Anda di halaman 1dari 3

Assalamualaikum warrohmatullahi wabarokatuh.

Dewan Yuri ingkang kula hormati, nami kula


…………. siswa saking UPTD SDN 2 Teluk Agung, ingkang bade ndongeng:

Asal Usul Desa Telukagung – Indramayu


Ana sewijine cerita menusa turunan Cerbon, arane “Pangeran Jaya Klana” julukane
“Pangeran Surya Negara” istrie arane “Pulung Gani”
Sapa iku putri Pulung Gani ?
Putri Pulung Gani iku putrie Teja Arum lan Nyi Blorong. Mamange Nyi Blorong yaiku “Dewata
Cengkar” ora pengen perkawinane Teja Arum lan Nyi Blorong, dilangsungaken sebabe iku bangsa
menusa lan bangsa jin, nanging perkawinane tetep dilangsungaken. Dewata Cengkar berusaha
ngancuraken perkawinane sampe tekang turunane.
Wektu gawe mesjid Agung Keraton Cerbon sing dikenal aran mesjid “Cipta Rasa”, butuhaken
tiang gede sing kayu jati. Syekh Syarif Hidayatullah Raja Cerbon ngutus Ki Ageng Trusmi nggolet
wiwitan jati sing gede iku. Kabare wiwitan iku ana ning daerah Sumber Jati Tujuh Majalengka.
Ki Ageng Trusmi terus gage mangkat meng Sumber arep nemoni Ki Arsitem penguasa ning
daerah Sumber Jati Tujuh Majalengka kelawan numpak prahu. Nlusuri kali Cimanuk, nggoleti wiwitan
jati sing dipengini ning Kanjeng Sinuhun Sultan Cerbon, Akhire nemu wiwitan jati sing digoleti iku,
anane ning jagat bantaran kali Cimanuk, sing sekien diarani Jatisawit. Nanging wiwitan iku ora bisa
langsung ditegor sebab dialang-alangi ning Prabu Dewata Cengkar, mamange Nyi Blorong.
Dewata Cengkar : Lah ………… dalah ………… ana menusa …!
Hei Menusa …… ana apa sira teka-teka mene ?
Ora sobran, ora sabren, ana apa sira mene-mene kuh ?
Ki Ageng Trusmi : Assalamualaikum …., Punten, kita wong loro teka mene arep butuh
kayu jati sing gede kanggo mbangun Mesjid Agung Cerbon.
Dewata Cengkar : Lah … dalah … butuh jati gede … ?
Ora gampang,baka sira arep negor jati kien kudu nglangkai mayit
isun. atawa jaluk urup-urup. Ha ……ha……ha……ha……ha……
Ki Arsitem : Urup-urup? Maksude tumbal ?
Dewata Cengkar : ha …… ha …… ha …… ha …… ya ….. tumbal !
Olih jati kien ditegor, asal diurupi karo putri Pulung Gani (istrine
Pangeran Jaya Klana atawa Pangeran Surya Negara) sing ana ning
Cerbon.
Sarening Ki Ageng Trusmi lan Ki Arsitem bli pengen ana mateng Kakeributan, Ki Ageng
Trusmi lan Ki Arsitem balik meng Cerbon, nyampeaken permasalahan dunjeng Sinuhun Cerbon.
Akhire Jalukane disampeaken meng Kanjeng Sinuhun Cerbon lan disetujui. Putri Pulung Gani
digawa Ki Ageng Trusmi lan Ki Arsitem meng bantaran kali Cimanuk. Tapi Pangeran Jaya Klana
penasaran, nangapa istrie ditumbalaken.
Pangeran Jaya Klana : Punten …… Kanjeng Sinuhun. Kula heran nangapa istrie kula
didadiaken tumbal ?
Kanjeng Sinuhun : Pangeran Jaya Klana tek maklumi lamon sira bli ngerti. Tapi
weruhana nek gawe mesjid agung iku mbutuhaken kayu jati sing
gede kanggo saka. wiwitane ana ning bantaran kali Cimanuk,
sing duwe yaitu Dewata Cengkar alias bapa tuane Pulung Gani.
Dewata Cengkar njaluk urup-urup garwanira. Tek ijinaken sebab
bapatuane Pulung Gani kangen karo putune.
Pangeran Jaya Klana : Sanes mekoten Kanjeng Sinuhun, Kula penasaran, aja-aja istrie
kula arep dipateni.
Kanjeng Sinuhun : Ya wis,baka sira penasaran, los … kintilana Ki Ageng Trusmi lan
Ki Arsitem sing nggawa garwanira meng Sumber !

