Anda di halaman 1dari 8

Naskah Cerita Wayang

Bambang Sumantri (Patih Suwanda)


Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula
Pada 1 lan Pada 2

Dening Kelompok 1 :
1. Airlangga Festian H. (1)
2. Anggi Susilowati (4)
3. Emi Prihastuti (9)
4. Ferry Rahmat A. (11)
5. Isnawati Intan N. (16)
6. M. Aji Susanto (21)
7. Nurul Arofah (25)
8. Rafinda Yustisia (26)
9. Siti Ainurohmah (32)

KELAS XII MIPA 4


SMA NEGERI 1 PEGANDON
TAHUN PELAJARAN
2019/2020
Cerita Wayang Bambang Sumantri
Ing pertapan Jatisrana, ana pandhita aran Begawan Suwandhagni. Sang Begawan
nduwe anak loro lanang kabeh aran Bambang Sumantri lan Raden Sukasrana. Bambang
Sumantri wujude satriya bagus, dene Raden Sukasrana wujude buta bajang utawa buta cebol
sing nggilani. Sanajan rupane nggilani nanging Bambang Sumantri tresna banget marang
adhine. Samono uga Raden Sukasrana.

Begawan Suwandhagni : “Sumantri, anakku. Rene, aku arep ngomong marang


awakmu.”
Bambang Sumantri : “Nuwun inggih Rama. Wonten punapa Rama ngaturi
kula?”
Begawan Suwandhagni : “Mrene lan linggiha dhisik. Ning endi Adhimu, ngapa ora
bareng awakmu? Sukasrana, rene. Linggih karo kakangmu.”
Raden Sukasrana : “Nuwun inggih Rama. Wonten punapa Rama ngaturi kula
ugi Kakang Sumantri?”
Begawan Suwandhagni : “Sumantri lan Sukasrana anakku. Awakmu kakang adhi,
kudu jaga-jinaga lan ndemeni siji padha liya. Aku dadi
bapakmu ora tau nyeje-pupuran kowe ngloro. Sukasrana,
mbasi kok nduweni rupa sing beda karo kakangmu, kowe
tetep anakku. Lan Sumantri, sanajan kok paling bagus
lan adhimu nduweni rupa ala, kok kudu tetep ndemenane
amarga kepriyea rupa lan awake, dheweke tetep adhimu.”
Bambang Sumantri : “Nuwun inggih Rama kula pirsa. Kula badhe ngupados dados
kakang ingkang sae ugi salajeng nggandrungi rayi kula.”
Raden Sukasrana : “Nuwun inggih Rama, kita badhe salajeng jagi-jinagi ugi
nggandrungi setunggal sami benten.”
Begawan Suwandhagni : “Aku seneng krungune. Ya wes, Cah loro oleh lunga.”
Bambang Sumantri : “Sendika dhawuh Rama.”

Nalika Sumantri wis diwasa, Begawan Suwandhagni ngendika supaya Sumantri


ngenger utawa suwita menyang Negara Maespati. Sumantri sendika dhawuh. Lakune
didherekake punakawan papat Semar, Gareng, Petruk lan Bagong. Lan ingkeng Rama,
Begawan Suwandhagni nitipake sanjata Cakra darbeke Prabu Harjuna Sasrabahu supaya
dibalekake.

Begawan Suwandhagni : “Sumantri putraku, lungaa menyang negara Maespati.


Aku titip Senjata Cakra Iki kanggo dibalekne
marang Prabu Harjuna Sasrabahu.”
Bambang Sumantri : “Inggih, Rama.”
Begawan Suwandhagni : “Lungaa dhewe lan aja wenehi ngerti adhimu. Aku
arep ngongkon Punakawan kanggo ngancani kowe
wektu dalan mengko. Saiki lungaa.”
Bambang Sumantri : “Sendika dhawuh, Rama.”

Raden Sukasrana kepengin melu Bambang Sumantri. Bambang Sumantri banjur


ngarih-arih adhine nganti turu.

