Anda di halaman 1dari 6

Sumantri Ngenger (Bahasa Jawa)

Cerita wayang lakon Sumantri Ngenger dalam Bahasa Jawa - Ing pertapan Jatisrana, ana pandhita
aran Begawan Suwandhagni. Sang Begawan nduwe anak loro lanang kabeh aran Bambang Sumantri
lan Raden Sukasrana. Bambang Sumantri wujude satriya bagus, dene Raden Sukasrana wujude buta
bajang utawa buta cebol sing nggilani. Sanajan rupane nggilani nanging Bambang Sumantri tresna
banget marang adhine. Samono uga Raden Sukasrana.
 

Nalika Sumantri wis diwasa, Begawan Suwandhagni ngendika supaya Sumantri ngenger
utawa suwita menyang Negara Maespati. Sumantri sendika dhawuh. Lakune didherekake punakawan
papat Semar, Gareng, Petruk lan Bagong. Begawan Suwandhagni nitipake sanjata Cakra darbeke
Prabu Harjuna Sasrabahu supaya dibalekake.

Lakune Bambang Sumantri kandheg amarga Raden Sukasrana kepengin melu. Bambang
Sumantri banjur ngarih-arih adhine nganti turu. Sawise adhine turu, Bambang Sumantri budhal
nilapake adhine menyang Negara Maespati.
Ing Negara Maespati Sang Prabu Harjuna Sasrabahu lagi ngrembug bab arepe mupu
sayembarane Dewi Citrawati ing Negara Magada. Dewi Citrawati nganakake sayembara, sapa sing
bisa menehi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus bakal dadi bojone. Nalika lagi padha
rembugan katungka sowane Bambang Sumantri. Bambang Sumantri matur arep suwita marang
Prabu Harjuna Sasrabahu. Prabu Harjuna Sasrabahu gelem nampa suwitane Sumantri lamun
dheweke bisa mupu sayembarane Dewi Citrawati.. Sumantri nyaguhi banjur budhal menyang Negara
Magada.
Ing Negara Magada, wis akeh para raja lan satriya sing ngleboni sayembara. Padha-padha
gedhe kekarepane, padha-padha ora gelem ngalahe wasana dadi perang rame. Pungkasane para
raja lan satriya kalah kabeh karo Sumantri jalaran dheweke migunakake sanjata Cakra. Para raja
telukan padha pasrah putri boyongan nganti cacah wolungatus. Sumantri klakon mboyong Dewi
Citrawati kanthi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus.
Rumangsa bisa ngalahake ratu sewu negara, Sumantri dadi gumedhe, umuk, kemaki. Ing
batin dheweke rumangsa menangan mula banjur thukul niyate arep nelukake Prabu Harjuna
Sasrabahu. “Ratu sewu negara bae padha keyok kabeh karo aku, genea aku ndadak suwita marang
Prabu Harjuna Sasrabahu? Kena ngapa ora tak telukake pisan dadi andhahanku?” ngono batine
Sumantri kandha. Sumantri banjur nulis surat panantang marang Prabu Harjuna Sasrabahu lan
dipasrahake marang patihe Prabu Harjuna Sasrabahu sing ndherekake lakune saka praja Maespati.
Prabu Harjuna Sasrabahu mung mesem nampa panantang saka Sumantri. Dheweke enggal
methukake lakune Sumantri. Sumantri lan Prabu Harjuna Sasrabahu perang rame. Padha sektine,
padha terngginase. Perange nganti pirang-pirang dina. Sumantri kekeselen banjur kepengin
ngrampungi perange karo Prabu Harjuna Sasrabahu. Dheweke enggal ngetokake sanjata Cakra arep
ditamakake marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sanjata Cakra kuwi sejatine duweke Prabu Harjuna
Sasrabahu. Nalika lair Prabu Harjuna Sasrabahu wis nggawa sanjata Cakra, amarga dheweke
sejatine titisane Bathara Wisnu. Nalika smana sanjata Cakra disilih pamane, Begawan Suwandhagni.
Weruh sanjata Cakra ing tangane Sumantri, sakala Prabu Harjuna Sasrabahu nesu. Prabu
Harjuna Sasrabahu triwikrama utawa malih dadi buta gedhene sagunung. Sanjata Cakra disaut
banjur diuntal. Buta ngamuk gereng-gereng arep ngremuk Sumantri sing kemaki. “Sumantri, kowe
satriya picek, watekmu ala, melik barange liyan. Satriya wingi sore kemaki wani nantang Ratu
