Anda di halaman 1dari 8

Skrip Naskah film

Scene 1

Latar tempat: kamar

Narasi:

Ing salah sawijining desa,ana keluarga pak Sumarto lan bu Indah Lestari tetanggane biasa nyeluk Bu
Tari. Wonge duwe anak sing jenenge Gilang. Ing wayah wengi Bu Tari kuwatir amarga bojone (pak
Sumarto) durung mulih. Deweke ngrasa akhir-akhir iki bojone sering mulih telat amarga alesan kerja
lembur.

Bu Tari: Peh bojoku ki nendi to jane...wes jam 9(scene ndelok jam di dinding) kok rung mulih-mulih.
Mosok o yahene urung mulih, jane sing dilemburi ki opo? (ngucap karo geleng-geleng).

Scene 2

Latar tempat: ruang tv

Narasi:

Bu Tari: Lang Gilang jali to bapakmu ki telponen ibuk telpon wiwit mau kok ora diangkat, ibuk wedi
bapakmu enek masalah nek ndalan.

Gilang: (scene lungguh ing ngisor tv) nyapoto buk sik jam 9 biasane bapak mulih jam 8 to, yo positif
thinking wae nek bapak sik ndek ndalan. Sopo ngerti nukokne ibuk martabak, jarang-jarang to bapak
romantis. Hehehehe

Bu Tari: (scene lungguh ing sandinge Gilang) Yo ora ngunu le.. masalahe iki wes jam 9 punjul biasane
bapakmu nek mulih kan jam 8 aku mung kuwatir ( ngomong karo ndingkluk).

Gilang: izo ibukku bidadari surgaku sing ayu dewe... ikilo tak telpon (ngomong karo nyekel hp) tapi
kok ora diangkat yo buk tumben. Wes tapi rapopo bu, ibu istirahat wae sek. Masalah bapak tak
entenane wae . Mengko nek dikunci mesakne ora iso mlebu. Mosok arep liwat kandang weduse pak
Parto.

Bu Tari: Yowes le, ibuk istirahat sek. Iki pas rodok mumet tensine endek, tunggunen bapakmu yo.
Ojo Sampek keturon. Kan sesok sekolahmu libur mergo dino Sabtu. Tulung yo entenono.

Gilang: Oke buk siapp

Bu Tari: lah-lah modelmu. Heh blajar sopan santun karo wong tua, blajar basa wes kelas 12 barang
mosok ora iso basa.

Gilang: hehehe nggih Bu siap monggo panjenengan istirahat rumiyen, masalah bapak gampang.
Barniki lekne rawuh. Oke?

(Bu Tari ngaleh ninggalne Gilang sing dewean nunggu bapake mulih saka kerjoan).

Gilang: beh mesakne ibuk. Jane bapak ki nendi to bojone nggoleki barang. Mosok bapakku duwe
cewek neh, lakyo ora lucu. (Monolog Gilang karo mbayangne sing ora ora)
Scene 3

Ing wengi jam 11 pas Pak Sumarto teko ngomah.

Latar: lawang ngarep omah

Sumarto: (bukak lawang) Untung rung dikunci, tapi mosok Yanti rung turu. Wes jam 11 ki. Kok yo
bengimen lekku mulih kimau. (mbatin karo garuk-garuk sirah).

Sumarto: Assalamualaikum, loh lang durung turu kowe le? gek ndang turu wes jam 11!

Gilang: Saking pundi to pak, mesakne ibuk nunggu bapak sampek bengi kok lagi rawuh.

Sumarto: La ndi saiki wonge?

Gilang: Yo wes istirahat pak. Kulo mesakne ibuk pun kesel kulo ken sare rumiyen.

Sumarto: (njupuk remot mateni tv ) yowes-yowes gek ndang turu wes wengi.

Scene 4

Latar tempat : Ruang tv

(Sumarto lan sekeluarga ngumpul ning ngarep tv amarga dino Sabtu Sumarto lan Gilang libur dadi
pada ngumpul nek omah)

Bu Tari: Pak Saman mambengi teko ngendi to kok tak tunggu nganti jam set 10 durung bali. Saman
mari nglembur opo to pak?

Sumarto: Orapopo bune santaii. Ceritane wingi aku ning ndalan luwe poll dadi mampir warung pojok
sing lagi rame karo kanca-kancaku.

Bu Tari: La terus nyapo kok ditelpon ora ngangkat opo se repot kui manganmu sampek ora kober
ngangkat telpon?

Sumarto: Yo ora ngunulo bune, mosok aku kudu njelasne panjang kali lebar. Wes biasa to wong
lanang lek cangkruk bar mangan ngunu kae ndadak sebat karo ngopi pisan ( Sumarto nyawang tv
karo nglirik Bu Yanti)

Bu Tari: Yowes aku percoyo, sok-sok maneh nek mulih wengi kabari to pak, bojo karo anak e ben ora
kuwatir.

