Anda di halaman 1dari 17

Swarga Impen

Lukisan Taj Mahal sing wis takwiwiti dhek Minggu kepungkur durung wae rampung.
Embuh iki,aku lagi kena lara aras-arasen. Saben dina gaweyanku mung nongkrong, turu, karo
ndeleng tivi.
Pas wayah sore, pas lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar
omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku nyawang sing apik-apik
ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki.
“Omah kok apike ora ilok kaya ngono kuwi, sing manggon apa ya manungsa?”
grenengku. Lha piye, sing kaya ngono kuwi aku durung tau weruh kok!
Omahe Gedhe-gedhe, apik lan katon kerlap. Ruwang tamune kaya panggonane presiden
nampa tamu negara. Tenan! Kamar paturonane, jembar ngluwihi omahku sapekarangan. Lha
piye, ing jero kamar ana meja kursi lengkap, kamar mandi. Niku durung kolam renange,
banyune biru katon kinclong-kinclong.
“Kuwi omahe sapa Mas Gondo?” pitakone Tanto bocah cilik tanggaku. Merga anggonku
nyawang tivi, aku nganti ora weruh yen ana bocah melu-melu nyawang gambar omah apik
mau.
“Kuwi dudu omah, kuwi swarga,” wangsulanku karo ngulu idu.
“Ana ngendi manggone?” sajake Tanto durung ngerti karo wangsulanku.
“Embuh, wong aku durung tau mrana!”
“Aku pengin mrana, Mas Gondo!”
“Lha wong swarga kuwi panggonane wong-wong sing wis mati, sing ora duwe dosa!”
aku njur nerangke. Tanto mung plonga-plongo ngrungokake wangsulanku, embuh dheweke
ngerti opo ora.
Gara-gara ndeleng acara Rumah Idaman, lukisan Taj Mahal tansah durung rampung,
saben aku nyawang fotone Taj Mahal kanggo model lukisanku angenku tekan ngendi-endi.
Taj Mahal endah banget, kaya swarga.
Nalika bocah cilik Tanto teka maneh arep melu ndeleng tivi, dumadakan aku nemu ide.
“Tan, dolan wae yuk!” pangajakku.
“Nyang ngendi, Mas? Ancol” bocah cilik kuwi seneng.
“Huuu... Ancol kurang sip, panas-panas ngene!”
“Lha nyang ngendi lho?”
“Nyang puncak wae, yuk! Neng kana kuwi kepenak banget, hawane adhem, kaya neng
swarrga.”
Tanto seneng banget, dheweke mlayu mulih. Aku dewe salin kaos thok. Ora suwe aku
lan Tanto wis melu dheseg-dhesegan dhempet-dhempetan karo mobil gilap ing ndalan kutha
Jakarta.
Tanto takon wae, apa puncak isih adoh. Aku kudu ngguyu, jeneh tekan saka Kebon Jeruk
wae durung. Ya kaya ngene iki yen kepingin weruh swarga, kudu kangelan dhisik. Kudu
sabar nunggu giliran liwat. Kok ana wae wong sing numpak mobil. Marahi ndalan kebak
wae!
“Mas Gondo, apa swarga kuwi apik tenan?” pitakone Tanto mbuyarake esemku.
“Ya mesthi wae, ora ana tandhinganelah!” wangsulanku.
“Wong apik, yen mati mesthi menyang swarga?” Tanto takon maneh.
“Iya!” jawabku mantep.
“Kepingin apa wae klakon?”
“Iya!”
“Pingin mangan enak terus, klakon?”
“Mesthi!”
“Manggon nang omah apik kaya ning tivi kae bisa?”
“Wis ta, pokoke ora ana tandhingane. Neng kana kuwi sembarang wis cumepak, butuh
apa wae ana. Ora usah kangelan. Ora ana wong mlarat, ora ana wong kere!”
Mbok menawa dheweke mbayangake saumpama ana swarga, ndahneya senenge. Karo
mesam-mesem, Tanto wiwit ngantuk, merem.
Puncak isih adoh. Dalane isih rame, ngarep macet maneh. Kebangeten, saben dina kok
macet wae. Ngarepku ana mobil BMW sing sopire metu, nesu-nesu karo nuding-nuding sopir
liya sing sajake nyenggol bodi BMW-ne sing mulus. Kapokmu kapan, batinku. Mobil apik
kok dipek dhewe.
Sopir BMW isih nesu karo nuding-nuding. Aku isih fokus nyawang nang jalane nalika
dumadakan ana cahya kumilat disusul swara gumlegar lan sopir sing nesu-nesu mencelat,
geni ing ngendi-endi. Aku isih kelingan sakdurunge mobil sing taksetiri katut kedilat geni.
Bom.
Aku ora mikir apa-apa kajaba mung kahanane Tanto sing takrungkebi. Embuh piye. Aku
ora wani melek. Anane mung rasa panas sing kliwat, lan aku ora duwe daya kanggo loncat.
“Mas Gondo, apa iki wis teka?”
“Durung,” wangsulanku alon.
“Mesthine iki rak dudu swarga? Jarene swarga endah banget?”
“Dudu, Tanto iki dudu swarga. Neng swarga ara ana wong sing nesu-nesu, tukaran, ora
ana bom!” Saka dhasare atiku, kanthi tulus aku ndonga supaya Tanto nemokake swarga sing
semesthine, swarga sing diimpekake. Banjur peteng ndhedhet, ora ana swara.

