Anda di halaman 1dari 17

NASKAH PAKELIRAN GARAP LAKON KATRESNAN JATI

Disusun untuk tugas ujian semester mata kuliah


Garap Penulisan Lakon

Dosen Pengampu
Sri Harti, S.Sn., M.Sn
Catur Nugroho, S.Sn., M.Sn

Wisnu Aji
NIM : 191231021

JURUSAN PEDALANGAN
FAKULTAS SENI PERTUNJUKAN
INSTITUT SENI INDONESIA (ISI) SURAKARTA
2022
A. Tema : Perjuangan dan pengorbana cinta sejati
B. Nilai : Kesetiaan
C. Judul Lakon : Katresnan Jati
D. Gagasan Pokok :

Adegan Pembuka
Ndhodog kothak, masuk ketawang Sinom Kasmaran laras slendro pathet
sanga, irama dadi gong pertama bedhol kayon dengan membentuk variasi gerak
menggambarkan suasana yang tenang, kayon tanceb kanan kiri, tampil kayon
hakekat menutup blencong, gong akan ngelik keluar Suryatmaja dari gawang
kanan yang sedang melamun memikirkan Dewi Surtikanthi berjalan ke kiri lalu
kekanan lalu tanceb posisi wayang bersedih. Setelah itu tampil Surtikanthi
dengan bayangan membesar lalu menempel perlahan pada kelir menghampiri
Suryatmaja lalu menyentuh pundaknya. Suryatmaja menoleh lalu gerak wayang
adegan roman dua gongan lalu perlahan bayangan Surtikanthi membesar sampai
menghilang dan Suryatmaja tanceb dengan posisi tangan dipundak. Setelah itu
peralihan iringan ke srepeg gosongan datang Adirata yang memecah lamunan
Suryatmaja, iringan sirep lalu ginem.

Ginem:
Adirata : He.. Suryatmaja, Suryatmaja.. apa wis kok pikir
kanthi wening kok petung kanthi genep hmm? yen
kowe nresnani marang Surtikanthi kuwi apa kowe ora
eling kalamun ta Surtikanthi kuwi calon ginarwa
klawan Gustimu ing Ngastina Prabu Anom Kurupati?
Suryatmaja : Dhuh kanjeng rama, estunipun kula sampun
kalajeng tresna marang Yayi Surtikanthi, semanten
ugi Yayi Surtikanthi.
Adirata : Apa kanthi rasa tresna kok kira wus cukup kanggo
boyong Dewi Surtikanthi?
Suryatmaja : Kula mboten saged mastani awit menika
kawenanganipun Gusti, naning kanjeng rama
katresnan miwah kasetyan kula dhateng Yayi
Surtikanthi sampun kula andhemi antebing tekad.
Adirata : Ingsun percaya, mungguhing pun bapa drajat-
pangkat lan kalungguhan iku yekti kuwasaning Gusti
kang nemtokake anggone wong jejodhohan. Hmm..
ngger Suryatmaja, bot-bote drajatmu amung kawula
lumrah, nanging cebol gayuh lintang apa kang dadi
tumindakmu, apa ora bakal dadi wirang tumrap sira
pribadi ngger?
Suryatmaja : Kanjeng rama, tumrap kula bobotipun tiyang
jejodhohan punika kodratipun Gusti, para kawula
punika namung saged ngupaya kaliyan nyenyuwun
marang kang Maha Kuwaos.
Adirata : Iya ngger Suryatmaja, nanging sira uga kudu eling
yen ta Ratu Mandaraka darbe kawenangan murih
kamulyaning sang putra.
Suryatmaja : Inggih kanjeng rama, amung pangestu paduka
ingkang kula suwun, amayungi lampah kula.
Adirata : Iya ngger pangestuku tampanana, mugya tansah
pinayungan rahayu ing jangkahmu.

Iringan disiyak P. Kalakarna muncul masuk macapat dhandanggula


slendro manyura diisi grimingan gender, tampil Prabu Kalakarna yang sedang
galau teringat akan Sutrikanthi, macapat habis kemudian masuk kemudha slendro
nem, ketika Surtikanthi mau ditangkap tiba-tiba menghilang iringan seseg. Patih
Kalakurendha tampil dari gawang kiri, suwuk, ada-ada Gambuh Kebumen.

