Anda di halaman 1dari 15

Opening

Paraga : 1.Sunan Amangkurat V

2. Bupati Mangunoneng

3. Bupati Martapura

4. Demang Wiguna

5. Sakperanganipun Prajurit

Suasana : Prasaja, Wibawa

Iringan ilustratif, wibawa

Keterangan jumenengipun Rm garendi minangka Sunan Amankurat V

1.Bupati Mangunoneng

Ing dinten menika…… Rm garendi kawisuda nglintir kalenggahan dalem Sunan Amangkurat IV kanti
sesebatan Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Prabu Amangkurat Senapati ing
Nagalaga Abdurahman Sayidin Panatagama Khalifatullah Ingkang Jumeneng Kaping V

*Sedaya sami nyembah


Babak 1

Papan : Kabupaten Pati

Wanci : Siang

Paraga : 1. Bupati Mangunoneng

2. Bupati Mertapura

3. Ng. Kertajaya

Iringan : Prasaja

Keterangan: Sami ngrembag saksampunipun Rm garendi jumeneng minangka Sunan Amangkurat V.


Tembang bage binage sakcekapipun.

1. Bupati Mangunoneng
Ngaturaken wilujeng Bupati Mertapura
2. Bupati Mertapura
Berkah saha pangestunipun njeng bupati mangunoneng anggen kula dumugi ing pati kalis ing
rubeda lan mboten wonten alangan setunggal punapa.kados pundi dumateng panjenengan?
3. Bupati Mangunoneng
Semanten ugi kula. sedaya lumampah kanthi sakmestinipun, namung wonten sekedik ingkang
semumpel wonten ing penggalih kula.
4. Bupati Mertapura
Menapa ingkang dipun penggalihaken?
5. Bupati Mangunoneng
Sejatosipun awrat manah kula kadawuhan supados mrangkani minangka pepatih Rm Garendi.
6. Bupati Mertapura
Nanging ingkang trep mrangkani jumeneng Rm garendi minangka Sunan Amangkurat V, mboten
sanes injih panjenengan.
7. Bupati Mangunoneng
Kula menika rak sampun sepuh
8. Bupati mertapura
Jumenengipun Rm Garendi taksih timur yuswa 16 tahun. tegesipun, Rm Garendi ugi dereng
mangertos perkawis tata rakiting peprintahan. mila kedah dipun amping ampingi piyantun
inkang wawasanipun wiyar, kadosdene panjenengan. sampun ngantos anggenipun ngesuhi
kawula tumpangsuh
9. Bupati Mangunoneng
Nanging sekawit ingkang bade dipun jumenengaken panjenengan.
6. Bupati Mertapura
Kula namung tansah sumadya sabiyantu menapa ingkang dados kersanipun Rm Garendi.
7. Bupati Mangunoneng
( mikir sedela) Kula neda nrima sanget awit sampun dipun pitados mrangkani jumenengipun Rm
garendi
8. Ng kertajaya
Kepareng kula bade nyuwun pirsa, sak sampunipun Rm Garendi jumeneng sak menika lenggah
wonten pundi ?
9. Bupati Mangunoneng
Sakwetawis wonten pathi, saperlu ngimpun kekiyatan saking prajuit cina ingkang dipun
pandegani kapiten sepanjang lan singseh. menawi sedaya sampun samekta, Rm. Garendi gadah
gegayuhan badhe mbangun beteng saha ngimpun kekiyatan ingkang langkung ageng wonten ing
kademangan gubug.
10. Ng kertajaya
Kenging menapa wonten kademangan gubug, mboten ing kademangan sanesipun?
11. Bupati Mangunoneng
Kademangan gubug papan ingkang sae kangge ngawat-awati lan nyigar kekiyatan mengsah.
Menawi kartasura badhe nglurug prang temtu lampahipun medal grobogan, lan menawi
mengsah saking semarang temtu bade nglangkungi demak. Tegesipun mengsah saking kalih
papan mboten saget nyawiji.
12. Bupati Mertapura
Sambet kalihan anggenipun badhe mbangun beteng kekiyatan wonten kademangan gubug. Kula
ugi sampun utusan prajurit sandi ingkang nama umbara supados ngrumiyini lampah. Mila Ng
Kertajaya.
13. Ng Kertajaya
Kadospundi?
14. Bupati Mertapura
Prayogi yen sampean sumusul, saperlu mestheake. Supaya yen sak wayah-wayah Rm Garendi
lan pendereke makuwon ing kademangan gubung, kahanan wewengkon kademangan gubug
tentrem lan ora mutawatiri.
15. Ng Kertajaya
Sendika. Menawi mekaten sakmenika ugi kula bade sumusul. Kula nyuwun pamit lan tambahing
donga pangestu
16. Bupati Mangunoneng
Sing ati-ati.
Babak 2

