Anda di halaman 1dari 25

SINOPSIS “ siji keadaan gawe ciloko “

Berawal dari kisah persahabatan yang baik angga primadiko dengan


robi kemudian mereka mendatangi rumah ervan tempat diadakannya
reuni masa SMP. Kiara dulu remaja putri yang tengil namun baru saja
hijrah bertobat memilih tidak pacaran.
sesudah bertemu kiara teman lama angga yang juga dikenal oleh robi
maka angga ingin mendekati kiara sementara robi hanya mau menjaga
perasaan angga dengan selalu mengalah.
ketika tiba pada saatnya di momen reuni tersebut, kiara berjumpa
akan mantan pacar bernama pandu seorang komunitas anak racing.
Setelah ada rasa tidak tenang kiara terhadap mantan pacarnya itu
bisa saja dari kedua cowok teman alumni menjadi seseorang paling
nyaman untuk kiara tetapi kiara tidak ada rasa sebab itu kesempatan
dia hijrah, tidak lagi kembali ke masa lalu. Angga sempat
memperkenalkan sang adik berjilbab yaitu muthiasari, muthia anak
sopan bahkan hubungan antara muthia dan kiara makin dekat sebab
muthia anak yatim-piatu.
Saat robi, angga,dan kiara berkeliling joging melihat tambak ikan,
di jalan sepi ketiganya di hadang sekelompok anak motor itu pandu
membawa kawanan. Kiara hendak di ganggu oleh pandu, seketika robi
bertarung melawan pandu meski berujung kalah sampai angga berhasil
mengusir semuanya.
Pandu menawarkan robi menjadi bagian dari tujuan mencelakakan
angga. Begitu muncul rasa iri dalam hatinya, robi berkata muthia
kebahagiaan di balik hidup angga lantas muthia menjadi korban.
Persahabatan baik tapi malah di adu oleh kemudian menjebak robi,
sehingga teror demi teror menghampiri hidup robi sampai kiara di
culik. pandu dan kawanannya di tumpas oleh angga,karena terjadi
kesalahpahaman robi di balas dibunuh angga temannya sendiri. Lalu
kiara yang sudah tahu semua itu tidak sudi berteman dengannya yang
membuat angga merasa sangat bersalah. kondisi mental berubah tidak
sehat.
TUJUAN FILM DI BUAT

Pada film pendek ini dipilih drama thriller karena


penggabungan kedua genre ini masih Jarang digunakan di
Indonesia. Dipilihnya tema Ini karena variasi persahabatan yang
diangkat menjadi film pendek ,Membuat film pendek ini dengan
ketentuan durasi + 30 menit.
Thriller tidak ditentukan dari inti perkaranya, dari Bagaimana
inti perkara bisa dipecahkan. film pendek bergenre thriller
digabung Dengan genre drama agar film tidak terkesan buru-buru.
Film pendek “ siji keadaan gawe ciloko “ ini bercerita Mengenai
pembunuhan Yang mewarnai Persahabatan 2 orang.Salah satu
membunuh yang lainnya. Lalu Ada kisah cinta tokoh laki-laki yang
diam-diam menyukai sahabat perempuannya. Amanatnya agar kita
tidak menjadi orang pendendam,tidak menghakimi orang yang
bersalah,dapat diposisikan Sebagai karya untuk menambah Genre
film pendek di Indonesia film berjenis long take.
SKENARIO “ siji keadaan gawe ciloko “
Di tulis Oleh ; Toni Gunawan