CUTHEL

Jakarta, Januari 2003


Kapethik saka "Trubus saka Pang Garing"
Pangubahan sak perlune dening Refano Pradana
Limbuk Nubruk Gethuk

Bu Dewi Subadra katon resah dan gelisah, iki ora amarga cemburu marang Pak
Arjuna sing pancen sering dilirik sana sini. Bu Subadra lagi galau ngenteni tekane sang
rewang terkasih Dewi Limbukwati.

Sejam sakwise Bu Subadra wara wiri uhuy ngalahke komeng lan Adul ing acara tivi,
saka kadohan katon blegere Kenya sing bener-bener mbodi alias ombo tur gedhi mudhun
saka taksi, sanalika kuwi Bu Subadra langsung lega. Limbuk setengah mlayu langsung mlebu
ngomah karo mbrengkut amarga gawanane sing sak hohah. Tanpa dinyana pak supir uga
langsung melu mlayu nututi Limbuk. Bu Subadra sing nyawang rewange saka walik kaca
jendhela dioyak pak supir malah mesem seneng, sapa ngerti pak supir iku pancen naksir
karo Limbuk, yo melu ayem nek pancen ngono lha Limbuk ki wis suwe dadi Jones alias
jomblo ngenes.

***

Lagi seneng-senenge nyawang adegan film india lha koq Limbuk langsung mbukak lawang
ngarep seru banget, Ndarane njomblak kaget tapi lha dasar Bu Subadra pancen ayu, pas
adegan kaget malah tambah mirip karo mbak dian sastrowardoyo. Pak Supir sing ono
mburine Limbuk langsung ngerem mendadak nek ora pingin mental merga kena bemper e
Limbuk.

“Limbuk, kowe iki lho mbok yo alon-alon to nek mbuka lawang” Bu Subadra ngelikna
rewange

“Duh Ndoro, ini darurat urgent, kula mesti cepet” saure Limbuk sakenake karo langsung
ngeloyor memburi

Bu Subadra bingung bareng ngerti Pak Supir Taksi isih nggejejer ning ngarep lawang

“Lho wonten punapa pak?” takone Bu Subadra alus

“Nganu buk, nuwun sewu kula badhe nyuwun ongkos taksi” Pak Supir njawab melas

“Lho, tak kira sampeyan oyak-oyakan mau amarga naksir rewangku je”

“Mboten bu, lha mbake wau langsung mlayu dereng mbayar niku”

“Woo..dasar Limbuk ya, nggih mpun niki kula bayar”


“Maturnuwun bu” Pak Supir akhire pamit lega amarga ongkose wis dibayar

***

Ing Pawon…

“Kowe ki lho mbuk, iso-isone lari dari tanggung jawab, mesakne Pak Taksi mau rung dibayar
malah mbok tinggal ngono wae”

“Lha pripun malih to Ndoro, ngendikane wau gek kon ndang cepet selak tamu-tamune
rawuh, kula lak mesti nata jajanan punika, ndamel unjukan ugi yowis tak tinggal mlayu wae
kan wonten ndara sing mbayar huehehe” Limbuk njawab karo nyenges njelehi

“Hmm..nek ora kelingan kowe rewangku sing paling jos wis tak cemplungna lumpur lapindo
kowe mbuk” Bu Subadra gemes

“Oo enggih Ndoro, njenengan malah taksih utang lho, wau artane kirang ogh” Limbuk
laporan

“Koq iso kurang to Mbuk, biasane duit semana lak turah” Bu Subadra gumun

“Lho Ndoro niki pripun to, wau lak ngengken kula tumbas gethuk, gempol pleret, thiwul
,klepon kaliyan lopis ngendikane sakniki jajanan arisan kedah sing produk lokal tradisional”
Limbuk ngelingke ndorone

“Lho la yo, kudune kan malah luwih murah to mbuk, koq malah tombok ki piye?”

