Anda di halaman 1dari 17

1

ADEGAN : KA I. KRATON RANDU ALAS


SWASANA : GAYENG
IRINGAN : GUMYAK
PARAGA : 1. RAJA MAMANG MURKO
2. PERI MURDANINGRUM
3. GANDARWO RAJA
PROPERTY : TONGKAT BERKAPALA TENGKORAK

KATRANGAN : a. Peri Murdaningrum keluar sambil berjoget.

01. RAJA MAMANG MURKO


( Muncul ) wis, ora usah megal-megol ! Njoget wagu kok njoget.
Malah kaya kelebon orong-orong.

02. PERI MURDANINGRUM


Yoben. Hobby je. Mbok sampeyan ngilo. Wong sampeyan ya melu
megal-megol wae kok ngeloke. Mongka malah wangun aku.Wis wagu
megol. Malah kaya Sapine pak Ndhut kakean Lapen.!

03. RAJA MAMANG MURKO


Wis ora usah diteruske. Mengko ndhak tekan ngendi-ngendi.
Kae anake diurusi. Ngop[eni anak siji wae kok ora becus. Anakmu kae
ngapa ta ? Saben-saben mung loap-laop nglenggeng kaya wong mbarang.

04. PERI MURDANINGRUM.


Lo ? sampeyan jangan Cuma menyalahkan saya kangmas Mamang
Murko ! Di telusuri luwih dhisik perkarane. Sapa ngerti anake dhewe lagi
latihan olah vokal nggo ngadhepi Audisi Idol.

05. RAJA MAMANG MURKO


Anake dhewe arep sikatan nganggo odol ?.

06. PERI MURDANINGRUM


( Cepet nyahut – Cetha ) Odol usus sampeyan niku. Itu lo ?
Yang nanti kalau menang bisa jadi penyanyi ngetop. Kaya Crisjon.

07. RAJA MAMANG MURKO


( Cetha ) Crisjon ? Kae petinju ya. Dudu penyayi.!

08. PERI MURDANINGRUM


O,... Wis ganti profesi ta ?

09. RAJA MAMANG MURKO


Ganti lambemu kuwi ! Kawit biyen Crisjon kuwi ya petinju !
2

10. PERI MURDANINGRUM


( Jengkel ) Hiya, hiya ! Ngono wae kenceng. Nesu ! Nesu apa ?! Hiya ?

11. RAJA MAMANG MURKO


Sing kandha nesu kuwi ya sapa. Sapa ? Kene tak gajule kene !
Sing kandha aku nesu.

12. PERI MURDANINGRUM


Sing kandha aku. Arep tok gajul apa ? Nyoh gajulen. Ayo gajulen ?

13. RAJA MAMANG MURKO


( Clingusan – Ngrayu ) Ya ora dhiajeng….. ngono we tersingung....

Datang Raja Gandarwo gandrung nembang Mendhem Wedhokan.

14. GANDARWO ROJO


( Selesai nembang – Dengan Mamang Murko ) Oh,.. Dhiajeng,…….
Dhiajeng garwane pun kakang. Leganana brantaning atiku Dhiajeng,…
Kene nyaket pun kakang Dhiajeng. Tidak usah malu-malu.

15. RAJA MAMANG MURKO


Ngger putraku cah bagus Gandarwo Rojo. Sadara ngger. Aku dudu
wanita nanging ramamu….

16. GANDARWO ROJO


Perkara Rama sliramu ora usah wedi Dhiajeng. Ramaku wis ora galak.
A’ak tersna tenan marang sliramu Dhiajeng. Mengko aku sing matur
Romo. Nek Romo ora marengake mengko ntak patenane. Piye ? Setuju ?

17. RAJA MAMANG MURKO


( Sengol – Jengkel ) Setuju Nyuk !

18. GANDARWO ROJO


( Merayu ) Lo ? kok Nyuk ? Aku kuwi tresna tenan je. I Love You May
Darling. Sungguh modar ora eling. Yen ora sasandingan marang sliramu.