Papan : Dalan pinggir desa

Wanci : siang

Paraga : 1. Umbara

2. Winarti

3. Untari

Iringan: ilustratif

Katerangan : winarti ngenteni tekane umbara

1. Umbara
Winarti..
2. Winarti
Kakang umbara ..
3. Umbara
Seng gedhe pangapuramu, anggonku teka rada randat.
4. Winarti
Ora papa kang, bakune kakang sambara ora mlenjani janji
5. Umbara
Kepiye kabarmu lan keluarga, pada becik ta?
6. Winarti
Pangestumu kang, Bapak, ibu pada becik. Kakang umbara uga apik ta?
7. Umbara
Kaya sing kok sawang, aku ora kurang sawiji apa.
8. Winarti
Syukur kang aku melu seneng kakang umbara wes klakon dadi prajurit, rina weng aku tansah
ndedonga, supaya bisa klakon apa sing dadi panjangkanmu.
9. Umbara
Maturnuwun, mbokmenawa uga merga pandongamu aku bisa kaya ngene. Banjur kabare Untari
kepiye?
10. Winarti
Aku mau lagi wae ketemu lan aku kanda yen kakang umbara kepingen sak pejagong karo awake
dewe. Nanging aku ora ngerti kang, Untari bakalan mrene opo ora?! Merga Untari saiki wes
beda, apa meneh yen karo aku. wis ora kaya mbiyen nalika awake dewe saben nengdi wae
mesti bareng.
11. Umbara
Sebabe apa?
12. Winarti
Nalika kakang umbara ninggalake kademangan gubug, Untari katon gelo banget. Apa meneh
kakang umbara ora kanda Untari, nanging malah pamit aku. Banjur njalari untari meri lan
cubriya marang aku.
Kang, Kudune kakang bisa nraju glagat lan pasemone Untari.
13. Umbara
Glagat pasemon sing kepiye?
14. Winarti
Kakang pancen ora ngerti, apa ethok-ethok ora ngerti?!
15. Umbara
( rada gagu sajak ana sing di delikake) Kowe wes ngerti ta?! kowe lan Untari wis tak anggep
kayadene adiku dewe.
16. Winarti
Aku ngerti.. Kakang bisa nganggep aku kaya adimu dewe, nanging apa kakang ngerti yen Untari
nganggep apa marang kakang?
17. Umbara
( mikir sedela ) Yen aku nganggep Untari kae adiku, kuduneUntari uga nganggep aku kakangne.
kayadene kowe.

Tungka untari saka mburine umbara

18. Winarti
Untari..
19. Untari
Oo.. dadi aku mung kok anggep adi, banjur apa gunane nalika semana kakang umbara kanda
tresna marang aku?! kawit mbiyen aku wis bisa nyurasa, lan seiki sansaya cetha yen sejatine
tresnanmu mung kanggo winarti !
20. Umbara
Ora.. kowe aja kleru penampa…!
21. Untari
Kasunyatan wis ana ing ngarep mripatku . kakang iseh arep selak?! Ora ana gunane aku ana ing
kene. ( Untari lunga klepat )
22. Umbara
Untari…

( katerangan winarti mboten saget wangsulan menapa-menapa)


Babak 3

Papan : Kademanagan Gubug

Wanci : sore

Paraga : 1. Demang wiguna

2. Lurah cipta darma

3. Lurah citrawirya

4. Ng Kertajaya

Iringan : Prasaja, ilustratif

Katerangan sami rembagan kangge nyawisaken samukawisipun sawayah-wayah Rm Garendi


makuwon ing kademangan Gubug.

