Anda di halaman 1dari 5

PIWULANG I

CRITA WAYANG ANOMAN DUTA

KOMPETENSI DASAR DAN INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPETENSI


KOMPETENSI DASAR INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPETENSI

3.1 Memahami cerita 3.1.1. Membaca pemahaman teks cerita


wayang Ramayana wayang Ramayana.
lakon Anoman Duta. 3.1.2. Mendiskusikan dan mengartikan kata- kata yang
dianggap sulit dalam ceritaRamayana Anoman Duta.
3.1.3. Mengajukan dan menjawab pertanyaan bacaan
3.1.4. Menuliskan pesan yang terdapat dalam
lakon Ramayana Anoman Duta
4.1 Menanggapi isi teks 4.1.1. Membaca pemahaman teks cerita
cerita Ramayana wayang Ramayana Anoman Duta.
(Anoman Duta) dengan 4.1.2. Mendiskusikan kata- kata yang dianggap yang
ragam krama. dianggap sulit.
4.1.3. Mengajukan dan menjawab pertanyaan bacaan
4.1.4. Menanggapi secara lisan isi bacaan
Anoman Duta.

Materi Pembelajaran
Wacanen crita wayang Ramayana kanthi sesirah “Anoman Duta” ing ngisor iki !

ANOMAN DUTA

Wancine wis parak esuk, ing wetan katon cahyane Sang Hyang Diwangkara abang
sumirat ungup-ungup ing pucuking arga. Anoman peteg pikire awit durung ketemu kang den
upadi. Nuli mulat ana wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang
endahe kepati-pati. Anoman mlumpat ing wit nagasari, nalika nyawang mengisor, ing kono
katon wanodya ayu kang sarirane kuru aking, ngalosot ing lemah. Gelungane lukar nora
dirawati, gimbal campur kisma.. Lamat-lamat kapiyarsa pisambating karuna kang banget
ngeres-eresi ati.
Lah punika ingkang winastan Taman Argasoka. Ing kono dununge Sang Putri Mantili, ya
Rekyan Sinta disingidake dening Prabu Dasamuka. Wus meh sawarsa Sang Dewi
ditrungku aneng Taman Argasoka, tinengganan dening wanodya pulunane Dasamuka,
putrane Gunawan Wibisana, kang sesilih Niken Trijatha. Rekyan Sinta sadina-dina tansah
karuna ngangen-angen marang rawuhe Sri Ramawijaya, dene Trijatha tansah ngupaya
nglelipur penggalihe Sang Dewi.
“ Nini Trijatha, kaya ngene rasane nalangsane uripku, sewu papa sewu lara dadi
sawiji. Aluwung tumekaning pati kalamun ora ketemu kalawan garwaku Pangeran Ramawijaya.
Dhuh Nini, nalika ingsun dedunung aneng wana Dhandhaka kalawan Pangeran Ramawijaya,
rasaning atiku kaya aneng swarga. Nanging ing samengko sanadyan dedunung aneng Taman
Argasoka kang kaluwih-luwih endahe, rasane kaya ing pasiksan. Tujune ana sira Nini, kang
tansah bisa nglelipur atiku kang rontang-ranting.”
Saben-saben Dewi Sinta sesambat kawelas asih, Trijatha tansah nglelipur ngasih-asih,
mbelani arawat waspa. Anoman isih singidan aneng pange nagasari kemulan rembuyunge
gegodhongan. Atine melu keranta-ranta mulat cintrakane Putri Mantili lan Sri Ramawijaya kang
wus sawetara pepisahan. Dumadakan ana kang prapta, Prabu Dasamuka manjing ing Taman
Argasoka mbebujuk marang Rekyan Sinta, nyuwun lunturing sih.
“ Dhuh mirah pepujaning ati Rekyan Sinta, apa gunane sadina-dina sira tansah
sungkawa ngangen-angen marang si Rama, manungsa alasan tanpa guna, ing samubarang
sarwa kuciwa. Delengen kawibawaningsun, raja sugih wibawa, kaloka ing donya, manungsa
sajagad ora ana sing madha. Ayo Yayi, rewangana mukti wibawa, kabeh raja brana bandha
donya Ngalengka darbenana, Yayi. Upama njaluka tumuruning widadari sakethi minangka
abdinira, sayekti pun kakang bakal nyembadani. “
Mireng wuwuse Prabu Rahwana , Rekyan Sinta sumaur sugal, “ Heh Rahwana, ratuning
buta gelah-gelahing bawana. Tanpa guna sira milut marang Sinta, aluwung tumekaning pati
tinimbang nuruti kekarepanmu kang nistha. Sira nora prawira, nora wani adu arep kalawan
Pangeran Rama, mung wani laku cidra andhustha marang ingsun. Endi tandhane sira
ngaku prawira lan sekti mandraguna ? Kang ana amung wujud buta awatak jirih ingah-ingih
wedi getih. Heh Dasamuka, aja ngimpi bisa nyaketi Rekyan Sinta. Menawa adreng sedyamu,
sira daksupatani. Kalamun maju sejangkah sikilmu pokah bumine bengkah!