Raden Sukasrana : “Kakang, Kakang Sumantri pengen menyang endi? Aku arep
melu.”
Bambang Sumantri : “Dhik, Sira ning kene wae. Kakang ana urusan sedhela.
Sira aja melu.”
Raden Sukasrana : “Emoh! Aku pokoke pengen melu Kakang lunga!”
Bambang Sumantri : “Kakang mung lunga sedhela. Dadi, Yai ora usah melu.”
Raden Sukasrana : “Kakang wis ora tresna meneh karo aku ya? Apa amarga
rupaku ala, dadi Kakang ora gelem ngajak aku lunga?
Kakang mesti isin ya nduwe adhi sing rupane ala
mangkene?”
Bambang Sumantri : “Ora ngono, dudu kui pangarah Kakang. Yai iki aja asal
omong kaya mangkono. Kanggo apa kakang isin nduwe
adhi kaya Yai? Kakang isih tresna karo Yai. Mending saiki
Yai Sukasrana turu wae. Yai katon ngantuk banget kayake.”
Raden Sukasrana : “Emoh! Mengko yen aku turu Kakang lunga mungkur aku.
Bambang Sumantri : “Ora. Kakang arep ngancani Yai turu. Dadi, yo saiki turu
lan lerena.”
Raden Sukasrana : “Ya wis, aku arep turu ndisek.”
(Sawise adhine turu, Bambang Sumantri budhal nilapake adhine menyang Negara Maespati).

Ing Negara Maespati Sang Prabu Harjuna Sasrabahu lagi ngrembug bab arepe mupu
sayembarane Dewi Citrawati ing Negara Magada. Dewi Citrawati nganakake sayembara,
sapa sing bisa menehi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus bakal dadi bojone. Nalika
lagi padha rembugan katungka sowane Bambang Sumantri. Bambang Sumantri matur arep
suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Prabu Harjuna Sasrabahu gelem nampa suwitane
Sumantri lamun dheweke bisa mupu sayembarane Dewi Citrawati.

Prabu Harjuna Sasrabahu : “Ngger... Sapa jenengmu lan saka endi anggonmu, Sanak?”
Bambang Sumantri : “Tepangaken nami kula Bambang Sumantri, saking
Pertapan Jatisrana.”
Prabu Harjuna Sasrabahu : “Sumantri, aku Prabu Harjuna Sasrabahu raja saka negeri
Maespati. Ana sisigan apa kowe teka ning kene?”
Bambang Sumantri : “Inggih suwun. Angge kawula sowan, Kula pengin sanget
suwita dados prajurit teng negri Maespati.”
Prabu Harjuna Sasrabahu : “Suwita? Ora gampang kanggo sawijining wong suwita
ning negeri Maespati iki. Apa kowe saguh nrima syarat
saka aku?”
Bambang Sumantri : “Inggih, kawula badhe nyagahanipun.”
Prabu Harjuna Sasrabahu : “Yen mengkono, kabeneran lagi ana sayembara kanggo
nglamar putri saka Prabu Citragada yaiku Dewi
Citrawati saka negara Magada. Aku pengen ngongkon
awakmu kanggo makili awakku nglamar putri saka
raja Magada kuwi lan ngalahake Prabu Darwawisesa
sing lagi ngepung negeri Magada.”
Bambang Sumantri : “Inggih, sendika dhawuh Prabu.”
(Sumantri nyaguhi banjur budhal menyang Negara Magada).

Ing Negara Magada, wis akeh para raja lan satriya sing ngleboni sayembara. Padha-
padha gedhe kekarepane, padha-padha ora gelem ngalahe wasana dadi perang rame.
Pungkasane para raja lan satriya kalah kabeh karo Sumantri jalaran dheweke migunakake
sanjata Cakra. Para raja telukan padha pasrah putri boyongan nganti cacah wolungatus.
Sumantri klakon mboyong Dewi Citrawati kanthi srah-srahan putri dhomas cacah
wolungatus.
Rumangsa bisa ngalahake ratu sewu negara, Sumantri dadi gumedhe, umuk, kemaki.
Ing batin dheweke rumangsa menangan mula banjur thukul niyate arep nelukake Prabu
Harjuna Sasrabahu.

Bambang Sumantri : “Raja sewu negara bae padha keyok kabeh karo aku,
genea aku ndadak suwita marang Prabu Harjuna
Sasrabahu? Kena ngapa ora tak telukake pisan dadi
andhahanku?” ngono batine Sumantri.

Sumantri banjur nulis surat panantang marang Prabu Harjuna Sasrabahu lan
dipasrahake marang patihe Prabu Harjuna Sasrabahu sing ndherekake lakune saka praja
Maespati.
Prabu Harjuna Sasrabahu mung mesem nampa panantang saka Sumantri. Dheweke
enggal methukake lakune Sumantri. Sumantri lan Prabu Harjuna Sasrabahu perang rame.
Padha sektine, padha terngginase. Perange nganti pirang-pirang dina. Sumantri kekeselen
banjur kepengin ngrampungi perange karo Prabu Harjuna Sasrabahu. Dheweke enggal
ngetokake sanjata Cakra arep ditamakake marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sanjata Cakra
kuwi sejatine duweke Prabu Harjuna Sasrabahu. Nalika lair Prabu Harjuna Sasrabahu wis
nggawa sanjata Cakra, amarga dheweke sejatine titisane Bathara Wisnu. Nalika smana
sanjata Cakra disilih pamane, Begawan Suwandhagni.
Weruh sanjata Cakra ing tangane Sumantri, sakala Prabu Harjuna Sasrabahu nesu.
Prabu Harjuna Sasrabahu triwikrama utawa malih dadi buta gedhene sagunung. Sanjata
Cakra disaut banjur diuntal. Buta ngamuk gereng-gereng arep ngremuk Sumantri sing
kemaki.