OPENING / SCENE 1 : EXT.PEKARANGAN RUMAH ANGGA,07.30


(dsn. Kajangan lor, ds. Mojokusumo/rumah toni)
Camera estabilish rumah angga secara keseluruhan ( 7 detik)
Ing wayah esuk nalika dina Sabtu sekolahe prei.
CAST : ANGGA PRIMADIKO DAN ROBY
MEDIUM SHOT: Kegiatan ANGGA ( 10 detik)
NARASI : Angga wiwiti dina sabtu iku kanthi nandur kembang
kenikir nduwene Muthia adhine
ANGGA : “ ngeneki duwe adek wedok wes kudu isok Njogo kehormatane
opo maneh aku dulur tunggal sing di tinggali. Enake lapo
maneh yo mariki “( sedang memindah bunga di polibag sambil
ngedumel)
Terus gak ketepa'an Roby dolan mrono.
LONG SHOT : ANGGA DAN ROBY( 18 detik)
ROBY : “ Assalamu’alaikum angga,saiki piye keadaanmu,awakmu
isih sibuk opo “?
ANGGA : “Wa’alaikumussalam, oalah roby iya sehat sing kon
weruhi aku lagi nata tanduran,nandur barang “
ROBY : “ aku mrene mergo biasa ono sing arep tak
Omongno”.
ANGGA : “iyo rob, ngerti monggo melbu omahku ae”.
SCENE 2 : INT. RUANG TAMU DI RUMAH ANGGA (08.00)
CAST : ANGGA DAN ROBY
Angga ngajak kancane lungguh.
MEDIUM LONG SHOT : ANGGA DAN ROBY ( 11 detik)
ROBY : “apik tenan yo ngga omahmu,iku lukisanmu dewe ta”?
ANGGA : “ enggaklah,iku Cuma replika gambar,pie-pie keperluanmu
Mrene “.
ROBY : “ aku ngajak koen melok reuni SMP sing diadakno ketua
kelas kene Ervan mergane nomor wa-mu ganti.
LONG SHOT : ANGGA DAN ROBY ( 18 detik)
ANGGA : “iyo, pasti aku nekani rono,engkok tak susul”.
ROBY : “ oke nek ngunu, aku mulih dhisik “.
ANGGA : “ oh..iyo lali gak takon ronone jam piro “?
ROBY : “ Ya jam 09.49 entenono aku ngetokno motor”
ANGGA : “aku nebeng awakmu oleh ta gak rob”?
ROBY : “sepeda motoran dewe – dewe engkok melu aku tak traktir
mangan Bakso”
ANGGA : “matur suwun yo roby

SCENE 3 : EXT. DEPAN RUMAH ERVAN, 10.00


CAST : ANGGA,KIARA.
Sawise Angga nyusul roby banjur kepethuk Kiara sadurunge
budal omahe Ervan.tibane nang kana kabeh wis podo njejer
parkir.
Lan ngenggoni balene ervan sing selaku tuan omah.
MEDIUM SHOT: ANGGA DAN KIARA ( 30 detik)
ANGGA : “ lho,koen kiara mardinati sing arek biyen seh “?
KIARA : “ eh koen angga kanca kelasku wis pangling aku “
ANGGA : “ Justru podo ae mangkane tak pandelengi tok koen saiki
Malih hijab “
KIARA : “ho'oh ancen akeh kedadeyan semenjak kene lulus SMP
taun iko, wes koh acarane kate mulai,koen mrene mbarek
sopo”?
ANGGA : “ aku karo roby “
“ oh iyo aku lebih seneng kiara sing saiki daripada
mbien “
KIARA : “ ah,pean mosok seh “
ANGGA : “ beneran,ngomongin kene kapan kapan mene ayuk ngobrol
nang omah ”
KIARA : “ Iyo deh, ben saling mengenal kan wes tau pisah ra
Petuk “
ANGGA : “ kilo, tak wenehi alamat omahku sekolahku ndek SMKN 1
KEMLAGI sampean ngendi “
KIARA : “ aku sekolah SMA ne Mojogeneng