***

“Ndoro ki ampun menolak lupa to, jajanan tradisional punika kan wontene namung ing
pasar besar mrika, tebih ndoro, kula mesti pulang pergi numpak taksi, nek biasane arisan
kan kula namung tumbas ing toko roti pojokan, dados mlampah mpun tekan”

“Hmm iyo, lha tapi diapak-apakne nek panganan saka tela kudune yo luwih murah
tinimbang roti to mbuk”

“Jiahh, Ndoro niku ndak gaul, sakniki sedaya nembe hunting makanan tradisional kagem
arisan, permintaan tinggi otomatis harga naik , hukum ekonomi berlaku lho Ndoro” Limbuk
keminter

“Opo iyo sih?”


“Lha Ndoro ki pripun, niki pirsani sing kula tumbas, gethuk mpun modifikasi campur keju,
thiwul mpun mboten jaman ngagem wur-wuran klapa parut, sakniki topinge ngagem meses
warna-warni. Pripun mboten dados luwih larang nek ngaten?”

“Hadeuhh, aku koq malah ngelu yo Mbuk, lha piye maneh iki mau intruksine Bu RT je, saiki
nek arisan kudu nganggo makanan lokal tradisional ngko nek gak manut kan dikirane aku
dudu warga negara yang baik” Bu Subadra nggresula

“Kula sih no komen ndoro, tapi sakniki nek tak pikir-pikir malah lucu lho, jaman mbiyen niku
sedaya rebutan ben iso ketok sugih padahal kasunyatane utange arang keranjang, nek
sakniki sedaya sami lomba pripun ben ketok sederhana, padahal asline sugih raja
brana…ahh mboten ngertos jamane, lha termasuk Ndoro niku”

“Kok iso aku sih Mbuk” Bu Subadra bingung

“Lha enggih, Ndoro niku lak asline sugih bingit, tapi gara-gara intruksine bu RT jajanane
diganti gethuk, ketoke sih pancen luwih bersahaja ndoro tapi sakjane luwih mewah
huahahaaha…delusi ndoro delusi huahahaha” Limbuk ngakak nganti ngglundhung.

CUTHEL
Ganteng-Ganteng Prengus
Sakwijining sore ing lapangan pinggir ndesa

“Kowe ngapa to Pras? Rupamu kaya karung goni rung disetrika limang sasi” Yudhi sing ujug-
ujug njedhul ing mburi wit mahoni marai Pras njumbul merga kaget

“Sontoloyo Yudhi, tak kira kowe memedi salah mangsa, awan-awan koq gentayangan” Pras
ora uwis-uwis olehe misuhi kancane sinambi neruske ngalamun lan nguwasi wedhus-
wedhus ing ngarepe sing lagi mil kethemil mangan suket

“Aku mau saka omahmu, ngendikane Ibumu kowe lagi angon wedhus sing arep dienggo
qurban ning kene, yo wis tak parani” ujare Yudhi

“Wo ngono” Pras njawab aras-arasen

“Ya ampun Pras, jian tenan ogh tiwas aku rekasa tekan kene nemoni wong aras-arasen
ngene, males ah mending aku balik nggarap PR” Yudhi wis siap-siap mulih nanging
sakdurunge niate balik kanan maju jalan kaleksanan saka pinggir lapangan katon bocah sing
pawakane rada subur setengah mlayu karo bengak-bengok

“Praasss Yudh, woiii ono berita dukacita ki!!!”

“hadeuh ketambahan provokator, ora sida balik aku” Yudhi sing wis ngadeg balik lungguh
maneh

***

Saktekane Pandu ing panggonane Pras, Yudhi langsung nakoni kanca rakete iku

“Ono opo maneh ki Pan? Awas nek beritamu ra penting kowe tak kon ngglundhung
ngubengi lapangan ping sanga”

“Iki berita gawat iki Yudh, nganu aku mau kan lewat ngarep omahe Endah, hayo bedheken
ono sapa ning terase?”

Pras sing maune ora nggagas blas karo critane Pandu langsung njenggirat kaget krungu
jenenge Endah disebut karo Pandu, tapi merga gengsi Pras ming meneng wae tapi kupinge
dipasang ngluwihi kuping gajah.