Kalakurendha : Dhuh sinuwun, wonten punapa malih kok saben


dinten rumaos kula jengandika katingal kumel kucem
penggalihipun?
Prabu Kalakarna : Dhuh patih, Ngantu-antu rasaning batinku amarga
sabendina ana wanodya kang teka ing sajroning
impenku. Kaya-kaya gogrog jejantunging atiku,
mangan ora enak turu ora jenak, merga tansah
kelingan manis sengseming ngujiwate.
Kalakurendha : Menawi kepareng mangertos, sinten sejatosipun
wanodya kang wonten penggalihipun jengandika,
sinuwun ?
Prabu Kalakarna : Hmm, yen ora kleru dheweke kuwi putri saka
Mandaraka, putra pambayun Prabu Salya akekasih
Dewi Surtikanthi.
Kalakurendha : Miturut kula, kedahipun enggal ngaturaken nawala
panglamar dhateng nagari Mandaraka kemawon,
sinuwun.
Prabu Kalakarna : Ora! ora bakal bisa merga aku ngrumangsani yen
aku iki wujud raseksa, ora bakal ditampa yen aku
ngaturake layang panglamar.
Kalakurendha : Lajeng keparengipun kados pundi?
Prabu Kalakarna : Gandheng aku wus bacut ndeleh rasa marang
Surtikanthi, aku bakal bedhag kanthi cara begal
aneng nagari Mandaraka
Kalakurendha : Punapa mboten wonten cara lintunipun,
sinuwun?
Prabu Kalakarna : Ora, kanggoku mung kuwi cara sing paling trep.
Uwis aja kakehan rembug, mara gage siyagakna para
wadya bala kanggo ngiring lakuku.
Kalakurendha : Nuwun inggih, ngestokaken dhawuh.

Iringan srepeg lasem, prajurit Ngawangga pergi ke Mandaraka. Lalu


iringan masuk ladrang Sekar Lesah, tampil Drestarastra dari gawang kanan
bersama dengan Dwijakangka, lalu Sengkuni, Durna, Kurupati dari gawang kiri,
gendhing sirep janturan.

Janturan Adegan Nagari Ngastina


Prabu Drestarastra pranyata narendra kang lantip ing graita miwah
tanggap ing sasmita. Katitik saking pakartinipun kang menggalihaken
nawala saking Negari Mandaraka saperlu dhauping sang putra klawan
putri Mandaraka.

Gendhing udhar, suwuk, pathetan nem Wantah, kemudian dilanjutkan


pengrawit.

Prabu Drestarasta : He, kabeh sentananing praja sarta para nayakaning


praja kang ora bisa tak sebutake siji baka siji. Aja
padha kaget atimu ndak timbali nyaket ana
ngarsaningsun. Ingsun bakal ngrembug babagan
dhaupe putraku si Kurupati klawan Surtikanthi
putranira Prabu Salya. Ingsun nembe wae nampa
nawala saka Mandaraka dene Prabu Salya ngutus
supaya ngaturake juru paes kang bagus tanpa cacad.
nanging ingsun ora ngerti sapa wonge sing kira-kira
bisa dadi juru paes kaya sing disuwun Prabu Salya?
Sengkuni : Nuwun inggih, ngaturaken sembah pangabekti
sayogi konjuk ing ngarsa paduka kaka prabu.
Menawi miturut kula wong kang bagus tanpa cacad
punika nggih mboten sanes kejawi si Premadi.
Durna : Leres sinuwun, kula sarujuk menawi Premadi
ingkang dados juru paes.
Prabu Drestarastra : Hmm, ya pancen bener apa kang dadi aturmu.
Sengkuni, Mara gage timbalana Premadi marak ing
ngarsaningsun.
Sengkuni : Nuwun inggih sinuwun, ngestokaken dhawuh.

Dhodogan srepeg, Sengkuni keluar memanggil Premadi. Premadi masuk


diikuti Sengkuni, lalu suwuk, dilanjutkan ada-ada nem srambahan.
Premadi : Ngaturaken sembah pangabekti kula sinuwun,
wonten wigati punapa dene kula katimbalan wonten
ngarsanipun wa prabu?
Prabu Drestarastra : Eh iya ngger anakku Premadi, aja kaget dene
slirahmu dak timbali ing ngarsaningsun. Paman bakal
nyuwun tenaga klawan wektumu kanggo
nyengkuyung dhaupe kakangmu si Kurupati klawan
Surtikanthi saperlu dadi juru paes.
Premadi : Nuwun inggih wa, ngestokaken dhawuh. Menawi
mekaten benjang punapa bidhalipun dhateng nagari
Mandaraka?
Prabu Drestarastra : Luwih gancang luwih prayoga. He.. Sengkuni
siyagakna pra wadya bala kanggo ngrombyongi calon
temanten.
Sengkuni : Nuwun inggih, ngestokaken dhawuh.