SCENE 4 : EXT. PERTIGAAN GANG RUMAH ERVAN,14.00


CAST : KIARA,PANDU,ANGGA
Sakwise acara reuni lancar, Kiara arep mulih nanging
ngenteni dulure sing njemput ing pertigaan omahe
Ervan.Kiara ngirim pesan chat Wa ning mbakyu ne.
CLOSE UP : KiARA ( 9 detik)
KIARA : “ Haduh ngopo mbak rihana Gak Age mbalesi Chatku wong
weseruh mau tak peseni tak kongkok ngenteni, ngeneki
tambah sumpek aku gak isok muleh cuaca panas pisan
( ngechat karo ngomong)
MOVE TO : PANDU ( 24 detik)
Sateruse ono cah lanang helm-an,numpak montor
GL.teko sisih etan ngulon tibane mandek nang
ngarepe ,lah Kiara kanthi mlaku cilik ngenteni
susulan.
LONG SHOT : PANDU dan KiARA( 24 detik)
KiARA : “ Wong iki lapo to mandeg nyedaki aku wah marai aku wedi
engkok Penjahat “ ( rasan – rasane kiara ning jero ati)
PANDU : “ Hallo, wah suwene koen gak ketok, Ya Allah Gak nyangka
bien nandi – nandi mesti mbarek aku saiki wes kuper “
( ekspresi pandu cengengesan).
KIARA : “ Opo urusanmu, aku gak pingin ketemu mbek awakmu neh
aku semungoo ngarep ket mbien gusti allah gak tau
nemokno kene “
PANDU : “ tau nduwe sejarah dadi arek gak bener sering
bolos,genit lanangan sampek nguber welas“
KIARA : “ Gak usah kakean omong,koen iku ngunu gedhene sakmene
tapi ora tau sadar diri.
PANDU : “ Bedo tenan awakmu, saiki bakal tak duduhno sombongmu
mergane opo”
LONG SHOT : KIARA,PANDU ( 18 detik)
Pandu nyandak rambute KIARA ambk nguculi
kerudung sing di gawe Kiara teka sirahe.
PANDU : “ hahahaha,rasakno kuwi “
Kiara nangis,getem getem nyekel kayu balok wis nang
tanggane, kanggo Ngepuk pandu
KIARA : “tolong dherek dherek tolong niki kula di lecehkan, niku
pelakune “
FULL SHOT : PARA WARGA ( 26 detik)
Warga sing saktunggale tonggo omahe ervan podo
sembyar,bapak
karo ibu ibu ngejar tapi kalah cepet karo Pandu
sadurunge ngebut wedi di kepung warga.
MEDIUM SHOT : PARA WARGA/Bpk,ibu dan KIARA ( 28 detik)
Bpk-Bpk WARGA : “ sampean di apakno mbak ,wani wani ngelecehno
neng kampung kene. Dorong kenal kawasan kampung
pancasila!!“
KIARA : “niku kula wau rambut kula di jambak, kula mboten kenal
sanget tiang e, paling nggih modus bade jambret.
Ibu-ibu Warga : “lahyo samean kon dungaren ijen asline sampean
pundi “
KIARA : “ Kula asline saking desa mojogeneng
,niki ngentosi mbak kula njemput,mantun acara
reuni SMP “
Ibu-ibu : “ Mbak mene maneh ati – ati, pak biasane
kampung kene gak tumon wong urakan ngunu ya
Bpk-Bpk : “ iyo e sing jelas iku mau arek njobo kene dewe ra
kenal duduk warga kene,ngisin-ngisini iku jenenge“
KIARA : “nggih mpun, pak kale buk matur nuwun kula sampeyan
tulung , sepuntene ngerepotaken “
Ibu & Bpk warga : “ o. Mboten ngrepotno nduk,wes talah gapopo “.
sawise hal sing di alami kiara,Roby lan Angga marani
motor sing dekne parkir.tapi merga angga nyawang onok
gumbyukan uwong akhire digoleki perkarane.
Kamera zoom in ke arah angga menghampirinya. ( 25 detik)
Angga : “ kena apa,kiara kok isok awakmu di genek ngunu, sopo
Pelakue “ ? Takone angga nang kiara
Kiara : ( njawab karo lirih ) “ Ssstt,menengo ae kabeh uwong
nang kene podo gak eruh iku mau pandu, bekas pacarku
bien “
ANGGA : “ loalah, lapo awakmu gak lapor ae terus opo kon jek
berhubungan mbek bajing “
KIARA : “ asline aku sedih di permalukno ngene,tapi yokopo maneh
aku emoh di omongi nek arek wedoke podo nafsune.
ANGGA : “ Ya gak gak, saiki tak terno moleh ta “
KIARA : “ gak wes suwun aku di terno mbak hana iko mbakku mlaku
Rene “
Sakmarine kiara wes ono sing ngeterno muleh,angga
ngajak roby balek nang omah.
LONG SHOT : ( 22 detik)
ANGGA : “bro yokopo mari ah.. “
ROBY : “ uwes,eh awakmu tak goleki ilang nandi “
ANGGA : “ igak mari ngrewangi koncoku jek tas “
ROBY : “ ohh.. “

