CERITA WAYANG
Disusun oleh
Luruh Bening Fathan Nugrah
Saos syukur marang Gusti Allah ingkang sampun paring rahmat lan
karuniamarang kita supaya kita bisa ngrampungake makalah iki ..Makalah iki
ngandhut informasi masyarakat jawa lan budaya ing jerone
.Dikarepke makalah iki wis samesthine saget kanggo nyedhiyani lan
menehiinformasi kanggo kita kabeh apa wae ing budaya masyarakat Jawa
supaya kita bisangerti sejarah ing cerita wayang
Kita ngerteni kliping iki esih adoh saka sampurna, mulane, kritik lan
saransing mbangun saka kabeh pihak tansah kita arepke lan enteni kangge
nambahkasempurnaan saka makalah iki. Akhiripun, kita maturnuwun sanget
karo kabehsing wis melu ing persiapan makalah iki saka wiwitan nganti
rampung. Muga-muga Allah meridhai usaha kita. Amin
DAFTAR ISI
Kata pengantar
Daftar isi
Wayang Ramayana
Wayang Resi Jatayu
Wayang Subali
Asal Usul Baturaden
Kata Penutup
WAYANG RAMAYANA
Sakwijining dina kerajaan mantili ingkang kerajaane bapak ipun Rama Dewi
Shinta, yaiku Prabu Janaka. Dhekne ngadaaken sayembara “Sinten seng saget
manah engkang sae, ajeng didadeaken mantu” salah setunggaling pesertane
yaiku Prabu Rama dan Prabu Rahwana.
Shinta ningali kijang kasebut, banjur ngongkon Rama damel ndemok kijang
mas kasebut. Ananging kijang wau malah mlayu ing jero alas, Shinta nyuwun
Rama damel ngoyak kijang wau. Laksamana tetep kaleh Shinta.
Sinta nesu, amerga Laksamana mboten tumut Rama ngoyak kijang ing alas.
Akhire Laksamana nuruti kepinginane Shinta supados nyusul Rama damel
ngoyak kijang ing jero als. Ananging Laksamana ajrih kalian keslametane
Shinta, akhiripun Laksamana damel bunderan supados Shinta tetep slamet.
Saksampune Rahwana dugi, banjur jajal nyedeki Shinta, dhekne jajal damel
nembus bunderane wau. Ananging Rahwana mboten saget nglampahi bunderan
wau. Akhire Rahwana ngrubah wujud dados Brahmana tuwo, engkang tujuan
saget narik perhatiane Shinta lan jaluk sedekah.
Rahwana nyedeki Shinta banjur jaluk sedekah. Shinta ngrasa welas, akhire
maringi sedekah dateng Brahmana tuwo wau. Nalika maringne sedekah,
asthone Shinta ditarik medal sangking bunderan, banjur dibeto mabur kalian
Rahwana
Akhire kedadean perang antara manuk jatayu dan Rahmana. Nanging manuk
jatayu kalah, lan kelangan lare loro, banjur rahwana miber mbeto Shinta.
Sakwijining niku Laksamana lan Rama wangsul maleh lan ketemu kalian
manuk jatayu seng sampun kejet-kejet.
Jatayu nyritaake kedadean wau kalian Rama, nek Shinta diculik dateng
Rahwana sakwiswe matur manuk Jatayu mati. Laksamana dan Rama akhirnya
semedi pados coro damel nyelametake Shinta.
Rama ketemu kaleh Hanoman, seng nulungi Rama nyelametaken Shinta. Banjur
Rama diajak teng Guwo Kiskenda, yaiku omahe Hanoman.
Teng Guwa niku enten rencange Hanoman, engkang asma Sugriwa lan Subali
tiang kaleh niku sami remen kaleh Widiawati lan kalih-kalihhipun sami saktine.
Akhira tiang kalih niku wau tukaran ngolehke Widiawati. Pas niku Rama kalian
Hanoman dugi.
Hanoman ngusahake nyegah Sugriwa lan Subali. Ameri mboten saget nyegah,
Hanoman ngongkon Rama manah salah sijine, akhire Subali seng kengeng
panah terus mati. Sugriwa taseh kepingin ngutaraake niate teng Rama, yen
Sugriwa kepingin nulungi Rama nylametke Shinta.
Niki mbuktekne yen Shinta taseh suci, akhire Rama lagi percados lan nampi
Shinta maleh. Akhire Rama dan Shinta urip ayem, tentrem lan bahagia.
WAYANG RESI JATAYU
Resi Jatayu salah sawijining paraga ana ing crita Ramayana. Resi Jatayu iku
manuk awujud garudha kang duweni watak wicaksana. Dheweke tansah eling
marang sang Hyang Agung, mula banjur duweni jejuluk Resi. Resi Jatayu yaiku
anak saka Resi Briswawa lan Dewi Brahmanistri. Dewi Brahmanistri yaiku
anak wadon saka Dewa Brahma. Dadi, kena disimpulake yen Resi Jatayu yaiku
wayahe Dewa Brahma.
Resi Jatayu duwe sedulur telu yaiku Garudha harna, Garudha Brihawan, lan
Garudha Sempati. Resi Jatayu nalika isi enom, kekancan raket banget karo Raja
Ayodya Prabu Dasarata. Prabu Dasarata iku bapake Prabu Rama. Nalika Dewi
Sinta digeret digawa mabur dening Rahwana, Resi Jatayu aweh pitulungan. Resi
Jatayu nyamber tangane Rahwana. Resi Jatayu ora tega krungu tangise Dewi
Sinta
.