Buka kendhang Lancaran Manyar Sewu laras slendro pathet manyura,


irama lancar. Premadi, Durna, Kurupati keluar. Prabu Drestarastra bersama
Dwijakangka keluar bersama.
Patih Sengkuni ngawe wadya, rampogan tampil dari kanan berjalan kekiri
mengikuti Sengkuni. Surtayu, Gardapati tampil dari kanan, solah, capeng, ngawe
wadya. Kemudian rampogan tampil bersama Kartamarma naik kuda iringan
menjadi irama dadi (cukup dua sekaran) lalu tampil kreta, Kurupati dan
Sengkuni naik kereta kemudian berjalan kekiri dua rambahan kemudian seseg
iringan ganti srepeg nem. Kartamarma berhadapan dengan pasukan Ngawangga,
suwuk, ada-ada sinom.

Kidanganti : He.. mandheg gus, mandheg. Iki ana prajurit saka


ngendi? tak ulati saka kadohan kok katon mencorong
wadya balamu. Banjur jenengmu sapa, ngakua!
Kartamarma : Aku Kartamarma, lan kae wadya bala saka Ngastina.
Bali takon, kowe pawongan saka ngendi lan sapa
jenengmu?
Kidanganti : Aku punggawane saka Ngawangga kekeseting
Prabu Kalakarna jenengku Kidanganti. Mara
sumingkira, aku bakal liwat!
Kartamarma : Arep lumaku menyang ngendi?
Kidanganti : Menyang negara Mandaraka, diutus gustiku
nglamar Dewi Surtikanthi.
Ada-ada nem jugag
Kartamarma : Yen kena dak eman wurungna sedyamu! Awit Dewi
Surtikanthi wus dadi pacangane kakangku Kurupati.
Kidanganti : Wahh.. aku dikongkon kudu entuk gawe. Ora
sumingkir, dak babati barisanmu!
Kartamarma : Sembada sedyamu yen bisa nglangkahi bangkeku!
Kidanganti : Woo.. ya, tak turuti apa kang dadi sumbarmu!

Srepeg laras slendro pathet nem, untuk mengiringi perang Kartamarma


melawan Kidanganti, kemudian Dursasana melawan Patih Kalakurendha iringan
sampak. Pasukan Ngawangga kalah kemudian tampil Prabu Kalakarna yang
meminta pasukannya untuk mundur dan mencari jalan yang lain untuk menuju
ke Mandaraka.

Prabu Kalakarna : Hee.. para wadya balaku, iki pancen dudu titi
wancine prang tandhing. Luwih becik ayo padha
mundur golek dalan liyane wae tinimbang ora entuk
gawe!

Wadya bala Ngastina ingin mengejar prajurit Ngawangga, namun


dihalangi oleh Sengkuni, iringan suwuk tamban.
Sengkuni : He uwis ngger anakku para Kurawa, tinimbang
mbedhag wong-wongan sing ora cetha, luwih becik
ayo enggal budhal aneng negara Mandaraka.
Kartamarma : Nuwun inggih paman, sendika ngestokaken
dhawuh.

Pathetan sanga wantah padesan untuk transisi pathet nem ke pathet


sanga, Sengkuni dan Kartamarma berjalan kekanan.
Setelah Sengkuni dan Kartamarma berjalan ke kanan, tampil Premadi dari
gawang tampil Premadi dari gawang kiri berjalan dua rambahan. Lalu tampil
kayon dan Banowati dari kanan dengan cak sabet yang menggambarkan Banowati
yang melihat kedatangan Premadi dari kejauhan, setelah pathetan habis masuk
srepeg sanga. Banowati menemui Premadi iringan seseg, kemudian suwuk.

