Anda di halaman 1dari 6

Judul Teater: DAMARWULAN

Sutradara : Shella Selina

Tokoh :

1. Abinzar Putra sebagai Damarwulan


2. Fadilla sebagai Anjasmara
3. Khofifah Indar sebagai Patih Logender
4. Farikha sebagai Ratu Kencanawungu
5. Ahmad Andian sebagai Adipati Minak Jinggo
6. Uswatun sebagai Wahita (Istri Minak Jinggo)

NARASI

Alkisah ana sawijining desa kang aduh saka Negeri Majapahit. Ing desa iku
urip sawijining Brahmana kang dhuweni putra sing jenenge Damarwulan.
Damarwulan perawakane gagah lan rupane bagus uga pinter.

Kala iku, sang Brahmana ngutus Damarwulan kanggo moro ana ing Negeri
Majapahit melu pamane, yaiku Patih Logender. Ing Majapahit, Damarwulan ngabdi
marang paman lak kerajaan Majapahit.

Ing sawijining dina, Adipati Minak Jingga saka Tanah Blambangan moro ana
ing Majapahit. Adipati Minak Jingga pengen Ratu Majapahit, yaiku Ratu
Kencanawungu supaya dadi garwane sing ketelu. Nanging Ratu Kencanawungu ora
gelem yen kudu dadi garwane Minak Jingga.

Minak Jingga: “Hei, Ratu Majapahit, Ratu Kencanawungu. Ayo melu aku ning
Tanah Blambangan. Bebarengan awakmu lan aku dadi pasangan lan mimpin
Majapahit uga Tanah Blambangan.”

Ratu Kencanawungu: “Apa?! Dadi garwamu? Hah! Rak kudu aku!”

Minak Jingga: “Lha kenopo? Aku ganteng lho, aku dadi Adipati ing Tanah
Blambangan. Yen awakmu gak gelem dadi garwaku, rugi kowe.”

Ratu Kencanawungu: “Rugi apa? Syukur aku ora dadi garwamu. Wis, kono kowe
muleh. Aja suwi-suwi ning Majapahit.”

Adipati Minak Jingga banjur lunga saka Majapahit karo rasa geting lan kudu
ngamuk amarga tresnane ditolak marang Ratu Kencanawungu. Adipati Minak Jingga
banjur ndhuweni niatan bakal perang karo Majapahit.
Nalika esuk, Patih Majapahit, Patih Logender ngadep marang Ratu
Kencanawungu.

Patih Logender: “Nyuwun sewu Gusti Ratu.”

Ratu Kencanawungu: “Patih Logender, aku reti berita yen ana pemuda saka desa
kang gagah lan bagus. Apa bener? Yen pancen bener, aku bakal gawe sayembara.
Sapa bae sing bisa ngalahake Adipati Minak Jingga, yen wadon bakal dadi dulure
putriku Anjasmoro lan yen lanang bakal dadi garwa uga Adipati ing Majapahit.”

Patih Logender: “Inggih Ratu, berita niku leres.”

Ratu Kencanawungu: “Sapa jenenge, Patih Logender?”

Patih Logender: “Asmanipun Damarwulan, Ratu. Damarwulan niku inggih ponakane


kula.”

Ratu Kencanawungu: “Lho, ponakanmu? Yen ngono aku kepengin ketemu karo
Damarwulan.”

Patih Logender: “Inggih Ratu, kula nyuwun pamit.”

Banjur Patih Logender lunga marani ponakane, yaiku Damarwulan.

Patih Logender: “Damarwulan, ponakanku.”

Damarwulan: “Inggih Paman, wonten napa?”

Patih Logender: “Gusti Ratu pengen ketemu kowe, ponakanku. Ayo, dak terna
ngadep Gusti Ratu.”

Damarwulan: “Wonten napa Paman? Apa kula wonten salah?”

Patih Logender: “Wis, ayo melu wae.”

Patih Logender lan Damarwulan banjur moro ngadep Ratu Kencanawungu.

Patih Logender: “Hormat kula, Gusti Ratu. Niki ponakane kula, Damarwulan.”

Damarwulan: “Hormat kula, Gusti Ratu.”

Ratu Kencanawungu: “Iki tha Damarwulan, pancen bener berita iku, kowe bagus lan
gagah.”

Damarwulan: “Nyuwun sewu Gusti Ratu, wonten napa Gusti Ratu nimbali kula?”

Ratu Kencanawungu: “Aku pengen kowe gelem ngalahke Adipati Minak Jingga
saka Tanah Blambangan kang ala iku.”
Damarwulan: “Wonten napa Gusti Ratu? Kok kula kudu ngalahke Adipati Minak
Jingga?”

