Anda di halaman 1dari 4

LEMBAR SOAL PENDIDIKAN BAHASA JAWA

PENILAIAN TENGAH SEMESTER


TAHUN PELAJARAN 2021-2022
KELAS VIII

A. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha ( X ) ing pilihan sing bener !
Wacan kanggo soal no. 1 - 3
Kidang kencana sing dioyak Ramawijaya mlayu sangsaya adoh saka papan dununge Dewi
Sinta lan Raden Leksmana. Sanajan tekan endi wae kidang mau mlayu, tetep diburu Rama kanggo
minangkani panyuwune Dewi Sinta, garwane sing banget ditresnani.
Sauntara iku Dewi Sinta lan Raden Leksmana sing nunggu ing patunggon dumadakan mireng
swara saka kadohan : “ Leksmanaaaa ...... tulung...“
Dewi Sinta ngira yen garwane nemu bebaya, mula age-age dhawuh supaya Raden Leksmana
nututi lan tetulung marang kangmase. Nanging Leksmana nulak prentahe Sang Dewi, awit
dheweke wis janji marang kangmase arep njaga kaslametane Dewi Sinta sasuwene ditinggal
Ramawijaya ngoyak kidang mau.

1. Ramawijaya mlebu ing wana saperlu ngoyak ....


a. macan
b. singa
c. kidang
d. raseksa
2. Ukara ing ngisor iki sing ora trep karo isine wacan yaiku ....
a. Ramawijaya tresna banget marang garwane, Dewi Sinta
b. Dewi Sinta kuwatir lan ngira yen garwane nemu bebaya.
c. Nalika diutus nututi tindake Ramawijaya, Leksmana manut.
d. Leksmana janji marang kakange yen dheweke arep njaga keslametane Sinta
3. Dewi Sinta age-age dhawuh supaya Raden Leksmana nututi lan tetulung marang kangmase.
Tegese tembung sing digaris yaiku ....
a. njaluk
b. kongkonan
c. ngendika
d. lunga

Wacan kanggo soal no. 4 - 6


“ Dhimas Leksmana, sira tega kangmasmu nemahi bebaya, oo.. aku ngerti, mesthi sira darbe
melik, yen nganti kangmasmu tumekaning pati, sira arep ngalap aku dadi garwamu ! “
Sang Leksmana dadi kelara-lara atine krungu ngendikane Dewi Sinta, awit dheweke pancen
ora duwe pikiran sing kaya ngono, mula terus mangsuli :
“ Dhuh Kakangmbok Rekyan Sinta, babarpisan kula boten gadhah pepenginan kados ngaten,
pramila Kakangmbok, kangge mbuktekaken sucining manah kula, sineksenan bumi lan langit
kula sumpah badhe nglampahi gesang wadat salaminipun. “
“ Leksmanaaa ............... ,“ keprungu maneh swara pangundang saka kadohan. Dewi Sinta
sangsaya kuwatir atine.
“ Kangmasmu ana ing sajroning bebaya, Dhimas, enggal tulungana, age tilikana apa sing
kedadeyan ! “

4. Aku ngerti, mesthi sira darbe melik. Tegese tembung darbe melik yaiku ....
a. duwe pikiran
b. duwe kasenengan
c. duwe tujuan
d. duwe pepinginan
5. Leksmana ngucapake sumpah wadat. Sumpah wadat iku karepe ....
a. ora krama selawase
b. pasa Senen Kemis
c. nyirik mangan sega
d. mung mangan woh-wohan bae
6. Sumpahe mau kanggo nuduhake yen satemene atine Leksmana .....
a. seneng marang Sinta
b. ora duwe niat ala
c. kepengin dadi raja
d. kepengin kakange cilaka

