Anda di halaman 1dari 13

NASKAH DRAMA MAK LAMPIR

“Dendam Mak Lampir”

Tokoh :
1. Mak Lampir : Tiwi
2. Datuk Panglima Kumbang : Alfindran
3. Sembara : Adi
4. Farida : Naya
5. Grandong : Arifin
6. Bapake Siti : Nanda
7. Mboke Siti : Fitriani
8. Warga 1 : Aan
9. Warga 2 : Ridwan
10. Warga 3 : Fadhil
11. Siluman kebo : Kalingga
12. Prajurit : Angga
13. Narator : Nabila
Part 1
Kacarita ing desa cedak gunung Merapi, ana wong wadon sing dadi kembang desa. Jenenge Siti
Lampir, pribadine sregep, apikan, seneng tetulung, lan ora tau mbantah apa sing dikarepake wong
tuwane. Kebak jaka sing kepengin ngepek bojo karo Siti Lampir, nanging Siti ora seneng karo jaka-jaka
kuwi. Wong tuwane wis njodohake Siti karo wong lanang pilihane, nanging ning tengah-tengah dalan
Siti kepincut karo Datuk Panglima Kumbang yaiku panglima sing dadi penguasa ana kerajaan sabrang
desane.

Bapake siti : “Nduk, ora krasa kowe wes diwasa. Wis wancine kowe tak petukke karo wong lanang
sing wis tak pilihke nggo kowe.”

Mboke siti : “Hoo nduk.. uwes wayahe koe rabi, ra perlu kuliah neng kene raenek sekolah tinggi”

Siti Lampir : “Sinten pak? Punapa kula kenal kaliyan kangmas punika?”

Bapake Siti : “Kenal nduk, dheweke ksatriya kang sekti ana desa kene.”

Siti Lampir : (heran)“Kula penasaran, sinten?”

Mboke Siti : “Basir nduk.”

Siti Lampir : (kaget)“Ya allah.. Kangmas Basir ingkang lemu punika?”

Bapake Siti : “Rong wulan meneh kowe bakal resmi dadi bojone.”

Siti Lampir : “Sekedap pak buk, kula nyuwun wekdal kangge mikir rumiyin.”

Bapake Siti : “Nggo apa ta nduk, wes ta kowe kudu manut karo aku!”

Mboke siti : “Bapak ibuk ki karep e apik dinggo koe nduk”

Siti Lampir : “Mboten saged pak buk, kula gadah pilihan, mboten ajeng sembrana nemtoake imam
kula.” (metu)

Siti mlaku-mlaku ana desane kanggo nentremke piker, dheweke ketemu wong lanang sing lagi latihan
silat nganggo tongkat, yaiku Datuk Panglima Kumbang.

Siti Lampir : “Ya Gusti, mbok menawi jodoku sampun panjenengan tetepaken kaliyan kangmas
Basir. Kula ikhlas, nanging pramila dheweke dede jodoku, mang tebihaken.” (galau)

Siti ngerti ana panglima sing lagi latian kanggo perang, pas lagi pertengahan ndelok, Siti dicokot ulo.

Siti Lampir : (njerit, tiba)

Datuk Kumbang: (marani asale swara) “Enten napa Nyi?”

Siti Lampir : “Aduh (merintih) suku kula dipatok ula Ki.”


Datuk Kumbang: “Mangga ten gubug kula rumiyin, mangkih kula paringi ramuan kangge medalaken
bisa ulanipun.”

Siti lampir digawa menyang gazebo kerajaane, neng kana dheweke ditambani karo Datuk Panglima
Kumbang.

Datuk Kumbang: “Wonten punapa panjenengan saged ngantos mriki Nyi?”

Siti Lampir : “Kula galau Ki, wonten masalah. Dados kula pengen angin seger muter desa mriki.
Kula ngertos panjenengan latihan.”

Datuk Kumbang: “Enten napa ta? Mbok menawi kula angsal ngertos.”

Siti Lampir : “Kula ajeng dijodohaken, tapi kula mboten remen.”

Datuk Kumbang: (sok mikir) “Nggih mbok menawi niku pilihan paling sae mboten napa-napa lah Nyi.”

Siti Lampir : “Kula mboten remen, 20th kula manut kaliyan bapak ibuk terus. Sakniki kula
kepengin nemtoake pilihan kula piyambak.”

