Anda di halaman 1dari 4

SAMBEL KEMANGI

Enake jangan asem kecut


Sambele kemangi
Mangane bubar nyambut gawe
Nadyan lawuh tempe neng sehat awake

Segere ngombe banyu kendi


Rokok nglinting dewe
Nadyan mung manggon ono ndeso
Nyatane ayem tentrem kumpul sak keluwargo

Aku nrimo watone pokok seger waras


Kayaku lumpukno kanggo ngragati sawah
Ugo tuku bibit lan rabuk’e
Mangan sakbendinane sego sambel kemangi

reff :
Enak opo wong urip ono ing alam dunyo
Yen wegah rekoso urip ora biso mulyo
Kudangane romo lan ibune
Sregepo nyambut gawe ojo lali gustine
SRI HUNING

Sri Huning mustika Tuban


Labuh tresna lan sabaya pati
Marang Raden Wiratmaya
Ingkang pranyata anandur branti

Sri Huning datan grahita


Kang tinerka kadange pribadi
Wiratmaya putra nira
Suralawe, adipati Tuban

Sri Huning putraning abdi


Wangsa pati nalika inguni
Kapupuh ing madya laga
Duk prang agung klawan Minak Jingga

Katresnane Wiratmaya
Tinampi dening Rara Sri Huning
Sanadyan pungkasan nira
Tekeng lena alabuh negari

Sri Huning mustika Tuban


Labuh tresna lan sabaya pati
Marang Raden Wiratmaya
Ingkang pranyata anandur branti

Sri Huning datan grahita


Kang tinerka kadange pribadi
Wiratmaya putra nira
Suralawe, adipati Tuban

Sri Huning putraning abdi


Wangsa pati nalika inguni
Kapupuh ing madya laga
Duk prang agung klawan Minak Jingga

Katresnane Wiratmaya
Tinampi dening Rara Sri Huning
Sanadyan pungkasan nira
Tekeng lena alabuh negari
GUBUK ASMORO

Yen liwat aku kelingan


Gubuk kae biyen tak nggo leren
Ning cagak kebak tulisan
Warno abang tondo isih perawan

Jenenge gubuk asmoro


Biyen kae aku andum tresno
Tanpo bantal tanpo kloso
Bot-abote ke taman asmoro
Sera

Gubuk kae nyimpen wadi


Nganti besok ora bakal lali
Gubuk kae kebak crito
Wayah wengi nganti gagat rino

Catetan sak jero ning ati


Datan luntur soyo merak ati
Aku kowe dadi garwo
Mergo leren ning gubuk asmoro

Yen liwat aku kelingan


Gubuk kae biyen tak nggo leren
Ning cagak kebak tulisan
Warno abang tondo isih perawan

Jenenge gubuk asmoro


Miyen kae aku andum tresno
Tanpo bantal tanpo kloso
Bot-abote ke taman asmoro

Gubuk kae nyimpen wadi


Nganti besok ora bakal lali
Gubuk kae kebak crito
Wayah wengi nganti gagat rino

Catetan sak jero ning ati


Datan luntur soyo merak ati
Aku kowe dadi garwo
Mergo leren ning gubuk asmoro
PODANG KUNING
Nadyan wujute mung peksi..
Agawe talining bronto
Alus manis tumprap ati..
Wus suwe nggonku lelono
Nggoleki Si podang kuning..
Ibo bungah ing atiku...
Nyandhing biso dadi tombo..

Esuk awan ning omah wis ora krasan


Keluyuran anggoleki seng tak sayang
Mubeng mubeng mider anggonku mideri
Ora kroso esuk awan nganti bengi

Eman eman yen nganti liyo kang nyayang


kleyang kleyang tak sawang mencok ning epang
Gegancangan tak rindik soko kadoan
Sarwi ngoceh deweke ngalih pencokan

Eela kae tak suwun mbok ojo ngece


Podang kuning agawe pikirku koming
Seret ireng tak sawang tambah manise
Ibo bungah yen klakon nyandhing slirane

Ora bakal atiku kegiwang liyan


Yen si podang andudut ati kepranan
Ora mendho atiku sansoyo ndodro
Tak sranani sun pikat pulute bendho

Anda mungkin juga menyukai