Anda di halaman 1dari 5

Nama : Dena Windiarpuspa

No : 5

KIDANG KENCANA

K ocap kacarita, sajroning lelana sawise


nglakoni paukuman buwang limalas taun
Rama, Sinta, lan Lesmana tekan ing tengah
alas. Nalika tetelune isih ngaso, Sinta kaget amarga
mirsani sesawangan sing edi peni. Ana kewan
kidang kang merak ati, rupane ayu, polahe
trengginas, lan kulite awarna mas. Kidang mlayu
mrana-mrene mlumpat-mlumpat nggodha ati. Sinta
kepencut, pingin kagungan kidang kang endah iku. Mula kanthi temen, Sinta nyuwun marang Rama
supaya nyekel kidang kencana iku kanggo dheweke. Rama tresna banget marang garwane, mula kanthi
bombonging ati dheweke ngleksanakake panyuwune Sinta.

Sadurunge Rama mbedhag kidang kencana, dheweke pesen marang adhine yaiku Lesmana.

“Lesmana, tulung jaganen mbakyumu, sajrone aku mbedhag kidang kencana, keslametane
mbakyumu dak pasrahake marang sliramu, aja pisan-pisan kowe ninggalake Sinta dhewekan.”

“Sendika dhawuh kangmas Rama, pesenipun kangmas badhe kula estokaken, atos-atos kangmas,”
mangkono ature Lesmana.

Rama enggal-enggal nggoleki lacake kidang kencana, terus ditutake nganti tekan tengah alas
gung liwang-liwung. Sorote srengenge wis ora bisa nembus alas maneh. Peteng dhedhet suasanane, lacake
kidang kencana ora katon. Nalika atine Rama tratapan, saklebatan katon ayang-ayange kidang kencana.
Sanalika Rama nglepasake jemparing, kidang kencana kena panahe Rama. Kidang kencana ambruk ing
lemah, jemparing nembus awake. Nanging ana kedadean kang aneh, kidang kencana muksa disusul
metune buta Kalamarica nyuwara seru. Pambengoke Kalamarica kaprungu nganti tekan saindhenging
alas. Kaprungu mirip banget kaya swarane Rama kang lagi kena musibah.

Dewi Sinta midhanget swara pambengoke sing mirip Rama. Sinta kwatir marang keslametane
Rama. Nanging beda karo Lesmana kang ngerti banget marang kasektene Rama, mula dheweke percaya
yen swara mau dudu swarane Rama. Mula nalika Sinta ngersakake Lesmana nusul Rama kanggo
mesthikake keslametane, Lesmana wegah lan tetep arep njaga Dewi Sinta. Sinta mangkel lan kawetu
omongan kang ora ngenakake kupinge Lesmana.

“Saiki aku ngerti watak wantu aslimu adhi Lesmana. Jebule meneng-meneng sliramu pingin
nduweni aku, sliramu ngejorake kakangmu cilaka, lan sliramu bisa bebas …”
“Cekap kakang mbok Sinta! Kula ngurmati kangmas Rama. Malah roh lan raga kula lila dak
kurbanaken kangge mbela asmane kangmas Rama. Dados lepat sanget manawi kangmbok Sinta kagungan
panganggep kados makaten dhateng kula.”

“Menawi makaten mbak, amargi panjenengan ngotot, meksa, kula badhe damel wates kangge
kangmbok Sinta, kula suwun kangmbok boten medal saking wates menika kangge kawilujengan amargi
kangmbok kula tilar piyambakkan.”

Lesmana damel wates kang wujude bunder ing sakupenge Dewi Sinta ngadeg. Ora ana sing bisa
nganggu Dewi Sinta sajrone tetep ing njero bunderan iku. Sawise rumangsa aman, Lesmana budal
ninggalake Dewi Sinta kanggo nggoleki Rama.

Sawetara iku, Rama uga kaget midhanget pambengoke Kalamarica, buta kang tugase dadi mata-
mata raja Alengka yaiku Rahwana. Mula panjenengane kemutan marang keslametane Dewi Sinta lan
cepet-cepet ninggalake papan kono kanggo mirsani kahanan garwane. Ing tengah lakune kepethuk karo
Lesmana, atine Rama tambah tratapan amarga Sinta ora bareng karo Lesmana. Sadurunge Rama nyuwun
pirsa babagan Sinta, Lesmana njlentrehake kabeh prastawa kanthi cetha wela-wela nganti ninggalake
Sinta dhewekan.

“Aduh! Cilaka rayi Lesmana … iki ana upaya manungsa kang nyoba ngapusi awake dhewe. Ayo
saiki enggal nemoni mbakyumu Sinta!”

