Ing wayah isuk segerre lan atisse pegunungan ngrasuk ono ing dada. Juragan dateng wonten
Kebun Teh mriksa kahanan opo kang ono. Tanpa sengojo Juragan weruh gadis ayu sing ora
pernah didelok ing kebun teh.
Juragan Sus : loh nok kok aku nembe weruh saman nok
Sulastri : nggih juragan, kula ngganteni simbahe kula
Juragan Sus : mbahhe namani sinten nok ?
Sulastri : Mbah Darmi juragan
Juragan Sus : eee lahh koe putune mbah darmi to. Mbahmu kenopo nok ?
Sulastri : mbahe kula gerah juragan
Juragan Susu : loro opo nok ?
Sulastri : mboten saged mlampah wau enjing dawah ten pawon
Marji : astagfirullah kok malah neng kene ki pie ra ? ora malah njagani mbahe
Sulastri : mboten kepenak kula kalih juragan kang
Juragan Sus : yowes balek wae nok rapopo ben simbah ono seng njogo, rene tak terke
Marji : halah Juragan ki nggolek nggolek wae
Juragan : hush
Sulastri : matursuwun sanget juragan. Mboten sah kulo saged piyambakkan Juragan
Juragan Sus : halah mengko nek kenopo kenopo la aku ra seng salah nokkk
Sulastri : yen juragan mboten kerepotan nggih monggo juragan
Juragan sus : lah ngono to (karo mesem)
Juragan sus : (mbisik Marji) heh marji tukokno buah og ! ndang seng cepet !!!
Marji : oh siap Juragan (Marji mlayu cepet lan numbaske buah kagem Mbah Darmi)
Juragan lan Sulastri nenggo kalihan lungguh wonten tengah kebun teh
Marji : Juragan ki kok tambah stres wae
Karo nggrememeng marji ngomong koyo ngono, tapi ora disadar neng sebelahhe ono Jurhgan
lan sulastri kang isih nenggoni
Juragan : heh ngomong opo koe ntessan ?
Marji : hah ora ngopo ngopo juragan, niki buahhe bos
Juragan : lah bagus, ayo nok tak terke ben marji seng njogo neng kene
Sulastri : nggih Juragan monggo
Sulastri lan juragan nuju omahe mbah darmi. (Si Marji geleng geleng karo kelakuanne
juragan seng tambah aneh )
ADEGAN 2
Juragan lan Sulastri dumugi omahhe mbah Darmi.
Sulastri : Assalamualaikum Wr Wb
Mbah : Waalaikumsalam Wr Wb nok, eh wonten Juragan, monggo mlebet Juragan.
Juragan : nggih mbah (juragan ndekek buah wonten meja sebelahhe mbah darmi)
mbah : hadu.. sakwontenne nggih, kula namung ndueni niki tok
Juragan : mboten nopo mbah, disyukuri mawon
Mbah : Nook, Juragan gawekke unjukkan ki lho
Sulastri : nggih mbah (sulastri tumuju dapur nggawekke teh)
Juragan : waduh, mboten sah repot repot nokk.
(sulastri mung mesam mesem)
Juragan : gerah punapa mbah ?
Mbah : iki biasa penyakit tuo juragan, yen tibo sitik langsung abuh
Juragan : la sampun dipreksakke dereng mbah ?
Mbah : oraaa usah ngko yo mari dewe juragan
Juragan : lo panjenengan po mboten ngertos yen kulo saged nambani, mbiyyen kulo calon
mantri lo mbah
Mbah : halah juragan ki ono ono wae
Sulastri mlebet nggawakke teh kagem juragan lan mbahhe
Sulastri : monggo juragan diunjuk tehhe, nyuwun sewu yen tehhe mboten enak
(Juragan nyicip tehhe)
Juragan : walah enak ngene nok kok diarani ora enak, mbah kula tak kundur rumiyin badhe
ten kebun ningali maleh
Mbah Darmi : kok kesusu ngono to ?
Juragan : ten kebun mboten wonten kang nungguni mbah
Mbah Darmi : lah yowes nek ngoten, matur suwun nggih juragan
Juragan : nggih sami sami mbah (juragan salaman kalih mbah Darmi)
ADEGAN 3
Juragan balek oma sawise maghrib, langit wes mulai peteng lan rembulan uwis siap nyinari
nggantiake sinar srengenge. Latar omahe wes sepi, lan lampu-lampu wes diumpanakke.
