Anda di halaman 1dari 1

Kidang Kencana

Kocap kacarita, sajroning lelana sawise nglakoni paukuman buwang limalas taun Rama, Sinta, lan
Lesmana tekan ing tengah alas. Nalika tetelune isih ngaso, Sinta kaget amarga mirsani sesawangan sing edi
peni. Ana kewan kidang kang merak ati, rupane ayu, polahe trengginas, lan kulite awarna mas. Kidang mlayu
mrana-mrene mlumpat-mlumpat nggodha ati. Sinta kepencut, pingin kagungan kidang kang endah iku. Mula
kanthi temen, Sinta nyuwun marang Rama supaya nyekel kidang kencana iku kanggo dheweke. Rama tresna
banget marang garwane, mula kanthi bombonging ati dheweke ngleksanakake panyuwune Sinta.
Sadurunge Rama mbedhag kidang kencana, dheweke pesen marang adhine yaiku Lesmana.
“Lesmana, tulung jaganen mbakyumu, sajrone aku mbedhag kidang kencana, keslametane mbakyumu
dak pasrahake marang sliramu, aja pisan-pisan kowe ninggalake Sinta dhewekan.”
“Sendika dhawuh kangmas Rama, pesenipun kangmas badhe kula estokaken, atos-atos kangmas,”
mangkono ature Lesmana. Rama enggal-enggal nggoleki lacake kidang kencana, terus ditutake nganti tekan
tengah alas gung liwang-liwung. Sorote srengenge wis ora bisa nembus alas maneh. Peteng dhedhet
suasanane, lacake kidang kencana ora katon.
Nalika atine Rama tratapan, saklebatan katon ayang-ayange kidang kencana. Sanalika Rama
nglepasake jemparing, kidang kencana kena panahe Rama. Kidang kencana ambruk ing lemah, jemparing
nembus awake. Nanging ana kedadean kang aneh, kidang kencana muksa disusul metune buta Kalamarica
nyuwara seru. Pambengoke Kalamarica kaprungu nganti tekan saindhenging alas. Kaprungu mirip banget
kaya swarane Rama kang lagi kena musibah. Dewi Sinta midhanget swara pambengoke sing mirip Rama.
Sinta kwatir marang keslametane Rama. Nanging beda karo Lesmana kang ngerti banget marang kasektene
Rama, mula dheweke percaya yen swara mau dudu swarane Rama. Mula nalika Sinta ngersakake Lesmana
nusul Rama kanggo mesthikake keslametane, Lesmana wegah lan tetep arep njaga Dewi Sinta. Sinta
mangkel lan kawetu omongan kang ora ngenakake kupinge Lesmana.
“Saiki aku ngerti watak wantu aslimu adhi Lesmana. Jebule meneng-meneng sliramu pingin nduweni
aku, sliramu ngejorake kakangmu cilaka, lan sliramu bisa bebas ...”
“Cekap kakang mbok Sinta! Kula ngurmati kangmas Rama. Malah roh lan raga kula lila dak kurbanaken
kangge mbela asmane kangmas Rama. Dados lepat sanget manawi kangmbok Sinta kagungan panganggep
kados makaten dhateng kula.”
“Menawi makaten mbak, amargi panjenengan ngotot, meksa, kula badhe damel wates kangge
kangmbok Sinta, kula suwun kangmbok boten medal saking wates menika kangge kawilujengan amargi
kangmbok kula tilar piyambakkan.”
Lesmana damel wates kang wujude bunder ing sakupenge Dewi Sinta ngadeg. Ora ana sing bisa
nganggu Dewi Sinta sajrone tetep ing njero bunderan iku. Sawise rumangsa aman, Lesmana budal
ninggalake Dewi Sinta kanggo nggoleki Rama.
Sawetara iku, Rama uga kaget midhanget pambengoke Kalamarica, buta kang tugase dadi mata-mata
raja Alengka yaiku Rahwana. Mula panjenengane kemutan marang keslametane Dewi Sinta lan cepet-cepet
ninggalake papan kono kanggo mirsani kahanan garwane. Ing tengah lakune kepethuk karo Lesmana, atine
Rama tambah tratapan amarga Sinta ora bareng karo Lesmana. Sadurunge Rama nyuwun pirsa babagan
Sinta, Lesmana njlentrehake kabeh prastawa kanthi cetha wela-wela nganti ninggalake Sinta dhewekan.
“Aduh! Cilaka rayi Lesmana ... iki ana upaya manungsa kang nyoba ngapusi awake dhewe. Ayo saiki
enggal nemoni mbakyumu Sinta!”
Sinta gumun ing tengah alas sing sepi nyenyet ana simbah kakung njaluk-njaluk. Dheweke nreyuhake
ati njaluk banyu ngombe kanggo nambani ngelake. Sinta ora ngerti manawa simbah kakung iku minangka
pasemone Rahwana raja Alengka kang ngumbar angkara murka. Rahwana ngerti marang kelemahane wanita
sing ora teganan manawa weruh kahanan kang nreyuhake. Nalika Dewi Sinta ngecungake cangkir, astane
metu saka wates bunder langsung disamber lan dikekep ing dadane Rahwana banjur digawa mabur.
Sinta kasil ditipu dening Rahwana. Rahwana ngguyu lakak-lakak rumangsa menang, swarane kaprungu
ing saindhenging angkasa, kasil nipu Rama, Dewi Sinta, lan Lesmana. Jatayu manuk garudha nyoba nulungi
Sinta saka regemane Rahwana, nanging malah ambrug ing lemah amarga kena sabetan pedange Dasamuka.

Anda mungkin juga menyukai