi nyokot dhuwung sirahe Jayadrata ngamuk gawe tiwase wadya Pandhawa
sapirang-pirang.

Sapisan maneh Arjuna nglepasake Kyai Pasopati. Sirahe Jayadrata kapanah tembus ngenani
Begawan Sempani. Jayadrata lan Begawan Sempani tiwas bebarengan. Anggone tiwas, Begawan Sempani
lungguh mangku sirahe Jayadrata.
Pesan Moral
Dadi wong sing wicaksana minangka sifat sing dibutuhake kanggo kabeh pakaryan sing wis
ditindakake. amarga kabeh kudu ditindakake kanthi tanggung jawab. kaya arjuna sing terus
nglawan kabecikan tumrap apa sing didhawuhake. Pesan moral sing dipikolehi saka teks kasebut
yaiku kita minangka manungsa kudu bisa njaga amanah lan ora ngganti kepentingan, amarga apa
sing diganti ora mesthi luwih apik.
lan yen sampeyan duwe tugas aja dadi wong sing rame lan ora mikir babagan kepentingan wong
liya, amarga bisa nalika nindakake pakaryan nanging kita lali ngrawat.

Anda mungkin juga menyukai