Anda di halaman 1dari 4

PAMIT IBU

Sumiyem, kuwi jenenge bocah saka ndesa kang beja bisa ketompo ing Sekolah Akuntansi
Negara sing manggon ing kutha Jakarta. Dheweke uripe rodo ngenes amarga wiwit cilik ditinggal
bapake mati terus ibuke rabi maneh, iku wae Sumiyem ora diajak urip bareng ibune malah
diumbarno urip karo simbah putrine sing 3 wulan sakwise kapundhute bapake Sumiyem ditinggal
Seda garwane yaiku Mbah Kakunge Sumiyem. Senajan ngono Sumiyem ora patah semangat
dheweke sekolah kanthi tenanan hingga lulus SMA lan alhamdulillah ketampa ing Sekolah Akuntansi
Negara.

Srengenge wes padang jinggrang nandakake esuk wis teka, manuk-manuk pada semawuran
saingan suwara. Katon apik kembang kang ditandur Sumiyem ing ngarep omahe. Dina iku Sumiyem
arep sowan ibuke amarga Sumiyem arep budhal menyang Jakarta.

Take 1 ( Omahe Simbah)

Sumiyem : Pangestune mbah, Sumiyem badhe sowan nyuwun pangestu kaliyan ibuk

Simbah Putri : Ya,Nduk. Sing ati-ati ning dalan. Kuwe kok apik gelem sowan , ehh mbok menawa
mengko disangoni ibumu kan apik kanggo biaya sekolahmu

Sumiyem : Nggih mbah. Sumiyem mboten arep-arep sangu mbah. Insyaallah Gusti Allah
sampun ngatur rejekine mahlukipun

Simbah Putri : Apik tenan atimu, nduk. Yowes dang lunga kono selak awan mengko

Sumiyem : Nggih, Assalamualaikum

Simbah Putri : Waalaikumsalam

Take 2 ( Omahe Bu Tumini)

Sumiyem Lunga kanthi ati bungah amarga dheweke wes kawet cilik ora tau ketemu ibune.
Dheweke wes kangen banget karo ibune.

Sumiyem : Assalamualaikum

Satpam : Waalaikumsalam, madosi sinten mbak??

Sumiyem : Bu Tumi, Pak.

Satpam : Ora ono sing jenenge Tumi ning kene mbak onone bu Mini

Sumiyem : Lha nggeh pak asma lengkape Ibu Tumini

Satpam : Ohhh, nggeh-nggeh. Monggo mlebet kula tak matur kanjeng doro rumiyen

Sumiyem : Nggeh pak. Kula tengga

Sumiyem kaget sundul langit barang mlebu marang omah kang magrong-magrong gedhene.
Rasane kudu semaput, dheweke ra nyangka ibuke iso ntuk bojo sing sugih.

Bu Tumini : Lohhh, kuwe sapa nduk kok goleki aku ?

Sumiyem : Kula Sumiyem buk. Putrine jenengan.


Bu Tumini : Oo.. Sumiyem, ana apa kok goleki aku.

Sumiyem : Kula badhe nyuwun pamit, mangke sonten badhe bidal dhateng Jakarta.

Bu Tumini : Nyang Jakarta arep ngapa ta, Yem?

Sumiyem : Badhe kuliyah bu!

Bu Tumini : Eee...! Kowe ki wis tamat SMA ta, Yem?

Sumiyem : Sampun bu, nggih taun menika, pramila kula nyuwun pangestu ibu saha nyuwun
pamit

Bu Tumini :

Bu Tumini : Mbiyen bapakmu almarhum kae, mung wong tani desa kana, malah isih enom wis
mati iya ta? Ngene lo Yem! Wong urip iki rak usah neka neka ! wis tamat SMA kuwi
wis dhuwur! Nasibmu kuwi wes dak rembuk karo bapakmu kwalon , kowe arep
diomah omahke! Ngerti? Calonmu ki bos Sugih lo yem! Sanajan umure radha tuwa
sithik ora dadi apa yem! Wonge kuwi duda amarga ditinggal mati bojone nanging
durung nduwe anak, ora opo opo umure lagi papat lima kok! La nek kowe wes
wolulas taun

Sumiyem : Makaten ibu, kulo sowan saperlu nyuwun idipangestu badhe budhal kuliyah,
kaping kalih menawi ibu kagung yarta, kulo nywun sangu namung saikhlasipun ibu
kangge ongkos bis kesah jakarta

Bu Tumini : Piye? Malh njaluk sangu? Kuwe ngertiya yo nduk? Ibumu ditinggal mati bapakmu
iki ra ntuk opo opo? Aku diboyong bapakmu kwalon ing kene , langsungmanggon iki
lho, omahe wae sundha telu magrong magrong, mobil kari milih, arep nganggo sing
endi ! sopir wis cumepak ! lha kok enak tenan njaluk njaluk sangu ngono kuwi, ora
bisa yem! Wong ibu iki ra kerjo dewe ! o iyo, aku iki duwe hak warisan lho ....jane!
bapakmu iki anake lanang simahmu, aku iki bojone sing sah eee iyo...... matur nuwun
tekamu iki dadi ngelengake aku. Yen ngono aku kudu njaluk bagian warisan marang
simbahmu,yo morotuwaku kuwi, rak ngono to! Beneran! Beneran! Tekamu rene!
Kebeneran yem!

Bu Tumini : Pir... sopir

Sopir : dalem ndoro ibu

Bu Tumini : Saiki kowe bisa ngeterke aku menyang pati?