“Sapa Pan?” Yudhi penasaran

“Bagas” Jawabe Pandu cekak


“Heee?? Bagas? Koq iso?” Pras sing ora iso ngapusi atine dhewe langsung takon Pandu sajak
ora percaya

“Koq iso? Yo iso lah Pras, wong Bagas yo kancane Endah, pitakonanmu ki yo ora nggenah”
Yudhi ngromet kaya manuk bence

“Wah Yudhi ki ora peka blas ogh persis anggota dewan yang terhormat sing jarene wakil
rakyat tapi blas ora tau mikirne rakyat” Pandu sing biasane cengengesan mendadak serius

“Lho maksudmu?” Yudhi isih plonga-plongo

“Pras cemburu mas bro…CE E EM BE U ER U tau???”

“Wooo…kuwi to maksude hahahahha..sori sori nyuwun ngapunten mas bro, aku lali ogh”
Yudhi ngakak ombo tapi langsung diendegke dhewe merga melas nyawang praupane
kancane sing langsung alum kaya taplak kurang teres.

***

Sakwise katelune meneng-menengan sauntara wektu…

“Hmm..aku dadi ngerti saiki Pras, kowe akeh ngalamun lan jarang ngguyu gara-gara mikir
Endah yo?” Yudhi takon karo ngati-ati

Pras sing ditakoni ming manthuk alon

“Crita lah Pras, dhewe kan best friend, one for all all for one” Pandu sok-sok an ngenggres
nerokne jagoan tri maskenthir

“Sakjane dudu masalah Bagas sing marai aku rada sedih, tapi…” Pras sengaja nggantung
omongane

“Tapi apa Pras?”

“Masalahe saiki koq Endah kaya sengaja ora gelem ketemu aku, saben papas an mesti
dheweke ngadoh, aku kan dadi kepikiran opo wis nate gawe salah” Pras tambah ndungkluk
persis wit pari kabotan isi

“Ya, mungkin kuwi ming perasaanmu wae kali Pras, nek tak pikir sih Endah ora mungkin
kaya ngono, bocahe kan apikan banget” Yudhi ngayem-ayemi atine kancane

“Yowislah Pras, jenenge wae bocah wedok, biasane kan mood-moodan sapa ngerti sesuk wis
apik kaya wingi-wingi” Pandu njajal dadi wong bijak
“He em Pandu bener, mending dhewe bal-bal an wae” Ujare Yudhi karo ngetokna bal saka
tas sing ono ing gendongane

“Horeeeeee……ayo ayo, olahraga sisan angon” Pandu nyemangati Pras sing wis rada
njenggelek

***

Katelune rerangkulan mlaku alon bebarengan mlebu tengah lapangan, nanging durung suwe
mak bedundug Pandu mbengok Sora

“Pras, kowe rung adus pirang taun sik?”

Yudhi sing uga ngambu ganda arum jamban melu mencureng nyawang kancane. Pras
sing dadi tersangka utama langsung masang tampang tanpa dosa persis narapidana kasus
hambalang, karo plengah-plengeh dheweke njawab

“Aku wis adus yo isuk mau sakdurunge sekolah, tapi kan saiki aku mesti ngrumat wedhus-
wedhus titipan sing dienggo qurban dadi yo harap maklum nek ambuku prengus”

“Wooo…yokuwi jawabane, wis cetha nek iki seribu persen yakin aku” Yudhi langsung
malangkerik karo bengak-bengok persis peserta demo bayaran

“Jawaban opo Yudh?” Pandu isih during ngeh

“Jawaban kenapa Endah saiki ngadohi Pras, alesane yo ming siji Pras merga ambumu ra
nguati, nek sinetron terkenal kae jenenge GGS lha kowe ki GGP” Yudhi akhire ra kuat nahan
guyu

“GGP opo Yudh?”

“Ganteng-Ganteng Prengus hahahaha”

Pandu sing krungu omongane Yudhi langsung melu ngakak nganti wetenge lara.