Bhatara Wisnu : “Sumantri, kowe ora pantes dadi satriya, watakmu ala,
melik barange liyan. Satriya wingi sore kemaki wani
nantang Ratu Gustine. Tak remet pisan remuk kowe
Sumantri!”

Weruh Bathara Wisnu nesu, Sumantri ndheprok, lemes ora duwe daya. Nalika
Sumantri disaut Brahala, Bathara Narada tumurun ngarcapada nyapih satriya loro. Buta lilih
badhar dadi Prabu Harjuna Sasrabahu.

Prabu Harjuna Sasrabahu : “Sumantri, sliraku ngerti sira setia lan sira mung pengen
bukti yen aku pantes dadi raja ndak utawa ora.
Mulakna aku nrima tantanganmu. Ning sira keliwat
sombong, Sumantri. Sakudune dadi sawong ksatria
ora oleh nduweni sifat sing Adigang, Adigung, lan
Adiguna.”
Bambang Sumantri : “Duh, Sinuwun. Kula nyuwun pangapunten, Sinuwun.
Apuntenaken kawula amargi sampun lancang ngajak
tandingan panjenengan. Kawula mangertos kawula
sanes tandingan panjenengan. Kawula badhe dandosi
sikap kawula kagem dados ksatriav ingkang
langkung sae malih.”
Prabu Harjuna Sasrabahu : “Aku arep ngapurakne kelancanganmu lan arep nrima
sira dadi prajurit neng Maespati. Ning, sira kudu bisa
muter taman Sriwedari menyang negeri Maespati.”
Bambang Sumantri : “Inggih, Sinuwun. Sendika dhawuh Prabu.”

Sumantri banjur ditundhung lunga. Pasuwitane bisa ditampa maneh menawa


dheweke bisa muter utawa mindhah Taman Siwedari menyang Negara Maespati. Taman
Sriwedari kuwi taman ing kahyangan Nguntara Segara, kahyangane Bathara Wisnu.
Sumantri sing wis ilang kasektene amarga koncatan sanjata Cakra banjur klunuh-
klunuh lunga saparan-paran, karepe arep wadul bapake, Begawan Suwandhagni. Lakune
Sumantri kepethuk Raden Sukasrana sing nyusul lungane. Sumantri nyritakake kabeh
lelakone marang Sukasrana. Sukasrana mesem krungu critane Sumantri. Sukrasana nggelem
mbantu Sumantri yen Sukrasana oleh melu Sumantri neng Maespati. Sumantri nyanggupi
syarate Sukrasana.

Raden Sukasrana : “Kakang, Kakang Sumantri. Ngapa Kakang kok lesu kaya
mangkono?”
Bambang Sumantri : “Kakang gek sedhih, Dhik kakang intuk tugas sing abot
saka Prabu Harjuna Sasrabahu kon muter taman Sriwedari
menyang negeri Maespati. Lagekne panggonane taman
Sriwedari wae
kakang ora ngerti!”
Raden Sukasrana : “Ah, kuwi gampang! Aku bisa ngrewangi Kakang muter
Taman Sriwedari menyang negeri Maespati. Ning, kakang
kudu nyanggupi panjalukanku nek aku wis kedadeyan
muter taman Sriwedari kuwi”.
Bambang Sumantri : “Bener sliramu bisa? Yen mengkono, apa panjalukanmu?”
Raden Sukasrana : “Aku pengin neng ndia Kakang lunga, Kakang kudu
ngolehake aku kanggo sanuli melu bareng Kakang.”
Bambang Sumantri : “Iya, sliramu oleh melu neng ndi wae Kakang lunga.”
Raden Sukasrana : “Kakang kudu janji ya?”
Bambang Sumantri : “Iya, janji.”

Sukasrana banjur muja semedi. Sanajan rupane ala nanging gedhe prihatine. Sedhela
wae taman Sriwedari wis pindhah menyang alun-alun keraton Maespati, gawe gegere wong
sanagara. Sawise klakon muter Taman Sriwedari, Sumantri ditampa suwita ing Negara
Maespati dadi patih, aran Patih Suwanda. Sukasrana diajak Sumantri menyang Negara
Maespati nanging dipenging ngetok, amarga Sumantri isin duwe adhi wujud buta cebol sing
rupane nggilani. Sukasrana dikongkon manggon lan ndhelik ing sajroning taman.