Datuk Kumbang: “Nggih mbok menawi panjenengan ngendikan alus, mungkin saged ngluluhaken
wong tuwane panjenengan. Sukune pripun Nyi? Sampun penak?”

Siti Lampir : “Sampun, maturnuwun. Ki, panjenengan namine sinten?”

Datuk Kumbang: “Haha..o nggih, nganti lali mboten kenalan. Kula Datuk Panglima Kumbang,
panjenengan?”

Siti Lampir : “Kula Siti Lampir.” (senyum)

Warga lewat

Warga 1 : “cah keroso panas ora to hawane?”

Warga 2 : “hoo I hawane marai kemronggo”

Warga 3 : “mlaku mlaku midak telek, aku yo gelem lek”

Datuk kuwi gagah lan sekti banget, kebak wanita sing kepingin dadi bojone. Ananging Datuk yo
seneng karo Siti Lampir tapi loro-lorone ora ngerti yen podo-podo le seneng. Siti Lampir nyuwun
tulung karo wong tuwane supaya diparingi restu anggene langgeng karo Datuk, nanging wong
tuwane ora setuju amarga Datuk Panglima Kumbang kuwi ketuane siluman macan.

Siti Lampir : (lungguh neng jejere wong tuwane)“Pak buk, kula mboten remen kaliyan Basir, kula
remen kaliyan kangmas liyan.”
Mboke Siti : “Sopo to nduk sing kok senengi?”

Siti Lampir : “Asmanipun Datuk Panglima Kumbang Rama. Kula ketemu wonten alas kala wau.
Kula tresna kaliyan Datuk rama.”

Bapake Siti : “Opo! (nggebrak meja) ora! Aku ora setuju kowe kawin karo datuk sing mbok senengi
kuwi!”

Siti Lampir : “Wonten punapa bapak mboten setuju kalih pilihan kula? Kula gadah hak kangge
remen sing kula tresnani.” (nada tinggi)

Bapake Siti : “Kowe ra mudeng opo-opo, dheweke ki siluman! Opo kowe gelem anakmu mengko
dadi siluman sing nyengsarakke wong liyan, ha!” (saya nesu)

Siti Lampir : “Bapak angsal info saking pundi? Datuk niku wong biasa, dede siluman. Kula pun
nyuwun restu saking panjenengan, kula tresna kaliyan Datuk.”

Bapake Siti : “Ora! Pokokmen kowe tetep karo Basir!” (lunga)

Mboke siti : “Wes to nduk manuto karo bapakmu.”

Siti Lampir : “Sekedap buk! Kula pun diwasa, kula ngertos pundi sing saget kula dadosaken tujuan
gesang. Kula mboten remen kaliyan Basir, kula mboten gelem kawin kaliyan basir! (ngadeg)

Bapake Siti : “Wes meluo aku!” (narik Siti)

Warga ghibah:

Warga 2 : “eh enek opo kae rame rame”

Warga 1 : “kae KDRT ditulungi se kayo”

Warga 3 : “uwes rasahh tonton wae malah gayeng”

Siti Lampir tetep ngeyel ben dadi karo Datuk, dheweke kepingin wong tuwane ora ngekeng apa sing
dikarepake Siti Lampir. Wong tuwane tetep ora setuju Siti Lampir kawin karo Datuk Panglima
Kumbang, akhire Siti dibuwang ana alas cedak gunung Merapi Jawa Tengah.

Bapake Siti : “Wes! Gandeng kowe ora manut karo aku, aja bali nyang omah!”

Siti Lampir : “Bapak! Ampun pak!” (nangis)

Siti Lampir bisa maringi kebutuhane dhewe, golek mangan dhewe, lan bisa ngrasakke urip dhewe
ning alas. Ana mangsane Siti bosen karo uripe iki, ndadak golek pangan adoh lan kudu gonta-ganti
panggon. Akhire dheweke mutusake nggo mertapa supaya ora rekasa golek mangan pendhak dina.
Ning tengah dalan, Siti Lampir nemoake gua sing tentrem lan bisa adoh saka kewan alas.
Part 2
Ing desa liyan, ana ksatria kang lagi latian silat, jenenge Sembara. Dheweke seka cilik wes dibekali
ilmu bela diri karo wong tuwane. Dheweke bisa ngerti lan nyembuhake penyakit sing kerep dialami
warga amarga santet. Sembara kuwi cedhak banget karo gadis lugu sing ora nduwe bekal utawa ilmu
bela diri saka cilik, jenenge Farida, kerep-kerepe Farida ngancani Sembara perang lan melu
nyembuhake Sembara yen bubar perang karo Grandong.