Gustine. Tak remet pisan remuk kowe Sumantri!” Weruh Bathara Wisnu nesu, Sumantri ndheprok,
lemes ora duwe daya. Nalika Sumantri disaut Brahala, Bathara Narada tumurun ngarcapada nyapih
satriya loro. Buta lilih badhar dadi Prabu Harjuna Sasrabahu.
Sumantri banjur ditundhung lunga. Pasuwitane bisa ditampa maneh menawa dheweke bisa
muter utawa mindhah Taman Siwedari menyang Negara Maespati. Taman Sriwedari kuwi taman ing
kahyangan Nguntara Segara, kahyangane Bathara Wisnu. Sumantri sing wis ilang kasektene amarga
koncatan sanjata Cakra banjur klunuh-klunuh lunga saparan-paran, karepe arep wadul bapake,
Begawan Suwandhagni.
Lakune Sumantri kepethuk Raden Sukasrana sing nyusul lungane. Sumantri nyritakake
kabeh lelakone marang Sukasrana. Sukasrana mesem krungu critane Sumantri.
“Nek mung utel aman we, ampang akang,” kandhane Sukasrana karo ngguyu ngakak.
“Tenan, Yayi? Kowe bisa muter Taman Sriwedari?” kandhane Sumantri.
“Isoh ae, Akang. Uwi ampang!”
“Adhiku, Dhi Sukasrana. Tulungana aku ya, Dhi!” kandhane Sumantri memelas.
“Aku isoh utel aman Iwedali ning ana alate, Akang.”
“Apa syarate, Dhi?”
“Aku engen elu owe, Akang. Aku elu uwita Abu Aluna Asa.”
“Kowe kepengin melu aku suwita Prabu Harjunasasra?”
“Iya, Akang.”
“Iya, Dhi. Angger si Adhi bisa muter Taman Sriwedari mesthi tak ajak suwita menyang
Maespati.”
“Enan, Kang? Owe anji Kang? Owe ola apusi?”
“Iya Dhi, pun kakang janji ora bakal ngapusi!”
“Yoh, Akang. Entenana edhela ya?”
Sukasrana banjur muja semedi. Sanajan rupane ala nanging gedhe prihatine. Sedhela wae
taman Sriwedari wis pindhah menyang alun-alun keraton Maespati, gawe gegere wong sanagara.
Sawise klakon muter Taman Sriwedari, Sumantri ditampa suwita ing Negara Maespati dadi patih,
aran Patih Suwanda. Sukasrana diajak Sumantri menyang Negara Maespati nanging dipenging
ngetok, amarga Sumantri isin duwe adhi wujud buta cebol sing rupane nggilani. Sukasrana dikongkon
manggon lan ndhelik ing sajroning taman.
Nalika Dewi Citrawati ninjo kahanane lan kaendahane Taman Sriwedari, dheweke njerit-jerit
kamigilan weruh ana buta bajang ing jero taman. Dewi Citrawati banjur lapuran marang Prabu
Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu dhawuh marang Sumantri supaya nyingkirake buta bajang. Sumantri
sing wis nggraita menawa buta sing dikarepake kuwi adhine, Sukasrana, banjur budhal mlebu taman.
Tekan ing jero taman, Sumantri nesu-nesu ngunek-ngunekake adhine sing medeni Dewi
Citrawati. Sukasrana dikongkon bali menyang pertapan. Sukasrana ora gelem amarga wis dijanjeni
dening Sumantri arep diajak suwita ing Negara Maespati. Sumantri gregeten. Sukasrana diagar-agari
panah dikongkon bali. Sukasrana tetep ora gelem bali malah nyedhak nagih janjine Sumantri. Nganti
suwe anggone eyel-eyelan, pungkasane panah mrucut saka tangane Sumantri lan nancep ing
dhadhane Sukasrana. Sukasrana mati. Kuwandane ilang musna, ninggal sepata.
“Kakang Sumantri! Tega temen kowe karo aku, Kakang. Kowe mblenjani janji, Kakang. Aku
ora trima. Utang pati nyaur pati. Eling-elingen mbusuk yen kowe perang tandhing karo ratu buta saka
Ngalengka, ing kono tumekane piwalesku, Kakang. Wis kakang, tak enteni ing lawange surga.
Sumantri gela, Sumantri sedhih. Nanging kabeh mau barang wis kebacut. Katresnane
marang adhine ilang amarga saka drajat lan pangkat. Wateke ala seneng nyidrani janji. Janji bekti
marang ratu gustine, diblenjani. Janji nresnani adhine, diblenjani. Janji ngajak adhine, diblenjani.
Kabeh mau mung amarga melik drajat pangkat lan kamukten. Besuk patine sumantri dikemah-kemah
