Anda di halaman 1dari 2

Raden Wekudara ngilang, jebule lagi tapa nggolek Wahyu Widayat yaiku Wahyuning Ratu lan

mergo jerih payahe, Wekudara kasil etuk Wahyu kui. Kresna lunga nggoleki Bima dikancani karo
Arjuna lan Setyaki.

Ning tengah alas, akhire Kresna ketemu Bima sing lagi tapa. Jebule Bima wis etuk Wahyu Widayat.
Akhire pada bali, ning tengah dalan Kresna menehi pesen ning Bima, bar etuk Wahyu Widayat
Bima ora etuk nyekel wong wadon, lan ora entuk niliki bayi ning wektu 41 dina.

Pas mlaku, Bima nakokke kahanane Wara Sembada karo Arjuna. Urung sempet njawab, Setyaki
teko nggawa kabar seneng, nek Wara Sembada wis nglahirke. Krungu kabar kui, Bima seneng
banget. Nganti lali pesen e Kresna. Kresna sing ngerti mung meneng wae.

Bima tekan ning Amarta, lan langsung nggendong bayine Arjuna. Kepancar cahya sing terang
banget saka awake Bima trus pindah ning bayi. Ternyata Wahyu Widatyat sing dietuke Bima
pindah ning bayine Arjuna.

Bima meneng lan nyadar nek Wahyune pindah ning jabang bayi.

Teko Arjuna , Setyaki, Kresna. Kresna : “Werkudoro, wis weruh Putrane Arjuna?”
[Bima meneng]
Arjuna : “Kakang Mas, wonten menapa kok namung kendhel?”
Bima : “Iki anakmu tak gendong, oleh tak pek anak ora?”
Arjuna: “Haduh Kakang Mas, nembe menika kula badhe dados Bapak.”
Bima : “Ora oleh?”
Arjuna : “Nyuwun pangapunten Kakang Mas.”
Bima : “Yowis. Tak melu ngaku Bapak wae.”
Arjuna : “Nyuwun pangapunten Kakang Mas.”
Bima : “Tak melu ngopeni karo ngragati urip'e wae.”
Arjuna : “Nyuwun pangapunten Kakang Mas, kula tasih kiat.”
Bima : “Yoh, yen enek apa-apa karo bayi iki ojo njaluk tulung aku.”
{ Bima lunga ora pamit.}

Bayine di balikke ning Sembadra lan langsung nangis kejer ora mandeg. Kresna ngandani Arjuna

Kresna : “Arjuna....”
Arjuna : “Wonten dhawuh Kakang Prabu”
Kresna : “Kok bodho temen to koe...!!!”
Arjuna : “Pripun?”
Kresna : “Koe jik eling Bima kae soko ngendhi?”
Arjuna : “Saking nggayuh Wahyu Hidayat.”
Kresna : “Mudeng salah mu?”
Arjuna : “Duh, Kakang Mas.... [ Arjuna mlayu nggoleki Bima, Arjuna ngerti mas e wis nglanggar
pantangan, lan ngerti Wahyu wis pindah ning jabang bayi ]

Arjuna ketemu Bima ning Taman Amarta, melu ning mburine Kresna sing nggendong bayi.

Arjuna : “Kakang Mas.”


Bima : “Ngaliyooooooo.”
Kresna : “Bima. Reneo tak kek'i anak sik mbuk karepke.”
Bima : “Oraa nampa wakilan.”
Kresna : “Arjuma, nyoh kekno Kakang mu [ karo menehke bayi ning Arjuna ]
Arjuna : “Kakang Mas kula aturi mendhet jabang bayi punika.”

Bima nyaut bayi kaya narik pedang.

Arjuna : “Ngatos-atos Kakang Mas.”


Bima : “Sak karep ku. Iki wes dadi anak ku.”
Bima ngetokke ajian saka Dewa Bayu. Jabang bayi dikekeb kenceng lang ngome keringete
Werkudara, tiba-tiba bayi dadi wong enom sing bagus.

Langsung digendong lan digawa lungo menyang Dwarawati. Ning kana bayi dikon tanding
ngelawan Jawa Murcito lan menang.

Maka bayi kui dikei jeneng Abhimanyu lan langsung dadi ratu ning Plangkawati

sumber : ceritawayang.blogspot

Anda mungkin juga menyukai