Anda di halaman 1dari 10

Page 1 of 10

NASKAH GATHOTKACA WINISUDHA


Dening Trio ABS(Alfian,Betrant,Sayang)

 BEDHOL KAYON
Pratelan : Dhalang ndho-dhog kotak sasmita mungel gendhing pambuka, bedhol
kayon lajeng kasolahaken. Rep tugel

“Mangkana caritane Sang Gathotkaca”


Pratelan : Dhalang tengah ngedalaken Dewi Arimbi nggendong jabang tetuka,
kasambet pocapan.

Pocapan :
Kang dadya bebukaning kandha anenggih sang jabang tetuka, kang den
pondong ingkang ibu dyah ayu arimbi. Tatkala semana sang tetuka nandang raga,
labet ponang puser kang dereng saged kapuput. Bebasan sakehing gegaman tan
tumama marang pusere sang pekik. Mracihnani bilih ing tembe sang tetuka bakal
dadi pepethinganing titah, wiwit lair wus kasinungan sipat kandel beda kalawan
bayi lumrah. Mangkana kang dadya caritane.

Pratelan : ngedalaken brajadenta, kalabendana(kelir 1 & 3)


Brajadenta : “Kakang mbok arimbi, saka penandange si jabang tetuka wus
cumetha ngegla. Lamun pringgodani suthik yen ta kanggonan tedhak
turuning mungsuh. Kudune kakang mbok dewi arimbi bisa tanggap,
marang lelakon kang mbok sandhang.”

Kalabdn : “Kakang mbok alimbi..aja nggugu atule kakang blojodenta, kakang


mbok ola luput. Jalanan kabeh lelakon kuwi wus pinesthi malang
panguwasane gusti, dene titah mung sadelma nglakoni.”
Page 2 of 10

Brajadenta : “Oraa…yen cara aku, bayi kuwi cetha bakal dadi klilip. Aluwung
jabang bayi enggal disirnakake saka lumahing jagad kurebing langit.”

Kalabdn : “Kakang mbok alimbi, bayi kuwi ola luput..jalalan bayi kuwi isih
suci dulung duweni dosa lan kaluputan.”

Kresna : “Yayi Arimbi…jeneng sira aja was sumelang, jalaran jabang bayi
kuwi kang bakal dadi pepethingane titah, dadya satriya kusumaning
bangsa. Dene bab durung puput pusere si jabang, sira aja sumelang.
Dimas permadi kang saguh ngupayakake yayi arimbi…”

 PAPAGAN PERMADI >< SURYATMAJA

Pratelan : kasaut perangan permadi rebutan senjata kunta klawan suryatmaja.


katampen ada-ada

Kepapag keprangguling mungsuh

Keprangguling mungsuh bawatnya bentar

Hong, hong

Permadi : “Jagad dewa bathara..hee..kisanak, gage ulungna bali senjata kunta


wijayadanu, mangertiya lamun sejatine dewa bakal maringake pusaka
kuwi marang aku.”

Suryatmaja: “We lha dalah, Nora bisa raden, jalaran senjata kunta wus
dipasrahake marang aku. Ora-orane yen ta dewa bakal kesamaran
marang opo kang wus diparingake.”

Permadi : “Yen ngono sira wangkot nora gelem masrahake bali senjata kunta.”

Suryatmaja: “Sedumuk bathuk senyari bumi, pusaka tak kukuhi.”


Page 3 of 10

Permadi : “Nora gelem ngulungake klakon rampung nyawamu.”

Suryatmaja: “Singa lena prapteng lalis.”

Pratelan : dados perang, wusana pusaka kacandak suryatmaja dene sarungipun


kabekta raden permadi.

Narada : “Lotdolot yohok..pak pak pong kali codhe sapa sing gawe..ngger
permadi aja sumelang jalaran kita mung oleh warangkane kunta
wijaya danu. Nadyan ta mangkono kita tetep bakale bisa muput
pusere jabang tetuka.

Nanging eling-dieling ngger, mbesuk yen ta wus tumapak mangsa


kala pusaka bakal bali manjing warangka, lamun pusere jabang bayi
wus kapuput. Jabang bayi bakal pinisraya dadi jagone dewa
ngundurake patih sekipu sawadya balane ngger permadi.”

Pratelan : narada kentas kasaput kayon, kalajengaken sekipu mengsah jabang


tetuka

 ADEGAN KAWAH CANDRADIMUKA

Pratelan : batara narada gendong jabang tetuka, gamelan rep lajeng pocapan.

“Gumelaring Kawah Candradimuka”


Page 4 of 10

 PAPAGAN SEKIPU >< TETUKA

Pratelan : Patih sekipu kepapag raden tetuka, suwuk katampen ada-ada

Buta tata gati wisaya


Lindri yaksa sara maruta
Pawana bana margana, hong
Ginem :

Sekipu : “Oo..oo..oo..lha dalah..arcaka blah blis laknat, iki ana satriya gagah
pideksa mencorong dhadhane murup sak obor,sapa jenengmu gus.”

