Anda di halaman 1dari 7

Naskah Ketoprak “Lambang Sari Edan”

Adegan 1
Alun-alun Kediri
Klana Sambega : Ha…ha…ha… Sampeyan Patih tuwa mapagaken kula
wonten perlu menapa?
Patih Kudo Sinumpit : Gawok raosing manah kula dene sang Prabu Klana
ketingal kirang rena ing penggalih.
Klana Sambega : Wong Kediri iku ora ngerti semu, kula mungkur saking
pasowanan kanthi pasuryan mbranang, amarga
panglamar kula dipuntampik kanthi alus mawi cara
sayembara ngupadi kembang pudhak kencana.
Patih Kudo Sinumpit : Menapa sampeyan sampun ngasta kembang pudhak
kencana?
Klana Sambega : Ajeng pados ten jagad pundi nggih boten wonten, niku
padune rak mung nampik panglamar kula…Nggih
mboten?
Patih Kudo Sinumpit : Menawi ngaten paduka sawadya kondur kemawon.
Ateges cabar panglamar paduka.
Klana Sambega : Sepisan malih entuk ora entuk Retna Kuning dakboyong
ing praja Tanggul Angin-Angin minangka prameswari…
Yen ora dikeparengake Kediri tak gawe karang abang.
Patih Kudo Sinumpit : Sampun dados katetepan sinten ingkang mboten saged
ngaturaken kembang pudhak kencana ateges wurung
mboyong sang putrid Retna Kuning.
Klana Sambega : Prajurit…
(Prajurit Kediri perang klawan Tanggul Angin-Angin,
prajurit Kediri mundur)
Adegan 2
Margi
Lambang Sari : Kang…iki arep lunga ngendi ta? Ayo bali wae kang!
Joko Sembara : Piye ta kowe kuwi? Wong wis arep tekan regol
kadipaten kok ngajak bali.
Lambang Sari : Jane ki ngapa ta Kang? Kok adoh-adoh ndadak menyang
kadipaten.
Joko Sembara : Aku arep golek pagaweyan ana kutha kadipaten kanggo
cagaking urip awake dhewe.
(Dhatengipun Patih Kuda Sinumpit)
Joko Sembara : Den, wonten menapa? Kok majeng-majeng sajak
krenggosan.
Patih Kuda Sinumpit : Ngertiya yen ta aku katemben paprangan lan Prabu
Klana Sambega nanging aku kaseser ing yudha….Kosek
ta pawongan, aku during tau weruh kowe jenengmu sapa
lan saka ngendi?
Joko Sembara : Kula Joko Sembara.
Lambang Sari : Kula Lambang Sari Den.
Joko Sembara : Kula kekalih saking pertapan Argo Sari. lambing Sari
menika bojo kula. Anakipun begawan Manik Suka.
Patih Kuda Sinumpit : Ngertiya aku Kuda Sinumpit, Patih Kediri. Lambang
Sari… Majua, apa bener kowe anake begawan Manik
Suka?
Lambang Sari : Inggih, Den.
Patih Kuda Sinumpit : Nalika aku ing pertapan kowe isih cilik. Piye, bapakmu
rak padha slamet ta?
Lambang Sari : Pandonganipun, Bapak tansah bagas kewarasan.
Patih Kuda Sinumpit : Joko Sembara… Satemene ana wigati apa adoh saka
pertapan Argo Sari tumeka ing Kediri duwe karep kang
kepiye?
Joko Sembara : Kula badhe pados pedamelan Gusti Patih.
Patih Kuda Sinumpit : Satemene aku bisa paring gaweyan karo sira, nanging iki
Kediri lagi rusuh amarga pakartine Prabu Klana
Sambega saka Tanggul Angin-Angin. Kaya kang tak
kandhakake ing ngarep yen ta aku kasoran yudha
kalawan Prabu Klana Sambega.
Joko Sembara : Oo… mekaten… Mbok kula mawon sing nandhingi.
Mangke nek musuhe mati kula rak banjur angsal
pedamelan.