19. RAJA MAMANG MURKO


Kanjeng Ratu. Mbok anakmu iki di elingke. Mosok bapakne kok dirayu.

20. PERI MURDANINGRUM


Wegah ! Sampeyan isa ta ngelingke. ?

21. RAJA MAMANG MURKO


O,.Yoh.Tak ladenane. Pokoke klapa degan kabeh. Sakluarga edan kabeh.
( Kemayu- Swara wedok ) Oky kramas Gandarwo Rojo....
3

22. GANDARWO ROJO


( Mantep ) Nah,.. mbok ngono kuwi dhiajeng. Gawe mareming pun
kakang. Sliramu nek gelem tak pundut garwo arep darbe pamundhut.
Pamundhut apa Dhiajeng. Sing ana tambuhana sing ora ana takokna…

23. RAJA MAMANG MURKO


( Kemayu – Swara wedok ) Injih karmas…. Menawi sak-estu
penjenengan tresna dhateng kula., Kula namung bade nyuwun mbenjang
cateringipun kangge mantenan panggenanipun Warkop.Kemawon.

24. GANDARWO ROJO


Lo,..? Kok kateringe Warkop ? Ora catering Anita kagungane bu RW ta ?

25. RAJA MAMANG MURKO


( Isih kemayu ) Wegah karmas… Warkop wae,.. murah meriah. Ngirit.

Gandarwo Rojo sadar.

26. GANDARWO ROJO


( Sadar ) Woaduh,…. Romo ta iki…

27. RAJA MAMANG MURKO


Wis eling ? Sadar tenan ? Sliramu kuwi kayungyun marang Wewe apa
Peri. Kuntilanak ngendi ? Mbok matur marang Romo lan Ibumu. Romo
saguh ndhodok lawang korine nginang jambe suruhe.

28. GANDARWO ROJO


Wong dudu Wewe, Peri apa Kuntilanak kok. Nanging Manungsa.

29. RAJA MAMANG URKO


( Radi kaget ) Heh ? Menungsa ngendi ? Nek kuwi apa isa klakon ngger.

30. PERI MURDANINGRUM.


Isa lan ora kuwi mung gumantung wong tuane kok. Anak polah Bapa
pradah. ( Dengan Gandarwo ) Tak dukung ngger putraku cah bagus.

31. GANDARWO ROJO


Nek Romo ora gelem nuruti. Aku arep nglalu.

32. RAJA MAMANG MURKO


Lo,...lo,... kosik ta. Cah enom kok mutungan. Trus menungsa ngendi.

Gandarwo Rojo lajeng mbisiki Mamang Murko.


Gandarwo Rojo lajeng pun jak mlebet. OUT.
4

ADEGAN : KA II. KRATON BOJONEGORO


SWASANA : AGUNG
IRINGAN : AGUNG
PARAGA : 1. PRABU DARMO WASESO
2. GARWO PRAMESWARI
3. PATIH KERTOPROJO
4. ADIPATI GENDHUT KESUMO
5. ADIPATI BAGONG DININGRAT
6. ADIPATI MAMUK SAPUTRO
7. DEWI AMBOROWATI

KATRANGAN : a. Prabu Darmoweseso pun adep patih Kertoprajo saha


garwo Prameswari. Ngrembag anggenipun bade ngesahaken
pranatan Kraton Bojonegoro.

01. PRABU DARMOWASESO


Wakne Patih Kertoprojo. Lan sliramu dhiajeng. Ingsun bakal mundhut
unjuk pelapuranmu ngenani anggon ingsun bakal ngesahake PERKRA.

02. PATIH KERTOPROJO


( Nyembah ) Nyuwun panganpunten. PERKRA menika menapa Sinuwun

03. PRABU DARMOWASESO


Wah,,, sliramu kuwi patih wakil ingsun PERKRA wae ora mudheng.
PERKRA kuwi Praturan Kraton. Mundhaing Bulu bekti.
Bulu bekti wae ya ora mudheng meneh. Pajak. Apa kawulaku wis
mendukung kabeh perkara anggon ingsun bakal ngundhake Bulu bekti.