Bambang Sumantri : “Sukasrana, sira oleh melu bareng Kakang ing negara
Maespati. Ananging, sira aja mlebu ing sjroning taman.”
Raden Sukasrana : “Nangapa kok aku ora diolehke mlebu ing sajroning taman,
Kakang? Apa Kakang isin yen nduweni Adhi kaya aku
sing rupane ala?”
Bambang Sumantri : “Ora ngono yai. Sira ngko oleh mlebu lek wis tak celukke
Kakang.”
Raden Sukasrana : “Kakang ora ngapusi aku maneh to?”
Bambang Sumantri : “Ora, Yai.”
Raden Sukasrana : “Inggih pun, Kakang.”
Nalika Dewi Citrawati ninjo kahanane lan kaendahane Taman Sriwedari, dheweke
njerit-jerit kamigilan weruh ana buta bajang ing jero taman. Dewi Citrawati banjur lapuran
marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu dhawuh marang Sumantri supaya nyingkirake
buta bajang. Sumantri sing wis nggraita menawa buta sing dikarepake kuwi adhine,
Sukasrana, banjur budhal mlebu taman.
Tekan ing jero taman, Sumantri nesu-nesu ngunek-ngunekake adhine sing medeni
Dewi Citrawati. Sukasrana dikongkon bali menyang pertapan. Sukasrana ora gelem amarga
wis dijanjeni dening Sumantri arep diajak suwita.

Bambang Sumantri : “Sukasrana, ngapa Yai mlebu menyang taman lan


medeni para Widadari? Kakang mau ngaturi Yai kon
nunggu lan aja mlebu ing sajroning taman ta?
Raden Sukasrana : “Aku mung penasaran karo para Widadari sing ana neng
kayangan iki, Kakang. Dekne kabeh ayu-ayu banget, dadi
dadi aku pengen weruh.”
Bambang Sumantri : “Ning Yai nggawe para wanita kabeh wedi, Sukasrana. Lan
anggone Yai ngerti, salah siji saka dekne kabeh mau ana
Dewi Citrawati pasanganne Prabu Harjuna Sasrabahu.
Apa kok pengen ndeleng Kakang dimetokake saka Patih
negara Maespati.”
Raden Sukasrana : “Nyuwun ngapurane Kakang.”
Bambang Sumantri : “Wis ngene wae, mending Yai muliha menyang Jatisrana.”
Raden Sukasrana : “Emoh, Kakang. aku arep karo Kakang.”
Bambang Sumantri : “Muliha, Yai Sukrasana.”
Raden Sukasrana : “Emoh, Kakang.”

Sumantri gregetan. Sukasrana diagar-agari panah dikongkon bali. Sukasrana tetep ora
gelem bali malah nyedhak nagih janjine Sumantri. Nganti suwe anggone eyel-eyelan,
pungkasane panah mrucut saka tangane Sumantri lan nancep ing dhadhane Sukasrana.
Sukasrana mati. Kuwandane ilang musna, ninggal sepata.

Raden Sukasrana : “Kakang Sumantri! Tega temen sliramu karo aku, Kakang.
Kakang tega temen mblenjani janji. Aku ora trima. Utang
pati nyaur pati. Eling-elingen mbesuk yen kowe perang
tandhing karo ratu buta saka Ngalengka,. Ing kono
tumekane piwalesku, Kakang. Wis kakang, tak enteni ing
lawange surga.”
Bambang Sumantri : “Yai, aja ninggalke Kakang Yai. Yai Sukasrana, Kakang
njaluk pangapunten, Kakang ora maksud meh mateni yai...”
Sumantri banjur ngrasa gela, Sumantri sedhih. Nanging kabeh mau barang wis
kebacut. Katresnane marang adhine ilang amarga saka drajat lan pangkat. Wateke ala seneng
nyidrani janji. Janji bekti marang ratu gustine, diblenjani. Janji nresnani adhine, diblenjani.
Janji ngajak adhine, diblenjani. Kabeh mau mung amarga melik drajat pangkat lan kamukten.

Besuk patine sumantri dikemah-kemah Prabu Rahwana ratu buta saka


Ngalengkadiraja. Pungkasane Sumantri gugur nalika perang kaliyan Dasamuka amarga neng
njero taringe Dasamuka ana Sukrasana.

Anda mungkin juga menyukai