Prabu Rahwana ratu buta saka Ngalengkadiraja.
Kumbakarna gugur
Kumbakarna ditimbali dening Prabu Dasamuka kinen madeg senapati ngrabaseng prajurit
Pancawati, andhahane Prabu Rama. Rangu-rangu atine awit dheweke ngerti jalarane Prabu
Ramawijaya ngebroi Ngalengka. Ora liya amarga srakahe Prabu Dasamukangrebut
garwane Prabu Rama, ya Dewi Sinta. Tumindake pun kakang pancen nalisir saka bebener.
Ananging menawa ngelingi bumi Ngalengka, bumi wutah getihe sing bosah-baseh uga para
kawula sing nandhang sengsara dadi kurban paprangan, tuwuh tekad sing mkantar-kantar
jroning wardaya kanggo bela negarane. Dewi Kiswani, garwane Kumbakarna ora kuwawa
ngumpet tumetesing waspa nalika dipamiti lan diutus nyepakake ageman warna seta.
“kakngmas, kula sampun kecalan anak-anak kula Kumbawaswani tuwin Kumba-Kumba.
Kula boten purun kecalan paduka, Kangmas!” ature kebak sungkawa marang Raden
Kumbakarna. “Yayi, pati urip iku ing astane Kang Akarya Jagad, yen pun kakang tiwas ing
rananggana. Ateges iku pepesthen kang ora bisa diselaki. Ananging yen kakang selak saka
jejibahan iki marang bumi Ngalengka sing wis menehi panguripan? Mula sanadyan nganti
oncating nyawa tetep kudu dakbelani!” Sawise krungu ngendikane garwane iku Dewi
Kiswani tinarbuka atine lan ngutabake kanthi lega lila. Bala wanara prajurite Prabu Rama
kuwalahan nampani tandange Kumbakarna kang ngedab-edabi. Sanadyang mangkono ora
padha gisrig, saya akeh sing ngrubut. Ana sing nyathek, nyokot mlah uga mancat
ngrangsang sirah. Kurban saya akeh, nganti keprungu bendhe tinabuh aweh tetenger
supaya padha mundur. Sawijining satriya marani Raden Kumbakarna. “Yayi Wibisana!”
pambengoke Kumbakarna bareng ngerti satriya iku jebul rayine. “Kakang” kakang adhi iku
rerangkulan kebak rasa sedhih. Wibisana tinudhung dening Dasamuka sesawise babaregan
karo Kumbakarna elik-elik supaya ora meruhi tumindak angkara murkane kaknge sing saya
ngambra-ambra. Ora dinyana kepethuk ing madyaning palagan. “Sangertos kula kakang
Kumbakarna tansah mbelani dhareng kautaman. Kenging menapa sakpunika kakang
madeg dados senapati mbelani Prabu Dasamuka ingkang ateges mbelani kamurkan?” ature
Wibisana. “Dadi kaya ngono pangiramu marang pun kakang? Aku maju ing palagan iki
amarga nglungguhi darmaning satriya kang kudu bela negara. Perkara tumindake Prabu
Dasamuka iku dudu tanggung jawabku. Nanging rusake negara ngalengka, aku ora bisa
nrimakake!” Wibisana ndheprok nyuwun pangapura awit wis duwe pandakwa ala. “Wis.. wis
dhi ora dadi apa. Lha kowe dhewe kok ana kene larahe kepriye?” pitakone kumbakarna.
Wibisana nyritakake yen sawise ditudhung Dasamuka banjur nyuwita marang Prabu Rama.
“Boten ateges kula cidra dhateng nagari Ngalengka, kakang. Nanging kula kedah netepi
darmaning satriya ingkang tansah mbela dhateng sinten ingkang leres!” ature Wibisana.
Kakarone krasa nggrentes atine kudu adhep-adhepan minangka mungsuh. “Jagad Dewa
Bathara wis dadi garising Jawata kita kudu kaya ngene. Kowe ora luput, Dhi! Antepana
dharmamu kaya dene aku netepi dharmaku! Aturana supaya ngayunake yudaku, kareben
perkerene enggal rampung!” wibisana nyawang kakange kanthi trenyuh, atur sembah nuli
mungkur. Kumbakarna klakon adhep-adhepan karo Prabu Rama. Durung kober senapati
Ngalengka iku ngrangsek, kedhisiksan panahe Rama wola-wali mutung tangane banjur
siskile. Saengga kari sirah lan gembung. Ewa semana ora luntur tekade Kumbakarna gawe
pepati seakeh-akehe. Dumadakan sanjatane Prabu Rama panah Gunawijaya, ngrampungi
krodhane Kumbakarna. Kumbakarna gugur.

Anda mungkin juga menyukai