Ratu Kencanawungu: “Wingi Adipati Minak Jingga moro ana ing Majapahit,
dheweke pengen aku dadi garwane. Aku nolak, banjur dheweke ngamuk lan ndhuwe
niatan arep perang lawan Majapahit. Mula iku aku pengen kowe lunga menyang
Tanah Blambangan lan ngalahke Adipati Minak Jingga. Kowe gelem tha?”

Damarwulan: “Inggih Gusti Ratu, kula purun. Yen ngoten kula nyuwun pamit.”

Berita yen Ratu Kencanawungu ngutus Damarwulan kanggo ngalahke Adipati


Minak Jingga wis nyebar ing saben penjuru termasuk Kadipaten Blambangan. Nalika
Damarwulan lunga menyang Kadipaten Blambangan, Ratu Kencanawungu kondho
marang putrine yaiku Anjasmoro yen bakal dianakake sayembara kanggo dheweke.

Ratu Kencanawungu: “Putriku Anjasmoro.”

Anjasmoro: “Inggih Ibunda Ratu, wonten napa?”

Ratu Kencanawungu: “Ibu bakal nganakake sayembara kanggo awakmu, putriku.”

Anjasmoro: “Sayembara napa Ibunda Ratu?”

Ratu Kencanawungu: “Sayembara kanggo sapa bae sing bisa ngalahake Adipati
Minak Jingga, yen wadon bakal dadi dulurmu, yen lanang bakal dadi garwamu,
putriku.”

Anjasmoro: “Apa sampun wonten tiyang kang purun melu sayembara Ibunda Ratu?
Adipati Minak Jingga kui Adipati kang sakti lan gagah.”

Ratu Kencanawungu: “Ana, putriku. Kowe gelem tha karo sayembara iki?”

Anjasmoro: “Inggih Ibunda ratu, kula purun.”

Akhire Damarwulan teko ing Kadipaten Blambangan kanggo nantang Adipati


Minak Jingga.

Damarwulan: “Hei, Adipati Minak Jingga! Metu rene! Aku utusan Ratu
Kencanawungu saka Majapahit kanggo ngalahna kowe!”

Minak Jingga: “Apa? Ratu Kencanawungu ngirim ksatria kanggo lawan aku?
Hahahaha! Ngayale kok dhuwur nemen tha. Delok awakmu! Cilik lawan aku sing
gede kaya ngene. Kowe lawan aku, apa ora kowe sing mati? Hahaha!”

Damarwulan: “Aku ora bakal kalah! Kowe sing bakal mati!”

Minak Jingga: “Dak tampa tantanganmu! Yen kowe kalah, aja nyesel!”
Banjur karo senjata andalane Adipati Minak Jingga yaiku Gada Besi Kuning,
Minak Jingga nggebug Damarwulan sing ora gawa senjata apa-apa. Langsung
Damarwulan ambruk lan semaput ing lemah lan di ece Minak Jingga.

Minak Jingga: “Hahaha! Iki sing jenenge ksatria utusan Ratu Kencanawungu? Ora
ana apa-apane! Hahaha!”

Minak Jingga balek ing Kadipaten amarga seneng wis ngalahke Damarwulan.
Damarwulan ditinggal ing lemah kui tanpa ditulungi. Reti prastawa iku, garwane
Minak Jingga yaiku Wahita ora tega reti Damarwulan ora berdaya. Banjur Wahita
usaha kanggo nyadarke Damarwulan. Jebul, Wahita dhewe kepengin Damarwulan
bisa ngalahke Minak Jingga amarga Wahita dhewe ora seneng lan disiksa terus karo
Minak Jingga.

Wahita: “Le, cah bagus. Sapa jenengmu? Lan saka ngendi kowe?”

Damarwulan karo ngempet lara diusahake kanggo jawab pitakonane Wahita.

Damarwulan: “Jenengku Damarwulan. Aku saka Majapahit.”

Wahita: “Ayo le, dak iwangi ngadek. Ayo melu ning pendopo ndisik.”

Damarwulan banjur digawa ing pendopo lan diobati karo Wahita. Banjur
Wahita cerita yen ana cara kang bisa dilakoni Damarwulan supaya Minak Jingga
bisa mati.

Wahita: “Damarwulan, ana siji cara kanggo ngalahke kangmas Minak Jingga.”

Damarwulan: “Apa iku mbok?”

Wahita: “Senjata Gada Besi Kuning kang di dhuweni kangmas Minak Jingga.”