SCENE 5 : EXT. WARUNG BAKSO,14.15


CAST : ANGGA, ROBY
MEDIUM LONG SHOT : KEDUANE ( ANGGA dan ROBY) ( 30 detik)
Roby mampir ngandok bakso ning warung bakso pojok
embong
ROBY : “ temen kan kandaku “?
ANGGA : “ iyo eh awakmu dungaren jowo “
ROBY : “ tuwukno olehmu mangan bakso,Anggap ae kimau sekedar
ucapan syukur ngerayakno ultahku,kerana aku adoh teko
wong tuwa “
ANGGA : “ mugo – mugo koen seger waras,dikei urip sing berkah “
ROBY : “ iyo, Ngga “.
SCENE 6 : INT. Rumah ANGGA, 08.00
CAST : KIARA,ROBY,ANGGA
Wektu iku wayah dino esuke yaiku minggu, waktu
kapanane paling pas ugo gawe sinau tugas
sekolah SMK. Angga sing kelas 12 selain
sabendinane Nyambut gawe nguripi adike mbarek
kebutuhan laine. Angga kaget roby ngajak kiara
medayo nang omahe.
Camera Long shot : ANGGA,ROBY,KIARA. ( 37 detik)
KIARA : “ Kula nuwun, Angga “ ?
ANGGA konsentrasine keganggu bareng krungu
suara arek wedok de'e nyauti.
ANGGA : “ Nggeh,ken sek “
KIARA : “ hai,ngga apa kabar “?
ANGGA : “ kabarku sehat,prasaku wingi kene baru ketemu saiki
rene dewe opo “
KIARA : “ maksudku rene dolen bosen aku nang omah lak gak popo
seh gak keberatan “
ANGGA : “ iyo bebas “
ROBY : “ isih kenal aku ngga,kiara areke anak koncone
Bapakku “
KIARA : “ nang omah onok uwong ta beke aku engkok ndang bukan
muhrim “
ANGGA : “ gak adekku nang ngone mburi mbuh gelem masak kimau “
ROBY : “ loh muthia nek wayah kok tinggal sekolah,kerjo mosok
yo jogo omah ? “
ANGGA : “ igak biasane mek tak kongkon ngunci paling sing teko
awan yo adekku nek aku radak sore “
KIARA : “ emange onok opo sebenere karo angga ambek adekne ? “
ROBY : “ aku turut sedih ngga ngesakno muthia kalian kudu
mandiri tanpa wong tuwa.
KIARA : “ oh ceritane gitu, aku minta maaf ngga gak tau krungu
kabare awakmu “
ANGGA : “ hmm,tak celukno adekku sek tia “
Camera Close up : saat muthia keluar dari dapur dan menyapa
Dengan senyuman semua yang ada di teras.
MEDIUM SHOT : KIARA, MUTHIA( 34 detik)
MUTHIA : “ iya mas angga enek opo “
ANGGA : “ aku pingin ngenalno awakmu karo kancaku mbak kiara “
MUTHIA : “ salam kenal mbak kiara,kula adike mas angga,mas angga
iki tipe larene penyayang kale keluwarga,mantun niku
mboten neko neko tapi sayang biyene nakal “.
KIARA : “ iyo ta tapi di mataku anake meneng “
MUTHIA : “ Emang sejak kapan mbak kiara ngenal masku “
KIARA : “ aku iki konco masa SMP mbuh beke selama iki masmu tau
cerito tentang aku
MUTHIA : “ ketokke gak pernah, mas sambat nang Kula “
KIARA : “ o yaudah oke.. “
NARASI : sementara iku angga lagi asyik ngomong – ngomong
nang robby, sakmarine kiara muleh
MEDIUM LONG SHOT : ANGGA,ROBY( 32 detik)
ANGGA : “ Rob,awakmu ternyata kenal karo Kiara yo,awakmu nduwe
hubungan gak karo kiara “?
ROBBY : “ koen moro moro nduwe prasangka ngunu nang aku,ngomongo
awakmu lagi pdkt “
ANGGA : “ diarani piye,aku seh kagum ndelok areke wes anggun
tapi nuruti areke deke opo isih mbukak ati dan tau
trauma karo mantanne pandu “
ROBBY : “ oh jenenge pandu “

