Anda di halaman 1dari 3

Palasara Rabi

Jejer ing nagari Wiratha, Prabu Basu Kiswara, mios ing pancaniti ingkang suniwi putra Raden
Durgandana, twin Patih Kiswata miwah para punggawa pepak kang anangkil, ginem ; ingkang putra Dewi
Durgandini gerah, kringetipun mambet awon. Kang nata nampi wangsiting Bathara, sinaning sakit
manawi Dewi Durgandini kabucal ing Bangawan Silu Gangga. Sang nata lajeng dawuh dateng ingkang
putra Raden Arya Durgandana twin Patih Kiswata. Ingkang putra Dewi Durgandini kinen ambekta dateng
Bangawan silu Gangga. Patih matur sendika. Sang nata lajeng jengkar ngadaton.

Madeg ing gupit mandragini, sang padni wara Dewi Nalikawati lenggah ing praba suyasa. Ing ngadep
para parekan jethi ingkang mungging ngarsa putra Dewi Durgandini ginem anganti-anti kondorira sang
nata. Kasaru rawuhira sang nata pinethuk ing garwa miwah putra. Sang padni wara lajeng kinanthi
binekta lenggah satata. Sang nata paring dawuh mring garwa, bilih kang putra Dewi Durgandini
pinundhut arsa linabuh maring Bengawan Silu Gangga. Prameswari nata twin ingkang miwah parekan
sami karuna. Dewi Durgandini lajeng katitih aken ing jempana. Sang nata lajeng minggah ing sanggar
palanggatan mengsah semadi.

Madeg ing paseban jawi, Patih Kiswata twin punggawa ginem dennira arsa ingutus sang nata sampun
sami pradandan namung anganti-anti miosipun putri nata Dewi Durgandini. Kasaru miosira Raden Arya
Durgandana angirid jempana tinitihan Dewi Durgandini, lajeng bidal kapallan dumugi Bengawan Silu
Gangga. Sang putri kadawuhaken ing palwa, sampun katilar, anemahi gara-gara. Canthiking baita
sineratan cangkrimaning jawata, ingkang sami saged ambatang, inggih punika ingkang saged maras aken
sakittira tetep pajatu krama.

Madeg pasanggrahan para nata sewu nagara, ginem ; mireng pawarta bilih putra nata ing Wiratha Dewi
Durgandini binucal ing Bengawan Silu Gangga para nata saiyeg sami utusan wadya reksasa. Anyatakaken,
lampahing reksasa kapapag punggawa ing Wiratha, prang gagal, simpang-simpangan.

Madeg ing Jonggring Saloka sang Guru Lenggah ing bale marchu kandha, ing ngadep hyang Narada twin
para jawata, ginem ; wontening gara-gara matumpa-tumpa. Aturing Hyang Narada. Atmajaning Begawan
Sakri anama Raden Palasara anggentur anggening tapa. Hyang Guru duka, utusan widodari dinawuhaken
anggodha mangkat kaliyan Resi Narada.

Madeg ing awu-awu Sapta Arga, Begawan Palasara twin parekan Semar, Nala Gareng, Petruk sang
Begawan lajeng semedi. Datengipun widodari sami ngrencana. Sang wiku datan kegah, lajeng wangsul
lapor mring Sang Guru tumedak twin Resi Narada, mindho peksi emprit nungsuh ing gegelunging
Begawan Palasara. Sareng wanci netes langkung rame. Sang wiku datan kegah. Wasana peksi alit-alit
datan linoloh langkung sangsara. Sang wiku kurda. Peksi kakalih linajeng mabur tinututtan dumugi wana
sapinggiring Bengawan Silu Gangga, kapapag reksasa, prang sekar. Pejahing reksasa peksi binujeng malih.
Sareng dumugi pinggiring silu Gangga kaalangan Bangawan peksi wonten ing brangler.

Mangkono sang retna Durgandini, sareng priksa wonten sujalma ngawe-awe, palwa den pinggiraken,
Begawan Palasara sapalepatira titiga sami numpak sedya ngungsir peksi. Kacarita salebetipun wonten ing
baita. Begawan Palasara pirsa cirining canthik sampun kadhaha. Kawimbuhan mulat warnaning sang
Dewi. Karenan ing panggalih wantuning taruna derenging driya tan kena sidayutan temah wijil tirta
kamandanu ingusap aken katiring palwa sarta kinobok aken ing warih. Wekasan sinarap ing rekatha twin
mintambra. Kucappa Dewi Durgandini, sareng panyatangipun saya rosa riwe medal kumyos anggondo
langkung arus sang Begawan kaget andangu, aturrira retna, inggih punika purwanipun dumunung ing Silu
Gangga. Pundi ingkang mulyaaken dados pajatu krama nira. Sang Wiku welas ing galih lajeng nunuwun
ing jawata kaparingan rana ; kunir pethak. Kunir pethak dipun usadakaken sanalika waluya, Retna tetep
ginarwa. Wasana kundur angambah ing wana gajah aya. Ing ngriku semedi mesthi warastra. Wana
kabesmi, wekasan dadya nagari. Sang Begawan sanalika jumeneng nata, praja wanastannan ing Astina.
Sato wana dalah prajanipun dados manungsa, suwita Sang Begawan. Rajaning sato jejuluk Raja Andaka,
Raja Peri, Raja Amariyi. Sareng sampun ngadaton prameswari anggarbini, ambabar mios jalu pinaringan
peparap Krisna Dipayana. Lurah Semar marabbi Raden Biyasa. Para jawata sami rawuh ngestrenni
jumenengipun jumeneng nata twin babaring putra.

