Anda di halaman 1dari 14

NASKAH CATUR BERKERANGKA

PAKELIRAN WAYANG MADYA


“BANDUNG BANDAWASA”
PEPADI Surakarta, Agustus 2022

Patalon:
Ayak-ayak, Srepeg—Sampak pelog nyamat

Bagian I:
PATHET NEM

Persiapan:

Kayon wayang madya (Sekar Jagad) ditancapkan di tengah.

Dhalang ndhodhog kothak. Buka rebab ketawang Bangomate, pelog nem. Dari
tengah bawah kayon perlahan-lahan muncul bayangan Raden Damarmaya dan
Dewi Rarasati dengan busana pengantin, sabet roman/percintaan, menjelang
habisnya cakepan kedua, bayangan kedua tokoh membesar, lalu menghilang.
Bersamaan dengan iringan menjadi Monggang Golek, kayon dicabut, sosok
Prabu Gupala keluar dari kanan (gerak seperti Niwatakawaca dalam lakon
Ciptaning), Gupala nggendir kayon, iringan Monggang Golek masuk ke
cengkok kedua. Siyak palaran Pangkur-------cak-cakan seperti Supraba-
Niwatakawaca, Palaran menjadi Srepeg Menyuri (Blacius Subono), lalu sirep,
Rara Jonggrang keluar dari belakang. Gupala/Karungkala tersadar dari
lamunannya, ginem.

Rara Jonggrang: Kanjeng Dewaji, keparenga emut. Sampun ketungkul


anggen Paduka darbe sedya badhe ngayunaken putri
Pengging Dewi Rarasati, mapan menika sampun
wonten ingkang mengkoni: inggih punika rajaputra ing
Salembi Raden Damarmaya.

Resi Baheksi: (sambil datang menyembah dan ditancapkan) O


inggih, inggih Kakang Prabu Gupala. Leres aturipun
putra paduka pun angger Rara Jonggrang punika.
Ingkang rayi pun Resi Baheksi sanget boten nayogyani
menawi ngantos kelantur-lantur anggen paduka sedya
nggarwa Dewi Rarasati. Keparenga emut, bilih Dewi
Rarasati punika, sampun boten katon rara, boten katon
wulanjar. Tegesipun sampun dados garwaning priya
sanes. Menapa boten badhe damel risaking
kekadangan antawisipun negari Pengging lan
Prambanan?

Gupala ewa, dari sisi lain muncul Resi Sakeli, juga menyembah dan
ditancapkan menghadap Prabu Gupala.

Resi Sakeli: Inggih kakangmas…..keparenga ingkang rayi Resi


Sakeli matur….eman sanget keprabon lan kawibawan
Paduka, menawi lajeng paduka nempuh lelampahan
ngrusak pager rahayu, ngogak-ogak turus ijo!

Prabu Gupala semakin tidak tahan mendengarkan nasehat dari orang-orang


terdekatnya, lalu dientas bersamaan dengan udhar dan seseg. Jonggrang,
Baheksi dan Sakeli terkejut, lalu dientas. Irama menuju tamban, suwuk. Buka
celuk gendhing MANIK MANINTEN, kethuk loro kerep laras pelog pathet nem.
Muncul parekan, kemudian ampil-ampil datang, Prabu Anglingdriya masuk
terakhir dengan dipayungi songsong ageng. Prabu Anglingdriya tancep bersama
dengan ater sirep, parekan diberi tanda untuk mundur. Sirep, janturan.
JANTURAN I

Awigenam astu wusananing alam tunggal, samadyaning nayu-nayapada nikeng


pada pamadyaning titah Hyang Jagad-karana. Karana dya suwajining wini
nugra winan taya. Basmeng pudya mangkya tekap dusaneng pamayang kara,
anenggih pundi ta ingkang rinenggeng walgita, ingkang kajwalantara, boten
kadi ingkang mapan wonten ing negari Pengging Witaradya, inggih ing
Pengging Dwarawati wastanya. Nihan ingkang kawursita, duk sajumenengnya
Mahaprabu Anglingdriya, narendra ingkang mahambeg ber budi bawa
leksana, sinung adil paramarta sarta ngrasuk sama beda dana dhendha. Saking
ageng pangaribawane sang nata, pramila datan mokal manawa nagari ing
Pengging Witaradya, duk samana angalami jaman kencana, prasasat padhang
jagade, gedhe obore, dhuwur kukuse, jero tancepe adoh kuncarane.