Pangeran Jaya Klana diprentahaken nyusul Ki Ageng Trusmi lan Ki Arsitem meng Sumber Jati
Tujuh Majalengka. Tekang kana, Pangeran Jaya Klana ora ketemu karo Ki Ageng Trusmi lan Ki
Arsitem lantaran wong loro mau wis mangkat meng bantaran kali Cimanuk.
Pengeran Jaya Klana nyusul meng bantaran kali Cimanuk, pengen weruh istrine didadekaken
tumbal. Ning tengah-tengah perjalanan ketemu karo penguasa kali Cimanuk yaiku “Graha Saito lan
Graha Nadi”. Graha Saito iku anake Ratu Penganten, baka Graha Nadi adine Ratu Penganten. Graha
Saito lan Graha Nadi ngalang-ngalangi perjalanane Pangeran Jaya Klana.

Pangeran Jaya Klana : Assalamualaikum …. Punten andon liwat !


Graha Nadi : Ko …… ko …… ko …… ko ……
Sapa sira lan arep mendi …… ?
Sampe wani-wani ngedekaken sikil ning kene …… ?
Pangeran Jaya Klana : Isun Pangeran Jaya Klana saking Cerbon. Andon liwat garep
nggoleti garwa isun sing digawa ning Ki Ageng Trusmi lan Ki
Arsitem.
Graha Saito : lah …… dalah …… wong Cerbon…… musuh gedene kita. Pura-
pura bae mene andon liwat, sebenere dika garep nguasai wilayah
kene!
Baka sira pengen liwat, kudu ijin dimin ning kita” baka kitane
mblolihi, sira kudu balik maning!
Pangeran Jaya Klana : Ya wis …… kita njaluk ijin andon liwat !.....
Graha Nadi : Ora bisa ! …… sira kudu balik maning! Apa maksa …… berarti
sira ngajak ribut.
Pangeran Jaya Klana : Apa jare bae …… ! Ribut … ya ribut !
Akhire wong telu pada gulet sampe pada ngadu elmu.
Graha Saito lan Graha Nadi iku bangsa jin, baka Pangeran Jaya Klana iku bangsa menusa,
wong telu kuh gulet sampe pirang-pirang dina lan pirang-pirang wulan tapi langka sing menang
langka sing kalah, akhire genahe gulet mau dadi kubangan banyu kang amba, persis teluk (puteran
banyu gede). Pangeran Jaya Klana dislametaken ning Ki Ageng Trusmi lan Ki Arsitem, dientasaken
sing kubangan banyu mau.
Kubangan mau kanggo penginget-inget diarani TELUKAGUNG. TELUK artine kubangan
banyu atawa puteran banyu. AGUNG artine gede atawa amba. Dadi TELUKAGUNG iku Puteran
Banyu Sing Amba.
Wis semono bae dongeng kita anane desa Teluk Agung. Sekien desa Teluk Agung wis maju,
rakyate makmur. Moga-moga desa Teluk Agung bisa kanggo tuladha sing desa sejene. Anane guyup
rukun kudu dilestarikaken, aja seneg pada gulet sebabe gulet mung bisa gawe claka kita sekabehane.
Wassalamualaikum warohmatullahi Wabarokatuh.

Anda mungkin juga menyukai