Farida : “Aku krungu ana warga sing wus mari gara-gara tanganmu mas.”

Sembara : “Sapa?”

Farida : “Pak Sukono. Eh emange grandong isih nyantet warga kene?”

Sembara : “Akhir-akhir iki sih ora, tapi awak dhewe ya kudu waspada. Masalahe Grandong ki
licik.”

Farida : “Lha emang Kapan terakhir perang karo Grandong mas?”

Sembara : “Wes suwe banget. Sayange aku ora nduwe ilmu nggo nerawang setan kaya
grandong.”

Farida : “Rapopo mas, Sing penting kowe bisa ngerti nek dheweke neng sekitar kene.”

Sembara : “iyo dek, Suk aku bakal bisa mateni grandong. Titeni wae.”

Sembara latihan silat meneh.


Part 3
Siti lampir mertapa ing jero gua ngasi rambute samsaya puteh. Saiki Siti Lampir wis sekti lan duwe
kekuwatan, pas Siti lagi metu saka gua dheweke ketemu karo Grandong. Wujude grandong yaiku kaya
buta, kaya wong sing ora kopen meneh, rupane butek, lecek, uelik. Grandong lan Siti ece-ecenan
ngasi ana paprangan, nanging loro-lorone padha sektine lan ora ana sing menang, ora ana sing kalah.
Grandong ngejak apikan karo Mak Lampir.

Mak Lampir : (metu saka gua, swara angin)

Grandong : “Weh, setan saka ngendi kowe?”

Mak Lampir : “Eh, yo biasa wae lho. Aku ki menungsa, ora kayak kowe, buta!”

Grandong : “Alah, menungso seka ngendi ki lho. Deloken awakmu dhewe, rambut puteh, rai ijo.
Luwih butek sapa aku ro kowe ha!” (ngece)

Mak Lampir : (ndelok awake dhewe)

Grandong : “Ngapa meneng? Wes sadar? Saiki tak takoni, setan saka ngendi kowe?”

Mak Lampir : “Kurang Ajar!” (njotos)

Grandong : (tibo)

Mak Lampir : (nggumun yen nduwe kekuwatan)

Mak lampir lan grandong gelut, ngasi tibo-tibonan.

Mak Lampir : (ngekek)

Grandong : “Wah, tak akoni kowe sekti tenan. Gurumu sapa je!”

Mak Lampir : “Aku ora meguru mbi sapa-sapa. Jengkel aku nyawang rupamu!”

Grandong : “Tak akoni taktikmu luwih apik saka aku mak. Aku bisa marai kesaktenmu kuwi!

Mak Lampir : “Rasah sok apikan mbi aku! Buktine kowe bisa tak kalahke sek dhewe. Megurua mbi
aku!”

Grandong : “Yo biasa wae lho, kesaktene awak dhewe ki podho!”

Mak Lampir : (ngekek)“Halah, koe lho kalah ro aku, wong og ra sadar diri!” (lunga)

Grandong : “He mak! Rasah sok nesu ngono kuwi, aku gelem meguru mbi kowe.” (senyum)

Mak Lampir : “yo ayo meluo aku!”

Akhire grandong karo mak lampir kancanan


Part 4
Ning desane Datuk Panglima Kumbang, lagi ana paprangan amarga kerajaane dheweke diserang karo
siluman kebo. Datuk Panglima Kumbang ora trima warga karo pasukane dienteki ngasi ora ana sisa,
akhire Datuk nyerang pasukan saka siluman kebo. Datuk sing sekti memang ora bisa dikalahke karo
pasukan sing gur ngandelke tenagane tok, ketua saka siluman kebo sing genti nyerang Datuk. Perange
sengit banget lan Datuk Panglima Kumbang mati ana paprangan kuwi.

