Anda di halaman 1dari 4

RAMAYANA

Negara Kosala kondhang yen subur makmur,ayem tata lan tentrem karta raharja.Para
kawulane padha seger kuwarasan.Negara mau dipimpin dening Prabu Dasarata kang uga kondhang
kawicaksanane.Nalika sawijining dina Sang Nata ora tentrem penggalihe amarga yuswane wis sepuh
nanging durung diparingi momongan( putra )dening Gusti kang Maha Agung.Panjenengane nggalih
,sapa mbesuk kang bakal nerusake jumeneng nata?.Wus makaping kaping Sang Prabu nyenyuwun
marang Gusti kang Maha welas supaya diparingi keturunan.Saking mbatek anggone kepingin
kagungan putra,wusanane panyuwune mau dikabulake.Garwa cacah telu kabeh
nggarbini(hamil).Tekan titi mangsane garwa tetelune padha babaran(nglairake jabangbayi).Putrane
kabeh kakung.Dewi Kosalya garwa prameswari nglairake Prabu Rama wijaya,Dewi kekayi nglairake
Prabu Barata,lan Dewi Sumitra nglairake putra kembar yaiku prabu Leksmana lan Prabu
Satrugna.Satriya papat mau entuk panggulawenthah(pasinaon) ing babagan maneka warna ilmu,
mula kepinteran lan kasektene ngidab ngidabi.

Kacarita raja ing Negara Manthili asmane Prabu Janaka kagungan putra wadon kang ayu
banget yaiku Dewi Shinta.Nalika nemtokake jodho kanggo sang putri,prabu Janaka nganakake
sayembara yaiku sapa sing bisa menthang gendewa(busur panah) yen kakung bakal kadhaupake dadi
garwane sang Dewi Shinta.Akeh banget para raja kang melu adu kasekten pengin menangake
sayembara mau kalebu Prabu Rama Wijaya,nanging ing pungkasaning adu kasekten mau,sing bisa
menangake ora liya ya sang Prabu Rama wijaya,putra mahkota saka Negara Kosala.Upacara
pahargyan mantu dianakake kanthi nggelar upacara rakyat kang suwene patang puluh dina patang
puluh wengi.Sabanjure pesta diterusake ana ing adicara ngundhuh mantu ing Negara Kosala, ngiras
pantes jumenengan ratu amarga Sang Prabu Dasarata sing wis rumangsa sepuh kepingin lengser
keprabon,nata praja bakal kapasrahake marang Prabu Ramawijaya.Sadina sadurunge
jumenengan(penobatan)ditindakake,dumadakan ana ontran ontran,yaiku Dewi Kekayi ya ibu
kuwalone Prabu Ramawijaya nyuwun marang Sang Prabu Dasarata supaya mbatalake Prabu Rama
anggone jumeneng raja lan diganti dening Prabu Barata.Iku kabeh ditindakake amarga Sang Prabu
Dasarata nate janji marang Dewi Kekayi Manawa kagungan putra kakung bakal dinobatke dadi raja
minangka gantine.Kanthi aboting manah Prabu Dasarata nuruti panjaluke keng garwa dewi
Kekayi.Ora mung cukup kuwi,Dewi kekayi uga nyuwun supaya Prabu Rama Wijaya diasingake ing
tengah alas suwene 13 tahun.Dasar priyayi kang luhur budi lan wicaksono,Prabu Rama uga nyetujoni
dhawuhe ingkang rama,Wiwit kuwi panjenengane ninggalake kraton tumuju menyang alas Dandaka
dikantheni dening garwa lan adine yaiku Prabu Laksmana.

Ana ing pandhapa kraton Alengkadiraja,Prabu Rahwanaraja ya Dasamuka,nganakake


pasewakan agung kang uga dirawuhi dening Prabu Kumbakarna,Indrajid,lan patih Prahastha,sarta
para punggawa praja.Kumbakarna lan Indrajit iku kepernah adhine Prabu Rahwanaraja.sing padha
rawuh ing pasewakan mau kabeh ngenteni dhawuh saka raja Alengka.Nanging dumadakan kahanan
dikagetake dening tekane Sarpakenaka ya isih pernah adhine raja Alengka mau.Dheweke nangis gero
gero lan sambat sambat njaluk pitulungan amarga kupinge perung gubras getih diajar dening satriya
bagus ing alas dandaka.Dheweke uga nglapurake menawa ing tengah alas ana wanita sulistyo ing
warni (ayu banget) bareng karo satriya bagus mau.Mireng wadulan mau Prabu Rahwana muntab
nesune,sanalika kanthi mbengok ngundang Kalamarica minangka abdi setiane saperlu dijak nglabrak
lan merjaya satriya mau.

