Anda di halaman 1dari 14

KETHOPRAK

“BABAT PATI”
Hanifah Maulydia Kartikasari
XII IPA 6/10
KETHOPRAK
Kethoprak yaiku salah sawijining pagelaran kang asale saka Jawa.
Sajroning pagelaran kethoprak, sandiwara kang diselingi tembang-
tembang Jawa kanthi iringan gamelan kasuguhake. Critane uga luwih
maneka warna kapethik saka crita rakyat, dongeng, babad, legendha,
sejarah, lan sapanunggalane.

Kang dadi ciri wancine kethoprak, yaiku para pamaraga/pemain kudu


bisa nembang, jalaran meh sakabehe suwasana ana tembange.
JEJER
01 Yaiku perangan wiwitane crita kanggo
nepungake tokoh/paraga, suwasana, lan
bibit kawit tumuju crita sabanjure.

PASULAYAN
02 Yaiku dumadine prakara kang kudu

STRUKTUR DHAGELAN
diadhepi dening para tokoh/paraga.

TONTONAN 03 Yaiku selingan guyonan, jejogedan, lan


tetembangan sing ditindakake para
KETHOPRAK emban lan abdi kanggo nglipur
bendarane kang nandhang prakara.

04 PERANG
Yaiku puncake pasulayan antarane
tokoh protagonis lan antagonis.
WUSANA
05 Yaiku pungkasan karampungane
pasulayan utawa dredah.
NGANALISA
STRUKTUR KETHOPRAK
“ BABAT PATI “
JEJER
Kacarita ing Pantai Lor Pulau Jawa sekitar Gunung Muria bagiyan
wetan ana loro kadipaten, yaiku Kadipaten Paranggarudha dipimpin
Adhipati Yudhapati nduweni putra jenenge Raden Jasari lan Kadipaten
Carangsaka dipimpin dening Adhipati Puspa Andungjaya nduweni putri
jenenge Rara Rayungwulan.
Kacarita loro-lorone kadipaten iku urip rukun pada ngormati siji lan
sijine. Kangge ngelestariake paseduluran, para panguwasa kadipaten
sarujuk ndhaupake putra lan putrine.
PASULAYAN
Rara Rayungwulan mboten purun didhaupake dening Raden Jasari.
Dheweke purun didhaupake nanging ana syarat e, yaiku ditanggapake
wayang kulit kang dhalange Ki Sapanyana. Adipati Yudhapati ngutus
Yuyu Rumpung kanggo luruh Ki Sapanyana. Nanging ngepasi pahargyan
boja wiwaha nembe kawiwitan penganten putri ninggalake kursi lan
mlayu karo dhalang Ki Sapanyana.
Rara Rayungwulan lan Ki Sapanyana mlayu menyang Kadipaten
Majasemi lan ketemu dening Sukmanyana lan adhine, Kembang Jaya.
DHAGELAN
Para penari nampilake siji jogedan sing diiringi karo tetembangan
gamelan kanggo dipersembahake dening para panguwasa. Mawa Ki
Sapanyana sing nampilake tunjukan wayang kulit.
PERANG
Adhipati Yudhapati ngerti yen Sukmayana njaga Rara Rayungwulan
lan Ki Soponyono. Akhire, Adhipati Yudhapati nyerang menyang
Kadipaten Majasemi lan gawe Sukmayana mati.
Ngerti kang mas e mati, Kembang Joyo janji yen bakal numpas
Kadipaten Paranggarudha. Kembang Joyo kanthi dibantu Ki Soponyono
perang menyang Kadipaten Paranggarudha. Akhire, Adipati Paranggaruda,
Yudhapati lan putrane, Raden Jasari mati.
WUSANA
Amarga jasane Kembang Jaya diangkat dadi adipati lan Ki
Soponyono dadi patihe. Kadipaten Paranggarudha, Kadipaten Carangsoka,