Sinta gumun ing tengah alas sing sepi nyenyet ana simbah kakung njaluk-njaluk. Dheweke
nreyuhake ati njaluk banyu ngombe kanggo nambani ngelake. Sinta ora ngerti manawa simbah kakung
iku minangka pasemone Rahwana raja Alengka kang ngumbar angkara murka. Rahwana ngerti marang
kelemahane wanita sing ora teganan manawa weruh kahanan kang nreyuhake. Nalika Dewi Sinta
ngecungake cangkir, astane metu saka wates bunder langsung disamber lan dikekep ing dadane Rahwana
banjur digawa mabur. Sinta kasil ditipu dening Rahwana. Rahwana ngguyu lakak-lakak rumangsa
menang, swarane kaprungu ing saindhenging angkasa, kasil nipu Rama, Dewi Sinta, lan Lesmana. Jatayu
manuk garudha nyoba nulungi Sinta saka regemane Rahwana, nanging malah ambrug ing lemah amarga
kena sabetan pedange Dasamuka.
A. Sinopsis
Kocap kacarita, sajroning lelana sawise nglakoni paukuman buwang limalas taun Rama,
Sinta, lan Lesmana tekan ing tengah alas. Nalika tetelune isih ngaso, Sinta kaget amarga ana
kewan kidang kang merak ati, rupane ayu, polahe trengginas, lan kulite awarna mas. Sinta
kepencut, pingin kagungan kidang kang endah iku. Sinta nyuwun marang Rama supaya nyekel
kidang kencana iku kanggo dheweke.
Sadurunge Rama mbedhag kidang kencana, dheweke pesen marang adhine yaiku
Lesmana, kanggo jaga keslametane Sinta. Rama enggal-enggal nggoleki lacake kidang kencana,
terus ditutake nganti tekan tengah alas gung liwang-liwung.Nalika atine Rama tratapan,
saklebatan katon ayang-ayange kidang kencana. Sanalika Rama nglepasake jemparing, kidang
kencana kena panahe Rama. Kidang kencana ambruk ing lemah. Nanging ana kedadean kang
aneh, kidang kencana muksa disusul metune buta Kalamarica nyuwara seru. Pambengoke
Kalamarica kaprungu nganti tekan saindhenging alas. Kaprungu mirip banget kaya swarane
Rama kang lagi kena musibah.
Dewi Sinta midhanget swara pambengoke sing mirip Rama. Sinta kwatir marang
keslametane Rama. Nanging beda karo Lesmana kang ngerti banget marang kasektene Rama.
Mula nalika Sinta ngersakake Lesmana nusul Rama kanggo mesthikake keslametane, Lesmana
wegah lan tetep arep njaga Dewi Sinta. Sinta mangkel lan kawetu omongan kang ora ngenakake
kupinge Lesmana.
Banjur Lesmana damel wates kang wujude bunder ing sakupenge Dewi Sinta ngadeg.
Ora ana sing bisa nganggu Dewi Sinta sajrone tetep ing njero bunderan iku. Sawise rumangsa
aman, Lesmana budal ninggalake Dewi Sinta kanggo nggoleki Rama.
Sawetara iku, Rama uga kaget midhanget pambengoke Kalamarica, buta kang tugase
dadi mata-mata raja Alengka yaiku Rahwana. Mula panjenengane kemutan marang keslametane
Dewi Sinta lan cepet-cepet ninggalake papan kono kanggo mirsani kahanan garwane. Ing tengah
lakune kepethuk karo Lesmana, atine Rama tambah tratapan amarga Sinta ora bareng karo
Lesmana.
Sinta gumun ing tengah alas sing sepi nyenyet ana simbah kakung njaluk-njaluk. Sinta
ora ngerti manawa simbah kakung iku minangka pasemone Rahwana raja Alengka kang ngumbar
angkara murka. Nalika Dewi Sinta ngecungake cangkir, astane metu saka wates bunder langsung
disamber lan dikekep ing dadane Rahwana banjur digawa mabur. Rahwana ngguyu lakak-lakak
rumangsa menang, kasil nipu Rama, Dewi Sinta, lan Lesmana. Jatayu manuk garudha nyoba
nulungi Sinta saka regemane Rahwana, nanging malah ambrug ing lemah amarga kena sabetan
pedange Dasamuka.
B. Unsur intrisik
1. Tema : Pangapusan
Mboten dinyana Kidang Kencana mau malih reseksa aran Kalamarica, kang
didhawuh Prabu Rahwana dadi kidang supaya bisa melut Dwi Sinta lan gawe pisah karo
grawane yaiku Raden Rama.
2. Alur : Maju
3. Latar crita :
 Latar wujud papan : Tengah alas
Kocap kacarita, sajroning lelana sawise nglakoni paukuman buwang
limalas taun Rama, Sinta, lan Lesmana tekan ing tengah alas.
 Latar wektu : wektu siyang
Rama enggal-enggal nggoleki lacake kidang kencana, terus ditutake
nganti tekan tengah alas gung liwang-liwung. Sorote srengenge wis ora
bisa nembus alas maneh.
 Latar swasana : sepi nyenyet, medeni. Amarga ana ing sajroning alas kang peteng
ndedet.
- Rama enggal-enggal nggoleki lacake kidang kencana, terus ditutake
nganti tekan tengah alas gung liwang-liwung. Sorote srengenge wis ora
bisa nembus alas maneh. Peteng dhedhet suasanane.
- Sinta gumun ing tengah alas sing sepi nyenyet.