Anggone ngumbara Prabu Rama,Dewi Shinta,lan Prabu laksmana wis tekan tengahing alas
Dandaka.Prabu Rahwana kanthi angkara murkane uga tumuju alas Dandaka.Kaya ngapa kagete
bareng meruhi ayune sang Dewi Shinta,penggalihe malih grembyang dadi kepencut setengah
mati.Sabanjure terus nduweni niat ala kepingin ngepek bojo nganggo cara maneka warna,pungkasane
gawe akal, abdine kalamarica disulap dadi kidang kencana sliwar sliwer ing sakiwa tengene Dewi
Shinta.Weruh endahing kidang kang lincah lan nengsemake mau Dewi Shinta kepingin nyekel lan
kepara nduweni bakal diingu digawa bali ing kraton.Dewi sintha nyuwun marang sang garwa supaya
kidang mau bisa dicekel ,wusanane sang garwa nuruti panyuwune. Kidang mau dioyak nganti tekan
panggonan kang adoh saka papan kono.Dewi Shinta ditinggal dikancani dening prabu laksmana.Ora
let suwe saka kadohan keprungu swara “adhuuuh”,Dewi Shinta kepikiran menawa swara mau
swarane Prabu Rama wijaya,panjenengane banjur mrentahake marang Prabu Laksmana supaya
ngoleki swara mau.sadurunge ditinggal Dewi Shinta dipageri mubeng nganggo kekuatan gaib supaya
ora ana sing bisa ngganggu.Weruh Dewi Shinta lagi dhewekan,Prabu Rahwana banjur nyedhaki Dewi
Shinta.Bola bali kepingin ndemek ora bisa amarga ana pagere mula banjur memba memba dadi wong
tuwa thuyuk thuyuk ngemis karo nyedhaki Dewi Shinta.Suwening suwe atine Dewi Shinta dadi
trenyuh,sing akhire Dewi Shinta metu saka bates pager.Ing kesempatan mau Dewi Shinta langsung
disaut lan digawa mabur.Ing sandhuwure angkasa Dewi Shinta njola karo nangis jerit jerit mbengoki
garwane nanging ora ana sing krungu.

Anggone nggawa mabur Dewi Shinta tumuju menyang Negara Alengkadiraja dikonangi dening
Jatayu(manuk Garudha sing isih pernah kanca akrabe Prabu Dasarata).Weruh kedadean mau Jatayu
banjur nulungi,sabanjure dadi perang rame ing angkasa antarane jatayu lawan Prabu Rahwanaraja
rebutan Dewi Shinta.Manuk Jatayu kalah,sengkleh swiwine,lan tiba ing lemah.Bebarengan wektu
kuwi Prabu Ramawijaya lan Prabu Laksmana lagi bingung kelangan Dewi Shinta.Wis saambane alas
diubengi ora ketemu malah ketemune Jatayu sing wis ora duwe daya.Kanthi napas kang mengkis
mengkis setengah mati,Jatayu ngandhakake menawa Dewi Shinta digawa mabur Rahwana menyang
Negara Alengka.Bubar kandha ngono mau Jatayu banjur mati disekseni dening Prabu Ramawijaya lan
Prabu Laksmana.Kaya ngapa kagete bareng mudheng yen kabeh mau mung akal buluse
Rahwanaraja.Nalika lagi dheleg dheleg amarga sedhih,bingung kepiye carane nggoleki Dewi
Shinta,ora dinyana nyana ana kethek putih ya Hanoman kang lagi nggoleki satriya 2 Sugriwa lan
Subali(Subali ngrebut bojone Sugriwa,miturut ramalan sing bisa ngrampungi mung Prabu
Ramawijaya).sawise rampung masalahe,Hanoman lan sugriwa sepakat mbiantu Prabu Ramawijaya
nggoleki Dewi Shinta menyang nagara Alengka,Hanoman kang dipasrahi dadi dutane Prabu
Ramawijaya dibantu dening para pasukan kethek.