Wauta kawuwusa kocap, nedheng ari Respati, Sri Nata kersa miyos tinangkil,
munggwing sitihinggil binaturata lenggah dhampar kencana pinatik nawa
retna, ingayab para badhaya sarimpi ingkang samya ngampil upacara nata,
pinayungan songsong jenar murub pinarada, kinebutan laring manyura kanan
tanapi kering kongsi sirna kamanungsanira. Tinon saking mandrawa
candraning sri Nata pan yayah Sri Bathara Kresna ingkang manjanma malih
tumurun ing Ngarcapada.

Nalika semanten, rep tidhem premanem tan ana sabawane walang alisik,
gegodhongan tan ebah, samirana tan lumampah, kang kapyarsa amung
swaraning abdi kriya gendhing ingkang samya anambut kardi imbal ganti lir
mandyaraga, sinawung swaraning kang paksi engkuk lan jalak, ingkang munya
luhuring taratag, amimbuhi asri senen jroning panangkilan.

Wauta…….sawusnya lenggah satata netya Sri Nata Binathara, laju dhawuh


dhateng abdi Nyai Tumenggung kekalih, animbali sang mantri muka miwah
para bupati sedaya, ingkang sami andher munggwing pasewakaning
pagelaran, anindhihi pisowaning para sentana nayaka ingkang aglar ngebegi
panangkilan tinon lir jaladri pasang. Mangkana riwusnya tampi dhawuh-
pangandika dalem Sri Nata, saksana Rekyana Patih Tambakbaya, ingkang
jinajaran Harya Gentang lan Gutuk Api, anunten sami lumampah sesedhokan
andhadhap mangeka pada, rep regedeg para bupati ingkang ngabyantara
ngarsa nata, mancawarna busanane kasorotan ing Hyang Surya, asri tinon
yayah kartika asilih pernah.

Udhar, menjadi Ladrang MANIK MANINTEN/Magelang, laras pelog pathet


nem. Pada bagian umpak, garap soran, Parekan kembali masuk, lalu diminta
duduk di belakang sang Raja. Pada saat irama dadi, (gerongan Salisir) Patih
Tambakbaya masuk dan menyembah. Disusul kemudian Patih Arya Gentang
dan Gutuk Api. Setelah satu gong, kemudian disambung koor bedhayan satu
rambahan, suwuk, suluk Pathetan dan Ada-ada Sinom (Blacius Subono), laras
pelog pathet nem. Ginem.

Anglingdriya: Hyang Suksmana Adi Linuwih mayungana marang


raganingsun. Mengko ta, Kaki Patih Tambakbaya. Raharja
sapraptanira?

Tambakbaya: Nuwuninggih, Dewaji. Saklangkung wanter timbalan dalem


ingkang rumentah dhumateng ingkang abdi ing Kepatihan,
Kejot kumitir raosing manah kula, yayah tinebak ing mong
lepat, sinambering gelap tuna dupi kadhawuhan
ngabyantara ing ngarsa Nata. Pramila jrih kawula
kaabdekaken, paribasan katigasa sumangga jangga,
katuweka sumangga jaja.

Anglingdriya: I, I, ya jagad ya Dewa Bathara. Munduran kaya wong


nandhang dedosan, kaya dudu kawula lawas. Kaki Patih,
sepira gedhene dosa kaluputanira, maksih luwih agung
martaningsun. Marmane jenengsira kaki Patih ingsun piji
ana ing ngarsaningsun, sayekti nora bakal tampa
bebenduning Nata, malah ing wektu saiki bakal ana
gawene.

Tambakbaya: Nuwuninggih, Dewaji. Keparenga paring dhawuh dhateng


abdi dalem ing Kepatihan.

Anglingdriya: Yen mangkono prayogakna anggonira lungguh, tumuli


ingsun jateni wigatining pasowanan.

Pathet Nem Jugag

Hanjrah ingkang puspita rum,

Kasiliring samirana mrik,

O---- sekar gadhung, ko-ngas- gandanya

O----, maweh raras renaning driya, O-----, O-----

Anglingdriya: Kaki Patih Tambakbaya, mula jenengsira ingsun piji


mangarsa, awit ana pirang-pirang bab ingkang andadekake
rentenging penggalihingsun.

Tambakbaya: Adhuh, Dewaji. Punapa ingkang andadosaken petenging


panggalih, punapa wonten jajahan ingkang marengkang
saking wasesaning praja, punapa dene sentana ingkang
nedya mirong kampuh jingga?