[Type text]
Patih Kuda Sinumpit : Aja glenyengan anggonmu matur.
Joko Sembara : Mboten Gusti, sakestu kok… Ten pundi ta ratune sing
gawe rusuh?
Patih Kuda Sinumpit : Ya, yen pancen ngono ayo taktuduhake papane.
Joko Sembara : Nggih, mangga… Kula titip bojo kula Lambang Sari
dipunawat-awati salebetipun kula manggihi Prabu
Klana.
Lambang Sari : Sing ngati-ati ya Kakang…
Adegan 3
Palagan
Joko Sembara : Semene okehe iki endi sing jeneng Klana Sambega?
Klana Sambega : Bocah ndesa ora ngerti tata. Laop-laop nggoleki Klana
Sambega. Jerengen mripatmu…! Iki sing jejuluk Prabu
Klana Sambega. Sapa kowe?
Joko Sembara : Oo… kalingane kowe ta Prabu Klana sing gawe rusuh
ing Kediri…Ngertiya aku Joko Sembara kongkonane
Gusti Patih Kuda Sinumpit supaya ngundurake kowe
sakwadyamu.
Klana Sambega : Bocah ndesa soroh pati. Prajurit… ranjaben Joko
Sembara!
(Perang, Prabu Klana sakwadya tumpes)
Adegan 4
Kraton Kediri
Prabu Lembu Amisena : Kakang patih… ssira bali sowan ing Sitinggil nganthi
bocah nom-noman kuwi sapa?
Patih Kuda Sinumpit : Kepareng matur menika name Joko Sembara, saking
pertapan Argo Sari. Inggih Joko Sembara menika
ingkang saged nyirep rerusuh Kediri.
Prabu Lembu Amisena : Joko Sembara… nyolong pethek kowe bocah pradesan
bisa ngasorake Prabu Klana Sambega kang darbe
kasekten linuwih. Mara age matura supaya ora gawe
bingunging pamikirku.
Joko Sembara : Inggih Gusti, kepareng matur sedaya wau awit pusaka

[Type text]
peparingipun Bapa Begawan ingkang awujud kembang
pudhak kencana.
Prabu Lembu Amisena : Kembang pudhak kencana…?
Joko Sembara : Saksampunipun kula matur bab kembang pudah kencana
Gusti Prabu katingal cingak.
Prabu Lembu Amisena : Joko Sembara… praja Kediri nganakake sayembara sapa
kang nduweni kembang pudhak kencana yaiku kang
tinampa panglamare dhaup klawan putriku Retna
Kuning… Retna Kuning…!
Retna Kuning : Dhawuh kanjeng rama.
Prabu Lembu Amisena : Nini, sira wis ngerteni dhewe yen ta Joko Sembara kang
duweni kembang pudhak kencana, ateges Joko Sembara
kang bisa mupu sayembara.
Retna Kuning : Lajeng kersanipun kanjeng rama kados pundi?
Prabu Lembu Amisena : Sabdaning ratu sira nini Retna Kuning bakal sun
dhaupake klawan Joko Sembara.
Retna Kuning : Ngestokaken dhawuh rama.
Adegan 5
Taman Sari
Retna Kuning : (menangis)
Emban : Wonten menapa ta Gusti? kok tansah muwun
kemawon… Mangka kula niki sok elon-elon yen
sumerep tiyang nangis mesthi melu nangis. Yen weruh
wong mangan ya kepengin mangan, ngoten lo Gusti.
Retna Kuning : Piye ta biyung anggonku ora susah, ngrasakake
lelakonku iki. Aku sengit banget nyawang Sembara
bocah desa kang srogal-srogol ora duwe tata karma,
kamangka saiki wis dadi garwaku. Sapa sing ora isin lan
sedhih rasane?
Emban : Woo… jebul menggalih keng garwa ta.
Retna Kuning : La rumangsamu sapa sing tak pikir?
Emban : Kula wastani menggalih sanesipun… La rumiyin kados
pundi kok kersa didhaupake? sakniki gela… Kados dene

[Type text]
nasi sudah menjadi bubur, hancur lebur bur bur…..
Retna Kuning : Kabeh kuwi mau awit aku mundhi dhawuhe kanjeng
rama minangka jejering ratu ing Kediri.
Emban : Inggih ngertos, nanging kados pundi malih wong barang
wis kebacut. Inggih ta? pun mboten saged dibaleni…
Tinimbang sedhih, mangga tetembangan kemawon.
(nembang, jejogedan, dhatengipun Joko Sembara
ndherek tetembangan)
Retna Kuning : Biyung… ana wong bebarang ngono kok mbok ya
diwenehi dhuwit ben ndang lunga.
Joko Sembara : Den ayu… ucap sampeyan kok nylekit gawe seriking ati.
Kula niki nembang nglipur sampeyan, la kok malah
dianggep wong mbarang. Mbok ampun siya-siya dupeh
kula cah desa.
Emban : Wah blaik iki. Bakal ana brantayuda masmangun iki…
Lari ah….
Retna Kuning : Mbok ngilo githokmu! aja ngimpi kowe kepingin
dakladeni. Anggonku gelem didhaupake amarga
kedhesek ing kahanan. Aku ora wani mancahi
dhawuhing wong tuwa.
Joko Sembara : Inggih …inggih… Jan-jane kula niku ya wis duwe
bojo... Bojo kula Lambang Sari yen mung
katandhingake kalih sampeyan mboten kalah ayune,
malah tasih ayu bojo kula.
Retna Kuning : Kowe wani ngina putri ratu Kediri? bakal gedhe
pidanane.
Joko Sembara : Niku yen putri ratu sing isa diajeni, ning sampeyan niku
putri sing nyepelekake kawula cilik. Anggen kula mapan
ten ngriki amung dhapur keblusuk…Tinimbang kula
kelara-lara wonten ing ngriki, kula tak nyusul bojo kula
mawon.
(Joko Sembara medal tanpa pamit)
Adegan 6

