Anda di halaman 1dari 4

Skrip Naskah film

Scene 1

Latar tempat: kamar

Narasi:

Ing salah sawijining desa,ana keluarga pak Sumarto lan bu Yanti. Wonge duwe anak sing jenenge
Gilang. Ing wayah wengi Bu Yanti kuwatir amarga bojone (pak sumarto) durung mulih. Deweke
ngrasa akhir-akhir iki bojone sering mulih telat amarga alesan kerja lembur.

Bu Yanti: Peh bojoku ki nendi to jane...wes jam 9(scene ndelok jam di dinding) kok rung mulih-mulih.
Mosok o yahene urung mulih, jane sing dilemburi ki opo? (ngucap karo geleng-geleng).

Scene 2

Latar tempat: ruang tv

Narasi:

Bu Yanti: Lang Gilang jali to bapakmu ki telponen ibuk telpon wiwit mau kok ora diangkat, ibuk wedi
bapakmu enek masalah nek ndalan.

Gilang: (scene lungguh ing ngisor tv) nyapoto buk sik jam 9 biasane bapak mulih jam 8 to, yo positif
thinking wae nek bapak sik ndek ndalan. Sopo ngerti nukokne ibuk martabak, jarang-jarang to bapak
romantis. Hehehehe

Bu Yanti: (scene lungguh ing sandinge Gilang) Yo ora ngunu le.. masalahe iki wes jam 9 punjul
biasane bapakmu nek mulih kan jam 8 aku mung kuwatir ( ngomong karo ndingkluk).

Gilang: izo ibukku bidadari surgaku sing ayu dewe... ikilo tak telpon (ngomong karo nyekel hp) tapi
kok ora diangkat yo buk tumben. Wes tapi rapopo bu, ibu istirahat wae sek. Masalah bapak tak
entenane wae . Mengko nek dikunci mesakne ora iso mlebu. Mosok arep liwat kandang weduse pak
Parto.

Bu Yanti: Yowes le, ibuk istirahat sek. Iki pas rodok mumet tensine endek, tunggunen bapakmu yo.
Ojo Sampek keturon. Kan sesok sekolahmu libur mergo dino Sabtu. Tulung yo entenono.

Gilang: Oke buk siapp

Bu Yanti: lah-lah modelmu. Heh blajar sopan santun karo wong tua, blajar basa wes kelas 12 barang
mosok ora iso basa.

Gilang: hehehe nggih Bu siap monggo panjenengan istirahat rumiyen, masalah bapak gampang.
Barniki lekne rawuh. Oke?

(Bu Yanti ngaleh ninggalne Gilang sing dewean nunggu bapake mulih saka kerjoan).

Gilang: beh mesakne ibuk. Jane bapak ki nendi to bojone nggoleki barang. Mosok bapakku duwe
cewek neh, lakyo ora lucu. (Monolog Gilang karo mbayangne sing ora ora)

Scene 3
Ing wengi jam 11 pas Pak Sumarto teko ngomah.

Latar: lawang ngarep omah

Sumarto: (bukak lawang) Untung rung dikunci, tapi mosok Yanti rung turu. Wes jam 11 ki. Kok yo
bengimen lekku mulih kimau. (mbatin karo garuk-garuk sirah).

Sumarto: Assalamualaikum, loh lang durung turu kowe le? gek ndang turu wes jam 11!

Gilang: Saking pundi to pak, mesakne ibuk nunggu bapak sampek bengi kok lagi rawuh.

Sumarto: La ndi saiki wonge?

Gilang: Yo wes istirahat pak. Kulo mesakne ibuk pun kesel kulo ken sare rumiyen.

Sumarto: (njupuk remot mateni tv ) yowes-yowes gek ndang turu wes wengi.

Scene 4

Latar tempat : Ruang tv

(Sumarto lan sekeluarga ngumpul ning ngarep tv amarga dino Sabtu Sumarto lan Gilang libur dadi
pada ngumpul nek omah)

Bu Yanti: Pak Saman mambengi teko ngendi to kok tak tunggu nganti jam set 10 durung bali. Saman
mari nglembur opo to pak?

Sumarto: Orapopo bune santaii. Ceritane wingi aku ning ndalan luwe poll dadi mampir warung pojok
sing lagi rame karo kanca-kancaku.

Bu Yanti: La terus nyapo kok ditelpon ora ngangkat opo se repot kui manganmu sampek ora kober
ngangkat telpon?

Sumarto: Yo ora ngunulo bune, mosok aku kudu njelasne panjang kali lebar. Wes biasa to wong
lanang lek cangkruk bar mangan ngunu kae ndadak sebat karo ngopi pisan ( Sumarto nyawang tv
karo nglirik Bu Yanti)

Bu Yanti: Yowes aku percoyo, sok-sok maneh nek mulih wengi kabari to pak, bojo karo anak e ben
ora kuwatir.

