Anda di halaman 1dari 2

Na’im Assa’ad

22 / XI MIPA 3
lakon pewayangan Jawa Mahabharata :
1. Antareja lahir 6. Abimanyu gugur
2. Gatotkaca Lahir 7. Kresna gugur
3. Abimanyu Lahir 8. Nakula Sadewa Lahir
4. Wisanggeni Lahir 9. Semar Mantu
5. Gatotkaca gugur 10. Gatotkaca Winisuda (Brajadenta
Mbalela)

ABIMANYU LAHIR
Raden Werkudara tapa ana ing golek wahyu hidayat ingkang wahyu saking ratu.
Amargi susahipun, Wekudara kasil anggone golek wahyu hidayat menika. Prabu Kresna,
Arjuna, lan Setyaki goleki Werkudara anggone tapa lan ketemu kaliyan Werkudara.
Kresna : “Werkudara, anggonmu sing tapa uwis oleh wahyu hidayat? Yen uwis, ayo
mulih”
Werkudara : “Sampun kakang mas, nggih”
Kresna : “Werkudara, amarga uwis oleh wahyu hidayat kowe ra oleh ketemu karo
wong wadon lan bayi suwene 41 dina”
Werkudara : “Nggih kakang mas. Lha saiki piye kabare Sembadra?”
Setyaki : “Sembadra uwis nglahirake putrane”
Werkudara banjur seneng lan mlayu kanthi cepet amargi kesaktiane, Werkudara lali
sing dipesen Kresna. Banjur Arjuna gregah-gregah ngoyak Werkudara, ananging Werkudara
banjur ilang.
Kresna : “Bocah, lagi wae dikandani kok lali, kepiye? Arjuna...”
Arjuna : “Nggih kakang mas, pripun?”
Kresna : “Arjuna, kae gek ndang elingna pesenku marang Werkudara mau. Gek ndang
ditututke kae Werkudara”
Arjuna : “Nggih kakang mas”
Werkudara katekan ana ing Amarta, lan langsung nggendong bayi menika. Banjur
wahyu hidayat menika pindah ana ing jabang bayi menika lan Werkudara sadar babagan
menika. Kresna, Arjuna, lan Setyaki tekan ana ing Amarta...
Kresna : “Werkudara, wes weruh Putrane Arjuna?” (Werkudara meneng)
Arjuna : “Kakang mas, wonten menapa kok namung kendhel?”
Werkudara : “Iki Anakmu tak gendong, oleh tak pek anak ora?”
Arjuna : “aduh kakang mas, nembe menika kula badhe dados Bapak..”
Werkudara : “Yen ngono tak melu ngaku Bapak wae”.
Arjuna : “Nyuwun pangapunten kakang mas.”
Werkudara : “Tak melu ngopeni karo ngragati urip'e wae...”
Arjuna : “Nyuwun pangapunten kakang mas.”
Werkudara : “Titenono, yen enek apa-apa karo bayi iki jo njaluk tulung aku....”
(Werkudara mlayu tanpa pamit)
Jabang bayi menika dibalekke Arjuna lan Sembadara. Banjur Kresna ngomong
marang Arjuna
Kresna : “Arjuna…”
Arjuna : “Wonten dhawuh koko prabu...”
Kresna : “kok Bodho temen to kowe...!!! Koe jik eling Werkudara kae saka ngendhi?”
Arjuna : “Saking nggayuh Wahyu Hidayat.”
Kresna : “Mudeng salah mu?” (Arjuna mlayu nggoleki Werkudara, deweke weruh
yen mase wis nglanggar Pantangan, lan weruh Wahyu wis pindah neng
Bayi kuwi)
Arjuna ketemu Werkudara ing Taman Amarta lan ing mburine ditutne Kresna sing
nggendong Jabang Bayi.
Arjuna : “kakang mas...”
Werkudara : “Ngaliyooooooo....”
Kresna : “Werkudara... Reneo tak kek'i Anak sing mbuk Karepke...”
Werkudara : “ora nompo wakilan,”
Kresna : “arjuna, nyoh kekno kakang mas mu” (karo ngekekne Bayi neng pangkuane
Arjuna)
Arjuna : “Mas kula aturi mendhet jabang bayi punika.”
Werkudara nyahut Bayi kaya narik pedang.
Arjuna : “ngatos-atos kakang mas.”
Werkudara : “Sak karep ku. ki wes dadi anak ku.”
Werkudara ngekeki ajian marang bayi iku, banjur jabang bayi ngombe keringete
Werkudara lan sanalika si jabang bayi dadi jaka sing bagus rupane sing dikeki jeneng
Abimanyu

Anda mungkin juga menyukai