Prajurit : “Sendika dawuh datuk, Panglima Kebo pun wonten ngajeng gerbang.”

Datuk Kumbang : “Kurang ajar! Aku bakal maju mateni siluman iku! Koe neng mburiku yo
kancani”

Prajurit : “Sendika dhawuh datuk!” (lunga)

Datuk Kumbang : “Isa isane wes tekan kene nanging aku ora reti.”

Perang-perangan kedadean lan datuk kumbang mati amarga ilmune diserap siluman kebo.

Matine Datuk Panglima Kumbang kewaca ana pikiran mak lampir, ing sawijining dina mak lampir
duwe niatan kanggo nguripake maneh Datuk Panglima Kumbang supaya bisa nyandhing karo mak
lampir. Nanging pas datuk wis urip maneh, dheweke ngira yen mak lampir ki jelmaane setan lan iblis
sing gawene neror masyarakat akhir-akhir iki. Mak lampir lara ati lan mertapa meneh.

Ning guane Mak Lampir..

Mak Lampir :“Kurang ajar!! Sapa sing wani mateni wong sing tak tresnani!
Hwaaaaarrrrrrggggghhhh!!” (murka)

Grandong : “Woooooy, Guru. Santé lah guru, ana apa ta jane ki.”

Mak Lampir : “Rasah kakean umuk! Ayo melu aku!”

Grandong : “mangga guru!

Ning alas..

Mak Lampir : “Grandong, tariken aku saka mburi. Yen aku ora kuwat, sangganen nganggo ilmu
anyar sing wus tak kandaake karo koe!”

Grandong : “Tapi ilmu kui bisa nglemahake guru, saya akeh metu saka tongkat sektine guru,
mengko saya ambruk.”

Mak Lampir : “Aku luwih mudeng kahananku ketimbang kowe! Wes meneng gek manuto wae!”

Grandong : “Siap guru!”


Mak lampir nyoba nguripke Datuk meneh, kekuwatane dibantu sitik karo kekuwatane grandong.
Datuk bisa urip maneh

Datuk nggolek desa sing ana penghunine, sing bisa dinggo ngeyup. Ning tengah dalan, ana wanita
sing lagi ngumbah rasukane, Datuk nyedhaki wanita kuwi. Jenenge Farida, dheweke wong wadon
sing ameh mirip sipate karo siti lampir.

Farida : “Dengaren bisa ngrasakke galau barang, lagi mikirke cewe ta”

Sembara : “Sembarangan!! Datuk Kumbang gugur dikalahake siluman kebo.”

Farida : “Ha? Lha sampeyan entuk berita saka ngendi? Kok ora melu perang?”

Sembara : “Ora ana kabar sing ngandaake yen kerajaan kumbang diserang, kuwi sing marakke
aku ora bisa turu ngasi saiki.”

Farida : “Eih lebay tenan sampeyan kih. Kok isa ya, ksatria sekti mandraguna kaya Datuk
dikalahake karo siluman.”

Sembara : “Saben wong duwe titik kelemahan dhewe. Mungkin siluman kuwi wus ngerti titikane
kelemahan Datuk, ngasi Datuk bisa gugur karo siluman anyar sing lagi lair wingi sore.”


Part 5
Datuk Kumbang : “Farida?”

Farida : “Loh, Datuk Kumbang?” (wedi)

Datuk Kumbang : “Ora usah wedi, aku dudu setan, aku uwong.”

Farida : “Kangmas Sembara ngendika yen Datuk mpun gugur nalika perang kaliyan siluman
kebo.”

Datuk Kumbang : “Ora, aku mung pingsan sedela kok. Kesel aku, gandeng lagi do perang aku reka-
reka turu sek.” (mrenges)

Sembara : “Datuk?”

Datuk Kumbang: “Eh, woy Sembara. Piye kabare bro? Lak isih penak dadi kancaku ta?”

Sembara : “Iki datuk tenanan?”

Datuk Kumbang: “Kagetmu ki persis kaya Farida, jan-jane kowe kabeh ki jodo yaknen ya.”

Sembara : “Datuk punapa saged ngantos mriki?”

Farida : “Kayane iki dudu Datuk mas.” (bisik-bisik)

Sembara : “Sampeyan sapa? Ora usah ngaku-ngaku persis Datuk! Siluman saka ngendi kwe!
Ngakuo!”