Sumarto: Siap bune...”slamet untung Yanti ora tekok reno”(bathin Sumarto)

Wes seminggu punjul Sumarto tetep mulih wengi bahkan jam 12 barang lagi mulih.

Scene 5

Latar tempat : kamar

Bu Tari: Sampean teko ngendi pak mulihe bengi men?

Sumarto: Loh aku yo kerjo to buk

Bu Tari: Aku nggak selugu kui pak, ojo ngapusi aku. Aku ngerti Saman duwe simpenan ning njobo.
Sumarto: Wes rasah drama koyo sinetron buk. Aku ki kerjo ngge nguripi adewe sekeluarga. Ngerti
dewe Saiki golek duwit angel. Patuto aku ora turu mbendino terima ngge nyukupi Saman karo
Gilang.

Bu Tari: Drama piye karepmu. Wong aku eruh dewe saman mbonceng wong wedok liwat ngarep
omahe Risa. Tonggone Risa ye? Hooh? Modelanmu pak. Tampang biasa nglarani ora kira-kira.

Sumarto: Lambemu Yan. Aku ora segenit kui karo wong wedok nganti tak bonceng opo maneh liwat
ngarepane Risa. Podo arep golek mati ( ngendus karo buang muka)

Kurang ajar tibake dee mau Ning omahe Risa, tak kiro nk omah (bathine)

Bu Tari: pokok e aku ora trima.

Sumarto: Pancene dee ayu isih enom. Turu Yo pinter golek duwit(semaure Sumarto santai)

Bu Tari: Sing luwih nom. Luwih sugeh teko aku. Jane kurangku ki opoto pak, aku manut karo Saman.

Sumarto: Aku waleh nduwe bojo ngene ngene wae, mung dasteran wae mbendino mbok yo
perawatan macak sing ayu. Gek apa maneh iso golek duwit.

Bu Tari: Aku kurang piye to pak, aku saman konkon ning omah ae aku manut. Aku kon dadi ibu
rumah tangga ae manut. Ngewangi ngrumat anak e dewe budal. Kurang opo aku pakne? He? Aku
dasteran ae amarga saman ngongkon aku ing omah wae, wes ora kober ngurusi awakku.
Rumangsamu penggawean e ibu-ibu rumah tangga kui mung perawatan? Iyo lek aku mbok golekne
pembantu, dadi aku kari duduk manis perawatan.

Sumarto: Yowes nek ngunu awakdewe pisah ae, ngurusi urusane dewe-dewe.

Bu Tarii: Oke, nek panjalukanmu mekunu tak turuti. Mugo ae Kowe mati disek tinimbang aku, kena
karma saka Pangeran. (grutu bu Yanti saking anyel)

(Sumarto ngangkat tangan arepe napok Bu Yanti)

Sumarto: Lambemu Yan. Wes awakmu ngalio tinimbang ajur ning tanganku.

Sak mlakune waktu akhire Bu Yanti lan pak Sumarto cerai. Gilang sing weruh wong tuane cerai
nelangsa rumangsa yen uripe wes ora kopen mung iso meneng lan ngelamun saben dinane

Scene 6

Latar tempat: kelas

Gilang: dina-dina mung iso nglamung mikir wongtuane wes bubar bahkan deweke ora kerumat wong
tuane.

Budi: Heh Lang Koweki nyapoto tak sawang kaet mau koyo wong ra duwe tujuan urip.

Gilang: Pancen iyo

Budi: loh-loh sek sek hop. Koweki jane enek masalah opoto Lang, kene cerita nek masmu. (karo
nepuk-nepuk dada)

Gilang nglirik Budi

Gilang: Wong tuaku pegat.


Budi: he?? Pegat Lang? Kok iso kilo, padahal ibumu ayu lo. Mosok bapakmu teko megat.

Gilang: Buktine..

Budi: Hoalah Lang Lang pancen uripe manungsa ki ora lepas saka ujian, kowe sing sabar wae. Fokus
Lang fokus. Itungane kowe kari sedilut kas lulus teko sekolahan iki, mosok Kowe arep medot tengah
dalan, yora?

Gilang: hufffttt. Embuh bud aku bingung. Ning omah hawane panas ora betah aku. Oranek sing
nyukupi aku.

Budi: Kowe kudu semangat Lang, Kowe anak Lanang, Ojo loyo. Amu kudu iso bangkit saka ujian ujian
sing mbok adepi.

Gilang: Hooh bud, suwun yo.

Sakbare pirang-pirangane dina gilang tetep nglamun lan nemene maneh nganti ora fokus karo guru
sing nerangne pelajaran.

Rara: hei.. nyapo awakmu tak perhatikne kok akhir-akhir iki sering nglamun bahkan sering ora
ngrungokne guru nerangke.