SCENE 7 : EXT.DI AREA PERHUTANI,15.00


CAST : PENGUNTIT,KIARA,ANGGA,ROBY
Kiara katon sedih ngilingi jamane isih biso
seneng-seneng tapi gak isok mbahagiake
wong tua gara gara kelakuane. saiki bapake lara
de'e durung njaluk sepura. Angga nakoni kiara
sing ternyata gak mulih mari dolan saka omahe
angga.
MEDIUM SHOT : ANGGA DAN KIARA( 41 detik)
KIARA : “ lapo ngga,awakmu nyusul aku mrene ta “ ( sepisan
ngusap eluhe)
ANGGA : “ Jare sopo,enggak aku rene soale prihatin teko adohan
awakmu jane sedih “
KIARA : “ masalahku termasuk pribadi,sadurunge hijrah aku gawe
masalah sampek ngelarani atine bapak gara gara
terpengaruh pandu saiki aku wes bebas bapak gak percoyo
nek aku njaluk ngapurane.
ANGGA : “ jadi iku to koen tetep sabar dienteni insyaallah
mbesuk Kesempatane kedadean kok “
Camera over shoulder shot : ( percakapan mereka dengan
disaksikan ROBY dan penguntit dari sisi
yang berlawanan ). ( 18 detik)
ANGGA,KIARA : “ woi,roby lapo ngintip keneloh gabung “.
ROBY : “ enggak sido,aku rene dadakno kebelet “.
Roby nyiduk penguntit sing ngawasi.
Zoom out (ketika roby mengejar penguntit itu) sampai ke
tempat rahasia.

SCENE 8 : INT.RUMAH MEGAH BEKAS GUDANG ( 15.00 )


CAST : PANDU,PENGUNTIT,SURUHAN PANDU dan ROBY
MEDIUM SHOT : PENGUNTIT,dan SURUHAN YANG LAIN. ( 18 detik)
PENGUNTIT : “ Bos,saiki aku entuk informasi soal arek lanang
Sing idek kiara nek gak salah angga primadiko “
BIG SHOT PANDU : ( nguyu jahat)” pinter gak sia sia awakmu tak
sewa opo ono wong luar sing eruh tempat
rahasia kene “
ANAK BUAH :“ gak ono sing bakal eruh bos selagi aku karo
kawananku nyingkirno “
MEDIUM SHOT : ROBY ( 23 detik)
roby mari ngintip onok kaitan ambi pandu, sing dadi
pesuruh wonge pandu dewe,roby mlayu
ngadoh teko tempat penjahat mau.
ROBY : “ bahaya nek suwe suwe nang nggon kene ,aku mulih ae wes”

SCENE 9 : INT.RUMAH ROBY ( 19.20 )


nalika roby sing mbalik nang omah dikagetno uwong
ngetok lawang pas wayah bengi. Tok... Tok.tok
MEDIUM SHOT : PANDU,ROBY( 44 detik)
ROBY : “ kensek niki sinten “
Cut in ( gerakan tangan roby mbukak lawang )
SURUHAN PANDU : “ gak usah bacot mrene kon!!”
ROBY : “ sampean-sampean lanopo nggh ten griyo kula podo emosi “
Two shot :( interaksi anak buah pandu nyincing klambi mbarek
ngancem pengen mateni Roby) ( 32 detik)
SURUHAN PANDU : “ aku ngeruhi awakmu mata-matai kawananku nang
Gudang,golek perkoro koen “
PANDU : “ seneng rob,kejutanku bengi iki turutono kemauane anak
Buahku lah kudu milih gelem dadi komplotan celakai
angga Nek gak kon bakal mati “
ROBY : “ aku gak isok ngewangi nyelakai angga tapine aku eruh
angga jek nduwe keluarga,mutia adikne wedok “
PANDU : “ oke secara gak langsung awakmu ngewangi kene luwih
gampang ngarai uripe angga ngersulo “