04. PATH KERTOPROJO


( Nyembah – Alus ) Nuninjih ngestokaken dhawuh Dalem anggen kula
menyerap aspirasi kawula Bojonegoro ngengingi PERKRA. Taksih
ndadosaken pro kontra. Pramila menawi saking wawasan kula pun tunda
kemawon rumiyin Sinuwun. Awit taksih katah permasalahan ingkeng
perlu dipun rembag.

05. PRAMESWARI
( Nyembah – Alus ) Menika leres Sinuwun. Menawi penjenengandalem
memaksakan disahkanya PERKRA, mangke mindhak menyebabkan dis
integrasi. Katah Kadipaten ingkeng memisahkan diri. Pramila kedah pun
tunda Sinuwun.

06. PRABU DARMOWASESO


Apa ya ngono Wakne Patih.
5

07. PATIH KERTOPROJO


( Santai ) Nek aku ya ngono. Tunda !

08. PRABU DARMOWASESO


( Nyentak ) Heh ! Kowe kok njur lali ora basa karo aku Ndhul.

09. PATIH KERTOROJO


Eh,.. hiya. Lali. ( Nyembah ) Nyuwun pangapunten. Menawi sak-estu
penjenengandalem bade menunda tentang kebijaksanakan Dalem. Kula
kinten langkung sae. Awit kraton Bojonegoro sak-menika nembe
kedatengan para tamu penglamar. Saking Pat Manca negari.
Menawi penjenengan paksakan, lajeng kawula sami unjuk rasa mangke
mindhak ngisin-isini Sinuwun.

10. PRABU DARMOWASESO


Wah hiya. Nganti lali yen lagi akeh tamu Pat Manca Negoro. Yen ngono
sak-iki dhawuhana para tamu supaya sowan.

11. PATIH KERTOPROJO


( Nyembah ) Injih sendika Sinuwun.

Patih Kertoprojo lajeng medal nimbali para Adipati.

12. PRABU DARMOWASESO


Dhiajeng. Sliramu menfko ya tak keparengake menggalih bab iki.

13. PRAMESWARI
( Nyembah – Alus ) Injih sendika Sinuwun. Menawi kula kaparangan
lilah tumut cawe-cawe.

14. PRABU DARMOWASESO


Ya wis mesti Dhiajeng. Otomatis persoa;an iki ana sambunge marang
Sliramu. Jalaran sing bakal dilamar kuwi putramu.

Datengipun patih Kertoprojo sampun ngirit para Adipati.

15. PATIH KERTOPROJO


( Dateng para Adipati ) Mangga, mangga Nakmas Dipati kula aturi
lenggah rumiyin.. Menika para Adipati bade munjuk Sinuwun.

16. PARA ADIPATI


( Mantep – Saur manuk ) Injih sendika Rekyana patih,.Sendika Paman,

17. PRABU DARMOWASESO


( Dateng para Adipati ) Mangga kula aturi memperkenalkan satu persatu
6

18. ADIPATI GENDHUT KESUMO


( Nyembah – Mantep ) Injih kepareng munjuk Sinuwun. Kula Adipati
Gendhut Kesumo saking kadipaten Bengkelan. Sowan kula bade nglamar
putra putrid Dalem Dewi Amborowati. Bade kula sengkakaken minangka
garwo prameswari.

19. PRABU DARMOWASESO


Em,… penjenengan taksih bujang menapa sampun kagungan garwo ?

20. ADIPATI GENDHUT KESUMO.


( Mantep ) Kula taksih joko thingthing Sinuwun. Dereng nate caket
wanita. Menawi caket wanito taksih dredeg Wong kulinanipun namung
ngutheg-utheg mesin kaliyan nyambi memelihara Sapi.

21. PRABU DARMOWASESO


Weh,.. sae menika. Adipati sambene mbengkel kaliyan ngingu sapi….
Pun sekecakaken rumiyin. ( Kaliyan Adipati Bagong ) Menawi ndika ?