Anglingdriya: Dudu kuwi, Kaki Patih. Kaya-kaya ing dina iki durung ana
titik-titik bakal ana ingkang nedya ngrangsang kawibawan
sarta ngendhih kapraboningsun. Mung wae, ing dina iki
kena dak basakake negara Pengging Witaradya kaya dene
badra hirawan. Badra tegese rembulan, hirawan iku
mendhung. Tegese kaya rembulan kaling-kalingan
mendhung, surem sorote sarta kucem guwayane. Bareng
dak wawas-wawas, jebul ing sajroning negara Pengging
Witaradya kene, kaya isih ana pirang-pirang bab ingkang
perlu diprihatinake.

Tambakbaya: Lajeng bab ingkang pundi ingkang anjalari sungkawaning


galih Njeng Padukendra?

Anglingdriya: Kaki Patih, sejatine ingkang andadekake sungkawa


tyasingsun, iya awit sedane kakang Panembahan Resi
Dewabrata minangka kadangingsun pembarep, atmajane
swarga kanjeng rama Prabu Citrasoma duk ing uni. Dene
ingkang kaping pindhone, sak sedane kakang Resi, banjur
kadangingsun nata ing Salembi yayi Prabu Dipanata
murca datanpa pepoyan, engga seprene ora ana kabar
kawusanane. Malah kepara putrane sakloron angger
Putrasena lan Nataswati uga padha linggar saka kedhaton,
kamangka rajaputra Salembi ingkang pembarep, angger
Darmamaya isih cumondhok ana ing Pengging Witaradya
kene jalaran maksih sajroning swasana pawiwahaning
temanten, ingsun dhaupake kalawan atmajaningsun nini
Dewi Rarasati.

Paribasan durung nganti selapan pawiwahaning temanten,


ingsun arsa tedhak marang Salembi saperlu ngestreni
boyonging penganten, lha kok dadi negara Salembi malah
komplang, paribasan tanpa ana ingkang ngrenggani siji-
sijia mung atinggal para sentana lan nayaka wae. Kahanan
ingkang kaya mangkono mau sayekti andadekake puteging
penggalihingsun: dhestun temen yayi Dipanata, apa
ingkang sinedya sarta mengku karsa ingkang kepriye, dene
bakal ingsun tedhaki negarane wae malah sakulawarga
padha linggar saka palangkan. Menawa pancen
panjenenganingsun iki darbe luput sarta dedosan marang
yayi Dipanata sakulawarga, utawa yayi Aji ing Salembi
ora karenan dene ana cicir-cewete anggoningsun
ndhaupake kulup Darmamaya lan Rarasati, cilik-cilike
layang sekebet gedhene yayi Aji rawuh dhewe nyaruwe
marang panjenenganingsun, ingsun tampa kanthi lega-lila.

Tambakbaya: Adhuh, Sinuhun. Bilih wonten lilaning penggalih,


keparenga ingkang abdi matur

Anglingdriya: Iya kaki Patih kepiye?

Tambakbaya: Nuwuninggih, saking panginten kula menawi mawas


kedadosan-kedadosan ingkang kapengker, kados
saksampunipun dipun glandhang carang saking pucuk,
lampah-lampah Paduka anggenipun ngentas pitulus,
miwaha atmaja putri punika sampun boten wonten
kirangipun lan sarta sampun sak trepipun, sabab sampun
dados kuwajibanipun tiyang sepuh nggulawenthah sarta
anggadarena dhateng atmajanipun ngantos akir diwasa,
dene mangke sasampunipun tumapaking wanci tumuli
kawiwaha, mangun bebrayan enggal kaliyan garwa-
somahipun. Dene bab dhaupipun gusti kula Dewi Rarasati
kaliyan angger Raden Darmamaya punika, ugi sampun
nama trep miturut ugering adat lan negari, jalaran sampun
mawi petang seneng lan pareng.
Dados bokmanawi panginten kula tebih sanget saking
prakawis punika, ewadene wonten moganing lelampahan
sanesipun, abdi dalem namung nyumanggakaken jer
punika saestu taksih sinengker ing panguwasaning Jagad.

Anglingdriya: Iya Kaki Patih, banget ingkang dadi panarimaningsun,


kaya-kaya ora ketang satetes aturira Kaki Patih kaya dene
ebun ingkang anelesi marang panggalihingsun, satemah
dadi sareh lan sumeleh. Nanging kaki Patih (mulai
dhodhogan geteran), nadyan mangkonoa, kaya-kaya
maksih ana ingkang dadi ganjelan tumrap
panggalihingsun. Miturut pusaka tilaraning kakang
Panembahan Dewabrata ingkang wujud cupu manik
gambaring jagad, nora suwe meneh negara Pengging
Witaradya bakal ngalami swasana susah ingkang rada
kedawa-dawa. Paran ingkang dadi panemunira?