1. Demang wiguna
Pada basuki ta lurah cipta darma lan citrawirya
2. Lurah cipta darma
Pangestunipun ki demang kawontenan jatianom sedaya kepanggih sae,..
3. Lurah citrawirya
Semanten ugi tambakan katon ayom ayem tata titi tentrem, gemahripah loh jinawi.
4. Demang wiguna
Ya syukur, muga jatianom lan tambakan tansah pinaringan kaberkahan gusti.
5. Lurah cipta dama
Nyuwun sewu ki demang, Menapa leres kala wingi ki demang katimbalan njeng bupati
mertapura ing grobogan?
6. Demang wiguna
Injih leres, katimbalan supados nyekseni jumenengipun Rm Garendi ingkang jejuluk Sunan
Amangkurat V wonten ing pati.
7. Lurah cipta darma
Kepareng nyuwun pirsa, sejatosipun Rm garendi menilka sinten, lan kenging menapa dipun
jumenenganken wonten ing pati. Kamangka Kanjeng Sunan Pakubuwana II ing Kartasura taksih
jumeneng.
8. Demang wiguna
Rm Garendi menika ugi taksih darah turun kraton Kartasura, injih panjenenganipun putra ragil
saking Pangeran Tepasana. Kaleres wayah dalem Sunan Amangkurat III ingkang seda nalika
wonten geger ing kaluwarga kraton.
9. Lurah citrawirya
Lajeng menapa menika mboten ndadosaken dukanipun kanjeng sunan ing kartasura??!
10. Demang wiguna
Miturut pangandikanipun kanjeng Bupati Mertapura, anggenipun njumenengaken Rm Garendi
minangka Sunan Amangkurat V menika dipun segaja kangge ngrebat panguwaos ing kartasura.
amargi para bupati saha para panglima lan prajurit Cina ing pesisir jawi rumaos kuciwa dateng
Sinuwun ing Kartasura. Ingkang sewaunipun mbiyantu ngadepi kompeni nanging dumadakan
mbalik sekuthon kaliyan kompeni. Mila ing pangajab kanthi jumenegipun Rm Garendi para
kawula mataram lan laskar cina saget nyawiji sesarengan nundung kompeni ingkang tansah
damel sengsaranipun kawula ing mataram.
11. Lurah citrawirya
( Yakin ) Ngrebat panguwaos menika tumindak ingkang lepat lan nalisir saking bebener! Pramila
miturut pamanggih kula. prayoginipun Ki Demang wiguna kedah matur dateng kartasura, murih
awakipun piyambak mboten dipun lepataken.
12. Lurah cipta darma
( Tegas )Ki lurah citrawirya. kademangan gubung menika kabawah ing kabupaten grobogan, mila
kedah nderek kawicaksanan grobogan. Menawi badhe atur pelapuran dateng kartasura,
tegesipun nglangkahi njeng Bupati Mertapura minangka Bupati Grobogan.

Tungkanipun Ng kertajaya

13. Ng kertajaya
Kulanuwun..
14. Demang wiguna
Mangga mangga ngabehi kertajaya, lenggah inkang prayogi..
Wilujeng mas ngabehi..
15. Ng ketajaya
Pangetunipun ki demang
16. Demang sastra wiguna
Njanur gunung dumugi kademangan gubug, kagungan kersa menapa?
17. Ng kertajaya
Bares kemawon ki demang, kula dipun utus njeng Bupati Mertapura supados paring cecala
dateng ki demang. Bilih Rm Garendi saha sedaya para penderekipun badhe sawetawis makuwon
ing kademangan gubug. Pramila Ki demang saha sedaya warga kadawuhan nyamektaaken
samukawisipun kangge nampi lan mapanipun Rm Garendi.
( Lurah citrawirya ketingal mboten sarujuk, nanging mboten wantun matur)
18. Lurah cipta darma
Lajeng menapa mawon ingkang kedah dipun samektaaken?
19. Ng kertajaya
Inkang baken warga ing gubung kedah dipun paringi pangertosan, bilih Rm Garendi badhe miwiti
nggayuh gegayuhanipun saking kademangan gubug. Pramila sedaya warga kedah saget njagi
katentreman.
20. Demang wiguna
( dumateng lurah kekalihipun ) menawi mekaten ki lurah, dipun byawaraaken dumateng warga
kalebet para nem-neman supados nyamektaaken samukawisipun.
21. Lurah cipta darma
Sendika..
( citrawirya mboten nanggaepi polatanipun mboten remen)
22. Demang wiguna
Ng kertajaya mangga kula aturi ngaso langkung rumiyin wonten kademangan.