“Bener kuwi Pras, sori ya Bro, lha koq ndadak Endah, aku wae sing bocah lanang wis meh
semaput mambu prengusmu opomaneh Kenya resikan kaya Endah, mending saiki dhewe
bali ngandangne wedhusmu, terus kowe adus sing resik, sabunan, keramas, nganggo
parfum terus dolan kono ning omahe Endah ngomong nyilih catetan wulangane Bu Wiji
ndhik isuk” Pandu langsung menehi ular-ular sing dawane ngluwihi anaconda

Pras ming cengar-cengir krungu omongane kanca kenthele, karo mesem dheweke
ngambu awake dhewe lan eseme ilang saknalika.
Sampur Abang

Bengi kuwi, sawise rampung tugase nari mbukak kerameyan pahargyan penganten
kanthi ngibarake keluwesane joged gambyong Parianom, Ana terus ngleler mulih. Sing
dipamiti mesthi wae sing duwe omah, lan sawetara kanca sing weruh lungane. Awake
rumangsa lungkrah banget, wong nyatane wis sepasar dhur-dhuran pentas terus. Sawise cucul
lan ganti pakeyan, Ana terus ngebrukke awake ing dhipan lumah-lumah. Mau nalika mlebu,
ngungak kamare dhe Setro rewange wis katon pules turune. Pengine mono njur arep turu …
ning kok malah nyut … kelingan bojone sing ditugasake neng Sulawesi nyirep rerusuh.

Isih dumeling welinge bojone nalika budhal biyen ngene :

Dhik Ana, saungkurku, sing ngati-ati lehmu momong Eka. Senajan ana dhe Setro,
ning kowe aja kamitegan. Kena wae kowe manggung yen ana sedulur sing ngersakake, ning
kudu nonton sikon ngomah, piye anakmu?, kena mbok tinggal apa ora. Yen kena ya mangga,
ning ye rada rewel, aja nganti mbok tinggal?.

Dhek semana, Ana ya rumangsa saguh ngestokke welinge bojone kanthi tandhesing
ati, wong nyatane Ekawati ya anake wadon sing lagi siji kuwi, wohing katresnan anggone
padha mbangun brayat sing wis telung taun suwene.

Biyen mono Prasetyo ya bojone kuwi kanca kuliah, padha dene ana ISI mung
jurusane sing beda. Ana njupuk tari, dene Prasetyo njupuk lukis.Ning ya embuh, apa merga
turun swargi bapake, lulus ISI ndaftarke tentara kok klebu. Dhasare wiwit SMP Prasetyo jago
olah raga, sasat kabeh bisa lan ya nguwasani. Dene Ana semono uga, wiwit cilik wis ketok
bakate nari. Mula ora nggumunake, rampung ISI lan sawise nikah bojone nglilani nampa job,
larise kaya pisang goreng.Pendhak seminggu seminggune mesthi pentas, malah kerep wae
neng liya kutha. Job ora ditampa dhewe, ning njaluk tetimbangan bojone.

Yen Prasetyo ngidini ya mangkat, yen ora, Ana ya ora gela, jer kekarone wis padha
aprasetyo, yen arep padha njaga wutuhe bale wisma. Wong nyatane Prasetyo ya sawijining
aparat negara. Perkara njoget mono rak mung nuruti panggilan jiwa sing wis mbalung
sungsum.
Mulane Prasetyo ya tansah ndhukung. Wis limang sasi ditinggal tugas, Ana wis biasa
ana ngomah dikancani dhe Setro karo anake. Eka wis kelet banget karo rewange.Mula yen
ana tanggapan, atine seneng ya mesthi disaguhi. Apa maneh yen sing ngundang wis ninggali
DP tur isih nyaguhi pethukan, Ana njur semrinthil wae. Kerep wae yen payon ngedhur, dhe
Setro sok ngelingake, ning kerepe arang digubris. Senajan yen awan sidane ya mung turu
terus ngasokke awak. Eka sasat wis ora pati entuk kawigaten saka ibune nggon momong lan
gegojegan, senajan kabeh kebutuhan dicukupi.

Olehe eling karo anake mung yen lagi nampa kiriman dhuwit saka bojone ing
pendhak sasine. Ya ing wektu-wektu kuwi pisan pindho mbalak tanggapan, nglegakke guyon
lan gojeg karo anakke.

Ning janji mengko entuk tanggapan neng luwar kota, tur pira olehe aba terus diturut,
Ana wis mbungahi maneh.Keri-keri iki, Ana diundang sawijining priyayi luhur ing tlatah
Sala, jare syukuran, putrane wis rampung sekolahe ing luwar negri.

Wektu kuwi nganakake pagelaran kethoprak kanthi njupuk lakon ?Tumenggung


Wiroguno?.

Nalika pentas neng ndhuwur panggung, Ana pancen ngedab-edabi, senajan sing
diundang kabeh wis pemain senior. Kaya dene lakon sing digelar, Rara Mendut sing
diperanke Ana, akeh wong kang gawok lan kepencut.Klebu putra mbarepe sing kagungan
kersa ya mas Gunarso, priyayine dhegus, gedhe tur bagus. Anggone nyawang Ana
samudhune panggung (ana Krobongan) tansah mleleng kaya bandeng ora kedhep-kedhep.