Gilang: Ora opo-opo Ra, mung masalah sepele. (alibi gilang nutupi masalah keluargane saka Rara).

Rara: Yowes yen ana masalah lan butuh bantuan omongo aku wae.

Gilang: Hooh Ra gampang wes to santai wae.

Scane 7

Latar tempat: teras rumah

Gilang pulang dari sekolah lalu bersalaman dening bu Tari sing lagi lingguh ning teras

Gilang: Assalamu'alaikum buk

Tari: Waalaikumsalam le

Gilang terus lingguh ing andinge bu Tari

Gilang: Ngeten buk, niki kan sampun anjenge ujian, 2 bulan maleh Gilang sampun ujian semeter buk,
nah niku uang spp kedah dilunasi riyen (gilang berbicara dengan menundukkan kepala sambil
memainkan ujung bajunya karena merasa tidak enak)

Bu Tari: Tak usahakne yo le, tapi iki ibuk gung ndue duet lek saiki, ibuk njajal dodolan gorengan tapi
mek payu sitik iki mau

Gilang: Nggih buk, sepurane yo buk Gilang gung iso mbantu malah gur mbebani ibuk

Bu Tari: Hussss ojo muni ngono, awakmu ki tanggungjawab e ibuk, dadi ngonoi wajar le, intine
adewe kudu panggah sabar yo le

Gilang: Nggih bukk.. (Gilang tersenyum) Mpun buk aku tas bek kamar sek

Bu Tari: Heeh le (Yanti memandang Gilang yang berjalan menuju kedalam rumah dengan senyuman
yang penuh kasih sayang)
2 Bulan Kemudian...

Scane 8

latar tempat: sekolah

Ini adalah hari pembagian nomor ujian, dan Gilang tidak mendapatkan kartu tersebut karena belum
melunasi administrasinya

Elin: Lang spp mu nunggak ye? (sambil tertawa)

Berta: Haha iyo lah, mesti gak ndue duet, kan bapak e ndue bojo anyar (A dan B saling menatap dan
tertawa)

Elin: Lang koe i nyapo ndadak sekolah barang, ewangono ibukmu kono lo adol gorengan.
gorengaannn gorengannn.. enakk.. murah.. (dengan nada menyindir, kemudian dilanjut tertawa lagi)

Gilang hanya menunduk dan tidak menggubris mereka.

Scane 9

Latar: warung sayur

Darmi: Dina Senin kok sepi to gustiii.. Jane wong- wong nendi lo iki, mosok rabutuh blonjo. Padahal
wes penak bon y iso, aku ora nageh malah enek sing ra mbayar pura pura lali, ngunu yo ora blonjo
rene lo.

Gilang sing mulih sekolah mampir ning warunge Darmi tuku lawuh,

Darmi: Alhamdulillah enek penglaris

“Lang, mulih sekolah?tumben blonjo dewe, ibumu ndi?”

Gilang sing lagi susah, mung meneng wae ora nyauri omongane Bu Darmi.

Gilang: Pun Bu, Niki mawon. Sedoso nggih? Suwun. Bablas ngaleh wegah nyauri omongane Bu Darmi

Darmi: Woo bocah ora nduwe dugo, dijak omong wong tuwek mblunus ae...Jan Jan...

Scene 10

latar tempat: kamar

Gilang kemudian pulang kerumah dan langsung menuju kamarnya, gilang merasa depresi karena
memikirkan bagaimana ujiannya nanti, dan ditambah ia mendapat bully an dari teman disekolahnya
setiap hari. Gilang merasa bahwa ia sudah tidak memiliki teman lagi untuk berbagi keluh kesah.

Gilang duduk diatas kasurnya yang berantakan sambil menutup telinganya, ia terbayang dengan
suara suara bullyan yang menyakitkan baginya. Kemudian gilang menatap meja yang ada di
kamarnya, ia teringat bahwa ia memiliki obat dilaci meja tersebut.
Tangan gilang bergetar, ia sudah hilang arah, fikirannya entah sudah kemana. Tanpa berfikir panjang,
gilang mengambil obat tersebut kemudian ia bersiap untuk meminum semua obat yang ada, ia ber
niat agar bisa mengakhiri hidupnya dengan cara tersebut.

Saat hendak memasukkan obat itu kedalam mulut, Gilang tiba tiba teringat akan masa lalunya saat
keluarganya masih harmonis.

Scane 11

Flashback..

latar tempat: ruang keluarga

Dihari itu bu Tarii, Gilang, dan Sumarto sedang berkumpul. Bu Tari gowo piring, deweke arep
ndulang Gilang. Sementara itu Gilang sibuk dengan mainannya.

Tari: Lee kene cah bagus maem sekk, mosok kat mau jek kelong tuitik iki lo

Sumarto menyaut..