Sumarto: Siap bune...”slamet untung Yanti ora tekok reno”(bathin Sumarto)

Wes seminggu punjul Sumarto tetep mulih wengi bahkan jam 12 barang lagi mulih.

Scene 5

Latar tempat : kamar

Bu Yanti: Sampean teko ngendi pak mulihe bengi men?

Sumarto: Loh aku yo kerjo to buk

Yanti: Aku nggak selugu kui pak, ojo ngapusi aku. Aku ngerti Saman duwe simpenan ning njobo.
Sumarto: Wes rasah drama koyo sinetron buk. Aku ki kerjo ngge nguripi adewe sekeluarga. Ngerti
dewe Saiki golek duwit angel. Patuto aku ora turu mbendino terima ngge nyukupi Saman karo
Gilang.

Bu Yanti: Drama piye karepmu. Wong aku eruh dewe saman mbonceng wong wedok liwat ngarep
omahe Risa. Tonggone Risa ye? Hooh? Modelanmu pak. Tampang biasa nglarani ora kira-kira.

Sumarto: Lambemu Yan. Aku ora segenit kui karo wong wedok nganti tak bonceng opo maneh liwat
ngarepane Risa. Podo arep golek mati ( ngendus karo buang muka)

Kurang ajar tibake dee mau Ning omahe Risa, tak kiro nk omah (bathine)

Bu Yanti: pokok e aku ora trima.

Sumarto: Pancene dee ayu isih enom. Turu Yo pinter golek duwit(semaure Sumarto santai)

Bu Yanti: Sing luwih nom. Luwih sugeh teko aku. Jane kurangku ki opoto pak, aku manut karo Saman.

Sumarto: Aku waleh nduwe bojo ngene ngene wae, mung dasteran wae mbendino mbok yo
perawatan macak sing ayu. Gek apa maneh iso golek duwit.

Bu Yanti: Aku kurang piye to pak, aku saman konkon ning omah ae aku manut. Aku kon dadi ibu
rumah tangga ae manut. Ngewangi ngrumat anak e dewe budal. Kurang opo aku pakne? He? Aku
dasteran ae amarga saman ngongkon aku ing omah wae, wes ora kober ngurusi awakku.
Rumangsamu penggawean e ibu-ibu rumah tangga kui mung perawatan? Iyo lek aku mbok golekne
pembantu, dadi aku kari duduk manis perawatan.

Sumarto: Yowes nek ngunu awakdewe pisah ae, ngurusi urusane dewe-dewe.

Bu Yanti: Oke, nek panjalukanmu mekunu tak turuti. Mugo ae Kowe mati disek tinimbang aku, kena
karma saka Pangeran. (grutu bu Yanti saking anyel)

(Sumarto ngangkat tangan arepe napok Bu Yanti)

Sumarto: Lambemu Yan. Wes awakmu ngalio tinimbang ajur ning tanganku.

Sak mlakune waktu akhire Bu Yanti lan pak Sumarto cerai. Gilang sing weruh wong tuane cerai
nelangsa rumangsa yen uripe wes ora kopen mung iso meneng lan ngelamun saben dinane

Scene 6

Latar tempat: kelas

Gilang: dina-dina mung iso nglamung mikir wongtuane wes bubar bahkan deweke ora kerumat wong
tuane.

Budi: Heh Lang Koweki nyapoto tak sawang kaet mau koyo wong ra duwe tujuan urip.

Gilang: Pancen iyo

Budi: loh-loh sek sek hop. Koweki jane enek masalah opoto Lang, kene cerita nek masmu. (karo
nepuk-nepuk dada)

Gilang nglirik Budi

Gilang: Wong tuaku pegat.


Budi: he?? Pegat Lang? Kok iso kilo, padahal ibumu ayu o. Mosok bapakmu teko megat.

Gilang: Buktine..

Budi: Hoalah Lang Lang pancen uripe manungsa ki ora lepas saka ujian, kowe sing sabar wae. Fokus
Lang fokus. Itungane kowe kari sedilut kas lulus teko sekolahan iki, mosok Kowe arep medot tengah
dalan, yora?

Gilang: hufffttt. Embuh bud aku bingung. Ning omah hawane panas ora betah aku. Oranek sing
nyukupi aku.

Budi: Kowe kudu semangat Lang, Kowe anak Lanang, Ojo loyo. Amu kudu iso bangkit saka ujian ujian
sing mbok adepi.

Gilang: Hooh bud, suwun yo.

Sakbare pirang-pirangane dina gilang tetep nglamun lan nemene maneh nganti ora fokus karo guru
sing nerangne pelajaran.

Rara: hei.. nyapo awakmu tak perhatikne kok akhir-akhir iki sering nglamun bahkan sering ora
ngrungokne guru nerangke.

Gilang: Ora opo-opo Ra, mung masalah sepele. (alibi gilang nutupi masalah keluargane saka Rara).

Rara: Yowes yen ana masalah lan butuh bantuan omongo aku wae.

Gilang: Hooh Ra gampang wes to santai wae.

Scene 7

Anda mungkin juga menyukai