Wacan kanggo soal no. 7 - 9


“ Inggih, menawi Kakangmbok tetep meksa kula, kepeksa Kakangmbok Rekyan Sinta
kula tilar piyambakan ing ngriki. Nanging, Kakangmbok sampun ngantos medal saking garis
ingkang kula damel menika. Amargi garis menika minangka pager ingkang saged njagi
kaslametanipun Kakangmbok ! “
Leksmana nggaris ing lemah ngubengi Dewi Sinta karo ngucapake mantra “
Cakrapratala”. Rampung ngucapake mantra mau Raden Leksmana nambahi atur :
“ Menawi Kakangmbok ngantos medal saking garis menika, saged manggih bilahi.
Pramila wonten nglebet bunderan ngriki mawon Kakangmbok ! “ ujare Leksmana.
“ Leksmanaaa ...................tulung... “ keprungu swara pangundang maneh. Leksmana
sigra ninggalake Dewi Sinta, nggoleki asaling swara mau. Dewi Sinta mung kari dhewekan.
Atine krasa was sumelang, kuwatir mikirake garwane.
Durung suwe Leksmana lunga, ana kaki-kaki nganggo sandhangan cara brahmana
nyedhaki panggonane Dewi Sinta. Kaki-kaki mau kaget nalika weruh ana garis “ Cakrapratala “
nanging dheweke api-api ora weruh, terus nyedhaki Sang Dewi karo sambat ngorong nyuwun
banyu kanggo tamba salit.

7. Ancase Leksmana gawe garis ngubengi Sinta yaiku ....


a. supaya Sinta ora bisa lunga saka kono
b. supaya Sinta neng kono bae ora lunga-lunga
c. kanggo mageri lan njaga keslametane Sinta
d. kanggo menehi paukuman marang Sinta
8. Ukara ing ngisor iki sing trep karo isine wacan ing dhuwur yaiku ....
a. Leksmana gawe bunderan lan dijapamantrani Cakrapratala.
b. Bunderan mau tujuane supaya Sinta ora bisa maring ngendi-endi.
c. Ing jero bunderan mau Sinta bisa nemahi bilahi.
d. Sinta bengok-bengok njaluk tulung marang Leksmana.
9. Sawise Leksmana lunga, sing kedadean yaiku ....
a. Ramawijaya teka lan marani Sinta.
b. Ana kaki-kaki tuwa sing nyedhaki Sinta.
c. Sinta lunga nututi garwane.
d. Leksmana bali maneh lan nunggoni Sinta.

Wacan kanggo soal no. 10 – 15


“ Yayi Sinta.... sira ana ngendi, Yayi..... sira ing ngendi, wong ayu..? “ sesambate
Ramawijaya. Nalika nerusake laku nggoleki Dewi Sinta, saka kadohan katon ana manuk garudha
nyekungkruk sengleh suwiwine sesisih ora duwe daya. Ramawijaya age masang panah, ngira
yen manuk iku sing wis nyilakani Sinta. Ngerti arep dipateni, garudha Jatayu matur :
“ Ooo, Raden,.. sira aja nyiksa ... marang aku .... Aku iki ... mitrane ramamu .... Prabu
Dasarata. Anane aku ... nandhang sangsara... kaya iki... amarga arep ngrebut Dewi Sinta... saka
regemane ..... Dasamuka. Saiki .... garwamu .... digawa raja Nga... leng... ka .... Prabu Da.... sa...
mu... ka...
10. Sapa sing digoleki Ramawijaya iku ?
a. Leksmana
b. Dasamuka
c. Sinta
d. Jatayu
11. Kenangapa Ramawijaya arep manah Jatayu ?
a. amarga Jatayu wis nyilakani Sinta
b. amarga salah pangira ngarani Jatayu nyilakani Sinta
c. amarga Jatayu iku kongkonane Dasamuka
d. amarga Jatayu arep nyerang marang Ramawijaya
12. Sapa sabenere Jatayu iku ?
a. manuk garudha sing nguwasani alas
b. prajurite Dasamuka
c. mitrane ramane Ramawijaya
d. manuk sing wis nyilakani Sinta
13. Kepriye wateke Jatayu ?
a. Lila ngurbanake awake kanggo mbelani bebener.
b. Setya marang janjine.
c. Angkara murka.
d. Adil lan wicaksana.
14. Ing tengah marga Rama ketemu karo rayine, Raden Leksmana.
Tembung marga tegese ....
a. sebab
b. wengi
c. dalan
d. dina
15. Dewi Sinta ora ana. Digoleki menyang ngendi-endi ora ketemu.
Ukara ing dhuwur yen didadekake basa krama sing trep yaiku ....
a. Dewi Sinta langka. Dipadosi menyang ngendi-endi ora ketemu.
b. Dewi Sinta boten wonten. Digoleki menyang ngendi-endi boten ketemu.
c. Dewi Sinta boten wonten. Dipunpadosi menyang ngendi-endi boten kepanggih.
d. Dewi Sinta boten wonten. Dipunpadosi dhateng pundi-pundi boten kepanggih.