Sumarto: Ndulang Gilang angel to buk, mending ndulang aku kene, mosok bojone seng buagus dewe
nggak didulang, kenee buk aku dulang... Aaaaaaaa

Tari ngguyu cengengesan amarga eruh tingkah laku bojone terus deweke ndulang sesuap sego
nggene Sumarto, terus wong loro kui ngguyu bareng amarga ngrumangsa lucu lan kelingan pas
jaman jamane pacaran bien

Gilang sing awale repot karo dolanane, maleh marani Tari dan sumarto, yang kemudian disambut
hangat oleh pelukan Sumarto. Tari sing ndelok Gilang lan Sumarto akur kemudian tersenyum manis
sambil mengelus punggung Gilang.

Tari: Pak, sesok ning bonrojo mumpung sesok libur, anak e dijak dolan bareng, Bene semangat lek
sekolah

Sumarto: okeh, sesok adewe piknik ning bonrojo, Ojo lali gowo jajan

Tari: Siap bosku..

Gilang sing lagi fokus wes ora iso diganggu mung meneng wae lan terus dolanan. Amarga deweke
tipikal bocah yen lagi fokus wes ora iso diganggu.

Scene 12

Latar tempat: Bonrojo

Gilang: Pak njenengan mriki too

Sumarto: Nyapo le ana opo?

Gilang: Cobi to njenengan mirsani, kok ketawisi mirip njenengan to pak

Sumarto: he? Opoto le?


Gilang: Niki lo pak (Karo nyekel hp ndudohne hasil jepretan foto orang utan)

Sumarto: Ya Allah bunee, anakmu kok iso bapak e dimiripne kethek iki jane sing marai sopo.

Tari: Peh la aku ora ngerti Lo mas, hahahahahhaha (ngguyu ngakak poll) sumpah aku nggak ngerti.

“Lee,, Gilang ndak pareng lo ngunukui, yo nakk

Gilang sing nyawang bapake emosi mung meneng ae

Gilang: Lariiiiiiii.....

Sumarto: Awas Kowe, hayo arep nendi, tak tangkep

Tari: (ngguyu tok) wes wes ojodiuber anak e

Sumarto: happ, ketangkep too (karo ngguyu). Hayo sopo sing marai ngomong ngunu. Ndak paren
Lee, ya( Karo ngusap kepalane Gilang)

Scene 13

Pyarr..lamunan Gilang mbalek, ndeweke nangis nggrugu Kelian masa-masa cilike sing dimanja
karowong tuane.

Gilang: Pak buk nyapo kok ndadak pegat, heeee (brakk)

Deweke mbantu barang barang sing enek Ning sandinge termasuk buku album fotone pas tamat TK
sing ditekani bapak ibuk e

Gilang: Aku kudu semangat, aku cah Lanang ora oleh ceklek an, wong tuaku wes pisah, Ojo Sampek
aku dadi gelandangan. Aku kudu iso mbutekne yen aku iso tanpa bapak.

Scene 14

Latar: Pinggir dalan

Tari: (nggowo baki gorengan) “ wes sore, gorenganku jek piro yo?”
Teko kulon Binti mlaku kaget eruh Tari dodolan gorengan

Rani: Baiyuh Tari, sek-sek ( Karo ngucek ngucek mripat ora percoyo yen kui Tari) Iyo bener tari Ki,
mosok dodolan gorengan, kesambet opo iso dadi bakul gorengan wong bojone sugeh.

Rani sing kepo langsung sat set marani Tari

Rani: Heyo.. loh Tar awakmu tibak e. Nypo Ning kene barang? Loh dodol gorengan barang ki, sek-sek
enek kabar opo Iki, ajak e aku telatt info ki (tekok Binti Karo rempong mbenakne perhiasan lan
klambi sing digawe)

Tari: Rapopo. ( Jawab tari lan ringkes ringkes arep lanjutne dodolan)

Rani: Sektalah Tar, akuki tekok penasaran amu nypo kok dodolan gorengan, enek masalah? Bojomu
nendi?

Tari: Heleh, wes rasah kepo, aku arep lanjut dodolan neh. (Jawab tari lan kesusu ngaleh
Rani: Mosok Sumarto di PHK, kok Sampek Tari dodolan.

Lah embuh wes urusane wong aku ra melu-melu. Penting uripku ayem hemmm.. gelang anyar
klambi anyar syahdu tenan og iki dina.

Scene: 15

Latar tempat: Kamar

Gilang: Opo aku kerjo ae yo, aku mesakne ibuk wes sepuh isih dodolan gorengan. Mosok aku cah
Lanang mungeneng wae. Hooh aku kudu kerjo lagian kurang 1 wulan akuwes tamat, aku orasah
kuliah sek ngewangi ibuk.

Anda mungkin juga menyukai