Menawa kena koksenggol, busanaku bakal dak obong, kalamun kena kok gepok kulitku
bakal dak beset, Rahwana !!!”
Njola Prabu Dasamuka mireng wuwuse Dewi Sinta kang nglarakake ati. Rekatak,
narik candrasa arep ditamakake marang Sinta. Sang Dewi nora wedi marang pangancame
Rahwana, pedhes anggone muwus.
“ Dasamuka mara tibakna senjatamu, dudu prajurit yen sira nora tegel merjaya Sinta.
Sira nora pantes sinebut narendra, yen mentala ndedawa sungkawa lan papa cintraka. Jer
ingsun nora sudi nuruti sedyamu kang banget nistha, mara age tamakna senjatamu marang
dhadhaku heh Dasamuka!!!”
Lingsem Prabu Dasamuka mireng ngendikane Rekyan Sinta, nuli mundur karo
ninggal weling marang Trijatha supaya tansah ngrerimuk penggalihe Dewi Sinta amrih gelem
kagarwa.
Wanara Seta kang umpetan aneng rembuyunge pang nagasari wus nora tidha-tidha
yen wanodya ayu kuru aking iku Rekyan Sinta kang den goleki. Mudhun saka pang mau
Sang Anoman nuli ura-ura nyaritakake lelakone Sri Ramawijaya kang nandhang prihatin, wiwit
pisah karo kang garwa ya Dewi Sinta, nganti saiki ketemu lan sabaya pati karo Prabu Sugriwa
ratuning wanara.
Rampung Anoman anggone kekidungan nyaritakake lelakone Sri Ramawijaya kang
pisah lan ngupadi garwa kinasihe ndadekake erame Sang Dewi uga Trijatha lan para cethi.
Lagi iki ngerti ana wanara wulune putih memplak, nyandhang kaya manungsa, kathik pinter
ngidung suarane ngumandhang angenganyut kalbu.
Dewi Sinta mireng tembange mau, temah mijil waspanira keranta-ranta ing galih emut
marang Sang Ramawijaya. Anoman mudhun saka pang nagasari, laku dhodhok sila marikelu.
Dewi Sinta andangu aris:
“ Mengko ta wanara seta, sira iku sapa? Solahira kaya manungsa, kathik bisa ngidung
nyaritakake lalakone Pangeran Ramawijaya? “
“ Dhuh Sang Kusuma, kula pun Anoman dutanipun Sri Ramawijaya. Dening Sri
Rama miwah Sang Kapindra Sugriwa kula kautus niti priksa kayuwanan Paduka wonten
Ngalengka ngriki. Ing samangke garwa paduka Sang Ramawijaya miwah rayi paduka Sang
Laksmana nyanggrah wonten ardi Maliyawan, rinatu dening bala wanara. Sedaya sampun
samapta wonten Maliyawan, badhe nglurug dhateng Ngalengka, Gusti.”
Dewi Sinta sajak cubriya, “ Mengko ta wanara seta, sira ngaku aran Anoman dutane
Pangeran Ramawijaya. Kuwi tenan apa mung kongkonane Rahwana kang arep apus krama ?
Awit nalika ingsun dicidra Rahwana, wektu semana angliwati samodra kang jembar kaya tanpa
wates, tangeh ana titah kang bisa nyusul kejaba Peksiraja Garudha utawa angin. Pandugaku
sira mesthi kongkonane Rahwana supaya apus krama marang ingsun. “
“ Dhuh Gusti kula Putri Mantili, kula pun Anoman putranipun Sang Hyang Bayu
dewaning maruta, saestu dutaning Sri Ramawijaya. Menawi paduka kirang pitaya, dening Sri
Rama kula mundhi agemanipun sesupe, minangka tandha bukti. Kula aturi nampi, Gusti. “
Rekyan Sinta nampani ali-ali kang diaturake Anoman. Kejot penggalihe, runtuh
waspane, ora pangling iki kalpika agemane ingkang raka. Diagem ing jenthik manis katon
logro, ngalih ing jejenthik isih tetep logro, awit saka banget kuru sarirane Sang Dewi.
“ Heh Anoman, nyata sira duta kang sejati. Sakabehing aturira minangka panglipuring
manahingsun. Kalpika wus ingsun tampa, iki aturna marang gustimu Pangeran Rama,
cundhamanik kancing rikma agemaningsun, minangka tandha yen sira wus ketemu kalawan
ingsun. Lan iki aturna nawalaningsun marang Pangeran Rama. “
Anoman nampani cundhamanik sarta nawala saka Dewi Sinta, nuli nyuwun pamit sarwi
ngaras padane Sang Dewi. Sadurunge mundur saka ngarsane Sang Dewi, Anoman ninggal
piweling.
“ Dhuh Gusti Putri Manthili, mugi lejara ing galih, sampun tansah sungkawa. Boten
dangu malih raka Paduka Sri Ramawijaya badhe rawuh ing Ngalengka ngirit bala wanara.
Nagari Ngalengka badhe dados samodra getih, Rahwana kedah nyaur kadurjananipun, amargi
sampun wantun damel kasangsaran tumprap Sri Rama lan ugi paduka. “
(Sumber: Panjebar Semangat No. 31 lan 32 Agustus 2009, diowahi
sacukupe)