Ing atine Ana uga krasa, denea wong kuwi tansah nyawang sapari polahe? Yen Ana
ngemenke genti nyawang, wong mau banjur ngajak mesem.

Oh … atine Ana dadi nyas-nyasan. Rasane kok njur kaya biyen nalika isih prawan
ketemu jaka, genea ?

Kethoprak bubar, kabeh penonton padha marem. Ing atine para pamirsa kepingin
weruh maneh citrane putri sing dadi Rara Mendut. Mangka nalika ing adegan main mau,
Gunarso wis tanpa wilangan anggone njepreti Rara Mendut, jare kanggo dokumentasi.
Sawise nampa amplop lan pamit, Ana metu njaba marani mobil sing kanggo mapak wingi.
Lha dalah … saiki sopire kok ganti wong dhegus kuwi. Ana isih meneng ngadeg
nggejejer, ojoa wong mau kandha :

Mangga, kula kok Jeng ingkang ndherekaken kundur?. Gragap … Ana semu kaget.
Wong mau gage nylingker ngengakke lawang sisih ngarep jejer sopir.

Mangga Jeng lenggah?. Ana njur mlebu lungguh jejer sang sopir. Mobil dleser-dleser
metu saka dalem gedhe magrong-magrong mau tumuju dalan gedhe. Bareng wis sawetara,
sopir bagus mau takon :

Asma wetahipun sinten, Jeng??

Kula Ana Sarwendah, mas?.

Wah cocok kaliyan priyantunipun, Jeng, dhasar endah … milangoni. Damel resep sok
sintena ingkang mirsani?. Tembunge sopir ngalembana.

Kula Gunarso Jeng, putra mbajengipun Romo Haryonegoro ingkang kagungan kersa
menika. Dene ingkang dipun syukuri adhi kula pun Guntarto, ingkang nembe mantuk saking
njawi rangkah?.

O … ngaten ta mas?. Ana waton wae ngedhongi.

Panjenengan taksih kuliah punapa sampun ngasta, Jeng??

O … pedamelan kula inggih namung ngaten punika, mas, nyowani priyantun ingkang
sami ngersakaken. Kula punika sampun sepuh kok mas, sampun gadhah anak?.

Ah punapa inggih, Jeng ?, kula wastani yen taksih kenya?.

Wah mboten, mangkeh penjenengan rak pirsa menawi dumugi griya kula. Anak kula
dipun emong rencang, ingkang sampun dangu tumut kula, dene semah kula tugas wonten
Sulawesi sampun gangsal wulan punika?. Ana kandha jujur.

Ingkang raka ngasta punapa, Jeng ??.

Tentara, mas, ning taksih kroco kok? wangsulane Ana andhap asor.
Wah begja keng raka, Jeng, saget nggarwa widadari. Wonten pundi rumiyin
pinanggihipun??

Wonten sekolahan mas, sami-sami wonten ISI.?

Oh … jebulane bener, mahasiswa tenan. Ngono batine Gunarso. Nalika mlebu Yogya,
mobil mandheg ing sangarepe toko sing ngarepe ana tulisane : ?Toko Pepak Buat Oleh-oleh?.
Gunarso mbukak lawang mobil karo kandha :

Tengga sekedhap inggih, Jeng !?. Metu saka toko, tangan kiwa tengen nyangking tas
kresek ngrenggiyek sajak isi oleh-oleh. Sawise dilebokake bagasi, mobil banjur mlaku
maneh. Kutha wis kliwatan, mobil bablas ngulon. Tekan kulon Pingit ana dalan ngalor,
minggak-minggok sedhela, Ana njur aba mandheg. Bareng mesin wis mati Gunarso takon :

Punika kampung pundi, Jeng?.

Ingkang sami mastani Pulo Bali, mas, taksih klebet Kricak, namun kalet-letan lepen.
Mangga, mas mlebet nggriya, ning awon lho, tur reget?. Gunarso mlebu, dipethukke dhe
Setro nggendhong Eka.

Ana gage nyandhak anake digendhong njur diarasi. Dhe Setro mlebu, let sedhela metu
ngaturke unjukan teh lan nyamikan.

Lha punika anak kula, mas, sak punika rak pitados ta??

