Anda di halaman 1dari 7

Drama Tradisional

Damarwulan

Kelas
XIII OI B
 Produser : Nafis Reza Prasetya (09)
 Sutradara : Zaky Alwi Wahana (32)
Very Andrianto (30)
 Tata Rias : Nur Angga Sulistyarini (12)
Savira Chamalia Alifianita (24)
 Busana : Ni‘Mahtussholikhah (10)
 Cameramen : Syahrul Ariffudin (26)
Ramzhy Dwi Bertanto (15)
Riki Ahmad Mahendra Putra (19)
 Property : Satria Dwi Saputra (22)
Rezha Fernanda Ardianto (18)
Zalfa Hafizh Firdaus (33)
Muhammad Rofikhul Khusna (06)
Satrya Dewa Pangestu (23)
 Tata music : Irfan Fahrul Kurniawan (01)
 Narrator : Krisna Dwi Permadi (03)
 Pemeran :
o Damarwulan : Rohmat Nurhidayat (21)
o Kencana Wungu : Nur Angga Sulistyarini (12)
o Anjasmara : Savira Chamalia Alifianita (24)
o Dewi Wahita : Tyas Ayu Fernanda (29)
o Dewi Puyengan : Pipit Diana Pertiwi (14)
o Patih Logender : Kalingga Ronald Yoga Pradana (02)
o Layang Seta : Muhammad Viandra (07)
o Layang Kumitir : Sena Kukuh Wiro Jatmiko (25)
o Minak Jinggo : Risky Haas Aji Prakoso (20)
o Prajurit : Moh. Caril Ilyas (04)
Mohammad Rizky Nur Alamsyah (05)
Muhammad Yusuf Al-Hasani (08)
Taufiq Hidayat (27)
 Pengisi Suara :
o Damarwulan : Nicolas Bayu Alamsyah (11)
o Kencana Wungu : Savira Chamalia Alifianita (24)
o Anjasmara : Nur Angga Sulistyarini (12)
o Dewi Wahita : Ni’mahtussholikhah (10)
o Dewi Puyengan : Savira Chamalia Alifianita (24)
o Patih Logender : Tegar Armansyah Mahardanu (28)
o Layang Seta : Nur Tirta Ringga Okta W. (13)
o Layang Kumitir : Wellyon Pramukti (31)
o Minak Jinggo : Rangga Saputra Dwi Ramadhan (17)
Assalamualaikum wr.wb.

Rabisrohhli wayasirli amri wahlul u'datan min lisani yaf qahu qauli.

Dumateng kula hormati kepala sekolah SMKN 1 JENANGAN ingkang kinabekten.


Bapak ibu guru kaliyan bapak ibu juri ingkang kinurmatan. Sedaya rencang-rencang ingkang
kula tresnani.

Saderengipun matur kathah kapareng kula ngunjukaken puja puji sukur kunjuk wonten
ngarsa Dalem Gusti Allah Swt., awit saking pangayoman Dalem kula saha panjenengan sedaya
saget mekempal ing papan menika kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Sholawat serta salam tetep kalimpahaken dumateng junjungan kita sedaya, Nabi Agung
Muhammad SAW. Ingkang kita antu antu syafaatipun ing yaumul kiyamah.

Sakderenge kita mirsani drama tradisional, kula badhe ngenalaken, rencang-rencang kula
ingkang sampun nyukseskaken drama niki.

Ingkang kapisan Produser


Ingkang kaping kalih Sutradara
Ingkang kaping tiga Properti
Ingkang kaping sekawan Musik kaliyan Kameramen
Ingkang kaping gangsal Pemeran kaliyan Pengisi suara :
Damarwulan
Patih Logender
Kencana Ungu
Anjasmara
Layang Seta
Layang Kumitir
Minak Jinggo
Dewi Puyengan
Dewi Wahita
Prajurit

Sakniki sumangga kita mirsani drama tradisional saking kelas XIII Otomasi Industri B
kanthi irah-irahan Damarwulan,

Wilujeng amirsani
Damarwulan
Damarwulan yaiku putra saka bekas Patih Majapahit yaiku Udara. Damarwulan
dilahirne lan digedekne ing desa Paluhamba ing ngandhape asuhan ibu lan kakunge yaiku
Begawan Mustikawaya. Nuruti dhawuhe kakunge, dheweke menyang istana Majapahit
nggolek penggawean. Ning kono Damarwulan ngabdi marang pak lek’e, Patih Logender.

Patih Logender : “Dadi, kowe sing jenenge Damarwulan saka Paluhamba ?”