4. Paraga :
 Protagonis

Rama : tanggung jawab, welas asih, setiya, bijaksana, patuh.
- Rama tresna banget marang garwane, mula kanthi bombonging ati
dheweke ngleksanakake panyuwune Sinta.
- “Lesmana, tulung jaganen mbakyumu, sajrone aku mbedhag kidang
kencana, keslametane mbakyumu dak pasrahake marang sliramu, aja
pisan-pisan kowe ninggalake Sinta dhewekan.”
 Sinta : gampang kaselip marang endahe barang, setya, welas asih, seneng
tetulung, nuduh.
- Sinta kepencut, pingin kagungan kidang kang endah iku.
- “Saiki aku ngerti watak wantu aslimu adhi Lesmana. Jebule meneng-
meneng sliramu pingin nduweni aku, sliramu ngejorake kakangmu
cilaka, lan sliramu bisa bebas …”
- Sinta gumun ing tengah alas sing sepi nyenyet ana simbah kakung
njaluk-njaluk.
 Tritagonis
 Laksana : tanggung jawab, patuh, sabar.
- “Sendika dhawuh kangmas Rama, pesenipun kangmas badhe kula
estokaken, atos-atos kangmas,” mangkono ature Lesmana.
- Lesmana damel wates kang wujude bunder ing sakupenge Dewi Sinta
ngadeg. Ora ana sing bisa nganggu Dewi Sinta sajrone tetep ing njero
bunderan iku. Sawise rumangsa aman, Lesmana budal ninggalake Dewi
Sinta kanggo nggoleki Rama.
 Jatayu : seneng tetulung.
- Jatayu manuk garudha nyoba nulungi Sinta saka regemane Rahwana,
nanging malah ambrug ing lemah amarga kena sabetan pedange
Dasamuka.
 Antagonis
 Kalamarica : manut, licik.
- Kalamarica, buta kang tugase dadi mata-mata raja Alengka yaiku
Rahwana.
- kidang kencana muksa disusul metune buta Kalamarica nyuwara seru.
 Rahwana : serakah, cerdik
- simbah kakung iku minangka pasemone Rahwana raja Alengka kang
ngumbar angkara murka. Rahwana ngerti marang kelemahane wanita
sing ora teganan manawa weruh kahanan kang nreyuhake.
5. Amanat :
- Aja gampang kapilut karo kaendahan, amarga barang kang endah durung
mesti duweni mupangat.
- Dadi wong iku kedah setiti lan ngati – ati, amarga brebayan niku woten
ing samubarang.
- Aja mung gugu/ manut panemune dhewe.
- Dados tiyang kedah sami – sami tetulung.
- Dados tiyang puniku kedah wantun mbela sing leres

6. Sudut pandang :
Sudut pandang wong katiga, serba ngertos. yaiku pengarang nalika njlentrehake
paraga migunakake jeneng lakone.
C. Usur ekstrinsik
1 Latar belakang pangaripta :
Latar belakangipun pangaripta ndamel carios inggih punika amargi pangaripta
badhe njlentreaken kalih pamaos menawi kita, mboten angsal mandeng setunggaling bab
saking bentuke mawon ingkang endah. Amargi benda ingkang endah dereng mesti
duweni mupangat kagem kita. Lan kita kedah tansah ngati - ati, amargi kathahe kejahatan
ing antawising kita.
2 Nilai nilai ingkang wonten sajroning cerita :
 Nilai keagamaan
- Minangka sawijining manungsa, kita mboten angsal berprasangka awon
lan mastani tiyang sembarangan.
- Ngrencangi sesami umat manungsa.
 Nilai moral
- Kesetiaan rama lan sinta ingkang tansah setya.
- Kita mboten pareng gampil kapilut kalian kaendahan, amarga
barang kang endah dereng mesti gadahi mupangat.
- Kita kedah tansah tanggung jawab, kala kita dipunsukani amanah
dening tiyang.
 Nilai budaya
- Saperangan tiyang jawi nyebut pasangan gesangipun kalih “Garwo”
dipunpendhet saking "Sigarane nyowo" utawi saged dipunsebut
sepalih nyawa.

Anda mungkin juga menyukai