Datuk Kumbang: “Kenapa koe ora percaya mbi aku? Aku Datuk.”

Sembara : “halah pret! Berubah opo gelut?”

Datuk Kumbang: “Aku ki Datuk.”

Sembara nyerang Datuk amarga ora percaya yen kuwi memang datuk.

Akhire Datuk mapan ana ing desa iku. Pendhak dina datuk marani nyang omahe Farida menehi buah-
buahan kanggo rasa matur nuwun, nanging ana sing ora seneng yen datuk nyedaki Farida, yaiku
Sembara, ksatria sekti sing diduweni desa iku. Dheweke duwe rencana nggo nyingkirke Datuk saka
desa iki.

Datuk menyang omahe Farida.

Sembara : “Aku tetep ora percaya yen dheweke Datuk Panglima Kumbang, yen emang iya. Mesti
sikape biasa wae karo koe.”

Farida : “Apa sing mbok raguake to mas? Dheweke emang Datuk Kumbang. Bukane koe uwis
tandhing ta wingi? Atau koe cemburu nek aku cedak karo datuk?”
Sembara : “Oralah! Mosok aku ngalah karo pakde pakde modelan sugar daddy ngono. Aku
memang tandhing, lan aku memang ngrasaake kekuwatane dheweke ki memang kekuwatane Datuk.
Nanging sikape udu kaya sikape Datuk.”

Farida : “Alah, kuwi gur perasaanmu wae mas. Ayo mlebu.” (mlebu ngomah)

Grandong nemu kabare Datuk Panglima Kumbang, dheweke bisa nrawang gerak-gerike Sembara sing
ameh mateni Datuk. Info iki langsung diwenehake marang gurune, mak lampir. Mak lampir ora trima
yen ana sing ameh mateni Datuk meneh, dheweke nyantet Sembara lan nggawe Sembara lara-
laranan. Sembara kang sekti ngerti yen dheweke disantet, ing dina liyan akhire dheweke golek
tempat pertapan sing adoh lan ora bisa dijangkau karo wong sing wis nyantet Sembara.

Dirawat Farida

Sembara : “ uhuk uhuk Aku bisa ngrasaake yen ana sing nyantet aku.”

Farida : “Sapa he mas?”

Sembara : “Iki setan anyaran, setan sing gawene ngresahake masyarakat. Setan iki sekti banget,
aku ora bisa nggolek kelemahane.”

Farida : “ kok iso setan anyaran seng sekti banget? Takon Datuk ya, mbok menawa reti?”

Sembara : “Ora usah! Dek, sesuk aku meh mertapa ning gunung Merapi, aku meh mulihake
kekuwatanku sing sitik-sitik wus ilang iki. Jaga awakmu ya!”

Farida : “Aku ora setuju, lha sampeyan ameh rana karo sapa? Yen ra kuwat ana dalan piye?
Aku melu ya?”

Sembara : “Aja, kana medane angel banget. Ora kabeh uwong bisa nglewati dalan kana.”

Farida : “Justru sampean yo lagi lemah mas. Kepiye carane?”

Sembara : “Aku nduee asuransi percayaa aku.”

Akhire Sembara ndelik ana gunung Dempo, gunung sing kebak kabut lan gur bisa disawang wayah
esuk, kuwi wae gur dilit.
Part 6
Mak lampir nyobo nrawang panggonane sembara supaya ora bisa lolos karo santetane, ora nyangka
yen santetane uwis ora nyandhak lan mak lampir ora bisa nrawang Sembara meneh. Farida entuk
kabar yen Sembara dipateni amarga dheweke cedhak kambi Datuk, farida ora gelem mangan esuk
awan sore.

Mak Lampir : (nrawang nganggo tongkate)

Grandong : (melu-melu mak lampir)

Sembara : (mertapa)

Mak Lampir : “He, ndong! Reneo tak kandani! Aku wes ora bisa nemoake Sembara meneh iki. Piye
lah?”

Grandong : “Lha piye ya Mak? Eh?”

Mak Lampir : “Koe ki ya kudune ngek.i solusi po piye, mah melu-melu bingung! Murid ra genah”

Grandong : “Aha, aku ndue ide cilik mak! Piye nek awak dhewe nyusuri dalan neng gunung Merapi
nggolek.i sembara?”