Juragan : assalamualikum
Sri : waalaikumsalam, kesel mas
Juragan : hee awake pegel kabeh rasane.
Sri : lha kangmas saking pundhi mawon? Jam sementen kok nembe wangsul.
Kondo sulastri wektu Juragan entes mlebu omah lungguhan ana ing ruang tamu, lan Sri
langsung ngrewangi nyopot sepatu.
Juragan : bar seko kebon teh, mau niliki sedilit ana kendala porak.
Sri : oalah nggih to, yawes ndang dhahar riyen niku wau sampun dimasakke. Sampun
wonten pindang goreng lan tempe bacem.
Juragan : lah ngertinan meni kokan yen aku pengen pindang goreng.
Sri : yo jelas, Sri kan ngertos nopo seng dipingini mas Sus
Juragan : yawes ngko tak entekke, aku tulung gawekke teh anget ya
Sri : inggih kangmas, ditenggo sekedap.
Sri banjur menyang neng pawon nggaweke teh. Lekas nggawekke teh banjur Sri maring ana
ing meja makan. Dhewekke weruh bojone ngalamun
Sri : kangmas, niki unjukane.
Juragan Sus tetep ngalamun lan orak nyekel lawuh kang ana ing meja makan. Piring wae ora
dicekel.
Sri : kangmas, kangmas niki lho unjukane.
Juragan : oh yo, delehke wae neng kono hehe
Juragan Sus banjur mesem-mesem dewe lan ora sadar yen mau kui bojone seng ngeterke teh.
Sri : wonten nopo to kangmas kok mesem-mesem? Nopo seng tunggon neng kene mau
kepethuk kangmas?
Juragan : orapopo, yoraklah seng tunggon omah iki toh malahan wedi karo aku.
Sri : iyo kangmas asli medeni. Hehehe. Lha wonten nopo si mas ?
juragan isih mesam-mesem dewe, mbayangke ayu ne Sulastri mau. Lan iso langsung ketemu
mbahne, itung-itung njaluk restukaro mbahne.
Juragan : kae mau kok ayune pol, wes rak ono seng ngalahi
Sri : ayu?
Juragan : hee ayu, eh orak nding. Kae mau koncone Teki lewat ngarep omah. Kok
jebule gek do nom.
Sri : husss sampeyan niku mas, mbok yo iling umur. Wes mambu lemah ngono hehe
Juragan : lha wong aku yo ngomong tok, tapi tetep ayu Sri sak pol e.
Sri : kangmas niki wonten mawon
Juragan : kandani kok, pokokke bojo ku siji iki emang ayu tenan. Rak ono seng ngalahi
ayu ne Sri pokokke (kecuali Sulastri to ya, apaan Sri wes tuo ngene kalah ayu mbek Sulastri)
Sri : halah kangmas niki kok dadi koyo pujangga ngene
Juragan : tenan lah. Wes ayo ndang dimaem iki. Selek garing ngko pindang e dadi atis.
Raenak dipangan ngko.
Sri : nggih kangmas, monggo niki tak pendetke sekul e.
Juragan :maturnuwun bojoku seng ayu dewe.
Sri : halah mas niku kok.
ADEGAN 4
Sesok e awan awan Sulastri lagi metik teh. Amarga Uwes wayahe ngaso Sulastri njupuk
rantang e kanggo mangan ing gubuk. Ing tengah ndalan Sulastri dikagetke muncule Juragan
Sus.
Juragan Sus : Nduk..
Sulastri : Eh.. juragan wonten nopo nggeh ?
Juragan Sus : Simbah kepripun nduk sampun sehat napa dereng , oh nggeh niki kulo ono
bingkisan saking istri kulo (kalihan menehke bingkisan seng digowo marang Sulastri.)
Sulatri : Tersuwun Juragan , opo mboten ngrepoti ?”
Juragan : Mboten kok nduk , kulo malah seneng. (ucape lirih)
Sulastri : Pripun Juragan ?
Juragan : Eh mboten nopo-nopo nduk (elake juragan amarga wedi ketahuan )
Amarga uwes diwenehi bingkisan Sulastri arep mbales budine Juragan.
Sulastri : Oh nggeh Juragan sampun maem during niki kulo wonten maeman yen juragan
gelem ( kalihan nduduhke rantange )
Juragan : Piye nek dimaem bareng wae nduk ?
Sulastri : Oh nggeh sampun juragan nek ngono , monggo kita maem ing gubuk .