Babak 4

Papan : Kalurahan Tambakan


Wanci : esuk
Paraga : 1. Lurah citrawirya
2. Untari
3. pradapa
Iringan : ilusrtatif
Katerangan Lurah Citrawirya ora sarujuk yen kademangan gubug kanggo papan ngimpun
kekiyatanipun Rm Garendi.
Untari nembe racik-racik ( background aktipitas) lan mireng anggenipun pradapa lan bapakipun
sami rembagan

1. Lurah citrawirya
Aku ora sarujuk yen nganti gubug dadi papan kanggo ngimpun kekuatane Rm Garendi merga
Rm Garendi bakal ngraman kartasura. Iki kudu dicabarake..
2. Pradapa
Jan- jane niku perkarwis gampil..
3. Lurah citrawirya
Kowe ojo nggampangke perkara!
Iki totohane ora mung kalenggahanku tur uga nyawaku.!
4. Pradapa
Mboten ateges sedaya perkawis kula anggep entheng. Ning menawi sampeyan pitados kula,
kula temtu bade sabiyantu dateng sampeyan ta ki lurah
5. Lurah citrawirya
Mungguhing panemumu?
6. Pradapa
Nahh.. Pamanggih kula ki Lurah, sakderengipun Rm Garendi dateng wonten gubug,
kademangan gubug dipun damel kisruh mawon.
7. Lurah citrawirya
Karepmu?
8. Pradapa
Nek kademangan gubug kawontenanipun dipun damel kisruh lan mboten tentrem temtu
kemawon Rm garendi sak penderekipun mboten sios makuwon ing gubug.
9. Lurah citrawirya
(mesem) bener pradapa, yen ngono kowe kudu bisa ngimpun nom-noman sak kiwa tengene
tambakan, supaya bisa sabiyantu marang aku. Yen iki kasil aku bakal matur ing kartasura.
( yakin ) Lan gegayuhanku supaya bisa nyingkirake lan ngganteni kalenggahane ki demang
bisa kaleksanan.
10. Pradapa
Kula sagahi badhe sabiyantu ning saksampunipun sampeyan kelampahan dados demang,..
(pekewuh arep kanda )
11. Lurah citrawirya
Apa,. bebungah…?
12. Pradapa
( nglirik untari )..
13. Lurah citrawirya
Kanda’a ?! Yen aku kelakon dadi demang kowe ora perlu semelang perkara bebungah,
kepara kabeh kabutuhanmu tak cukupi.!
14. Pradapa
Sanes..
15. Lurah citrawirya
Banjur.?
16. Pradapa
Untari kula suwun, kula pek bojo. Pripun?! Yen sampean sarujuk sakniki kula ajeng
nyiagakne rencang-rencang ing wana rawasari, supados sami tata-tata damel kisruh.!
Kadospundi sagah?!
17. Lurah citrawirya
Perkara saguh, gelem lan orane kui gumantung untari.
18. Pradapa
Kula kinten menawi sampeyan sarujuk untari temtu purun. pripun?!
19. Lurah citrawirya
( mikir sedala, manthuk )..
20. Pradapa
Nahh.. nggih pun, sakniki kula nyuwun pamit.
21. Untari
(nyawisake unjukan & kanthi ngampet rasa, sareh) sedaya ingkang dipun rembag kaliyan
pradapa kula ngertos. Menika mboten sae lan mboten prayogi pak. Menapa malih menawi
ngantos kapresan ki demang lan njeng bupati mertapura, temtu bapak badhe nampi pidana.
22. Lurah citrawirya
Yen perkara iki cabar lan ki demang apadene njeng bupati mertapura presa, aku bakal
ngayom ing kartasura.
23. Untari
Nanging bapak kedah emut, kula temtu ugi badhe dados kurban awit tumindakipun bapak.
24. Lurah citrawirya
Kowe ora perlu sumelang, kabeh wes tak petung. Lan tumindake bapak iki kanggo
kamulyaning uripe awake dewe ing tembe.
25. Untari
Kanthi cara mbotohaken kula kangge nggayuh kamulyaning bapak??!
26. Lurah citrawirya
(ora bisa wangsulan apa-apa)
27. Untari
( sedih )Menawi sedaya dados niyatan lan sampun dipun pengggalih bapak. Kula bade
nyengkuyung lan nderek kersanipun bapak.
Nanging wonten saratipun.