Dewi Sinta kudu-kudua uwal saka pancekele Rahwana. Ananging tangani
Rahwana nggegengi kuat tangan Sinta. Sinta ora bisa uwal. Kabeh perhiasane
padha gogrok tiba ana ing lemah. Resi Jatayu kanthi sisa dayane nyerang
Rahwana. Ananging tetep ora bisa. Dheweke malah diajar dening Prabu
Rahwana. Resi Jatayu akhire swiwine sengkleh. Dheweke akhire tiba ana ing
lemah.
Nalika iku, Rama lan Lesmana bingung golek Dewi Sinta sing ilang saka
kemahe. Rama lan Lesmana luru ngubengi alas Dhandaka. Nalika luru, akhire
ketemu manuk Jatayu sing lagi sekarat. Rama age-age nulungi. Ananging,
kahanane Jatayu wis ora bisa ditulungi. Resi Jatayu sadurunge nemahe seda,
wadul marang Rama. Jatayu nyritakake menawa garwane yaiku Sinta diculik
dening Raja Alengka Dasamuka. Banjur Resi Jatayu mati.
WAYANG SUBALI
Subali uga dikenal kanthi jeneng Guwarsi (kirik). Dheweke dadi putra nomer
loro saka Rehama Gotama, saka pertemuan Erraya / Grastina, karo Dewi
Indradi / Windradi, sawijining malaikat saka keturunan Bhatara Asmara. Subali
duwe sadulur loro sing jenenge; Dewi Anjani lan Sugriwa / Guwarsa.
Amarga nyekel Cupumanik Astagina karo sedulur loro, dheweke malih dadi
apes sawise mlebu ing tlaga Sumala. Kanggone nggawe kesalahan lan bisa bali
maneh dadi manungsa, atas saranane bapake, Subali nindakake Ngalong (kaya
bat) ing alas Sunyapringga. Amarga sregep dikunjara, Subali entuk Aji
Pancasona, sing artine umur lima kali .. Subali Resi ngalahake Prabu
Dasamuka, raja Alengka, lan uga Dasamuka dadi muridé supaya njaluk Aji
Pancasona. Resi Subali uga kasil ngrusak Prabu Maesasura, kepala kebo raksasa
saka kerajaan Gowa Kiskenda karo seduluré Jatasura, kanthi wujud macan sing
bakal ngrusak Suralaya amarga usulane arep omah-omah karo Dewi Tara
ditolak dening Bhatara Indra. Kanthi persetujuan Subali, Dewi Tara lan kraton
Gowa Kiskenda diwenehake menyang Sugriwa.Masilake diapusi lan digoda
dening Prabu Dasamuka, Resi Subali njupuk kraton Dewi Tara lan Gowa
Kiskenda saka tangane Sugriwa. Sajrone nuroni karo dheweke, Tara ngandut.
Kanthi bantuan saka Ramawijaya, Sugriwa bisa mbalekake Dewi Tara lan
kraton Gowa Kiskenda. Minangka dosa lan kesalahane, Resi Subali bisa
dipateni dening Ramawijaya. Kekuwatane gaib Aji Pancasona sirna kanthi
kuwasa saka Gowawijaya panah. Sawise tiwas Resi Subali, Dewi Tara nglairake
bayi sing wujud ape berambut abang sing jenenge Anggada.
ASAL USUL BATURADEN
Baturaden asale saka tembung batur tegese rewang utawi pembantu dan raden
tegese bangsawan. Cerita Baturaden nyeritakaken Suta kang dadi rewange
Adipati Kutaliman lan putrinipun Adipati.
Suta rewange Adipati kagungan pedamelan ngurus lan njaga jaran - jaranipun
adipati. Suta remen ngubengi kadipaten sabanjure ngopeni jaran - jaran kui
mau.
Ing salah sawijining dina, Suta ngubengi kadipaten mirengaken wonten wara
tiyang estri nyuwun pitulungan. Mireng swara punika Suta enggal - anggal
madosi swara punika. Dugi wonten papan swara punika, Suta kaget amarga
swara punika swaranipun sang putri amarga wonten ula ageng ingkang
mojokaken lan ngancam kaselamatanipun.
Mirsani sang putri wonten bahaya, Suta enggal- enggal maringi pitulungan lan
ula wau mati. Sakbanjure kadadosan punika Suta dan Sang Putri caket lan sami
remenipun. Sang Putri nyuwun marang Suta supados madep lan matur kaliyan
Adipati menawi bade nggarwa sang putri. Adipati mboten remen lan duka
marang Suta, banjur Suta dipunlebetaken wonten penjara. Sang putri
mirengaken kadadosan punika enggal - enggal ngatur strategi kagem medalaken
Suta. Suta lan sang putri kabur wong salah satunggaling papan wonten ing
pinggir lepen lan urip bebaengan wonten papan punika. Papan punika saniki
dipunasmani Baturaden.
KATA PENUTUP
Pramila Kliping ingkang kita damel, mugi-mugi migunani lan nambahi kawruh
para pamaos. Nyuwun pangapunten menawi wonten kalepatan ing penyusunan
Kliping menika. Amargi kita menika namung manungsa ingkang boten luput
saking kalepatan, saha nyuwun saran saha kritik saking para pamaos kangge
kasampurnan Kliping menika. Mugi-mugi saged nutup manah lan ngaturaken
agunging panuwun.