[Type text]
Kepatihan
Warti : Lambang Sari?
Lambang Sari : Napa?
Warti : Kok lungguh meneng wae kuwi ana apa? Mbok mrene
jagongan kalih kula, ora sah mikir apa-apa.
Lambang Sari : Kowe ra ngrasakake kok yu, atiku iki mung tansah ketir-
ketir wae saploke ditinggal Kakang Sembara kuwi lo yu.
Sri : Wis ora apa-apa, mengko rak ya ndang bali. Iki sing
ngancani wis wong loro, arep kepengin apa-apa ya kari
ngomong. MarahiSembara iku ya cumanthaka?
Lambang Sari : Kok cumanthaka piye ta yu?
Sri : Ha… wong kuwanen, cah desa wae maju perang. Perang
iku angel lho, nek ora ajar ora isa.
Warti : Kowe ki nek ngomong ya ora nggenah, kok kaya arep
pentas wayang wae, nganggo latihan perang? Latihan
wae sok rak pener.
Lambang Sari : We… kowe ora ngerti yu, bojoku iku sekti ora isa
dikalahake!
Warti : Wis rasah dipikr, lotre ngono wae. Mulih bojoku, ora
mulih ya dudu bojoku, tur ya mung cah ngono wae.
Lambang Sari : Kok mung di cahke kaya ngono ta? Arepa kaya ngapa
aku wis bacut tresna kok.
Warti : Wis mengko nek Sembara ora bali, aja samar mengko
tak golekna ganti bocah iku.
Sri : Ya, ayo ning KUA saiki… ben ndang beres.
Lambang Sari : Ha… ra… sudi!
Warti : Kowe ya terus kaya rindik asu digitik, wong mung nggo
ngayem-ngayemi ben ra susah. Timbang karo kuwi ya
mendhing ben milih salah siji niyaga kuwi, sing
mbonang apa sing ngendhang?
Lambang Sari : Kok saya ra karu-karuan, pokoke nek ora karo Kakang
Sembara aku emoh, aja dha nggodha ta (nangis)
Warti : Lo… kok malah nangis, wis…wis…meneng, dingo

[Type text]
lotisan wae ya, karo dolanan men keslimur.
Lambang Sari : Emoh yu, atiku keranta-ranta, saya nek aku kelingan
impenku
Sri : Ee… ngimpi kuwi karo turu apa ora?
Lambang Sari : Jeneng ngimpi ki ya merga turu! Mangka ngimpiku iku,
ing kana aku lagi mlaku-mlaku karo kakang Sembara
lewat pinggir kali sing ana kedhunge, jero banget lo yu
kedhunge iku. Lha kakang Sembara iku kecemplung ing
kedhung iku ta?
Warti : Wis ta rasah dipikir, ngimpi iku mung kembange wong
turu.
Sri : Kuwi isa uga Sembara kecemplung tenan lho Yu, kaya
dhek aku ngimpi ngompol kae nyatane aku tangi teles
kabeh ki sarungku.
Warti : Kuwi padune kowe wong keset, tangi neng kiwan
wegah, wis Ndhuk ora sah dipikr wae.
Lambang Sari : Piye ya Yu, nek kakang Sembara kecegur tneng kedhung
tenan ora ana sing nulungi, aku njur piye…? (nangis)
Sri : Isa uga kuwi kedadeyan tenan lho Yu?
Warti : Kowe ki malah mbanget-mbangetake ora ngerti ngibur
Lambang Sari : Ayo, aku diterke nusul kakang Sembara
Warti : Eeee ora, mengko ndak didukani ndara patih.
Sri : Mengko yen nusul malah kecemplung kabeh, ra ngerti
dina sesuk.
Warti : Hus… aja clebang-clebung, wis ayo lungguh kene wae.

[Type text]

Anda mungkin juga menyukai