Babak 5

Papan : Kademangan Gubug


Wanci : Siang
Paraga: 1. Demang wiguna
2. Lurah cipta darma
3. Ng Kertajaya
5. Umbara
4. Untari

Iringan : Prasaja, kenceng


Keterangan lurah cipta darma paring pelapuran bilih papan kangge makuwonipun Rm
Garendi sedaya sampun sami samekta

1. Demang wiguna
Kadospundi ki lurah cipta darma anggenipun nyamektaaken kangge nampi rawuhipun
Rm Garendi lan penderekipun?
2. Lurah cipta darma
Sawetawis papan kangge penderekipun Rm garendi sampun samekta. Nanging papan
ingkang samangke badhe kagem lenggahipun Rm Garendi, Bupati Mangunoneng saha
Bupati Martapura kasumanggaaken dateng ki demang.
3. Demang wiguna
Rm Garendi, kanjeng Bupati mangunoneng lan bupati Mertapura samangke katuran
lenggah wonten kademangn kemawon.
4. Lurah Cipta darma
Prayoginipun mekaten.
5. Demang wiguna
Lajeng sambet kalihan kawontenanipun para warga kados pundi?
6. Lurah cipta darma
Warga sakiwa tengenipun kademangan gubug kalebet jatianom sedaya saget nampi,
kepara remen menawi gubug badhe kagem papan ngimpun kekiyatanipun Rm garendi.
Nanging emanipu, miturut kabar ingkang kula tampi. wonten ing sak kiwa tengenipun
tambakan kathah rerusuh. Pramila estunipun kula ugi badhe nyuwun katerangan dateng
Lurah citrawirya, nanging dumugi sakmenika dereng dugi.
7. Ng kertajaya
Umbara iki tanggung jawabmu.
8. Umbara
Injih.. pawartos menika mila leres, nanging dumugi sakmenika kula dereng saget
nyepeng tiyang-tiyang ingkang damel rusuh.
9. Ng kertajaya
Apa koe uwis golek sisikmelik?
10. Umbara
Kula sampun ngupadi. kabar ingkang kula tampi lampahanipun tiyang menika nganeh-
anehi, awit sanes bandha ndonya ingkang dipun pendet. Nanging ngajrih-ajrihi warga.
Petang kula, menika temtu pokalipun tiyang – tiyang ingkang mboten remen menawi
Rm garendi makuwon ing kademangan gubug. Kula cubriya anggenipun damel rerusuh
menika supados kawontenan mboten tentrem, satemah Rm Garendi saha penderekipun
mboten sios mapan ing kademangan gubug lan badhe kadakwa ingkang njalari.
11. Ng kertajaya
Yen ngono kowe kudu bisa nyirep reretu iki, sakdurunge Rm Garendi makuwon ono ing
kene.
12. Umbara
Sendika
( saderengipun umbara pamit untari tungka lan damel kagetipun ingkang sami lenggah )
13. Untari
( sajak kemrungsung ) kula ingkang sowan ki demang..
14. Umbara
( rada kaget ) untari..
( nepangake ) menika untari, putranipun ki lurah citrawirya.
15. Demang wiguna
Oo.. ana apa untari, didawuhi bapakmu? Bapakmu wis pada dienteni jare..
16. Untari
Sanes ki demang. Anggen Kula sowan menika awit kajeng kula piyambak.
17. Demang wiguna
Banjur ana apa?
18. Untari
Kula badhe caos pelapuran, bilih ingkang damel rusuh wonten ing sakiwatengenipun
tambakan, tiyang – tiyangipun bapak kula.
( sedaya sami kaget “citrawirya!”)
Bapak mboten sarujuk menawi Rm Garendi mapan wonten ing wewengkon
kademangan gubug.
Menawi badhe ngrangket tiyang tiyang ingkang damel rusuh, mangke dalu nganthi
prajurit dateng ing wana rawasari.
19. Demang wiguna
Tenan kui??
20. Untari
Saestu ki demang.
21. Demang wiraguna
Yoh.. Tak tampa pelapuranmu.
22. Untari
Rehne sampun cekap anggen kula matur, kula yuwun pamit.
( untari medal, umbara namung saget nyawang )
23. Ng kertajaya
Umbara siagakna para prajurit supaya tata tata ngrangket rerusuh ing wana rawasari.!
24. Umbara
Sendika ngestoaken dawuh.!