Banowati : Yayi Premadi, padha rahayu sapraptamu ing


nagari Mandaraka.
Premadi : Nuwun inggih, pangestunipun mboten wonten
pepalang dhateng samadyaning margi. Wonten
punapa kang mbok Banowati, miturut paningal
kula kok sajak ketawisipun wonten perkawis
ingkang andadosaken sesrimpeting penggalih?
Banowati : Aduh premadi, pancen ana perkara bab kakang
mbok Surtikanthi kang miturutku bakal dadekake
wiranging kulawarga Mandaraka.
Premadi : Wonten wigati punapa parandene kados
mekatan?
Banowati : Kakang mbok Surtikanthi ngono sabendinane
ditekani pria kang saklebat kaya jeneng sira.
Premadi : Wonten tiyang ingkang kados kula?
Banowati : Iya Premadi, tak suwun sabiyantumu, Premadi.
Sadurunge dadi kuciwa lan dadi wiranging
kulawarga, dak suwun engga cekelen wae pria iku
banjur diadhepke ing ngarsane rama Prabu Salya.
Premadi : Nuwun inggih, menawi mekaten wonten pundi
papanipun pria punika?
Banowati : Yen ora kliru, tak kira wanci saiki dheweke wus
manjing ana taman keputren Mandaraka.
Premadi : Nuwun inggih, pangestunipun bakal kula banda.

Iringan sampak slendro sanga. Premadi pergi menuju keputren, kemudian


Banowati dientas kekanan mencari ayahnya. Kemudian setelah itu sampak
menjadi ayak-ayak, tampil Surtikanthi dari gawang kanan, sirep, janturan.

Janturan Taman Keputren Mandaraka


Dhasar mangsa ketiga tan wonten jawah, tanem tuwuh samya
lesah sulayah. Gegodhongan kang padha layu, kekembangan kelangan
ganda arum. Para peksi padha hanyekaklak nandhang ngelak, kombang-
walang padha mlayu golek sarining madu, prasasat tumut ngraosaken
panandhange putri Mandaraka kang ana jroning tamansari, nengging
Kusumaning Ayu Dewi Surtikanthi. Dhasar putri kang sulistyeng warni,
manis ing pakarti miwah luhuring kawibawan, pramila ora kleru yen
gawe sengseming sapa wae kang nyawang. Nalika semana sang dyah ayu
nedheng manggalih kang dadi gegantilaning manah. Praptane Sang
Suryaputra kawawa mberat rentenging nala.

Suryaputra datang dari gawang kiri, iringan suwuk, pathetan sanga ngelik.

Surtikanthi : Bingah manah kula, dene Kakang Suryatmaja


sampun kepareng rawuh wonten ing taman.
Suryatmaja : Dhuh sesotyaning pun kakang, gembiranin
tyasingsun yayah lelumban warih madu kekosok
kang sari-sari, bareng nyumurupi yayi dewi
anggung nandukake sih setya marang pun kakang.
Surtikanthi : Inggih Kakangmas, wijiling pangandika paduka
kadi aruming sekar mlathi, namung paduka priya
ingkang pantes kula suwitani wiwit madyapada
ngantos dumugining ndelahan.
Suryatmaja : Hmm iya yayi, senadyanta rakamas uga mangkono.
Yayi, dak sawang kucem polatanmu sajak ana
prakara kang ngebot-ngeboti rasamu? mara prasajoa
yayi.
Surtikanthi : Punapa jengandika ethok-ethok mboten mangertos?
Suryatmaja : Hm.. prakara kuwi ta? Pun kakang uga wis
mangerti, kakang uga duweni pamikir yen luwih
becik awake dhewe nyoba ngadhep maneh ing
ngarsanipun rama Prabu Salya saperlu nyuwun
pangestu.
Surtikanthi : Kakangmas, sampun ngleleda manah kula. Rehning
kula ajrih kaliyan rama Prabu, punapa panjenengan
sampun kesupen menawi kula sampun
dipunpacangaken kaliyan Kurupati, putranipun
Prabu Drestarastra?

Ada-ada sanga jugag, kemudian pocapan.

Pocapan
Durung tutug anggone sang Suryatmaja klawan Dewi Surtikanthi
rerembugan, kedadak ana satriya kang getak, agawe kejoting sang
Suryatmaja.

Premadi : Hayoo sapa kowe mandhega! Iki adhepana Premadi!


Suryatmaja : Weeladalah, ketiwasan.
Iringan sampak slendro sanga, Premadi mengejar Suryatmaja yang
sedang berlari, Surtikanthi pindah di gawang kiri bayangan diperbesar dan ulap-
ulap. Lalu tampil Banowati dan P. Salya, tanceb di gawang kanan iringan suwuk.