Ana ing sajeroning taman Argosoka yaiku taman keputren ing Negara Alengka,ing kono Dewi
Shinta dikancani Trijatha(keponakane prabu Rahwanaraja).Trijatha iku sawijining wanita kang setyo
tuhu marang dhawuhe prabu Rahwanaraja,mula dheweke kang dipasrahi ngancani lan nglela lela
sasuwene Dewi Shinta ana ing Negara Alengka.Trijatha uga ditugasi mbujuk Dewi Shinta supaya
gelem dadi bojone prabu Rahwana kanthi iming iming emas picis rajabrana lan apa panjaluke kabeh
bakal dituruti,Nanging kabeh mau ora digubris lan tetep puguh setyo marang garwane yaiku prabu
Ramawijaya.Kabeh iku mau ndadekake judhege Rahwanaraja,kadhangkala nalika entek kesabarane
banjur kepingin mateni dewi Shinta,bola bali Trijatha sing pinter nyabarake lan ngarih arih prabu
Rahwana.

Nuju sawijining wektu nalika lagi sedhih mikirake kepiye carane supaya bisa ucul lan ketemu
meneh karo sang garwa ya prabu Ramawijaya,panjenengane kaget amarga krungu swara tembang
galur galur saka pojok taman,jebul anoman si kethek putih kang wiwit mau rengeng rengeng sinambi
nggatekake sulistyane Dewi Shinta.Bareng dingerteni dening Dewi Shinta anoman nuli nyedhak sowan
marang Dewi Shinta matur yen dheweke sabenere diutus dening Prabu Ramawijaya supaya
nakyinake(ngabarake) kepiye kahanane Dewi Shinta.Saliyane iku sabenere Anoman uga kadhawuhan
ngukur sepira kekuatan pasukan ing Negara Alengka.Mireng kabar kaya ngono mau ,ati lan penggalihe
Dewi Shinta dadi mak “cllleeesss”kaya disiram banyu es,pasuryane dadi sumringah.Sawise sowan
Dewi Shinta Anoman banjur ngorak arik taman Argosoka sing pungkasane dikonangi dening
Indrajid.Anoman dicekel, dibanda,lan disowanake Prabu Rahwanaraja.Antuk laporan kaya ngono mau
Prabu Rahwana muntab nesune banjur mrentahake supaya Anoman diobong urip uripan ing alun alun
supaya bisa kanggo tontonan warga Alengka.

Nalika buntute wiwit disumet geni, sing ndeloki padha miris atine sanadyan dianggep
tontonan gratis.Ora ngertia nalika geni wiwit mubal gedhe,sing nonton dadi meneng klakep amarga
anoman malah dadi modod gedhe(tiwikrama) lan ora mati malah mlumpat rana, mlumpat rene sing
ndadekake geni muncrat tekan endi endi lan kraton Alengka dadi kobong kabeh kajaba taman
argopura yaiku taman kang kanggo lenggah Dewi Shinta.

Nalika kedadean perang brubuh,Kumbakarna kang dadi senopatining Alengka Ngadhepi Prabu
Ramawijaya ing peperangan kasebut Indrajid lan Kumbakarna gugur ing palagan.Rahwana uga gugur
kena panah pusakane Prabu Rama wijaya,sirahe digawa mabur dening Anoman dicepitke ing gunung
Sumawan,dene awak,sikil lan tangane ditinggal ing bumi.

Sawise Rahwana tekaning pati,Dhewi Shinta kondur lan ngadhep sang garwa ya Prabu Rama
wijaya didherekake Anoman.Nanging Prabu Rama nolak amarga nganggep yen Dewi Shinta wis
dinodai dening Rahwana,mula Prabu Rama nyuwun bukti menawa Dewi Shinta isih suci.Kanggo
mbuktekake kasuciane mau,Dewi Shinta lila diobong urip uripan.Kanthi pitulungane para Dewa,Dewi
Shinta ora kobong dening geni.Pirsa kabeh mau Prabu Rama kersa nampa meneh kanthi ati kang
trenyuh kebak kabagyan.

TAMAT

Anda mungkin juga menyukai