22. ADIPATI BAGONG DININGRAT


( Nyembah – Mantep ) Kula Adipati ber budi bawa leksana adil para
marto. Ora tedas tapak paluning pande sisaning gurinda. Tinatah mendhat
jinara menter... mabur tanpa lar,.....

23. PATIH KERTOPROJO


( Cepet nyahut – Cetha ) Jajan tanpa mbayar !
Nyuwun sewu. Penjenengan menika Adipati apa wong adol jamu.
Tricis wae gek ora sambung. Karo pamundhut pirsaning Sinuwun Prabu.
Penjenengan menika dipun dangu asmanipun..... Malah tekan ngendi-endi

24. ADIPATI BAGONG DININGRAT.


Oh,.. nggih nyuwun pangapunten. Nama kula Adipati Bagong
Diningrat.Adipati sugih banda bandu. Niat kula sowan bade nglamar
Dewi Amborowati. Minangka jangkeping garwo patang puluh.
Niku welinge guru kula. Kangge katentreman praja Ngledoksari.

25. PRABU DARMOWASESO


Nggih sak-karep sampeyan le matur. Adipati Bagong Diningrat saking
Ngledoksari ( Kaliyan prameswari ) Apik lo iki Dhiajeng. Kena nggo
memedi sawah.

26. GARWO PRAMESWARI


Injih kangge pepak - pepak ta Sinuwun. Kula remen kok Gadah mantu
menika. Ngendhikane kaya manuk Cucak Rowo.
7

27. ADIPATI MAMUK SAPUTRO


Kula nggih ajeng nglamar je Sinuwun. Kok dereng dangu ?

28. PRABU DARMOWASESO


Wella, mangga menawi bade matur. Kagungan kersa menapa....

29. ADIPATI MAMUK SAPUTRO


La ngaten rak injih mantep. Sowan kula wonten ngarsa Dalem menika…
intinipun idem kaliyan para Adipati menika.

30. GARWO PRAMESWARI


Wah… nyenengke njih Sinuwun..? Adipati menika. aturipun cekak aos.
To the poind. Pinter ketoke cah iki.

31. PRABU DARMOWASESO


Pinter piye…. Wong ngapalke naskah jare angel. Dadi ya mung ringkes.

32. GARWO PRAMESWARI


O,… Tak kira pinter je. ( Kaliyan Mamuk ) Sinten asma penjenengan ?

33. ADIPATI MAMUK SAPUTRO


Aku Adipati Mamuk Saputro, Dhiajeng..

34. PRABU DARMOWASESO


Heh ! Ra ngawur lo kowe ! Iki bojoku. Karo meneh kok njur ora basa.

35. ADIPATI MAMUK SAPUTRO


O,.. Nggih ta ? Kula kira Dhiajeng Amborowati je. Sorry Rama mara
sepuh calon. Salah persepsi.

36. PRABU DARMOWASESO


Sorry,..sorry ! Sosori meri apa. Para Nakmas Adipati sedaya.
Kula sampun ngertos maksud dan tujuan penjenengan. Nanging perkawis
menika keputusan ada di tangan Amborowati. Mila Amborowati sing
bakal memberi jawaban. ( Dengan Prameswari ) Dhiajeng, timbalana
putramu Amborowati.

37. GARWO PRAMESWARI


( Nyembah – Alus ) Injih sendika Sinuwun.

Prameswari lajeng nimbali Amborowati. OUT.


Para Adipati penglamar sak-sampunipun ngertos Amborowati
lajeng sami bergaya. Ada yg membenahi pakaianya. Ada yg
memakai minyak wangi. Tapi Mamuk Saputro langsung bade
8

nyalami. Dipun tarik kaliyan para Adipati. Rame.... dipun penggak


dening Patih.
38. PATIH KERTOPROJO
( Nyegah ) Heh,…!!! Stop !!! Sapa sing akon maju. Ayoh ! Ngiper wae.
Adipati kok tlun yukan. Come Back. Plis shedown…

Adipati penglamar lajeng sami lenggah.