Surtikanthi : Heh, Banowati! banget panarimaku dene kowe bisa


ngrengrajang penggalihku.

Banowati : Dhuh kakang mbok, nyuwun gunging pangaksami


lepat kula. Kula tumindak mekaten amargi kepengin
sanget ngluhurake asma paduka.

Surtikanthi : Hmm, kebangeten tenan dene cupet panemumu.

Banowati : Dhuh kang mbok, kula kinten ingkang manjing


wonten taman punika Yayi Premadi, kedahipun
paduka pirsa piyambak sinten ta Dhimas Premadi
punika?

Surtikanthi : Dene mung sujana, nanging ngono banget


tumindakmu.

Prabu Salya : Heh Surtikanthi, cukup! apa ora ngrumangsani yen


kowe kuwi luput?

Surtikanthi : Dhuh kanjeng rama, punapa tiyang kagungan rasa


katresnan menika lepat?

Prabu Salya : Banjur karepmu?

Surtikanthi : Kula sampun prajanji sabaya mukti, kula namung


tresna kaliyan Kakang Suryatmaja.

Prabu Salya : Ya, nanging aku ora lila, aku ora sarujuk.
Surtikanthi : Menawi paduka namung badhe damel kang putra
dados tumbaling kemaremanipun penggalih klawan
bandha kaliyan pangkat drajat, langkung prayogi
kula nglampus dhiri kemawon!

Ada-ada Manyura jugag

Prabu Salya : Angger Surtikanthi, aja gunem kang tanpa guna.

Surtikanthi : Kula mboten gegojekan (sambil mengmbil keris)

Prabu Salya : He, Surtikanthi !!

Iringan sampak tlutur, P. Salya merebut keris dan membuangnya lalu


sirep.

Prabu Salya : Hm, eling Surtikanthi.. eling... aja kaya ngono


tumindakmu, hyaa pancen pun rama kang luput.
Bakal dak turuti ngger apa kang dadi kekarepanmu,
aja kuwatir pun rama ora bakal dadi pepalanging
gegayuhanmu. Entenana sawetara ngger dak
kanthine bali si Suryatmaja.

Iringan sampak manyura, Prabu Salya pergi mencari Suryatmaja.


Surtikanthi membelakangi Banowati. Iringan sirep menjadi srepeg, kemudian
janturan, tampil P. Kalakarna yang sedang mengawasi mereka berdua, lalu
menculik Surtikanthi.

Banowati : Adhuh kang mbok, kok landhep dhengkul paduka.


Eman sanget, mung perkara katresnan ngantos
adamel kalepyan marang Gusti kang nyipta jagad.
Punapa paduka mboten menggalihaken menawi
kanjeng rama menika ratuning praja? Napa paduka
mboten angraosaken napa ingkang dipun raosaken
kanjeng rama?

Surtikanthi : Kowe ora ngerti panandang sing dak lakoni, tur ora
bakal kedadean kaya mangkene, umpama kowe bisa
taliti sakdurunge tumindak.

Janturan

Prang ukara adu wicara Sang Dyah Surtikanthi klawan Nini


Banowati, tan rinaosaken yen ta kliwat anggone bebela panemu kang
andadosaken lenaning kahwaspadan. Prabu Kalakarna kang wus ngawat-
awat miwah nengga prayoganing kahanan teka begal colong jupuk Sang
Dewi Surtikanthi.

Banowati : Dhuh kakang mbok ... !!

Iringan ditabrak sampak Banowati yang terkejut berteriak dan langsung


berlari mencari keberadaan Prabu Salya.

Tampil kayon untuk ganti adegan, Premadi dan Suryaputra perang


dengan hebat, setelah itu datanglah Prabu Salya untuk menghentikan keduanya,
lalu datanglah Kurupati. Iringan suwuk, dilanjutkan ada-ada jugag.

Kurupati : Paman prabu, kenging punapa teka paduka lajeng


murung ing manah?