Damarwulan: “Maksudipun napa mbok?”

Wahita: “Aku bakal jupuk senjatane kangmas Minak Jingga, mengko kowe ngalahke
kangmas Minak Jingga nganggo senjata iku le.”

Damarwulan: “Iyo mbok, aku manut kowe.”

Sawise ngalahke Damarwulan, Minak Jingga seneng-seneng. Dheweke


ngerayake kemenangane nganti kesel banjur turu. Kala iku, Wahita jupuk senjatane
Minak Jingga supaya bisa dinggo Damarwulan ngalahke dheweke.

Wahita: “Mumpung kangmas Minak Jingga lagi sare, senjatane dak jupuke banjur
dak wenehno marang Damarwulan. Ngapunten kangmas, nanging kula mboten seneng
kalih panjenengan.”
Sawise jupuk senjatane Minak Jingga, Wahita langsung metu balek ing
pendopo lan menehake senjatane Minak Jingga marang Damarwulan.

Wahita: “Damarwulan, iki senjatane kangmas Minak Jingga.”

Damarwulan: “Matur nuwun sanget, Mbok. Yen ngono aku arep nantang Adipati
Minak Jingga kanggo perang lawan aku.”

Damarwulan sing wis balek kekuatane banjur nantang Adipati Minak Jingga
kanggo perang meneh. Adipati Minak Jingga banjur tangi gragapan lan cepet-cepet
arep jupuk senjatane, nanging dheweke kaget amarga senjatane ora ana ing
sandinge.

Damarwulan: “Minak Jingga!!”

Minak Jingga metu saka Kadipaten lan reti yen senjatane ana ing tangane
Damarwulan.

Minak Jingga: “Balekna senjataku!”

Damarwulan: “Ora bisa! Aku nantang kowe kanggo perang meneh!”

Banjur Damarwulan nggebuk Minak Jingga nganggo senjatane dhewe lan


Minak Jingga ambruk ora iso tangi lan mati. Damarwulan kang wis bisa ngalahke
Minak Jingga banjur balek menyang Majapahit. Ing Majapahit dheweke langsung
ngadep Gusti Ratu Kencanawungu.

Damarwulan: “Hormat kula, Gusti Ratu.”

Ratu Kencanawungu: “Damarwulan, apa kowe bisa ngalahke Adipati Minak


Jingga?”

Damarwulan: “Inggih Ratu, kula sampun ngalahake Adipati Minak Jingga nganggo
senjatane piyambak.”

Ratu Kencanawungu: “Damarwulan, aku seneng banget amarga kowe bisa ngalahno
Adipati Minak Jingga. Yen ngono kowe dak jodohke karo putriku Anjasmoro.”

Damarwulan: “Nyuwun sewu, maksudipun napa nggih?”

Ratu Kencanawungu: “Sebenere aku nganakake sayembara, sapa bae sing bisa
ngalahkake Adipati Minak Jingga bakal dak jodohke karo putriku Anjasmoro. Yen
wadon bakal dadi dulure, yen lanang bakal dadi garwane. Lan kowe bisa ngalahke
Minak Jingga, yen ngono kowe bakal dadi mantu Kerajaan Majapahit lan dadi Adipati
ing Majapahit.”

Damarwulan sing iseh bingung banjur takon marang pamane.


Damarwulan: “Paman, apa bener iki sayembara?”

Patih Logender: “Iyo ponakanku sing bagus, iki sayembara kanggo putri Ratu
Kencanawungu yaiku Putri Anjasmoro.”

Nalika Damarwulan lan paman Patih Logender lagi omong-omongan,


Anjasmoro teka ing papan pangonan Ratu Kencanawungu.

Anjasmoro: “Hormat kula, Ibunda Ratu.”

Ratu Kencanawungu: “Putriku Anjasmoro, iki ana sawijining ksatria kang bisa
ngalahake Adipati Minak Jingga saka Kadipaten Blambangan.”

Anjasmoro: “Pundi Ibunda Ratu?”

Ratu Kencanawungu: “Iku, putriku. Jenenge Damarwulan, ponakane paman Patih


Logender.”

Anjasmoro banjur ngingeti uwong sing ditunjuk karo Ibune, yaiku


Damarwulan. Anjasmoro kesengsem lan guyu.

Ratu Kencanawungu: “Putriku, awakmu gelem tha nduk?”

Anjasmoro: “Kula inggih purun, Ibunda Ratu.”

Anjasmoro akhire dadi garwane Damarwulan lan Damarwulan uga dadi


Adipati ing Majapahit.

Anda mungkin juga menyukai