Sulastri lan Juragan Sus mlaku bebarengan ing gubuk. Tekan gubuk Sulastri mbukak
rantange lan diwenehke marang Juragan . Akhire pakanan mau dipangan Juragan .
Juragan : Enak neni ndok nek masak.
Sulastri : Biasa wae kok Juragan
Juragan Sus : Iki nek ora percoyo jajalo nduk .
Sulastri kaget amarga juragan malah njupuk pakanan maneh lan didulangke marang Sulastri.
Sulastri : Tersuwun juragan
Sulastri lan juragan guyonan .
Ing papan lio Sobiatun kedadeyan kui ora sengojo weruh perilakune Juragan karo
Sulastri.
Sobiatun : Wong wes ndue bojo kok isone dulang-dulangan ning gubuk wong loro kui
Sobiatun ngamati kang dilakokke wong loro mau . ujuk-ujuk Sobiatun weruh konco-
koncone seng jek metik the akhire diundang .
Sobiatun : Eh eh rene o delok o wong loro kae iso-isone koyo ngono
Akhire Sobiatu lan kanca-kancane ndelok kemesraan e Juragan Sus lan Sulatri
ADEGAN 5 ( tetangga seng iri sobiah, soimah, sobiatun, penasehat, istri) >> atul
Sore sore sawisse balek seko Kebun Teh sobiah sak geng ngrasani juragan karo sulastri seng
mau lagi berduaan
Sobiatun: heh pak pie ra kareppe wong kae ?
Soimah: ono opo ono opo?
(Imah takon penasaran)
Sobiatun: kae lho kaemau juragan karo sulastri
(Atun ngacungi)
Sobiah: Lastri ki pancen nggatel la juraganne maneh san soyo nggatel yen weruh ayu sitik
mripatte ra iso noleh kok
Srintil: kenopo?
Juragan Sus : (Subhanallah, mau kae kok Sulastri iso nggemeske meni yaAllah. Isone
jan pipine abang-abang manja bar ndulangke aku. Walah-walah, kuataken kula yaAllah).
(Sri sing entes entuk kabar soko Soimah, Sobbiatun, lan Sobiah, nek Juragan Sus mangan
bareng karo Sulastri langsung balek omah arep takok neng bojone).
(Sak wis e Sri lungo, Juragan Sus langsung ngelus dada, awakke lego amarga orak sido
konangan Sri nek dee jek nyepakki Sulastri)
(Banjur Juragan uga lunga, tujuane arep moro neng omah Mbahhe Sulastri kanggo marani
Sulastri, nanging awet mau ora ono sing sadar yen Teki ngrukokke omongane Bapak tiri lan
Ibu ne soko pinggir omah.)
ADEGAN 7 ( semua tokoh tetangga tiri, pemetik teh, penasehat, warga Jahat, ajudan
juragan) >> Atika
Wayah sore juragan Sus nemoni Sulastri ana ing kebun teh, dheweke pingin
ngungkapke ketresnanae marang Sulastri.
Juragan: Di Mardi rene otak kandani
Mardi: Pie juragan?
Juragan: aku ana perlu meh nemoni Sulastri ana ing kana, dijaga sing bener ya kebun tehe.
Marji: iya siap juragan
Juragan nemui sulastri
Juragan: nduk….
Sulastri: ehhh inggih juragan.. enten napa nggih?
Juragan: iki aku arep ngomong sediluk mbek awakmu ndhuk.
Sulastri : owalah inggih, kepriye juragan?
Juragan: ayo mending njegong ning gubuk kono sek ben luwen penak. Ayoo..
***
Sulastri: badhe ngendika napa nggih juragan?
Juragan: nduk sakbenere…
Semua tokoh datang
Sobiatun: lah iki wonge!!
Soimah: welehh weleh, tenan to buk sri, dhewe ora ngapusi?
Istri juragan: ohhh jebul ngene to mas kelakuanku ning mburiku. Pantes sampean akhir akhir
iki sering ning kebun jebule pak nemoni wedokan gathel iki?
Istri juragan: hehhh koe wedokan gathel, maksudmu pak pie, kowe pak ngrebut bojoku? Koe
mesti goda-goda bojoku, ben bojoku seneng mbe kowe to? Koe pingin hartane bojoku to
merga uripku kui sengkrek!!