Tetuka : “Aku utusaning adhil, srayaning para jawata. Jenengku Raden


Tetuka, hee buta gage sumingkira, gegayuhane ratu gustimu nora
bakal dipinangkani.”

Sekipu : “Wee lha dalah, nora gelem bali yen durung oleh gawe. Dewa ora
ngulungake gagarmayang, khayangan klakon dak gawe sungsang
bawana balik.”

Tetuka : “Babo..”

Sekipu : “Cokot tugel gulumu.”

Pratelan : Sekipu pejah dipun cokot, narada ngendakake gamelan rep.

Narada : “Lot dolot yohok…ngger tetuka, jeneng kita iku wataking satriya
mula aja nganti nyirnakake mungsuh sarana nyokot. Becik lamun sira
untir gulune ngger tetuka.”
Page 5 of 10

 PAPAGAN TETUKA><KAGA PRACONA

Pracona : “Dhesmalaningrat leketheking jagad, hee satriya gage belakna patine


patih sekipu tantra.”

Tetuka : “Babo apa abamu.”

Pracona : “Kene marganing patimu.”

Tetuka : “Untir pothol gulumu.”

Pratelan : pracona mati dipun untir

 GARA-GARA
 JEJER PRINGGODANI

Pratelan : Raden Werkudara kaliyan dewi Arimbi kaadhep Raden Gathotkaca

Lagon

Alon tata lenggahira


Risang marotameng dasih
Misudha andana raras, hong
Ginem :

Arimbi : “Jagad wasesaning bathara, anakku ngger wong sigit..gathotkaca.”

Gatotkaca : “Kulo wonten timbalan ing adhawuh kanjeng ibu.”

Arimbi : “Wus tumapak mangsakala, sira bakal winisudha dadi ratu ing
pringgadani ngger. Yektine pun ibu dalah paman-pamanmu kadang
braja wus nayogyani marang jumenengane gathotkaca.”

Gatotkaca : “Noknonggih kanjeng ibu, menawi tetela kados mekaten ingkang


putra namung saged hangestokaken dhawuh, pangestunipun kemawon
Page 6 of 10

ingkang kula suwun, mugi-mugi ingkang putra saged dados


pengayom tumrap sagung kawula ing pringgodani menika kanjeng
ibu.”

Arimbi : “Iya-iya ngger.. dadi ratu mono abot sanggane, mula dak jaluk
supaya tansah adil mring sapepadane titah. Jalaran ratu iku ora amung
panguwasa nanging uga pengayom sartane pengarep tumrap
kawulane.”

Werkudara : “Waaa..gathot…kowe tak pangestoni, muga nggonmu dadi ratu bisa


lestari, sartane negara pringgodani muga sansaya kuncara njayeng
bawana.”

Arimbi : “Lan maneh ya ngger muga anggonmu jumeneng nata, kalis ing
rubeda ngger kacanegara.”

Kandha :

“Wauta, dereng purna nggennya sami wawan pangandikan. Kedadak


gegering njawi, ingkang minggah aneng sitinggil negari pringgadani. Nenggih
sowanipun Raden Brajamusthi.”

Brajamusti : “Kakang mbok ngaturaken ketiwasan kakang mbok.”

Pratelan : Gendhing mungel lajeng suwuk

Arimbi : “Sowan tanpa tinimbalan,brajamusti… ana pari gawe apa dimas.”

Brajamusti : “Sewu-sewu lepat tadhah deduka kakang mbok, negari pringgodani


dinten samangkih sampun kinepung dening wadya bala permalang.
Kakang mas brajadenta mbalela, arsa njongkeng dhateng
keratuanipun angger gathotkaca.”
Page 7 of 10

Arimbi : “Jagad dewa bathara, brajadenta..brajadenta…teka malah mentala


tumindak kaya mangkono, Pangeran kados pundi menika pangeran”

Werkudara : “Waaa yen mangkono gathot kang kudu tumandang. gathot, yen
gage papagna pamanmu brajadenta. Aja ngaku anak werkudara lamun
nora bisa ngrampungi gawe.”

Gatotkaca : “Menawi mekaten ingkang putra nyuwun pamit tambahing berkah


pangestu.”

Arimbi : “Sing prayitna ngati-ati, muga gusti tansah mayungi salakumu


ngger.”

Pratelan : Budhal, perang buta>< buta

 PAPAGAN GATHOTKACA >< BRAJADENTA

Pratelan : Brajadenta kepapag raden gatotkaca, gamelan suwuk katampen ada-


ada.

Hong, Gathotkaca keji kentar

Kentaring ngambah jumanatara

Hong, hong

Ginem :

Brajadenta : “Gatotkaca…”

Gatotkaca : “Kula wonten dhawuh paman brajadenta.”