Madeg ing Silu Gangga. Kocapa baledaking katirta dadya manungsa kembar, lajeng taken tinaken
purwaning dumadi, kasaru rawuhipun Hyang Brama, paring pitedah, kinen maring nagari Ngastina saha
pinaringan nama Raden Kenca Karupa twin Raden Karupa Kenca. Gya bidal Sang Bathara laju manjing
jroning darmada, kasarengan pambabarira Rekatha Wati inggih Dewi Siyutisna Wati. Ingkang jaler
pinaringan paparap Raden Raja Mala. Gya sami tinundung maring nagari Ngastina. Ing ngriku kapanggih
kaliyan sudarma nira sayekti.

Madeg ing nagari Wiratha, Prabu Basu Kiswara, mios ngadep putra Raden Arya Durgandana twin patih
Kiswata atur uninga bilih putri nata kang manggen ing Silu Gangga ; sirna, sarta ing wana Gajah Aya
dados nagari tan wonten ingkang jumeneng nata. Sang nata langkung duka. Dene tan mawi ngaturi
uninga, gya utusan ingkang putra Raden Arya Durgandana, kinen nyirnak aken, Raden Arya Durgandana
ngirid barisan ageng.

Madeg ing nagari Ngastina sang Prabu Palasara lenggah ingadep ingkang putra Raden Krisna Dipoyana
twin Lurah Semar, Gareng, Pitruk kasaru sowaniro Raden Rupa Kenca,Kenca Karupa katungka datengipun
Dewi Rekatha Wati twin Raden Raja Mala. Dinangu matur purwa madya wasana sang nata ngungun
pinupus ing papasthen putra sakawan lajeng pinasrahaken kang garwa. Para putra mapag aken kang
garwa. Kasaru geger ing jawi, para putra mapag aken tiga pisan kawon. Raden Arya Durgandana laju
malbeng pura. Sang Nata rinangsang wani, temahhan kantaka gumuling siti. Awas mulat prameswari
nata , lumajeng ngrangkul kang rayi sarwi karuna nyuwun aken pangaksama. Sang Wiku lilih, gya
ngandika bilih Raden Arya Durgandana dinaupaken kaliyan ingkang putra Dewi Rekatha Wati. aturripun
sandika pondongan, sigeg.

Madeg ing Talkandha Resi Santanu, twin ingkang garwa Dewi Esthii jumpeni, mentas ambabar putra
kakeng lajeng seda, putra nama Dewa Brata, Resi Santanu lumurug maring Wiratha, ambekta putra
Raden Dewa Brata, lajeng bidal.

Madeg ing pasanggrahan para nata sewu nagari nampeni aturing duta reksasa, sami duka, sedya ngrisak
praja Wiratha enggal anata punggawa, gya bidallan.

Madeg ing nagari Ngastina, Prabu Palasara lenggah ingadep garwa twin para putra. Kasaru praptaning
Bagawan Sentanu nguwuh-uwuh minta tanding. Para putra arsa mapag sang nata mambeng, awit
langkung awrat tandingngira. Sang Prabu mapag piyambak, prang tanding langkung rame, tan ana
kasarran, wekassan tumuruning para jawata misah sang pancakara. Shang Narada cangkriman kinen
milih Sah Sampurna

Bagawan Sentanu milih sah, Prabu Palasara milih sampurna. Tegesipun Bagawan Sentanu milih Suralaya,
sampun sinauran geter pater. Begawan Sentanu mukti wibawa nanging cures. Prabu Palasara lastantun
ngesaraken neptu panca driya yonurunaken para nata lan sapamunggillannipun. Resi Narada muksa,
Prabu Palasara pamit wangsul mring Sapta Arga, garwa para putra dalah praja katilar. Dewi Durgandini
dalah putra wangsul dateng Wiratha. Begawan Sentanu tutwuri mring Wiratha, nedya anggarwo mring
Dewi Durgandini, awit sanget kasmaran ing wardayanipun.

Madeg ing nagari Wiratha, sang Prabu Basu Kiswara, mios ing pandapi ingadep patih Kiswata, kasaru
praptaning Raden Arya Durgandana sakkadang putra sadaya, matur amiwiti dumugi wekasan.
Welingipun Resi Palasara garwa Dewi Durgandini sampun pinegat supados kadamela sayembara pilih
kemawon. Sang nata pinuju ing galih, gya den undang aken lenggah ing panggungungan. Para narendra
sewu nagari lajeng majeng satunggal-satunggal nanging tan ana ingkang tinampen, sareng Resi Sentanu
majeng ambekta Raden Dewa Brata, punika dadia pinuju ing panggalih, inggih lajeng kadaupaken, Raden
Dewa Brata dipun emung Dewi Durgandini, Begawan Sentanu ugi lajeng jumeneng nata ing Gajah Aya.

Madeg para nata sewu nagari, mireng bilih Dewi Durgandini sampun daup kaliyan Resi Sentanu, lajeng
sami angrisak kitho, damel reresah, pinapag aken Resi Santanu prang rame. Para nata sewu nagari
kawon, sang nata kalempakkan twin putra mantu, Santana miwah wadya sami mangun bajana andra
wina, bibar, tancep kayon.

Anda mungkin juga menyukai