SCENE 10 : EXT.TAMBAK UJUNG DESA,09.00


CAST : PANDU KARO KAWANANE,ANGGA,ROBY,KIARA ( 23 detik)
Extreme long shot : pemandangan tambak karo sekitar area.
Angga,roby,kiara ngisi waktu luange ambek jogging
lewat tambak iwak,kiara ketok semangat di jak menikmati.
Wide shot : (Ketelune tokoh) ( 18 detik)
ROBY : “ senenge kene isok jogging bareng biasane gak tau,
mageran kon kok yo tumben ngga elok olahraga? “
ANGGA : “ kon jok salah rob,aku ngene cek tau kiara nek ganok
kene lakyo ijen “
KIARA : “ iyo lah mangkane aku ngajak pean supoyo sehat lagipula
pean lanang kurangi kebiasaan males “
ANGGA : “ memang wedok selalu bener “
KIARA : “ pegel cak mari muter atok ndelok tambak to “
ROBY : “ lapo tambak banyune tenang di delok “
KIARA : “ yo gak popo ngeneki refreshing,foto mburine tambak lak
Keren “
ANGGA : “ emboh,nek gak gelem yo uwes rono mulih aku nemoni
Kiara “
arek telu iku mau gak nyadar onok bahaya sing
kate nyasar,kabeh jek santai cerito ndodok
ning bok tugu. kawanan geng pandu ujug-ujug
moro.
Group shot : pandu gak dewean,ngowo bala akehe 6 uwong.
( 18 detik)
Medium shot : pandu,angga,roby( 52 detik)
PANDU : “ woii,koen jek gorong wedi ternyata nepaki aku
metu awakmu kabeh wis nang ngarep motoku”
Angga, kiara, roby kaget terus ngadeg njogo kiara.
ANGGA : “ dadi lanangan mbok yo sing nerimakno,kemantel kiara
terus “
PANDU : “ kiara oleh ganti pacar awakmu ta babah nek wani kilo
pukul mundur kene kon wong 2 aku wong 6 “
ROBY : “ aku ae ngga kon jogo kiara ojo sampek di gowo budal”
ANGGA : “ temenan opo “
sakketipan,kedadean gelut iku gak isok di elesi,
Awale Roby isok mbales serangan lan nampik gerakan lawan
tapi akhire roby kewalahan di ganco wong 5 podo main
kroyokan. (Camera Cut away menyorot adegan tukaran)
ANGGA : “ awakmu tulung ngadoho nek perlu seliden “
KIARA : “ heem ati ati angga “
ANGGA Maju mbela roby,Pandu melok duel ngelawan angga.
ANGGA : “ kon gakpopo ta roby “
ROBY : “ untunge kon ngancani aku tarung,kene kudu isok menang”
ANGGA : “ urusanmu karo aku ojok wong gak salah dadi korban “
PANDU : “ oh iyo aku gak mau tahu kon pastine gak sempet nulung
roby “
tukaran anak buah pandu di lawan roby,dening pandu

di lawan angga,masa iku menegangkan,roby isok

nibakno musuhe nanging angga bonyok di hajar pandu


tapine gak kalah akal. Angga ngowo keramik nggeletak
ndok suket maringunu di keprukno sirahe pandu,angga
narget antarane dengkul,pundak,pelipis,karo mburi
gulu arane jitoke di totok.
PANDU : “ uuu adoh.. Keparat kon titenono tak bales aku mbalik
gak ngara kalah “ ( posisi lagi ngelarani)
Pandu mbarek kawanane cepetan ninggalno area
Tambak. Selain salah siji anggota pandu Durung
sadar semaput),pandu entuk laporan teko suruhan nek
roby kancane ngiri karo angga.
MEDIUM CLOSE UP : KIARA,ROBY,ANGGA. ( 28 detik)
KIARA : “ selamet aku, hsuwun ya angga,roby aku di bantu.
ROBY : “ iyo,beke mrunu maneh gatek repot awakmu ojo sungkan
wa/tlp.
KIARA : “ Ayok ngga, tak obati nganggo alkohol sing tak gowo
ANGGA ; “ oke sepisan engkas suwun perhatian banget “
KIARA : “ iyo kan konco dewe gak oleh dibarno. “
SCENE 11 : INT. RUMAH ANGGA,16.00
CAST : MUTHIA,PANDU BESERTA SURUHAN PANDU ,ANGGA
MUTHIA kang jam 4 nyapu teras di tekani wong sing
tau nang omahe roby karo gebrak-gebrak.
LONG SHOT : KIARA,SURUHAN PANDU( 37 detik)
SURUHAN PANDU : “ kon muthia adikke angga opo duduk “
MUTHIA : “ Nggeh kula piyambak “
muthia ning kunu posisie ijen malah dianakno
kekerasan,muthia di sorong karo cekek-an,di tatapno tembok
INSERT SHORT : nyekel belati di sigar urat tangan Muthia
MUTHIA : “ Ngopo aku di pateni salahku opo “
PANDU : “ sebab mas mu angga penghalangku sepurane yo anak
manis nasibmu sedhiluk “
MUTHIA : “ Sapa ae tolong aku “
Kebetulan angga dorong nyampe omah,barang adikne
kate sekarat irunge di bekam bantal supoyo gak mbengok
banter. Muthia ngalami kejang sepisan. Barang angga moleh
muthia wis mati.
Camera zoom out ( badan mayat muthia) ( 44 detik)
ANGGA : “ dek tegane penjahat mateni awakmu tanpa sebab mas gak
isok jaga awakmu,awakmu keluarga terakhir “
Tetangga : “ mas aku ndewe krungu suara samar teko njaba ketoke
mbak muthia kenapa-napa aku sepura gak sadar mbak
muthia di pateni wong gak di kenal.
ANGGA : “ Nggeh kersane paling takdir tapi kula tasek butuh
kelanjutan kasus sakniki,kula mboten terimo di
perlakokno bringas.“
nang tengah-tengah keadaan tragis,sawise muthia
di kubur, angga nemokno barang landep rupa belati
ning ngisor sofa bale. Barang bukti iku ora
mungkin pelakune biso nyangkal di tambah angga
nemu sarung tangan supoyo bebas sidik jari
berlumur getih nong sampah omahe roby
Camera cut in : ( nduduhno barang sing digowo angga ngunakno
angle asal sudut pandang penonton )
: ekspresi ANGGA
ANGGA : “ jelas roby musuh dalam selimut,yayane bendino nang
omahku jek kurang puas nyenengi kiara “.
NARASI : Angga sengojo gak lapor kantor polisi,panjaluke
roby di bales nyimpen roso dendam.
ANGGA :” awas,diluk ngkas nerimo akibatmu “