Ada-ada Gregetsaut Nem

Kagyat risang kapirangu

Rinangkul kinempit kempit

Dhuh sang retnaning bawana, O------

Wahuta, tri pandurat tan nyabawa Kyai Patih Tambakbaya, wus anyana bilih
badhe wonten baya pakewuh ingkang badhe ndhatengi negari Pengging
Witaradya. Dereng ngantos kawijil pangandikanira, kasaru praptaning Harya
Kartawarna ingkang dumrojog tanpa larapan “e kanca, njaluk dalan, njaluk
dalan”

Srepeg, Harya Kartawarna masuk, menyembah, sirep.


Anglingdriya: Tak waspadakake kaya kakang Harya Kartawarna ingkang
sowan tanpa ingsun timbali.

Kartawarna: Nuwuninggih, kanjeng Dewaji, sewu lepat kula keparenga


ngagungaken samudra pangaksama. Kepareng ngaturaken
gegering jawi, wonten raja duta mundhi nawala,
satunggaling sinatriya ingkang ngaken saking praja
Prambanan nyuwun dipun sowanaken wonten ngarsa Jeng
Padukendra.

Anglingdriya: I,I, ya jagad dewa bathara. Paran sedyane wong


Prambanan teka lumarap teka ing Pengging kene. Ya, ya,
kakang Kartawarna, timbalana mrene. Ingsun arsa
sumurup.

Kartawarna: Nuwuninggih, dhateng sendika.

Udhar, saat Kartawarna masuk ke kiri, iringan seseg. Srepeg menjadi ayak-ayak
ketika Harya Tubar masuk. Tubar menyembah, lalu tancep. Suwuk.

Anglingdriya: Mangko ta, ki sanak. Nora jeneng ingsun mitambuh, apan


sayektine katemben iki wanuh. Mara age ki sanak, sapa
sinambating wangi, sarta saka ngendi ing pinangkanira?

Tubar: Nuwun, Sinuhun. Amit pasang kaliman tabe linepatna ing


tulah sarik tinebihna ing siku dhendha. Keparenga
nepangaken, ingkang sami sudi amastani nami kula pun
Harya Tubar, wingking saking kadipaten Somapura bawah
negari Prambanan. Sumungkeming pangabekti kula
konjuk, Sinuhun.

Anglingdriya: O, ya, Tubar, banget ing panarimaningsun. Nanging kosik


ta, ing ngarep sira mau ngaku saka ing Somapura.
Tubar: Nuwuninggih, kaluhuran sabda paduka.

Anglingdriya: Sira kepernah apa karo paman Raden Umbulsari?

Tubar: Adhuh, Sinuhun, sewu lepat kula diagung pangaksama


Paduka. Aluraning sarasilah, swargi eyang Raden
Umbulsari utawi Prabu Darmaniskala punika apeputra
Prabu Dewakala, dene Prabu Dewakala apeputra tiga,
inggih punika siwa Prabu Gupala, rama Resi Baheksi sarta
paman Resi Sakeli. Dene Resi Baheksi punika apeputra
abdi paduka kula pun Harya Tubar. Dene nalika
jamanipun eyang Prabu Darmaniskala, lajeng babad alas
Wanamarta petilasanipun para Nata Pandhawa, ngalih
praja dhateng kitha Prambanan kagem mukti sakturun-
turun, dene ing Somapura kaparingaken dhateng rama
Resi Baheksi lan paman Resi Sakeli minangka tanah
perdikan dumugi ing sepriki.

Anglingdriya: O iya,iya, Tubar. Ateges sira iku maksih daging adaging,


kaprenah putuningsun. Nanging adoh sungsate antarane
jenengsira lan jenengingsun, mapan tedhak turune paman
Umbulsari iku entuk dharah Malawapati saka
panjenengane eyang Resi Kala Suwedha atmajaning eyang
Prabu Anglingdarma nguni, mula ora mokal menawa sira
kaparingan dedeg ingkang gung aluhur.

Tubar: Nuwuninggih, Sinuhun, lakar kaluhuran.

Anglingdriya: Tubar, ana parigawe apa sira teka ana ing negara Pengging
Witaradya kene?

Tubar: Sinuhun, keparenga kula matur. Saderengipun sewu


kalepatan kula diagung pangaksama Paduka. Kula namung
sadermi mundhi dhawuh saking wa Prabu Gupala ing
Prambanan, kinen ngaturaken nawala panglamar konjuk
panjenengandalem Sri Bupati.

