BABAK 1
Perusuh : Senajan wukir rata ing bantala, senajan baskara sirna ing ndonya, ora
bakal ana sing bisa nandingi. (karo ngguyu)
Suramenggala : He Perusuh! Sakdurunge malaikat izrail nemoni aku, aku isih bisa
ngalahne sepiro-piro kakuwatanmu.
Perusuh : Apa?? Wani-wanine kowe ngancem aku. Ayo dibuktekne sopo wong
seng luweh sekti.
Suramenggala : He Perusuh! Saiki kowe ngerti sapa wong sing luwih kuwat. Kowe ora
bakal tak pateni, nanging kowe kudu ngalih saka Kadipaten Trenggalek
iki. Lek kowe ra pengen mati, ojo wani-wanio mbalik rene lan gawe
rusuh ning Kadipaten iki.
Amarga Suramenggala wis bisa ngalahne Perusuh, Prabu Nata
Kusuma menehi titah marang patihe supaya nggawa Suramenggala
ngadhep Prabu Nata Kusuma.
BABAK 2
Suramenggala : Hormat kula, Prabu Nata Kusuma. Wonten punapa Raden ngutus
kulawonten mriki?
Prabu Nata Kusuma : Amarga Kowe bisa ngalahne Perusuh, saiki kowe takangkat Patih ing
Kadipaten iki.
Prabu Nata Kusuma : Menawa kui panjalukanmu, bakal tak kabulne kepinginanmu sing
penting Kadipaten iki wis aman lan tentrem saka karusuhan.
BABAK 3
Suminten seneng ra ketulungan sakwise ngerti crita saka bapake,
yen deweke bakal dirabi putra Prabu Nata Kusuma, Subrata sing jarene
bagus rupane lan apik budine. Suminten wis ora sabar arep ketemu
Subrata.
Suminten : Koyo mbiyen? Koyo mbiyen pripun kang mas? kula taksih ngertos
sampean sakniki.
Subrata : Kowe ki ra ngerti aku? Aku Subrata wong kene omahe kono, putra
Prabu Nata Kusuma nata bata lima ambruk sedaya.
Suminten : Inggih, ngapunten pak, kang mas.... (sempat metu gek mbalik neh) Oh
inggih, unjukane napa nggeh?
Subrata : Peresan banyu godong ijo saka Kasultanan cirebon kang digodog karo
banyu anget.
Suramenggala : Ngapunten menawi panjenengan mboten kita sambut kanthi apik. Nggih
namung ngeten niki keluargane wong ndeso, mung pas-pasan.
BABAK 4
Suramenggala : Nduk, cah ayu. Kepriye sejatine isi atimu?. Apa isih ana kirane secuil
rasa tresna kang manggon ing atimu ?
Suminten : Duh rama, kula sampun remen sanget kalian Mas Brata. Kula mboten
Saget ngicali raos tresna kula marang Mas Brata. (Suminten ora kuwawa
Anggone ngempet tangise).
Ibune Suminten : Sabar nduk, kuatna atimu yen pancen Raden Mas Brata kui jodhomu
bakal dadi bojomu.
(backsound : kelangan )
BABAK 5
Ibune Suminten : Dudu nduk, iki patih saka Kadipaten Trenggalek ngaturake layang saka
Raden Subrata.
(Ujug-ujug Warok Suramenggala nyaut layang kang dicekel garwane, lan banjur diwaca)
Suminten : Punapa Rama? Napa ingkang dipunaturaken Raden Mas Subrata wonten
layang menika?
Ibune Suminten : Nduuuk !!! aja ngono, sadaro nduk. (Ibune Suminten nangis)
Sawise 3 jam anggone ora sadar, Suminten sadar lan ujug-ujug ilang akal
sehate.
Suminten : Mas Brotooooo, Mas Broto kan ??? Iya Mas Broto
iku.... Rama, rama
Ibune Suminten : Nduk, sadar nduk. Iku rama mu, dudu Subrata. Iki biyung nduk.
(khawatir)
Banjur Subrata tangi saka turune. Dheweke bingung, ana ngendi Cempluk saiki.
Raden Subrata banjur nggoleki Cempluk, pas teka ana ing sawijining alas
dheweke weruh Warok Suramenggala arep mateni Cempluk. Tanpa mikir
dawa, Raden Subrata enggal nulungi Cempluk.
Raden Subrata : Apa sing arep kok lakokne marang
Cempluk?
Warok Suramenggala : dudu urusanmu, bocah wadon iki sing wis nyebabake anakku edan.
Aku ora trima (arep mateni Cempluk).
Sawise Sari ngadhani Suminten, Suminten lan Sari nyusul ing alas mau.
Warok Suramenggala : Wani-wanine ngrebut Subrata. Yen kowe weruh, Suminten anggone
tresna marang Subrata dibelani edan, apa mentala yen kudu weruh
anakmu edan ?