39. PRABU DARMOWASESO


Wis Dhiajeng. Dhawuhana Amborowati memberi jawaban .

40. GARWO PRAMESWARI


( Nyembah ) Injih Sinuwun.( Dengan Amborowati ) Ngger Amborowati
Sliramu wis di keparengake menehi jaawaban mkarang para Adipati
penglamar. Lan sliramu uga dikeparengake milih endi sing cocok.

41. DEWI AMBOROWATI


( Nyembah – Alus ) Injih sendika Ibu….( Dateng para Adipati )
Nyuwun pangapunten. Menapa sakestu penjenengan sedaya menika bade
nglamar kula ?.

Para adipati penglamar sami rebutan wangsulan... saur manuk


Dipun sapih dening patih.

42. DEWI AMBOROWATI


Wosipun,.. Siapa yang dapat menuruti keinganan kula. tindak pandang
bulu. Sok-sapa-a sing bisa nyowanke Mliwis putih sing bisa tata jalma
yang dapat ngomong. Itulah yang akan menjadi pendamping hidup saya.

43. ADIPATI GENDHUT KESUMO


Wah,... nek Sapi we malah duwe aku………

44. ADIPATI BAGONG DININGRAT


Nek diganti manuk parkit apa Nuri isa ora Dhiajeng. Mengko tak jupuke
nggone Pranto.

45. ADIPATI MAMUK SAPUTRO.


Aku njaluk pangestu dhiajeng. Tak goleke….

Mamuk Saputro lajeng pamit. Dipun tututi dening para adipati….

46. PRABU DARMOWASESO


Dhiajeng. Aku ngelih je. Yok dha kembul bojona ondrowina.
Wakne Patih pisowanan dibodolke. Ya…
9

Semua OUT.

ADEGAN : KA III. OMAH DESO


SWASANA : GEMBIRA
IRINGAN : CAPING GUNUNG
PARAGA : 1. BREMONO
2. NYI BREMONO
3. BREMONO PALSU
4. LURAH BANYUSARI
PROPERTI : KURUNGAN MANUK

KATRANGAN : a. Bremono bekta kurungan manuk.


Ngresiki manuk. Lajeng dicentelke lan dipetheti.

01. BREMONO
( Singsot – Metheti ) Ayo muni ta. Ora usah wedi. Iki wis jaman
reformasi kok. Muni sak-karepmu oleh kok……

Datengipun Nyi Bremani bekta wedang kaliyan nyamikan.

02. NYI BREMANI


Kang. Wedang iki diunjuk dhisik. Mumpung isih anget.

03. BREMONO
( Taksih metheti manuk ) Yoh… mengko dhisik. ( Singsot )

04. NYI BREMANI


( Ngiling wedang - Rada jengkel ) Mengko selak adem lo ?
Saben dina kok mung ngurusi manuk terus !

05. BREMONO
( Santai ) La kowe ya wegah nek tak kon ngurusi manuku....

06. NYI BREMANI


Mbok ya ora ngono... Senengake kok ora ngetok-ngetoke.
Trus saben dina sing ngurusi manuk sampeyan kuwi ya sapa.
Nek dudu aku. Apa sak-iki wis ana sing ngurusi manuk sampeyan pa.

07. BREMONO
( Nyedak ) Kuwi mesti nek tekan kono. Wis ora usah ngrembug
manuk. Ndhak marahi breng ! ( Ngombe wedang )

08. NYI BREMANI


10

La sing marahi nggih sampeyan kok. Angger wis ngopeni manuk trus
lali apa-apa. Perhatiane mung neng manuk. Trus aku kuwi dianggep
apa ? Patung ?

09. BREMONO
Ya ora ngono Dik. ( Ngrayu ) Nek ngene iki aku trus kelingan gek
awake dhewe isih yang-yangan kae ya . Kangen je. ( Nyekel tangan )

10. NYI BREMANI


( Mlaku ngedoh. ) Ah,.. aja ngono kuwi ta ? Ngrayu,… ben aku ora
nesu,… Mengko nek ana wong rak ngisin-isini ta ?