Damarwulan : “Inggih tuan patih. Kula Damarwulan dhateng pertapaan Paluhamba.
Patih Logender : Yo wes Damarwulan, apa tujuanmu teka ing Majapahit lan gawe opo
kowe nemoni aku ?”
Damarwulan            : “Kula sengaja ngadhep tuan patih amargi petunjuk eyang Begawan
Paluhamba supaya saget nambah pengalaman urip kalian menghamba teng
tuan patih.”
Patih Logender       : “Damarwulan, menghamba ing Majapahit iki ora gampang kaya mbalekne
dlamakan tangan. apa kowe gelem karo penggawean sing tak wenehne
mengko ?”
Damarwulan            : “Pendamelan napa niku tuan patih ? Kula badhe usaha nglaksanakaken
kanthi sae.”
Patih Logender       : “Penggawean sing arep tak wenehne neng awakmu yaiku dadi tukang
kebun lan ngurus jaran keraton. Kepriye Damarwulan ?”
Damarwulan            : “Inggih tuan patih, menawi kula dados tukang kebun lan ngurus jaran
mboten nopo-nopo, kula badhe nglaksanakaken titah tuan.”
Patih Logender       : “Lak mengkono pancen apik Damarwulan, kowe bener-bener ksatria
sejati, ora isin karo penggawean sing dianggep hina.”
Damarwulan            : “Sakniki napa sing saget kula tindakaken ?”
Patih Logender       : “Lakoni tugasmu padha karo sing tak perintah mau.”
Damarwulan            : “Inggih tuan.”

Patih Logender, sing ora pengen Damarwulan saingan karo anak-anak e dewe, akhire
ndadeake Damarwulan dadi tukang kebun lan tukang jaga jaran keraton. Ing pengabdiane
Damarwulan kesiksa banget, sanadyan keponakane dewe, Damarwulan didadeaken kaya
jongos. Kanthi kesangsaraan iku, Damarwulan nerima siksaan lan hinaan. Ditambah kalian
putra  Patih Logender  kajaba Dewi Anjasmara, putrine Patih Logender kang tresna marang
Damarwulan wiwit ketemu.

Layang Seta : “Hey, kowe jongos kerataon sing anyar. Nyapo jaranku durung di pakani,
kowe pengen jaran-jaran ku mati keluwen, ha…!!!
Damarwulan : “Ngapunten tuan, kula nembe mawon mbabat suket, lan dereng sempet
nyukani suket teng jaran niku.”
Layang Kumitir       : “Oh … dadi kowe jongos keraton sing anyar, aku lan Layang Seta iku
anak,e patih Logender, dadi kowe kudu manut ing perintahku lan Layang
Seta, paham ?”
Damarwulan : “Inggih tuan, kula mangertos.”
Dewi Anjasmara : “Sapa bocah lanang kuwi ? Ganteng temen.”

Wiwit pertemuan iku, suwe-suwe Damarwulan lan Anjasmara malih cedek lan
pungkasane padha tresnane. Tapi, Patih Logender ora setuju karo hubungane Damarwuan lan
Anjasmoro. Nanging, sakwise mriksani gedhine rasa tresnane Anjasmara ing Damarwulan,
Patih Logender akhire setuju. Sakwise, Patih Logender kepaksa ngecolne Anjasmara gawe
digarwa Damarwulan masio ati ora lila.

Sakutara iku Majapahit ngalami pemberontakan saka Minak Jingga, adipai Blambangan
sing ngumumne yen dewek’e raja sing daulat lan nduweni gelar Prabu Urubisma. Intine
pemberotakan niku, amarga Minak Jinggo pingen nggawa ratu Ayu Kencana Wungu tapi
ditolak amarga pasuryane padha kaya buta lan pingin ngrebut tahta kerajaane.