SCENE 13 : INT.RUMAH ROBY 21.00


CAST : ROBY,PANDU
Camera move to : ROBY( 51 detik)
dino kepungkur bengi roby nang kamare istirahat ,
baru diluk Roby ngambu kemenyan dibakar neng mburi
jendelo kamare rapet. Roby nggoleki posisi
ambu menyan iku mau. Roby sing gak betah langsung
Mumet ning sajrone omah, aneh roby gak nemokno bar
ambune ilang.
ROBY : “ jane mambune wangi nyell saiki kok ngilang “
mari ngecek keadaan roby isih ngantuk turu nuju
Kamare,tanpo sepengetahuan roby ono dekengan mlebu
Nyelinep.
Over shoulder shot : ( peneror mlebu) ( 44 detik)
ROBY : “ turu maneh ae paling iku mau wali lewat hih..serem “
Pas roby turu ning bayang,dom jahit mancep ning
janggut de'e mung iso ngrasakno ngilu perih.
MEDIUM LONG SHOT :ROBY( 58 detik)
ROBY : “ Bajing onok ae dom sopo ndeleh ngawor “
Roby ngadeg gae ngobati kulit janggute bekas tancepan
Dom. Roby arep mlaku ning kamar keadaan peteng lampu
damar dipateni. Gak sengaja kejungkel tibo ning nduwur
kasur.
ROBY : “ loh sopo iki sing cacang sikilku “?
Sikile di cancang tampar karo uwong masker
tengkorak,ngae setelan klambi abang.
CAMERA EXTREME CLOSE UP : PENEROR( 18 detik)
ANGGA/PENEROR : “ kon pasti gak iling salahmu sampek gak ngerti
kon tak Teror “
ROBY : “ sopo kon sebenere ? “
CAMERA CUT IN : ROBY( 36 detik)
ANGGA/PENEROR : “ aku angga primadiko,aku rene Cuma mbales
kematian adikku muthia “
ROBY : “ Memang muthia di pateni tapi bukan aku ngga percoyo ta”
ANGGA/PENEROR : “ gak peduli kon pikir aku Cuma sepele delok!!
Wong sepele tapi jek nduwe nyali keras“
INSERT SHOT : angga nganggo belati barang mateni adekne terus
angga antara guyon lan emosi Nandai tapak
sikil roby karo gambaran,sampek sikile ngetih.
BIG MEDIUM SHOT : ANGGA,ROBY ( 53 detik)
ANGGA : “ tenang rob,aku cuman main-main sadurunge sesuk awakmu
mati,hahaaa “
ROBY : “ ampun ngga “ Roby di pentung dadine semaput,terus Angga
ninggalno omahe.

SCENE 13 : EXT.PELATARAN BALE DUSUN,08.30

CAST : KIARA,ROBY
Sakjoke pengalaman mau bengi, esuke angga ketemu kiara
ngomong nek Angga podo ketiplek karo pandu.
CAMERA MEDIUM CLOSE UP : ROBY,KIARA ( 61 detik)
Kiara : “ tentang opo roby awakmu ngajak mrene sepi pisan kok
gak nang omahku “
ROBBy : “ aku kuwatir angga nemui awakmu nang omah nang kene pas
gawe ngomongno angga “
KIARA : “ kon esuk iki gak enak awak kah “
ROBY : “ Cuma kurang turu wingi bengi angga ngendap endap
kamarku kurang sakmenit aku mati nuduh aku mateni
mutia untung deke ngeculno “
KIARA : “berarti sifat asline kebuka gegara adike muthia mati“?
ROBY : “ persis nang pikiranku aku wedi kon korbane ati ati
pisan yo “
KIARA : “ Okelah gak nduga angga jahat ambek koncone dewe “