Kadipaten Majasemi didadekake siji kanthi jengeng Kadipaten Pesantenan
kang gemah ripah loh jinawi. Anak e Adipati Kembang Joyo, yaiku
Tombronegoro ngeganti jengeng Kadipaten Pesantenan kanthi jeneng
Kadipaten Pati
RINGKASAN CRITA
“ BABAT PATI “
Kacarita ing Pantai Lor Pulau Jawa sekitar Gunung Muria bagiyan wetan ana
loro kadipaten, yaiku Kadipaten Paranggarudha dipimpin Adipati Yudhapati
nduweni putra jenenge Raden Jasari lan Kadipaten Carangsaka dipimpin dening
Adipati Puspa Andungjaya nduweni putri jenenge Rara Rayungwulan.
Kacarita loro-lorone kadipaten iku urip rukun pada ngehormati siji lan sijine.
Kangge ngelestariake paseduluran, para panguwasa kadipaten sarujuk ndaupake
putra lan putrine.
Rara Rayungwulan mboten purun didhaupake dening Raden Jasari amarga
sifat e sing ala. Dheweke purun didhaupake nanging ana syarat e, yaiku
ditanggapake wayang kulit kang dhalange Ki Sapanyana. Adipati Yudhapati ngutus
Yuyu Rumpung kanggo luruh Ki Sapanyana. Nanging ngepasi pahargyan boja
wiwaha nembe kawiwitan penganten putri ninggalake kursi lan mlayu karo dhalang
Ki Sapanyana.
Rara Rayungwulan lan Ki Sapanyana mlayu menyang Kadipaten Majasemi.
Amarga ngelak lan ngelih, Ki Sapanyana nyolong semangkane Sukmanyana lan
Kembang Jaya. Ngerti kuwi Ki Sapanyana kecekel dening Kembang Jaya. Ki
Sapanyana kepeksa nyolong amarga ngelih lan pegel dikejar-kejar dening prajurit
e Kadipaten Paranggarudha.
Amarga Rara Rayungwulan, Kadipaten Carangsaka dadi bubrah. Mula kuwi
Yuyu Rumpung kepingin nguwasani pusakane Sukmayana, yaiku keris rambut
pinutung lan kuluk kanigoro gawe nguwasani Kadipaten Carangsaka. Saengga
ngutus abdine, Sondong Majeruk gawe nyolong pusaka kuwi. Nanging, abdine
kuwi malah mati ing tangan e Sondong Makerti. Adhipati Yudhapati ngerti yen
Sukmayana njaga Rara Rayungwulan lan Ki Soponyono. Akhire, Adhipati
Yudhapati nyerang menyang Kadipaten Majasemi lan gawe Sukmayana mati.
Ngerti kang mas e mati, Kembang Joyo janji yen bakal numpas Kadipaten
Paranggarudha. Kembang Joyo kanthi dibantu Ki Soponyono perang menyang
Kadipaten Paranggarudha. Akhire, Adipati Paranggaruda, Yudhapati lan putrane,
Raden Jasari mati.
Amarga jasane Kembang Joyo diangkat dadi adipati lan Ki Soponyono dadi
patihe. Kadipaten Paranggarudha, Kadipaten Carangsoka, Kadipaten Majasemi
didadekake siji kanthi jengeng Kadipaten Pesantenan kang gemah ripah loh jinawi.
Adipati Kembang Joyo nduweni anak jenenge, yaiku Tombronegara. Tombronegara
ngeganti jengeng Kadipaten Pesantenan kanthi jeneng Kadipaten Pati.
PESAN MORAL SAKA CRITA
“ BABAT PATI “

Saka crita kethoprak “ Babat Pati “, kita bisa


njupuk piwulangan yen kita ora oleh dadi wong
sing nduweni sikap ala. Lan ora oleh puas marang
apa sing diduweni, amarga apa sing diduweni kuwi
mung titipan saka Tuhan samata.
MATUR SEMBAH
NUWUN

Anda mungkin juga menyukai