Sopir : Nggih ndoro ibu, mangke ngersake nitih mercy, BMW, Harrier?

Bu Tumini : Matur ndoro romo ndhisik, mobil arep diagem opo ora

Sopir : Nggih ndoro ibu

Bagian 2

Sumiyem bali bareng ibune saka kuthane tumuju Pati. Wetenge Sumiyem luwe amarga mangkat
saka pati durung sarapan, tekan daleme ibune malah ntok ceramah. Saiki ibune ora paring pangestu
malah arep nyuwun warisan. Mlakune mobil wis rong jam luwih, mobil mlebu omah sing latare
ombo, ana wite pelem loro, temboke durung dilepa, yaiku papan panggonane Sumiyem.
Simbah : Lho iki mantuku ya? Layak mau isuk isuk sumiyem oamit aku, dadi marani ibune
aaaaa iki maeng? Kene ndhuk, linggehe! Ya ngapurane linggihe neng kursi

Bu Tumini : eee... ojo sembrono lho kue!aku saiki wes dadi wong sugih! Dadi yen lungguh
ngeneki mundak udunen aku! Moh! Iki cekak aos ae mbok, ngene, akju rene ki arep njaluk warisan
bagianne bojoku, rak iseh ta kui?

Simbah : Warisan apa? Kue iku ndue anak siji ae gak mbok rumat!mbok tinggal sak
senengmu dewe! Malah njaluk warisan! Bojonem mati gak ninggali opo opo, malah sawahku
dhewe tak dol tak nggo nyekolahno putuku! Sumiyem kui lak anakem a.

Bu Tumini : eee dadi sampeyan wani ta karo aku?!

Simbah : lha kok rawani, iki omah omahku dhewe!kue teko tak tompo apik, lha kok wani
karo wong tua! Eee ameh nemoni cilaka kue?!

Bu Tumini : wes ralah kakehan omong, yen pancen ora kowenehi bakal dak gawe langes
omahmu!

Sumiyem : tulung.. tulung..


Warga 1 : "wonten nopo bu?"

Simbah : " wes reti yen ono (api menyala nyala) neng omahku, isih takok?"

Warga 2 : " ono opo pak?( nyentuh pundaknya pak kardus) "

Warga 1 : "iku lho omahe mbahe sumiyem ono seng ngobong, mboh lapo"

Warga 2 : " hiii ..... kobongan, saakene Sumiyem nganti nangis( ndeloki omahe mbahe sumiyem"

Warga 1 : "ee kobongan tenan to, tak kiro ono acara opo, ayo ndang tulungi, seng ngobong ndang
di gawa nek pak kades

Warga 2 : "Bener kuwe ojo nganti ono main hakim dewe, agea kono tulungi"

Warga 1 : "kuwe sek ae "

Warga 2 : " kuwe"

Warga 1 : "kuwe "

Warga 2 : "kuwe ae"

Simbah : "heh kapan kuwe nulungi aku yen ngene terus "

Warga 1&2 : nggeh bu ( langsung memadamkan api)

Ibune Sumiyem lan supire diglandhang menyang kantor desa kono. Sawise lerem sedela pak kepala
desa rawuh.

Bagian 3
Pak Kades : "Sampun warga-warga, kita mboten sae yen main hakim sendiri. Luweh apik
langsung dibetha wonten polsek mawon."

Warga :"Inggih pak, sae meniku".

Sakwise tekan polsek.

Pak Kades : "Nyuwun sewu Pak polisi, kula badhe nyerahake kedua lakon kejahatan"

Pak Polisi : "Nggih pak, sumangga diaturken penjelasan apa wae kang ditindakake dening
pelaku"

Pak Kades : "Wong loro iki mbakar omah warga desa kula"

Pak polisi : "Napa leres panjenengan sedaya nindakake niku? "

Ibu sumiyem : "Iyo pak, kula nindakake niku amargi kula mangkel kalian mantan mertua kula."

Sopir : "Kula namung diutus ibu, lan kula turuti."

Pak Polisi : "Apa wonten korban sing kena perkara niki? "

Ibu Sumiyem : "Mboten wonten pak"

Pak Polisi : "Kasus niki bakal ditindak lanjuti dening pihak berwajib. Matur nuwun pak
laporanipun"

Pak Kades : "Inggih pak, sami-sami"

Pak polisi : "Bu, Pak njenengan kula lebetkake sel rumiyen, mangke laporan kasusipun bakal
ditindaki putusan atasan kula." (Pak polisi nggawa ibuke sumiyem)

Sumiyem : ibu, kula nyuwun pangapunten, Ibu sedaya ingkanng lepat namung kulo. Ibu, kulo
nyuwun pangestu sonten iki badhe bidal kuliyah dateng jakarta. Bu, kula nyuwun pangestu nggih..

Bu Tumini : iyo ngger, anakku sumiyem ingkang luhur bebudenmu. Ibu njaluk pangapura yo
ngger, aku wes lali marang tanggungjawabku minangka ibu. Bocah pinter anakku, teruske anggonmu
kuliyah yo nduk, ibu paring pangestu.

Bagian 4

Sumiyem enggal enggal bali omahe ninggalke ibune. Sawise njipuk sandhangan saperlune, Sumiyem
pamit simbahe. Dheweke diterno tanggane menyang SMA 1. Para kanca ngenteni Sumiyem amarga
wis nyater bus kanggo budhal Jakarta. Sumiyem atine krasa sedih, nanging dheweke wis mantep lan
madhep.

Anda mungkin juga menyukai