Prabu Salya : Angger, golonging rembag rikala semanten, ing


pangangkah Surtikanthi sageda dados sarana
talining kekadangan antawisipun Mandaraka
klawan Ngastina. Nanging sewu lepat nyuwung
agunging pangaksami, menawi rembag nalika
semanten dipunlajengaken Surtikanthi bakal
nglampus dhiri, karana amung Suryatmaja priya
kang panimbangipun karaos jumbuh. Ing dinten
samangke kula mboten saged napa-napa kejawi
amung paring pagestu marang Surtikanthi klawan
Suryatmaja, kula langkung milih wirang tinimbang
kedah kelangan putra ngger.

Kurupati : Hmm, wirdatat tan bisa ngawonake kodrat,


menawi pancen mekaten lelampahanipun, kula
mboten saged meksa marang kasunyataning
kahanan. Pancen kaleresan menawi wonten unen-
unen tancebing rasa tresna ora kudu dipungkasi
palakrama. Nadyan mekaten kula lahir batos
nglilakaken Surtikanthi ginarwa Suryatmaja.

Ada-ada srambahan, Banowati berteriak.

Banowati : Kanjeng rama ...

Iringan sampak lalu suwuk.

Prabu Salya : He Banowati, ana wigati apa dene tekamu nganti


kaya ngono?

Banowati : Kakang mbok .. kakang mbok Surtikanthi rama.

Prabu Salya : Iya ana apa? matura sing cetha!

Banowati : Kakang mbok dipuncolong raseksa kanjeng rama.

Suryatmaja : Dudu karepe dhewe!!

Iringan sampak, Suryatmaja pergi mencari raseksa.


Prabu kalakarna : Weelhadalah.., sapa kowe hemm wanuh wani
nyandhet lakuku.

Suryatmaja : Heh, raseksa mangertia aku Suryatmaja calon


garwane Surtikanthi. Hayo enggal ulungna yen ta
ora kepengin tatu.

Prabu Kalakarna : Welhoo.. malah saya tatu yen tak ulungke


ahahahaha.

Suryatmaja : Heh, ora glenyengan! enggal ulungna Surtikanthi


marang aku yen ra kepengin ilang nyawamu!

Prabu Kalakarna : Wolhaa, nantang perkara. Kelakon sedyamu bisa


nglangkahi bangkeku!

Iringan sampak, Prabu Kalakarna bertarung dengan Suryatmaja. Prabu


Kalakarna tewas. Setelah itu datang Prabu Salya dari gawang kanan memeluk
Surtikanthi, lalu tanceb di debog atas, kemudian datang Kurupati, Premadi, dan
Banowati.

Surtikanthi : Dhuh kanjeng rama, Surtikanthi siyaga tadhah


pidana saking paduka, awit kula sampu nglenggana
dados punjering kalepatan.

Prabu Salya : Hmm, mesthine sira bisa mangerteni sepira


kuciwane anak Prabu Kurupati miwah wirange pun
bapa.

Surtikanthi : Rama, kula saged angraosaken. Nanging paduka


kedahipun ugi menggalihaken marang kamardikan
kula.
Kurupati : Sampun sampun, pancen kodratipun mekaten.
Kula sampun lila lahir batos perkawis menika.

Prabu Salya : Inggih anak prabu, kula aturaken sewu lepat kula.
He Suryatmaja!

Suryatmaja : Wonten dhawuh sinuwun.

Prabu Salya : Banget panarimaku dene wus nylametake putraku


lan uga nganthi bali tanpa ana kurange, senadyan ta
tanpa ingsun utus sira langsung tanggap ing sasmita.

Suryatmaja : Nuwun inggih sinuwun, punika pancen dados


jejibahan kula.

Prabu Salya : Iya ngger, sebab kaya mangkene ingsun bisa


percaya lan uga bisa mastani yen ta sira bisa dadi
dalaning kamardikan putraku Surtikanthi.

Suryatmaja : Ngaturaken gunging panuwun sinuwun.

Prabu Salya : Putraku Surtikanthi lan Suryatmaja, mbok menawa


wis dadi kodrating jagad anggon sira jejodhohan,
muga antuk pangestuning jawata anggonira
bebrayan, kalisa ing sambekala. Rahayu..
rahayu..rahayu.

Iringan kodhok ngorek, Suryatmaja dan Surtikanthi menyembah Prabu


Salya. Suryatmaja mundur, Surtikanthi berhadapan dan digandeng tangan lalu
iringan menjadi Ladrang Mugi Rahayu irama tanggung, kedua kayon digetarkan
lalu suwuk gropak dibarengi tancebnya kayon miring di kanan dan kiri.

Anda mungkin juga menyukai