Minak Jingga : “He, Gusti Ratu Kencana Wungu, aku teka rene nglamar awakmu. Gelem
opo ora nerima lamaranku ratu ?
Kencana Wungu : “Pripun niki patih ?”
Patih Logender       : “Sepuntene gusti ratu, miturut kula luwih sae yen lamarane adipati
Blambangan niki ditolak mawon, enten 2 alasan dugi kula. Ingkang
setunggal, amargi sederenge lamaran niki Blambangan sampun njarah
wilayah Majapahit sing wetan. Kaping kaleh tindakan adipati Blambangan
cetha yaiku pemberontakan nanthang pemerintah.”
Kencana Wungu      : “Iggih patih, inggih semestine kula mboten nerimo lamaran niki.
Sepuntene adipati Minak Jingga, sayange aku ora iso nerimo lamaranmu.”
MInak Jingga         : “apa….. kowe wani nolak lamaranku ? Iki padha karo ngina aku. Aku ora
trimo.”
Kencana Wungu      : “Sepurane adipati, uduk maksudku nolak lamaran iki, tapi aku ora iso
nerimo lamaran niki.”
Minak Jingga : “Halah, kowe ora usah kakean alasan ratu, arepa tak perintah kabeh
rakyat Blambangan perang karo Majapahit, enteni ae balasanku .
Hahahaha…”
Minak Jingga ngalih lan siap gawe perang ngelawan Majapahit. Sautara iku ing
Majapahit ngenekaken musyawarah gawe mbahas ancaman lan pinangan Minak Jingga. Akhire
ratu nggelar sayembara nggawe ngalahne Minak Jingga. Sapa sing iso ngalahne Minak Jingga
ape di dadekne garwane.

Layang Seta : “Tuanku Gusti Ratu, luwih becik kito nyusun kekuatan prajurit damel
nggempur Blambangan.”
Layang Kumitir : ”Lan miturut kula, pripun yen kito nyuwun kerajaan lintune, tuladhane
kerajaan sriwijaya utawa kerajaan sunda damel numpas pemberontakan
dugi Blambangan.”
Kencono Wungu : “Terus pripun mituru Paman Logender ?”
Patih Logender : “Ngeten ratu, kula saget nyimpulaken bakal enten peperangan kang
mboten saget di elakaken, pripun yen kita entenaken sayembara.”
Kecana Wungu : “Sayembara ? sayembara pripun Paman Patih ?”
Patih Logender : “Ngeten mawon gusti , sinten mawon seng saget ngalahaken Minak
Jingga, yen jaler badhe di dadhosaken garwa ratu lan yen setri badhe
didadhosaken seduluran kaleh ratu.”

Kencana Wungu : “Paman Patih, sampun kula pikir-pikir mboten enten dalan kang luweh
sae, dados kula nerima gagasan paman patih. Lak mengkono Layang Seta
lan Layang Kumitir budhalo lan sebarno wara-wara sayembara iki ing
rakyat Majapahit.”
Seta Kumitir : “Inggih ratu, kula badhe wara-wara sayembara niki.”
Sayembara wes diumumne ing kabeh rakyat Majapahit tapi ora ana salah siji sing bisa
ngalahne Minak Jingga. Sampek ing bengi-bengi ratu nyupena yen seng iso ngalahne Minak
Jingga yaiku bocah lanang sing jenenge Damarwulan terus Kencana Wungu nyeluk
Damarwulan.

Damarwulan : “Wonten dawuh napa njenengan nimbali kula gusti ratu ?”


Kencana Wungu : “Aku nyeluk awakmu rene gawe ngenehi awakmu tugas.”
Damarwulan : “Yen angsal kula priksa, tugas napa niku gusti ratu ?”
Kencana Wungu : “Tugasmu yaiku ngalahne Minak Jingga. Apa kowe saggup ?”
Damarwulan : “Yen kula dipercaya, mugi-mugi kaliyan ijin Hyang Widhi, kula saget
ngelaksanaken gusti ratu.”
Kencana Wungu : “Iyo wes, saiki siap-siapo.”
Damarwulan : “Inggih gusti ratu, kula nyuwun pamit.”

Damarwulan budhal nyusup ing Blambangan gawe nglaksanakake tugas sing diwenehi
ratu Kencana Wungu. Tapi, meneng-meneng Damarwulan ditutne karo anak’e Patih Logender
sing sakdurunge wis ngrencanakake nduweni niat jahat ing Damarwulan. Sampek akhire
Damarwulan teka ing Kerajaan Blambangan.

Damarwulan : “Hei, Minak Jingga ! Yen pancen kowe wani lawanen aku !”
Minak Jingga : “Sapa kowe ? Wani-wanine nantang aku !”
Damarwulan : “Ngertia, hai pemberontak ! Aku Damarwulan utusane Ratu Kencana
Wungu sing bakal mateni kowe !”
Minak Jingga : “Ha..ha…ha….! Kowe ora bakal iso ngalahne senjataku wesi kuning.”

Perang sing gedi iku akhire kelakon, loro-lorone gentian adu kasekten. Tapi, akhire
Damarwlan kalah lan semaput amarga gada wesi kuning Minak Jingga. Sawise iku Damarwulan
di lebokne ing penjara. Tibak’e ing njero penjara, selir Minak Jingga, Dewi Wahita lan Dewi
Puyengan tresna ing Damarwulan. Loro-lorone ngobati catune Damarwulan, malahan Dewi
Wahita lan Dewi Puyengan mbukak rahasia kesaktiane Minak Jingga.