11. BREMONO
( Nyedak ) Endi ? Wong sepi ngono kok.

12. NYI BREMANI


( Nuding penonton ) Ha nika napa. Wong akehe semono kok muni
ora ana uwong. Trus nika dianggep napa ?

13. BREMONO
Ha hiya dianggep patung wae... Nek pingin sesuk kon melu.

Bremono lajeng nembang / Nyanyi. Duet Romantis.


Rampung nembang Bremono ketingal sedih. Mikir.

14. NYI BREMANI.


( Kecewa ) Kakang. Ngapa ta ? Gelo ya ? apa kelingan WIL nya.

15. BREMONO
Kowe ora krasa apa ?. Mbok nyawang pasuryanku iki.

16. NYI BREMANI


Ogah ah ! Saben dina tak sawang malah saya blengger je. Tidak ada
perubahan. Disawang ora marahi yahut ning malah saya remuk.

17. BREMONO
La lehmu nyawang kurang tlaten kok. Coba lihat terus. Hu,..hu,...
Elek-elek aku iki ya mantan Cover Play Boy je.

18. NYI BREMANI


Percaya nek sampeyan niku bagus kaya Ariel. Ning aku wegah nek
dipadake Cut Tari apa Luna....

19. BREMONO
( Sengol ) Ngece,…. Yoben karang aku elek dhewe sak-jagad kok.
11

20. NYI BREMANI


( Merayu ) Lo,..lo,.. ya aja terus mutung ngono kuwi pakne.
Arepa wajahmu remuk. Ning aku ya tetap mencintaimu kok. Dear.
21. BREMONO
( Sinis ) Huh,.. Kamuflase... Bilang sayang tapi nyatane nganti sprene
ya durung memberi bauh hati padaku kok. Anak. Itu yang menjadi
keprihatinan saya. Tak bayanganke aku krungu tangising bocah. Hem.

22. NYI BREMANI


O,… Kuwi ta masalahe… yang membuat kakanda sithik-sithik nesu.
Sengol. Acuh tak acuh padaku. Nganti aku dikalahke karo manuk.
Yang marah itu sebetulnya aku. Wong aku ya wis siap. Sing majer
kuwi sapa ta ? Aku apa sampeyan ?

23. BREMONO
( Sengol ) Kowe !!

24. NYI BREMANI


( Santai ) Wis, Aku,…. Ning nyatane sak-iki aku wis,…Hamil kok.

25. BREMONO
( Kaget – Gembira ) Heh ?! Sliramu Halim Dhiajeng,…..

Bremono remen sanget miring bojonipun mbobot. Lajeng pun


bobong kaliyan pun kudhang.

26. BREMONO
( Gembira – Ngudhang ) Oh,.... terima kasih sayang. Kau telah
memberi keturunan… Tang ginung, ginung. Bojoku ayu tenan…
Sak-iki sliramu bakal duwe penjeluk apa dhiajeng. Matura,..

27. NYI BREMANI


Castinge kuwi apa,..wong desa wae nganti kaya piyayi. Yang fajar
wae ah.. Kakang Bremono… Aku ora arep njaluk neka-neka…
Nanging iki karepe bayi sing tak kandhut. Kepingin masak Tawon
Gung sak Talane kakang.

28. BREMONO
( Mantep ) Siap ! Laksanakan. Tak goleke Yayi…….

Bremono lajeng kesah. OUT.


Nyi Bremani ugi lajeng mlebet. OUT.
Datengipun Bremono palsu sampun bekta Tawon Gung sak
Talane.
12

29. BREMONO PALSU


( Sero ) Nyi,…………. Nyi Bremani,….. Aku sing teka, say……

30. NYI BREMANI


( os – Dari dalam – Sero ) Yoh,.. Sebentar Kang….