SCENE 14 : INT.RUMAH KIARA,( 11.00 )


CAST : PAK WIRATMO,BU DESI,KIARA,SURUHAN PANDU,ANGGA
ROBY.
Kiara mulih tutuk ngarep omahe terus melbu di takoni
ibune
LONG SHOT : KIARA,BU DESI ( 57 detik)
BU DESI : “ kon moleh cepet ara,ibuk perasaane gak enak ketoke
awakmu ono bahaya cerito karo ibuk nak “?
KIARA : “ mboten buk kula sae mawon kula Cuma pegel ndugi luar “
BU DESI : “ iyo nek unu ibuk sing kuwatir tanpa alasan “
Kamera main Shot : ( adegan di culik) ( 70 detik)
Maringunu pirang jam kiara di culik,bu desi nyoba
ngelawan komplotan pandu.
BU DESI : “ sabar nak ibuk golek bantuan,pak bapak “ ?
FULL SHOT : orang tua kiara
PAK WIRATMO : “ lapo buk“
BU DESI : “ kiara pak di culik wong akeh mau pie pak kiara anak
wedokku “
PAK WIRATMO : “ iki salah bapak gak semestine bapak ra
gatekno,ora wawuh pasti perbuatan pandu “
LONG SHOT : ANGGA,ROBY,PAK WIRATMO ( 78 detik)
angga dolen marani omahe kiara pengen nyatakno
cinta angga eruh kiara di gowo mlayu komplotan pandu
berusaha ngejar. Roby ngetutno angga masiyo mlaku
pincang.
PAK WIRATMO :“mas tolong kula yugo kulo kiara di culik penjahat”
ROBY : “ Nggih pak jenengan ayahe kiara nopo “
PAK WIRATMO : “ nggih sampean kancane ta kula nyuwun samean
temokno kiara,soale kula lagi gerih “
ROBY : “ InsyaAllah pak “

SCENE 15 : INT.RUMAH KOSONG/TEMPAT EKSKUSI


CAST : PANDU,SURUHAN PANDU,KIARA,ANGGA,ROBY
MEDIUM LONG SHOT : PANDU,KIARA ( 64 detik)
Mari iso nggowo kiara,kiara diturokno sepisan di guyang
banyu es
PANDU : “ mending kon balikan nang aku timbang pacaran loro
lanang lemah iko “
POINT OF VIEW : angga ndobrak lawang ( 23 detik)
ANGGA : “ balekno kiara moleh nang bapak,ibune “
PANDU : “ kok isok kon nang kene ayo kabeh hajar “
Camera zoom in : Tawuran sengit iku kedadean suwe,angga
ngehajar anggota Pandu gak lidok suruhane
pandu kleper. Giliran pandu versus angga.
Roby nyusul nggone kiara di sekap.
MEDIUM SHOT : roby dan kiara. (54 detik)
ROBY : “ kiara,menengo ae disik “
KIARA : “ iyo “
ROBY : “ ayo ngetutno aku “
ROBY, kiara metu ruangan tapi gorong ngadepi penjaga
neng gerbang. Wong loro roby,kiara sepakat ngelemahno
anggota pandu.
Camera insert short : angga nyikso pandu
Pandu di jojoh wetenge,karuan isok mati luwih cepet,lan di
gantung karo rante. Pandu mati nngenes terusan angga
nyawang roby gandengan tangan mapah angga nyauti.
BIG SHOT : angga, roby ( 62 detik)
ANGGA : “ woi enten “
ROBY : “ suwun yo ngga kon melu nulung kiara “
ROBY malah di pateni angga. Barengan iku kiara ndorong
Angga “
KIARA : “kon gaktau balas budi “
Angga ngucapno cinta nang kiara tapi di tolak,angga
nangis ning mayate roby.
Angga : “ sepurane robby aku gak sadar mateni awakmu aku keburu
emosi,bukan salahmu ngomongno muthia kerono keancem “
Angga benci karo awake dewe sebab ngerugikno wong ning
sekeliling deke akhir cerito angga ngawe klambi putih
atek di pasung ning kasur mergo angga loro gendeng
padahal isih enom umure.

TAMAT

Anda mungkin juga menyukai