Mak Lampir : “ash idemu I elek, ra kereatip! Ngene wae, pie nek awakdewe nyusuri dalan neng
gunung Merapi nggo goleki sembara?”

Grandong : “Loh mak kui kan ideku mau persis”

Mak Lampir : “koe ki rasah ngaku ngaku, jelas kui ideku. Wes ayo melu aku”

Grandong : “yo karepmu mak” (ngedumel neng mburine mak lampir)

Mak lampir nyobo nggoleki sembara ning alas, akhire mereka ketemu ning papan sing mbiyen dinggo
perang Datuk Panglima Kumbang. Awale mak lampir ngangkon grandong kanggo mateni sembara.
Ananging sembara luwih sekti ketimbang grandong. Akhire grandong mati neng tangane sembara.

Sembara lagi mertapa

Metu swara angin aneh, sembara mudeng

Grandong : “He, guru! Kae Sembara!”

Mak Lampir : “Aduh, kurang ajar! Kekuatane Sembara kayane nambah iki!”

Sembara : (ngadeg saka pertapan)“Aku wes nyangka yen koe sing nyantet aku!”

Mak Lampir : (ngekek)”Rumangsamu aku ora mudeng niatanmu ha!”


Sembara : “Memang niatanmu sing marakke resah wargaku!”

Mak Lampir : “Ora usah sok suci, lak yo koe meh mateni penguasamu to!”

Sembara : “Ngomong opo koe! Rasah kakean umuk!” (nyerang mak lampir)

Sembara nyerang mak lampir, mak lampir nunjukke tongkate (ngekek)

Grandong melu nyerang sembara, nanging grandong bisa dikalahake Sembara.

Mak lampir ora trima anak buahe bisa dikalahke sembara, dheweke nglawan sembara. Ing tengahing
paprangan, farida teka karo datuk. Farida saiki duwe kekuwatan kanggo nyerang mak lampir.
Ananging kekuwatane isih sitik.

Farida : “Kurang ajar koe mak lampir!!” (nyerang saka mburi)

Mak Lampir : (Nyabet nganggo tongkate, ngekek) “Ora ana sing bisa ngalahake aku!!”

Farida : (tiba) “Aduh”

Sembara : “Farida! Ati-ati!” (marani Farida) “Kok koe isoh gelut?”

Farida : “Tenang wae, aku ra ngopo-ngopo kok. Aku isa nglawan Mak lampir.” (senyum)

Mak Lampir : “Kurang ajar!!” (nyerang nganggo tongkate)

Mak lampir karo Sembara gelut, Farida ameh melu-melu

Sembara : “Uwis koe ki pupuk bawang, lungguh kene wae ra usah melu-melu.”

Farida : “Aku ki rak popo yo, aku wes isa nglawan mak lampir meski gur sitik-sitik.”

Kasektene Mak Lampir wus ngluwihi batas. Mak Lampir ngekek. Sembara lan Farida gentian sing
nyerang Mak Lampir, farida bisa langsung dikalahke mak lampir. Sembara wus ngerti kelemahane
mak lampir.

Farida : “Aduh dee terlalu kuat, apa sing kudu tak lakokke?”

Sembara : “Aku ngerti, lakokne printahku. Nek mak lampir wus neng ngarepmu, seblak tongkate
nganggo kekuwatanmu. Ngerti?”

Farida : “Ya, aku ngerti.”

Sembara : “Apik!” (nglawan mak lampir)


(tongkate mak lampir tibo diseblak farida)

Sembara : (jipuk tongkate mak lampir) “aku wes ngerti kelemahanmu hahaha. Saiki aku bakal
ngakhiri uripmu lan nylametne umatku.”

Mak Lampir : “Ajaaaaaaaaaaaaaa!!!!!!!!”

Sembara nugel tongkate mak lampir, tongkate mak lampir tugel lan akhire mak lampir bisa kalah
amarga tongkat saktine di coklek karo sembara.

Mak lampir musnah.

Saiki desa wus tentrem, ora ana sihir lan anceman saka mak lampir. Datuk wes dianggep kang mas
karo Sembara. Akhire Sembara tentrem karo Farida.

Anda mungkin juga menyukai