Dewi Wahita : “Kekuatane Minak Jingga enek ing gada wesi kuninge. Dewek’e
ora bakal iso apa-apa tanpa pusaka e iku.”
Dewi Puyengan        : “Yen kowe pingen ngalahne Minak Jingga kudu njupuk pusakane.”
Damarwulan  : “Terus kepriye carane aku iso ngrebut pusaka iku ?”
Wahita lan Puyengan : “Aku iso ngewangi njupuk pusaka iku.”

Bengine Dewi Wahita lan Dewi Puyengan nyolong pusaka wesi kuning wektu Minak
Jingga kesirep. Pusaka niku terus diwenehne ing Damarwulan. Sakwise nduweni pusaka iku
Damarwulan mbalik nantang Minak Jingga tukaran, Minak Jingga kaget wektu ngerti gada
wesine ana ing tangane Damarwulan.

Minak Jingga : “Hei, Damarwulan ! pie caramu iso njupuk pusakaku ?”

Damarwulan ora njawab, Damarwulan cepet-cepet nyerang Minak Jingga karo senjata
gadha wesi kuning sing ana ing tangane. Minak Jingga ora bisa nglawan serangane
Damarwulan. Akhire, adipati Blambangan tewas kena senjata pusakane dewe. Damarwulan
menggal sirahe Minak Jingga gawe di wenehne Ratu Ayu Kencana Wungu. Ing tengah dalan,
Damarwulan di parani Layang Seta lan Layang Kumitir. Bocah 2 kui pengen ngrebut sirahe
Minak Jingga supaya bisa dadi pemenang sayembara.

Layang Seta : ”He, Damarwulan wenehno sirahe Minak Jingga iku neng aku.”
Damarwulan : ”Ora kira tak wenehne sirahe Minak Jingga iki neng
awakmu.”

Layang Seta lan Layang Kumitir ngruyuk Damarwulan lan akhire iso ngrebut sirahe
Minak Jingga, sakwise sirah iku di gowo neng Majapahit. Ajenge sirah iku dipadhosaken sang
ratu, moro-moro Damarwulan teko lan nyampekne kedadean seng bener.

Damarwulan : “Pangapuntene Gusti Ratu ! Kula sampun berhasil nglaksanakaken tugas


kanthi sae. Ananging, menyang tengah dalan, Layang Seta lan Layang
Kumitir ngalangi kula lan ngrebut sirah niku saking tangan kula.”
Layang Kumitir : “Pangapuntene Gusti Ratu ! Dhawuhe Damarwulan niku ngapusi. Kula
kalian Layang Seta kang menggal sirahe Minak Jingga.”
Kencana Wungu : “Wis-wis, saiki aku pengen bukti seng cetha. Sapa sing menang ing
pertarungan iki berarti iku sing wis mateni Minak Jinggo.”

Kaliyan didheleng Ratu Kencana Wungu lan kabeh rakyat Majapahit, pertarungan iku
kadadean kanthi seru, kabeh podho ngetokne kesaktiane dewe-dewe supaya bisa menang.
Pertarungan iku pungkasane dimenangne Damarwulan, Layang Seta lan Layang Kumitir
ngakoni kesalahane lan mlebu penjara.

Kencana Wungu : “Saiki wes kebukti awakmu sing jaya ngalahne Minak Jingga. Amarga iku
saiki dak angkat awakmu dadi raja Majapahit lan dadi garwaku padha
karo janjiku ing sayembara iku.”
Damarwulan : “Nanging pangapuntene Gusti Ratu, pripun kaliyan Dewi Anjasmara,
Dewi Wahita lan Dewi Puyengan ?”
Kencana Wungu : “Damarwulan. aku restui awakmu gawe nikah karo Dewi Anjasmara,
Wahita lan Puyengan dadi garwa selirmu. Amarga kabeh iku wis berjasa
ning awakmu.
Damarwulan : “Matur nuwun gusti ratu, kula badhe damel sikap adil,lan mboten
sombong.”

Piwulang sing bisa kita pendhet saking cerita yaiku, dadi uwong iku kudu narimo ing pandum
lan nduweni rasa tanggung jawab sing gedhi nalika diwenehi tugas, kaya Damarwulan. Cekap
semanten cerita Damarwulan kang diperagakake dening kelas XIII OI B. Seumpami wonten
kalepatan kulo lan rencang rencang ngaturaken pangapunten.

Anda mungkin juga menyukai