Gunarso gage ngelus-elus sirahe bocah kuwi karo kandha :

Wah ayune! Niki kados bapak napa ibu?? Dhe Setro sing lungguh ana sisihe Ana
matur :

Inggih kados bapak … inggih kados ibu, pakdhe? ngono olehe mbasakke Ekawati
marang tamune. Sawise nyawang sakubenge kamar tamu kono, Gunarso banjur takon :

Punika fotonipun sinten, Jeng??

Inggih punika bapakipun lare, mas?. Wah ya gagah tur ngganteng. Ngono batine
Gunarso.
Saiki Gunarso ora mung kepencut kasulistyane Ana, ning ayune atine, anggone jujur
apa anane. Sak tleraman wis katon, yen bale wismane ayem tentrem. Saka sambang liringing
netra, kedaling wicara, Ana dudu wong sing murahan lan gampangan. Mendah begja
mulyaning atiku, yen aku bisa duwe sisihan kaya Ana iki. Jan komplit, ayu, jujur lan setya.
Ngono batine Gunarso. Bareng wis sawetara anggone jagongan, Gunarso banjur pamit karo
kandha :

Menawi sawanci-wanci kula sowan mriki rak pareng ta, Jeng??

Wah inggih sumangga mas, kula remen sanget?. Sadurunge mlebu sopiran, Gunarso
mbukak bagasi mobil, ngetokke oleh-oleh sing dituku mau, diulungake dhe Setro karo
kandha :

O inggih … punika kagem keng putra, Jeng!?.

Wah kok kathah sanget mas??

Sampun kajengipun, Jeng?.

Inggih matur sembah nuwun mas?. Saungkure tamune dhe Setro matur :

Bu, tamunipun kok sae sanget inggih, tur tata kramanipun jangkep?.

Karang kae ki putra priyayi luhur kok ya dhe?, ngono wangsulane Ana.

Bubar saka ngeterke Ana, Gunarso atine goreh. Mangan ora enak, lungguh ora jenak,
citrane Ana tansah gawang-gawang ngalela ing padoning netra. Genea lagi saiki aku ketemu
dheweke? Mangka wis duwe bojo … wis duwe anak … wis adoh banget upama tak gayuh.
Tuna lupute aku malah bisa rame karo bojone. Ngono batine. Ning nyatane, saya dilalekke
kepara saya ngelam-lami lelewane. Nganti owah-owahane Gunarso kepirsan rama
ibune.Kekarone padha ngarih-arih, ning tetep … Gunarso ora blaka. Pepuntone, Gunarso
neng nggone wong pinter njaluk mantra, supaya atine Ana kagiwang neng dheweke. Senajan
mung paribasan sak dang sak penginang, kepingin banget tresnane entuk tanggapan saka
Ana.Wong pinter mau aba marang Gunarso supaya masrahake sampur abang arep
dimantrani. Kejaba kuwi uga dikon pasa ngebleng telung ndina telung mbengi kanthi nyekeli
sampur kuwi karo tansaha nyebut jenenge Ana. Dene wewalare, sampur kuwi aja nganti kena
sesuker saka wong liya, upamane kringet, idu, pipis, luwih-luwih aja nganti dilangkahi sapa
wae. Yen dilanggar, ilang dayane matra pengasihan kuwi.

Bareng wis cetha pakone wong pinter kuwi, Gunarso njur adus kramas ngayati pasa
ngebleng ing njero kamare. Karo ibune ya matur yen arep prihatin, dadi kabeh pirsa.Sawise
genep dinane, nalika metu kamar, ibune wis nyedhiyani banyu putih kanggo ngombe lan
jenang sungsum kanggo mbalekake kekuwatan. Nganti ana sepasar, awake Gunarso lagi
krasa seger.

Kedaya notoling ati selak kepingin weruh sang pindha Ratih, Gunarso mbuntel
sampur abang kaya dene kadho utawa oleh-oleh anggone bakal teka ing omahe Ana. Pas dina
Minggu Gunarso dandan necis, jam sepuluh esuk wis tekan ngomahe Ana.Tanggapan
grapyak sumanak saka Ana saya gawe grengsenging ati. Sawise padha lelungguhan, Gunarso
masrahake buntelan sampur karo kandha :

Punika Jeng menawi kagem beksa, temtu mathis menawi Jeng Ana ingkang ngagem.?

Wah kok repot-repot ta mas, mboten langkung inggih namung matur nuwun.?

