Nyanyian rakyat yaiku salah sawijine bentuk folklore sing kasusun saka ukara lan lagu, sing
kasebar secara lisan ng tengah-tengahe masarakat tertamtu lan awujud tradisional, uga akeh
duweni variasi. Miturut Brunvand, penggolongan nyanyian rakyat bisa dibedakake dadi 3
jinis, yaiku:
a. Sarana kreatif, yaiku kanggo ngilangne kabosenan, dadi iringan dolanane bocah cilik,
lan kanggo ngehibur dhiri.
b. Pembangkit rasa bungah, yaiku kanggo ngiringi yen wayah kerja. Tuladhane : lagu
Holobis Kuntul Baris saka Jawa Timur.
c. Protes social, yaitu protes ngenani ketidakadilan masarakat, Negara utawa dunya.
Saka dhaerah Blitar dhewe duweni nyanyian rakyat sing judule “ Blitar Kutha Cilik sing
Kawenta”. Isi lagu saka lagu kasebut yaiku cerminan ngenani Blitar. Ing ngisor iki lirik lagu
saka “ Blitar Kutha Cilik sing Kawenta”.
Reff:
Apa teges saka “Blitar Kutha Cilik sing Kawentar”? tegese yaiku Blitar kutha cilik sing
masyur. Kuwi jenenge kutha Blitar uga dadi lagu dhaerah Blitar. Ing Blitar aku dilairne. Ing
Blitar aku di gedhene ing bumi Bung Karno. Ing Blitar iki akeh tokoh nasional sing
digedhene utawa dilairne. Salah sawijini yaiku bapa proklamator, Bung Karno sing saiki
dimakamne ing kutha Blitar. Ing syair lagu Blitar Kutha Cilik sing Kawentar nyritakake
ngenani sejarah perlawanan rakyat kabupaten Blitar ing jaman jajahane Jepang sing
kegabung ing tentara PETA.
http://yafihelmi.student.umm.ac.id/?p=6
PITAKONAN TRADISIONAL
Pitakonan tradisional utawa sing luwih dikenal teka-teki yaiku pitakonan sing asipat
tradisional lan duweni jawapan tradisional uga. Pitakonan rakyat iki jinis budaya rakyat kuna
sing duweni macem-macem informasi lan nilai sing bedha-bedha, kudu focus mikir, uga
duweni kemampuan kanggo mbedakake tembung-tembung sing kuwalik, kuwalik karakter
ing ukara utawa teka-teki tunggal. Teka-teki uga bisa awujud wacana dialog, puisi, tembang
utawa gambar. Miturut Robert A. Georges lan Alan Dundes teka teki yaiku Ungkapan lisan
tradisional yang mengandung satu atau lebih unsur pelukisan (descriptive), sepasang
daripadanya dapat saling bertentangan dan jawabannya (referent) harus diterka.
Ing Indonesia, teka-teki dhewe wis berkembang saka jaman biyen ing saben wilayah
nuswantara. Teka-teki ing Nusantara duweni macem-macem bentuk. Ing jJawa, ana teka-teki
Cangriman, Wangsalan, dan Tembang.
a. Cangkriman yaiku pitakonan tradisional sing butuhkake terkaan. Cangkriman iki bisa
gawe mbuka wawasan pikiran. Tuladhane :
Abang-abang dudu kidang, pesegi dudu pipisan. (Batu bata)
Lampu apa yen dipecah metu wonge? (lampu took sing lagi tutup)
Ana tulisan Arab. Macane saka ngendi? (saka alas)
b. Wangsalan yaiku sejenise “cangkriman” sing teka-tekine ana ing anak ukara utawa
ing ukara kapisan, banjur wangsulane ana ing kalimat kapindho. Tuladhane:
Jenang sela, wader kalensesondheran. Apuranta, yen wonten lepat kawula.
Sekar aren, sampun dangu-dangu.
Kendhil dawa, enggal ditandangi.
c. Tembang pucung yaiku salah sawijine 12 tembang macapat sing paling ringkes lan
penak di mengerti amarga saka tembang iki merujuk ing bab kang lucu utawa parikan
utawa bedhekan. tuladhane : Bapak pucung, Dudu watu dudu gunung, Sabamu ing
alas, Ngon-ingone Sang Bupati, Prapteng marga, Si pucung lembehan grana (Gajah)
http://yafihelmi.student.umm.ac.id/?p=6