Wacan kanggo soal nomer 16 - 20


Nadyan asor wijilipun,
yen kelakuane becik,
utawa sugih carita,
carita kang dadi misil,
iku pantes raketana,
darapon mundhak ing budi.
16. Tembang kinanthi iku ana pirang gatra?
a. 6
b. 7
c. 8
d. 9
17. Guru lagu gatra wiwitan sing bener yaiku ....
a. A
b. E
c. U
d. I
18. Cacahe wanda ing gatra kapapat ana pira?
a. 6
b. 7
c. 8
d. 9
19. Nadyan asor wijilipun. Tembung asor tegese ....
a. kowe
b. apik
c. ina
d. suwe
20. Saben tembang iku duwe watak beda-beda, kayata tembang kinanthi kang duwe watak:
a. Seneng
b. Sereng
c. Guyon
d. Nesu
B. Wangsulana pitakon-pitakon ngisor iki kanthi trep lan jangkep!

Wacan kanggo soal no. 1-3


Kidang kencana sing dioyak Ramawijaya mlayu sangsaya adoh saka papan dununge Dewi
Sinta lan Raden Leksmana. Sanajan tekan endi wae kidang mau mlayu, tetep diburu Rama kanggo
minangkani panyuwune Dewi Sinta, garwane sing banget ditresnani.
Sauntara iku Dewi Sinta lan Raden Leksmana sing nunggu ing patunggon dumadakan mireng
swara saka kadohan : “ Leksmanaaaa ...... tulung...“
Dewi Sinta ngira yen garwane nemu bebaya, mula age-age dhawuh supaya Raden Leksmana
nututi lan tetulung marang kangmase. Nanging Leksmana nulak prentahe Sang Dewi, awit
dheweke wis janji marang kangmase arep njaga kaslametane Dewi Sinta sasuwene ditinggal
Ramawijaya ngoyak kidang mau.
“ Dhimas Leksmana, sira tega kangmasmu nemahi bebaya, oo.. aku ngerti, mesthi sira darbe
melik, yen nganti kangmasmu tumekaning pati, sira arep ngalap aku dadi garwamu ! “
Sang Leksmana dadi kelara-lara atine krungu ngendikane Dewi Sinta, awit dheweke pancen
ora duwe pikiran sing kaya ngono, mula terus mangsuli :
“ Dhuh Kakangmbok Rekyan Sinta, babarpisan kula boten gadhah pepenginan kados ngaten,
pramila Kakangmbok, kangge mbuktekaken sucining manah kula, sineksenan bumi lan langit
kula sumpah badhe nglampahi gesang wadat salaminipun. “
“ Leksmanaaa ............... ,“ keprungu maneh swara pangundang saka kadohan. Dewi Sinta
sangsaya kuwatir atine.
“ Kangmasmu ana ing sajroning bebaya, Dhimas, enggal tulungana, age tilikana apa sing
kedadeyan ! “

1. Sapa wae paraga kang ana ing pethilan crita ing dhuwur?
2. Tulisen setting papan, wektu, lan swasana crita ing dhuwur!
3. Apa tegese tembung ing ngisor iki!
a. Kencana
b. Tresna
c. Dunung

Wacan kanggo soal nomer 4 - 5


Nadyan asor wijilipun,
yen kelakuane becik,
utawa sugih carita,
carita kang dadi misil,
iku pantes raketana,
darapon mundhak ing budi.

4. Tulisna titikane tembang macapat Kinanthi ing dhuwur!


a. Guru gatra
b. Guru wilangan
c. Guru lagu
5. Tulisna amanat utawa pesen tembang macapat Kinanthi ing dhuwur!

Anda mungkin juga menyukai