Brajadenta : “Mangertiya, brajadenta ora narimake yen ta gathotkaca bakal


winisudha dadi ratu pringgodani, jalaran kowe kalebu trubusaning
Page 8 of 10

mungsuh tedhak turuning jajalanat. Mendah aloke pra kawula lamun


pringgadani kelakon dijajah dening trubusaning satru”

Gatotkaca : “Dhuh paman, ingkang putra namung handerek dhateng kersanipun


kanjeng ibu dalah paman kadang braja sanesipun.”

Brajadenta : “Mbuh ora idhep, pancene wus rusak tatanan praja pringgodani.
Kakang mbok arimbi wus blereng marang katresnan, tegel negakake
marang patine kaka prabu arimba. Mung nuruti karep nyandhing
marang raden bratasena, mangka cetha yen ta bratasena tedhak turune
pandhu dewanata.”

Gatotkaca : “Sampun paman, kula boten trimah menawi paduka ngucap rasani
kanjeng ibu arimbi dalah kanjeng.”

Brajadenta : “Hahaha..ora kakean wuwus,gage diteter. Sepira kadigdayanmu.


Brajadenta lila gathotkaca winisudha, lamun wus bisa nugel bahu
kiwa tengene brajadenta.”

Gathotkaca: “Menawi mekaten mangga paman kula ladosi.”

Pratelan : Dados bandayuda, wusana gatotkaca kawon

 STRAT GATOTKACA, BRAJAMUSTI


Pratelan : Raden Gatotkaca kawon, lajeng brajamusti nyakati. Suwuk antal
katampen ADA-ADA MANYURA.
Meh rahina semu bang hyang haruna
Kadi netraning agora puh
Sabdaning kukila, Hong
Page 9 of 10

Ginem :
Brajamusti : “Anak angger gathotkaca.”
Gatotkaca : “kula wonten timbalan paman brajamusti.”
Brajamusti : “Wruhanana ngger, lamun sejatine pamanmu brajamusti lan
brajadenta wiwit lair wus kawengku marang prasetya.”
Gatotkaca : “Janji ingkang kados pundi paman.”
Brajamusti : “Ngger, pun paman sakloron iku anggone lair kembar. Mula bebasan
sebaya pati sebaya mukti, pamanmu iki kudu mati sampyuh ngger.”
Gatotkaca : “Lajeng kados pundi caranipun paman.”
Brajamusti : “Pun paman bakale manjing ana epek-epekmu kang sisih tengen,
sabanjure gage sampurnakna pun paman sakloron ngger.”
Gatotkaca : “Inggih paman, sendika ngestokaken dhawuh.”
Pratelan : Brajamusti manjing epek-epek, Gatotkaca budhal kentas mangiwa
mapagaken Brajadenta.

 PAPAGAN GATOTKACA >< BRAJADENTA


Pratelan : papagan raden Gatotkaca kaliyan Prabu Nagabagindha, gamelan
suwuk katampen ADA-ADA GALONG.
Hong, Purna gatining carita
Jenang sela wader kali sesonderan
Apuranta yen wonten lepat kawula, hong, hong
Ginem :
Brajadenta: “Welha dalah..Gathotkaca isih wani maju perang.”
Gatotkaca : “Nadyan rinubut prajurit sewu gatotkaca datan mundur sejangkah
paman.”
Brajadenta: “Wadhuh..wadhuh..wadhuh.., kemewat kaya ngregem jimat.
Kelakon mati dening aku”
Page 10 of 10

Pratelan : Dados bandayuda, wusana Brajadenta kacandak dipun tempiling


dening gatotkaca. Lajeng kandha.
Kandha :
“Kacarita, gya kacandak risang brajadenta dening raden gatotkaca. sigra
den tempiling mawi asta tengen dening sang kacanegara, eling-eling wus
kapanjingan dening raden brajamusti mapan ing epek-epek sisih tengen. Noyah
nayuh baskara titimangsa radyan brajadenta dalah brajamusti pejah sampyuh,
yitma kekalih manjing aneng anggane raden gatotkaca mapan ing asta kanan
kering, dadya aji brajadenta brajamusti.”
Pratelan: kekalihipun pejah sampyuh, sukmanipun brajadenta brajamusti manjing
dhateng raden gathotkaca.

 ENDING
Arimbi : “Jagad dewa bathara, sukur bage ngger menawa madhangake praja
pringgodani ngger.”
Gatotkaca : “Inggih kanjeng ibu, sedaya menika awit pangestunipun kanjeng
ibu.”
Arimbi : “Ngger anakku wong gagah Gatotkaca.”
Gatotkaca : “Kula wonten dhawuh pukulun kanjeng ibu.”
Arimbi : “Sarehning wus padhang kahanan praja pringgodani, sartane
pamanmu wus kasil sira sampurnakake. Ri palungguhan iki, sira bakal
sun winisudha minangka ratu ing Negara Pringgodani. Sinuyudan
sagung pra kawula, jeneng sira sun winisudha kanthi jejuluk Prabu
Anom Gathotkaca ya sang Prabu Anom Purbaya.”

-TAMAT-

Anda mungkin juga menyukai