Anglingdriya: Banjur sapa ingkang dikersakke dening wakmu Prabu Sri


Gupala, putraning ratu telukan sapa, apa endang saka
pratapan ngendi.

Tubar: Nuwun keparenga matur, boten wonten sanes ingkang


dados panujuning galih wa Prabu ing Prambanan, kejawi
sekar kedhaton ing Pengging, kusuma yu Dewi Rarasati

Ada-ada Gregetsaut Pelog Nem, Anglingdriya tebah jaja.

Anglingdriya: Mengko ta, Tubar, apa ora sisip pangrunguningsun.


Putraningsun nini Dewi Rarasati ing kalungguhan iki
nyatane wis winengku dening sipating kakung,
atmajaningsun ya pamanira Raden Darmamaya.

Tubar: Adhuh, Sinuhun, namung tadhah duka. Kula namung


sadermi minangka utusan.

Anglingdriya: Iya, Tubar, ora dadi apa. Banjur kersane wakmu ing
Prambanan kepriye?

Tubar: Mawantu-wantu wekasipun wa Prabu, bilih samangke


lampah kula kasumbul barising para wadya saking
Prambanan wonten ing tepis wiringing praja Pengging
Witaradya. Malah kepara ing dinten punika, wa Prabu
Gupala piyambak ingkang nyarirani minangka tindhihing
bala kuswa.

Anglingdriya: O iya, Tubar. Ingsun ora maido jer sira iku bot-bote
kadhawuhan dening ratu gustinira, ora kena suwala ing
dhawuh. Nadyan mangkonoa, ing bab tata kaprajan
saupama ana bab ingkang mbodhakalani, kudu
dirampungake kanthi cara kaprajan. Wektu iki sira
mundura, dene prakara iki bakal dak rembug ana ing
sajroning kadhaton luwih dhisik.

Tubar: Nuwuninggih, Sinuhun. Kepareng amit madal pasilan.

Srepegan, Tubar keluar, irama seseg. Srepeg suwuk. Ginem.

Tambakbaya: Adhuh, Dewaji. Kadospundi lelampahan menika, kok


lajeng bebasan kriwikan dados grojogan, geguyon dadi
tangisan?

Anglingdriya: Kaki Patih Tambakbaya, bener wecane swargi kakang


Resi Dewabrata. Ora nganti sak siliring bawang, negara
Pengging Witaradya bakal ketaman dahuru.

Tambakbaya: Nuwuninggih, Sinuhun. Bilih yektos adreng karsanipun


Prabu Gupala ing Prambanan, ingkang abdi ing Kepatihan
sagah nrenggalangi minangka ganjeling dhampar
kaprabon negari ing Pengging Witaradya.

Anglingdriya: Nanging sarehna saka sauntara, Kaki Patih. Awit prakara


iki ingkang bisa mutusi ora liya mung nini dewi Rarasati
dhewe. Ing samengko ingsun bakal kondur angadhaton,
nanting marang karepe si Darmamaya lan Rarasati, paran
ingkang dadi tekade nampa panglamaring Ratu Prambanan
Prabu Gupala. Ki Patih, enggal bubarna ingkang padha
anggantung seba.

Tambakbaya: Nuwuninggih dhateng sendika


Ayak-ayakan Lasem, pelog nem. Prabu Anglingdriya bersama ampil-ampil
masuk ke kedhaton. Seluruh punggawa dibedhol. Ayak-ayakan naik menjadi
srepeg Lasem, Prabu Anglingdriya dan Darmamaya keluar dari kanan, tancep,
sirep, ginem.

Anglingdriya: Kepriye ngger, Darmamaya, mungguh ingkang dadi


gelenging tekadmu?

Darmamaya: Nuwuninggih, rama Prabu, sampun kula andhemi katresnan


kula dhateng yayi Dewi Rarasati. Sampun ta ingkang
dumugining sakit, senadyan ngantos dumugining pejah,
kula labeti sawetahipun.

Anglingdriya: Ya, ya, Darmamaya. Aja lumaku ijen, nggawaa kanthi


prajurit ingkang pepethingan sarta para senapati gegedhug
ing Pengging Witaradya.

Darmamaya: Nuwuninggih, keparenga kula nyuwun pamit, sarta nyuwun


tambahing pangestu.

Anglingdriya: Mawantu-wantu pangestune pun Rama,murih unggul


yudanira, Ngger.

Iringan berubah menjadi Lancaran Manyarsewu, pelog nem. Budhalan, kapalan.

-----BAGIAN I selesai-----

Anda mungkin juga menyukai