31. BREMONO PALSU


( Sero ) Cepet ta,... ! Selak gebelet je.

32. NYI BREMANI


( OS – Sero – Masih dari dalam ) Hiya,...hiya,...! Kosik ta... wah jan
Gebelet ya neng mburi dhisik kana !

33. BREMONO PALSU


( Sero ) Wella,.. gebelet ngapa je. Wong gebelet selak kepingin
ketemu slirramu kok Say,… ora gebelet libil……

34. NYI BREMANI


( Sero – Dari dalam ) Oky,… One minut……….

Nyi Bremani lajeng medal.

35. NYI BREMANI


( Agak gumun ) Lo,…? Kok cepet ta kang ? Kaya lagi wae budal.

36. BREMONO PALSU


( Ngulungke Tawon Gung sak Talane ) Yoh gelo. Penjalukmu…
Wong leh ku golek mung neng kono kok.

37. NYI BREMANI


( Nampani tala ) Neng kono ngendi je…? Kok ndhang oleh.

38. BREMONO PALSU


( Agresif ) Neng wit Randu Alas kae. Ws ta. Ora takon. Sing penting
pepenginanmu wis keturutan. Yoh dimasak wae pa ? Ning sak-
durunge masak aku mengko di opahi lo ya.

39. NYI BREMANI


( Tanpa curiga ) Di opahi apa ?
13

Bremono Palsu mbisiki Nyi Bremani lajeng ngrangkul Bremani


dipun jak mlebet masak Tawon Gung sak Talane.
Datengipun Bremono bekta Tawon Gung sak Talane.

40. BREMONO
( Bungah atine – Sero ) Nyi,.... Nyi Bremani,... Aku sing teka Say,..
Nyi Bremani,……….. My Dearling I Love You…….

41. NYI BREMANI


( OS – Dari dalam – Sero ) Nggih,…. Sekedhap….

42. BREMONO PALSU


( OS – Dari dalam ) Sapa Nyi,… kok loap-laop kaya lampor..neng
ngomahe uwong kok nng alas. ( Mesra ) Nyi le mijiti rada medhun
kene iki…. Nah,… ha’oh Nyi… Wah penak tenan je. Di penyet Nyi.

43. BREMONO
( Agak kaget – Mlenggong ) Lo,? Kok ana suarane wong lanang ya.
Nyi,… kowe kuwi omong karo sa pa ?!.

44. BREMONO PALSU


( OS – Dari dalam ) Kae kuwi sapa ta Nyi ? Tamu kok ora dhuwe
aturan… Ngegol-goli. Wis dinengke wae. Mengko nek kesel le
bengak-bengok rak lunga dhewe. ( Mesra ) Nyi,... Ih,..gemes aku,...

45. NYI BREMANI


( Mesra – Dari dalam ) Ah,..kakang kuwi nakal lo. Kosik tak tilikane

Bremono bingung ngrungroke Bremani mesra karo wong lanang.


Bremani metu kaget. Mlenggong sumerep Bremono.
Bremono curiga lajeng mlebet madosi tiyang ingkang wonten
nglebet kamaripun. Bremono OUT.
Bremono Palsu Medal. Ugi lajeng curiga. Madosi mlebet.
Bremono Palsu kaliyan Bremono mlebu metu tansah tlisiban.
Ngantos kaping Tiga. Gatuk kepanggih sami kagetipun. Nyi
Bremani naming mlenggong bingung.

46. BREMONO + BREMONO PALSU


( Padha kagete – Nggetak ) Nah,…! Candhak ora !!!

47. BREMONO PALSU


Sapa kowe ! Wani mlebu omahku !

48. BREMONO
14

Lo,..? sing kudune takon kuwi aku. Sapa kowe wani mlebu .kamarku.

49. BREMONO PALSU


Aku Bremono bojone Bremani.