Dipun bikak kemawon, Jeng!?. Ana manut banjur dibukak. Weruh sampur abang sing
mawa gombyok logem emas, anggone nyawang kedhep tesmak, malah banjur diarasi sajak
kalegan banget atine. Gunarso nicil ayem.Rumangsane Gunarso, esuk iku Ana katon
moblong lan sumanar cahyane, ndadekke kobong ati lanange. Ketrucut tembunge marang
Ana :

Jeng punika rak dinten Minggu ta? Kula sampun dumugi ngriki, mbok gentosan kula
dipun teraken dhateng Kaliurang, sampun dangu sanget kula mboten mrika? kandhane
Gunarso karo mbalang esem.

Mbok inggih mas, mangga mumpung taksih enjing? Ana gage sumaguh. Eka
dipasrahahe dhe Setro, Ana lan Gunarso budhal menyang Kaliurang. Sawise nitipke mobil
wong loro wiwit munggah. Bareng dalane wiwit ndeder, Ana dituntun Gunarso manut, sire
Ana ngajak leren, ning Gunarso ora gelem, jare yen wis tekan ndhuwur sisan.

Lakune Ana dirangkul keket dening Gunarso. Lakune sing mung sasat ngremet, saya
nambahi mongkok lan bungahe Gunarso. Bareng Gunarso weruh mung keri ana vila siji ing
dhuwur sisih ngarep kana, minangka palerenan/penginapan, Gunarso ngajak leren.Ana sing
wis lempe-lempe iku manut, malah bareng wis mbukak lawang kamar, gage wae ngebrukke
awake ing peturon. Let sedhela, pelayan losmen nothok lawang ngaturke minuman lan
makanan kecil.

Gunarso ngadeg ngancing lawang, njur nusul turon ing sisihe Ana. Nyawang Ana sing
merem lan bathuke kebak kringet, Gunarso gage ngelapi nganggo kacune.Ya ampun …
kasulistyane Ana saya katon cetha ing ngarepe mripate. Ana ketok pasrah, njalari ati lanange
mengangah kobong, pingin nglalap apa wae sing ana ing sacedhake. Rasa birahine wis ora
kena sinayudan. Ana diruket kenceng ora suwala, diarasi sakatoge meneng wae.

Tangane Gunarso nggladik ing papan-papan sinengker. Niyate bakal ditutugake


anggone dolanan barang kang banget digandhrungi setengah mati kuwi.Anggone nglela-lela
asmara bakal dipolake sadurunge ngajak mabur Ana ing sak ndhuwuring mega sap pitu.Tan
kocapa dhe Setro sing momong Eka. Kira-kira sak jam saungkure ibune, bocahe rewel mung
undang-undang ibune terus, didolani apa-apa ora kodal, malah saiki tangise mbenginging
gawe judhege dhe Setro. Tansah wae ngundang ibune.

Ora sengaja weruh sampur abang ing ndhuwur meja tamu, dijupuk dianggo
nggendhong Eka, sawetara bocahe meneng. Malah banjur gelem mudhun lungguh, lemekan
sampur lan nganggo dolanan gombyoke.

Ning njur nangis merga ngompol. Sampur sing wis teles, dening dhe Setro terus
dienggo ngelapi jobin sisan, Eka sing nangis digendhong diajak metu ngadhang ibune,
bocahe meneng.

Tan kocapa Gunarso sing wis tanek dolanan barang sing banget disenengi, saiki
wektune ngajak mabur Ana tumuju alaming swarga ndonya tumrap dheweke.

Tangan wis mbiyak langse, ngayati ngunggahi gumbala giri sing bakal disasak alase
sing ketel ngengreng, ndadak Ana nampel tangane, nduwa njorokake awake nganti Gunarso
meh kejengkang tiba. Kandhane santak :

?Sampun mas, kula lan penjenengan mboten kenging tumindak punika, kula sampun
gadhah semah. Mangga sak punika kondur.? Karo kandha ngono, Ana cak-cek mberesi
sandhangane, jungkatan, terus nyaut tase ninggal losmen, nguncluk ndhisiki mudhun.
Gunarso gumun kepati. Sawise mbayar losmen, Gunarso uga banjur nututi Ana. Neng
ndalan ora kocap. Ana anteng nganti tekan ngomah.

Iba kagete lagi wae mlebu manyuk lawang, Gunarso krasa lemes. Ing ngarepe, weruh
sampur abang wis nglumpruk cedhak clanane Eka sing teles kena ompol ing jogan ngisor
meja tamu. Kandhane angluh karo tumuju mobile : ?Oh … dayane mantra pangasihan wis
ilang, merga sampur abang kena pipise Eka?. Tanpa pamit Gunarso marani mobile, terus
blabas mulih. Atine Semplah.

Tamat

Anda mungkin juga menyukai