Sulastri: kula ora maksud ngono buk, niki kula mung…
Istri juragan: alah wiss koe ki dasar wedokan gathel!! Koe rak pantes ana ing deso iki. Ibu ibu
ning Deso iki bakal ora tentrem amarga ana wedokan gathel koyo kowe.
Juragan: uwis kabeh..
Mardi: wis wis ojo ribut. Kowe wong telu rausah nuduh sakmbarangan. Apa sing mbok
weruh hurung mesti bener
Sobiah: loh wong iki wis bener bener ana buktine!
Soimah: ha.a dhewe ora nuduh sakmbarangan. Dek wingi sobiatun weruh yen sulastri mesra
mesraan ning gubuk karo mangan bareng wong loro.
Warga jahat: ji marji koe rasah melu-melu. Iki wis ana buktine.
Sobiatun: bener jare bu Sri wedhokan gathel kaya sulastri kuwi rapantes manggon ning kene.
Deso iki rabakal tentrem
Sobiah: lah bener kui.. usir we wedokan rai kandhel iki
Soimah: ibuk ibuk padha setuju ora yen sulastri diusir seko deso iki?
Warga: setuju
Soimah: usir usir
Warga: usir usir usir….
Juragan: meneng kabehhhhh…
Istri juragan: mass sampean kudu..
Juragan: meneng sri!!!
Penasehat: wis buk sabar buk sabar. Kabeh iki hurung mesti bener, Ben juragan sing nentuke
kepriye keputusane.
***
Juragan ngejak sulastri rada adoh seko warga
Juragan: nduk aku rak maksud ngusir awakmu seko desa iki, iki dudu salahmu nduk, merga
aku awakmu dadi kaya kene, aku bakal tanggung jawab nangin kabeh warga wis pada ora
senenng marang awakmu, wis saiki gawe keamananmu nak koe gelem koe bisa metu saka
deso iki lan urip ning omahe nggonku ana ing deso sebelah. Awakmu bisa ngajak simbok.
Adegan 8
Sulastri muleh langsung melbu kamar kanthi sesenggukan. Mbah Darmi kang ndelengi iku
ugi marani Sulastri ing njero kamar.
Ing Kamar
Sulastri : Hiks hiks (nangis sesenggukan)
Mbah Darmi : lho..lho.. ana apa to nduk ? mlebu omah ora salam ora apa kok malah nangis
(njagong ing sampinge Sulastri)
Sulastri : Nyuwun pangapunten mbah. Sulastri sedih (nyikep Mbah Darmi)
Mbah darmi : Sedih kenapa to nduk? Ayo ngomong karo aku
Sulastri : Wau nipun Juragan Sus matur tresna kalih kula. Sabanjuripun kula lan
Juragan Sus kena massa
Mbah Darmi : Juragan Sus garwane Sri kae ? (ngelepasake sikepan)
Sulastri : Inggih
Mbah Darmi : Duh anakku, mbok aja nggolek perkoro to karo keluarga Juragan. Ileng nduk
ileng, Juragan Sus kui uwis nduwe bojo lan anak, dudu jaka meneh. Cepak
oleh wae nanging aja luwih.
Sulastri : Kula ngertos Mbah. Nanging kepriye malih. Tresna iki jalaran saka kulina.
Kula mboten saged ilangake Juragan Sus ing ati kula. Kula sampun tresna
marang Juragan.
Mbah Darmi : Wes nduk uwis. Juragan kui ora bisa disandingke karo awak e dewe.
Rungokno ature Simbah, kowe tresna marang juragan kui ora bener.
Diilangke ya nduk. Mesti isih akeh jaka sing gelem karo awakmu.
Sulastri : nggih mbah, nanging saniki kula kudu pindah saking deso iki mbah. Kulo mboten
saged ten mriki kula isin mbah
Mbah darmi : yen mbah melu koe njuk sopo seng meh ngopeni iki omah nduk nek mbah ora
melu mengko koe karo sopo nduk ?
Sulastri : mbah ten mriki mawon kula tak ten kutha dewe mawon mboten napa napa,
insyaallah sulastri saged urip dewe mbah
Mbah darmi : yowes nek ngono nduk, mengko ati ati nggih nek ten kutha
Sulastri akhire ora wangsuli lan malah nangis sesenggukan. Mbah Darmi mung iso ngelus
punggung e Sulastri kanthi matur supaya Sulastri ora nangis maneh.
Juragan metuseko mobil sisan mbene kake penampilane. Sak durunge ndodok Lawang,
juragan berdehem(?) nggo nglancarake suarane.