Lajeng sami eyel-eyelan sami-sami ngaku Bremono bojone


Bremani. Padu Perang Warokan. Bremani bingung mlayu
ngundhang pak Lurah. Bremani OUT.
Bremono taksih sami perang Warokan.
Nyi Bremani nglarak pak lurah

50. NYI BREMANI


( Kaliyan nglarak pak Lurah ) Tulung,..Pak ! Tulung. Bojo kula….

51. PAK LURAH


Kosik ta ! Kosik ! Bojomu kuwi ngapa ?

Pak Lurah sumerep Bremono sami gelut

52. PAK LURAH


( Misah ) Heh,…! Heh,…! Sentop ! Sentop!

53. BREMONO
Mboten usah dipisah pak Lurah ! Tiyang niki ngrebut bojo kula.

54. BREMONO PALSU


Mboten usah dipisah pak Lurah. Tiyang niki ajeng ngrebut bojo kula !

55. BREMONO
( Mangkel ) Kowe sing ngrbut bojoku !

56. BREMONO PALSU


Kowe sing ngrebut bojoku,…!

Lajeng sami gelut malih. Dipisah dening pak Lurah

57. PAK LURAH


Heh ! Isa dha dikandhani ora hem ! nek ora isa, yo wis kono tutukna
lehmu gelut.

Pak Lurah lajeng ngajak Bremani kesah. Nanging dipun gondheli


kaliyan Bremono.

58. BREMONO
15

La mangke rumiyin pak Lurah Lunga ya lunga ning ampun gendhol


bojo kula.

59. PAK LURAH


Mulane dikandhani kuwi ora ngeyel ! Iki genenahe kuwi ana apa.

60. BREMANI
Niki ngaten lo pak Lurah.... Bojo kula niku waune siji ning kok tiba-
tiba dados kalih. Rak bingung ta kula ?

61. PAK LURAH


Dadi loro kuwi wadahe ora sedeng apa ?
(Nakoni Bremono) Kosik aku tak takon. Sapa sing jenenge Bremono

Bremono kekalihipun sami ngacung. Kula !

Pak Lureh radi bingung.


Sapa sing bojone Bremani

Bremono kekalihipun sami ngacung. Kula !

Pak Lurah saya bingung.


Sapa sing Bremono palsu !

Bremono sami tuding-tudingan. Niki !

Pak Lurah
Sakiki ngenen Nyi bremani. Tulung aku jupukna kendi.

Nyi Bremani lajeng mendhet kendi.


Pak Lurah lajeng damel sayembara. Sinten ingkang saget mlebet
kendi injih menika ingkeng Bremono asli.
Bremono asli protes. Tidakj mungkin orang dapat masuk kendi.
Tapi keputusan pak Lurah tetap harus dijalani.
Bremono palsu tidak bisa masuk kendi. Lalu Bremono palsu
yang dapat masuk kendi. Tapi setelah Bremono masuk kendi.
Kendi lalu ditutup oleh pak Lurah. Kendi diocak-ocak dari
dalam Bremono palsu sambat-sambat. Setelah kendi dibanting
keluarlah Gandarwo rojo. Gandarwo Rojo lalu mengamcam
akan tetap mengganggu manusia yang lemah imanya.
Adegan ini bisa dikembangkan dengan Improvisasi.

“ SELESAI “
16

KPK
Kethoprak Pemuda Kradenan

Cerita

Naskah
NANO ASMORODONO
Sutradara
KAK NUR
Astrada
NOVI KALUR
Penata Iringan
PAK MARJO
Koordinator Pemain
SAPTONO PT

Paraga

01. RAJA MAMANG MURKO :


02. PERI MURDANINGRUM :
03. GANDARWO ROJO :
04. PRABU DARMOWASESO :
05. GARWO PRAMESWARI :
06. PATIH KERTOPROJO :
07. ADIPATI GENDHUT KESUMO :
08. ADIPATI BAGONG DININGRAT :
O9. ADIPATI MAMUK SAPUTRO :
10. DEWI AMBOROWATI :
11. BREMONO :
12. NYI BREMANI :
13. BREMONO PALSU :
14. LURAH BANYUMILI :
17

.
.

Anda mungkin juga menyukai