Anda di halaman 1dari 2

Kidang Kencana Ramayana

Kocap kacarita, sajroning lelana sawise nglakoni paukuman buwang limalas taun Rama, Sinta,
lan Lesmana tekan ing tengah alas. Nalika tetelune isih ngaso, Sinta kaget amarga mirsani
sesawangan sing edi peni. Ana kewan kidang kang merak ati, rupane ayu, polahe trengginas, lan
kulite awarna mas. Kidang mlayu mrana-mrene mlumpat-mlumpat nggodha ati. Sinta kepencut,
pingin kagungan kidang kang endah iku. Mula kanthi temen, Sinta nyuwun marang Rama supaya
nyekel kidang kencana iku kanggo dheweke. Rama tresna banget marang garwane, mula kanthi
bombonging ati dheweke ngleksanakake panyuwune Sinta.

Sadurunge Rama mbedhag kidang kencana, dheweke pesen marang adhine yaiku Lesmana.

“Lesmana, tulung jaganen mbakyumu, sajrone aku mbedhag kidang kencana, keslametane
mbakyumu dak pasrahake marang sliramu, aja pisan-pisan kowe ninggalake Sinta dhewekan.”

“Sendika dhawuh kangmas Rama, pesenipun kangmas badhe kula estokaken, atos-atos
kangmas,” mangkono ature Lesmana.

Rama enggal-enggal nggoleki lacake kidang kencana, terus ditutake nganti tekan tengah alas
gung liwang-liwung. Sorote srengenge wis ora bisa nembus alas maneh. Peteng dhedhet
suasanane, lacake kidang kencana ora katon. Nalika atine Rama tratapan, saklebatan katon
ayang-ayange kidang kencana. Sanalika Rama nglepasake jemparing, kidang kencana kena
panahe Rama. Kidang kencana ambruk ing lemah, jemparing nembus awake. Nanging ana
kedadean kang aneh, kidang kencana muksa disusul metune buta Kalamarica nyuwara seru.
Pambengoke Kalamarica kaprungu nganti tekan saindhenging alas. Kaprungu mirip banget kaya
swarane Rama kang lagi kena musibah.

Dewi Sinta midhanget swara pambengoke sing mirip Rama. Sinta kwatir marang keslametane
Rama. Nanging beda karo Lesmana kang ngerti banget marang kasektene Rama, mula dheweke
percaya yen swara mau dudu swarane Rama. Mula nalika Sinta ngersakake Lesmana nusul Rama
kanggo mesthikake keslametane, Lesmana wegah lan tetep arep njaga Dewi Sinta. Sinta mangkel
lan kawetu omongan kang ora ngenakake kupinge Lesmana.

“Saiki aku ngerti watak wantu aslimu adhi Lesmana. Jebule meneng-meneng sliramu pingin
nduweni aku, sliramu ngejorake kakangmu cilaka, lan sliramu bisa bebas …”

“Cekap kakang mbok Sinta! Kula ngurmati kangmas Rama. Malah roh lan raga kula lila dak
kurbanaken kangge mbela asmane kangmas Rama. Dados lepat sanget manawi kangmbok Sinta
kagungan panganggep kados makaten dhateng kula.”

“Menawi makaten mbak, amargi panjenengan ngotot, meksa, kula badhe damel wates kangge
kangmbok Sinta, kula suwun kangmbok boten medal saking wates menika kangge kawilujengan
amargi kangmbok kula tilar piyambakkan.”

Lesmana damel wates kang wujude bunder ing sakupenge Dewi Sinta ngadeg. Ora ana sing bisa
nganggu Dewi Sinta sajrone tetep ing njero bunderan iku. Sawise rumangsa aman, Lesmana
budal ninggalake Dewi Sinta kanggo nggoleki Rama.

Sawetara iku, Rama uga kaget midhanget pambengoke Kalamarica, buta kang tugase dadi mata-
mata raja Alengka yaiku Rahwana. Mula panjenengane kemutan marang keslametane Dewi Sinta
lan cepet-cepet ninggalake papan kono kanggo mirsani kahanan garwane. Ing tengah lakune
kepethuk karo Lesmana, atine Rama tambah tratapan amarga Sinta ora bareng karo Lesmana.
Sadurunge Rama nyuwun pirsa babagan Sinta, Lesmana njlentrehake kabeh prastawa kanthi
cetha wela-wela nganti ninggalake Sinta dhewekan.

“Aduh! Cilaka rayi Lesmana … iki ana upaya manungsa kang nyoba ngapusi awake dhewe. Ayo
saiki enggal nemoni mbakyumu Sinta!”

Sinta gumun ing tengah alas sing sepi nyenyet ana simbah kakung njaluk-njaluk. Dheweke
nreyuhake ati njaluk banyu ngombe kanggo nambani ngelake. Sinta ora ngerti manawa simbah
kakung iku minangka pasemone Rahwana raja Alengka kang ngumbar angkara murka. Rahwana
ngerti marang kelemahane wanita sing ora teganan manawa weruh kahanan kang nreyuhake.
Nalika Dewi Sinta ngecungake cangkir, astane metu saka wates bunder langsung disamber lan
dikekep ing dadane Rahwana banjur digawa mabur. Sinta kasil ditipu dening Rahwana. Rahwana
ngguyu lakak-lakak rumangsa menang, swarane kaprungu ing saindhenging angkasa, kasil nipu
Rama, Dewi Sinta, lan Lesmana. Jatayu manuk garudha nyoba nulungi Sinta saka regemane
Rahwana, nanging malah ambrug ing lemah amarga kena sabetan pedange Dasamuka.

Anda mungkin juga menyukai