2. NegesiTembung kang Angel

1 wanodya : wanita
2 Sang Hyang Dewangkara : srengenge
3 duta : utusan
4 kisma : lemah
5 disingitake : didhelikake
6 dununge : panggonane
7 kasowanake : diadhepake
8 penggalihe : atine
9 rinantu : dienteni
10 nawala : serat, layang

Kanggo referensi isa tok waca crita wayang Anoman Duta ing alamat ngisor iki:

https://www.asaldansejarah45.com/2020/09/cerita-singkat-ramayana-anoman-duta.html
GAMBAR PARAGA WAYANG RAMAYANA

Wayang Katrangan
Wayang Anoman
Berwujud kera putih. Tinggal di kerajaan Kendalisada.

Mempunyai senjata Cupumanik Astagina yaitu berumur


panjang, hidup dari zaman Ramayana – zaman Mahabarata.

Nama lain dari Anoman yaitu Anjanipura, Bayudara,


Bayusiwi, Guruputra, Palwagaseta, Suwiyuswa, Mayangkara
Wayang Rahwana/Dasamuka
Rahwana terlahir dengan kepribadian setengah
brahmana dan setengah raksasa.

Rahwana berasal dari kerajaan Alengka, Ia mempunyai


ajian

Rawarontek dan Pancasona.

Rahwana putra dari Kaikesi dan Sumali.


Wayang Ramawijaya
Anak Dasarata dan Kosalya dari kerajaan
Ayodhya. Rama wijaya merupakan suami dari
Shinta.

Rama mempunyai senjata panah “Brahma Astra”

Wayang Dewi Sinta


Shinta merupakan istri dari Ramawijaya.

Shinta anak dari Janaka dan Sunayana dari kerajaan Manthili.

Shinta ini yang diculik oleh Rahwana pada saat


pengasingan di hutan.

Wayang Wibisana
Wibisana merupakan adik dari Rahwana/Dasamuka.

Ia pada saat perang antara Rahwana melawan Rama lebih


memihak

Rama.

Ia, menggantikan Dasamuka menduduki tahta Alengka ketika


Kumbakarna dan Dasamuka gugur ditangan Ramawijaya
Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi trep!

1) Adhedhasar wacan crita wayang Ramayana lakon Anoman Dhuta, sebutna paraga-

paragane lan watake!

2) Anoman diutus Prabu Ramawijaya nggoleki sapa?

3) Apa buktine menawa Anoman iku utusane Prabu Ramawijaya?

4) Anoman diutus Prabu Ramawijaya menyang ngendi?

5) Sebutna piwulang becik apa wae sing bisa kokjupuk saka crita wayang Ramayana

Anoman Dhuta!

Anda mungkin juga menyukai