Babak 6

Papan : Wana rawasari


Wanci : Wengi
Paraga : 1. Umbara
2. Untari
3. Lurah citrawirya
4. Pradapa
5. Rerusuh lan prajurit
Iringan : kenceng, tlutur
Katerangan umbara lan prajurit saha dipun biyantu warga gubug sami ngrangket para
rerusuh ing wana rawasari.
Fide in umbara lajeng nembang palaran sinom ( saget kalihan pradapa ), sedaya tiang-
tiang rerusuh sami medal ngagem cadar. sasampunipun tembang telas lajeng prang
samukawisipun. Ing tengah tengahipun prang untari saget katingkes. umbara lajeng
dipun bikak cadaripun.
1. Sambara
Untari …
2. Untari
Kowe ora perku kaget, aku pancen untari. Yen nyata kowe prajurit kang pinilih, ayo
adepana aku
3. Sambara
(ora percaya) aja guyon untari
4. Untari
Aku ora guyon,. Ak pancen sekuthon karo wong-wong sing gawe rusuh ana kene
5. Umbara
Kowe kena nesu marang aku, ning kabeh ora kaya pandakwamu..
6. Untari
Aku ora perduli,. Tumrap aku, kowe wes dudu sapa sapa, nanging kowe musuhku.!
7. Umbara
Aku ngerti, tumundakmu iki merga nesu marang aku. lan ora kaya ngene iki carane
ngrampungke perkara. eling kowe lan aku kekancan wiwit cilik..
8. Untari
Cukup umbara.!! Nganggo pawadan apa wae aku ora perduli.!!
9. Umbara
Minggir’o untari..
10. Untari
Aku ora bakal minggir, yen koe arep ngrangket wong-wong kui,.!
11. Sambara
Yen kowe mbela wong – wong kui, banjur apa karepmu kowe sowan lan matur
kahanan iki ing kademangan?
( citrawirya kaget krungu kandane umbara)
12. Untari
( meneng ora bias wangsulan)
13. Umbara
Kowe ora isa selak, aku ngerti anggonmu tumindak merga lara atimu?! Mula
wurungna tumindakmu
14. Untari
Ora umbara,. Tumindaku iki merga sabela marang wong tuwaku.!
15. Umbara
Ning wong tuwamu kleru, mula sepisan meneh wurungna karepmu, lan aku bakal
nyuwunake pangentheng-entheng marang kanjeng bupati.
16. Untari
kleru tumrap koe, nanging kepiyeo wae wong tuwaku kudu tak belani.!
17. Pradapa
Haiiss kesuwen..
( pradapa saka mburi nyuduk umbara nanging untari kaget lajeng malah mapan lan
mepalangi, untari ketaman gegaman. Pradapa bingung citrawirya kaget, kekalihipun
dipun tingkes prajurit, umtari dawahwonten pangkonipun umbara.)
18. Umbara
( kaget )untari..?!
19. Untari
( ngampet lara ) sing gedhe pangapuramu kang,. Aku kepeksa tumindak kaya ngene,
merga aku kepingin males lara atiku marang kowe. Anggonku atur pelapuran ki
demang, merga aku kepingin adu arep karo kowe lan ndak labuhi pati merga
kanggo katentremane kawula.… aku tresna kowe, aku pengen mati saka tanganmu..
20. Umbara
( sedih )untari.. kowe kudu kuat,. Aku ora lila yen kowe kaya ngene,.. aluwung aku
sing mati ing tanganmu..
21. Untari
Uwis kang,. ( ngusap eluh’e umbara ) Koe ora perlu nangis,. Aku seneng bisa mati ing
pangkonmu
( marang lurah citrawirya ) pak,. Kula sampun mbudidaya saget mikul duwur
asmanipun bapak, nanging kula mboten kiat.. kula pa.. (untari mati )
22. Umbara
(mbengok) uantariiii..!
( lurah citrawirya timpuh )

RAMPUNG
Untari

Naskah : Ardi Karta

Paraga

1. Bupati Magunoneng ( Pati ) : prasaja, wicaksana, wibawa


2. Bupati Martapura ( Grobogan ) : wibawa
3. Umbara (Prajurit Grobogan) : satriya, tegas
4. Untari ( putra citrawirya ) : pinter, kedel, tegas
5. Ng Kertajaya ( Nayaka grobogan ) : setya
6. Demang Wiguna ( Gubug ) : prasaja
7. Winarti : kenes
8. Cipta darma ( Lurah Jatianom ) : setya
9. Citrawirya ( Lurah tambakan ) : sugih, kemaki
10.Pradapa ( andahan citrawirya) : kemaki, licik
11. Prajurit
12. Warga

Anda mungkin juga menyukai