Anda di halaman 1dari 4

Skrip Naskah film

Scene 1

Latar tempat: kamar

Narasi:

Hiduplah sebuah keluarga yang dikepalai oleh pak Sumarto yang memiliki istri bu Yanti. Mereka
memiliki satu anak yaitu Gilang. Pada suatu malam Bu Yanti resah karena sang suami belum kunjung
pulang. Ia merasa akhir-akhir ini suaminya itu sering pulang terlambat dengan alasan kerja lembur.

Bu Yanti: Peh bojokuki nendi to jane...wes jam 9(scene melihat jam di dinding) kok rung mulih mulih.
Mosok o yahene urung mulih, jane sing dilemburi ki opo? (Berucap sambil geleng geleng).

Scene 2

Latar tempat: ruang tv

Narasi:

Bu Yanti: Lang Gilang jalito bapakmu ki telponen ibuk telpon wiwit mau kok ora diangkat, ibuk wedi
bapakmu enek maslah nek ndalan.

Gilang: (scene duduk di bawah tv) nyapoto buk sik jam 9 biasane bapak mulih jam 8 to, yo positif
thinking wae nek bapak sik ndek ndalan. Sopo ngerti nukokne ibuk martabak, jarang jarang to bapak
romantis. Hehehehe

Bu Yanti: (scene duduk di samping Gilang) Yo ora ngunu le.. masalahe Iki wes jam 9 punjul biasane
bapakmu nek mulih kan jam 8 aku mung khawatir ( ngomong karo ndingkluk).

Gilang: izo ibukku bidadari surgaku sing ayu dewe... ikilo tak telpon (ngomong sambi nyekel hp) tapi
kok ora diangkat yo buk tumben. Wes tapi rapopo Bu, ibu istirahat wae sek. Masalah bapak tak
entenane wae . Mengko nek dikunci mesakne ora iso mlebu. Mosok arep liwat kandang weduse pak
Parto.

Bu Yanti: Yowes le, ibuk istirahat sek. Iki pas rodok mumet tensine rendah, tunggunen bapakmu yo.
Ojo Sampek keturon. Kan sesok sekolahmu libur mergo dino Sabtu. Tulung yo tunggunen.

Gilang: Oke buk siapp

Bu Yanti: lah lah modelmu. Heh blajar sopan santun karo wong tua blajar basa wes kelas 12 barang
mosok ora iso basa

Gilang: hehehe nggih Bu siap monggo panjenengan istirahat rumiyen, masalah bapak gampang.
Barniki lek rawuh. Oke?

Bu Yanti ngaleh ninggalne Gilang sing dewean nunggu bapake mulih saka kerjoan.

Gilang: beh mesakne ibuk. Jane ebes ki nendi to bojone nggoleki barang. Mosok bapakku duwe
cewek neh, nakyo ora lucu. (Monolog Gilang karo mbayangne sing ora ora)

Scene 3
Ing wengi jam 11 saat pak Sumarto teko ngomah.

Latar: lawang ngarep omah

Scene bukak lawang

Sumarto: Untung rung dikunci, tapi mosok Yanti rung turu. Wes jam 11 ki. Kokyo bengimen lekku
mulih kimau.

Sumarto: Assalamualaikum, loh Lang durung turu kowe le, gek ndang turu wes jam 11

Gilang: saking pundi to pak, mesakne ibuk nunggu bapak sampek bengi kok lagi teko.

Sumarto: la ndi Saiki wonge?

Gilang: Yo wes istirahat pak. Kulo mesakne ibuk pun kesel kulo ken sare rumiyen

Sumarto: (njupuk remot mateni tv ) yowes yowes gek ndang turu wes wengi.

Scene 4

Latar tempat : Ruang tv

Sumarto lan sekeluarga ngumpul ning ngarep tv amarga dino Sabtu Sumarto lan Gilang libur dadi
pada ngumpul nek omah

Bu Yanti: Pak Saman mambengi teko ngendi to kok tak tunggu nganti jam set 10 durung bali. Saman
mari nglembur opo to pak?

Sumarto: orapopo bune santaii. Ceritane wingi aku Ning ndalan luwe poll dadi mampir ning warung
pojok sing lagi rame karo kanca kancaku.

Bu Yanti: la terus nyapo kok ditelpon ora ngangkat opo se repot kui manganmu samper ora kober
ngangkat telpon

Sumarto: Yo ora ngunulo bune, mosok aku kudu njelasne panjang kali lebar. Wes biasa to wong
lanang lek cangkruk bar mangan ngunu kae ndadak sebat Karo ngopi pisan ( Sumarto nyawang tv
karo nglirik Bu Yanti)

Bu Yanti: Yowes aku percoyo, sok sok maneh nek mulih wengi kabari to pak, bojo Karo anak e ben
ora khawatir.

Sumarto: Siap bune...”slamet untung Yanti ora tekok reno”(bathin Sumarto)

Wes seminggu punjul Sumarto tetep mulih wengi bahkan jam 12 barang lagi mulih.

Scene 5

Latar tempat : kamar

Bu Yanti:Sampean teko ngendi pak mulihe bengi men?

Sumarto: Loh aku yo kerjo to buk

Yanti: Aku nggak selugu kui pak, ojo ngapusi aku. Aku ngerti Saman duwe simpenan ning njobo.
Sumarto: wes rasah drama koyo sinetron buk. Aku Ki kerjo ngge nguripi adewe sekeluarga. Ngerti
Dewe Saiki golek duwit angel. Patuto aku ora turu mbendino terima ngge nyukupi Saman karo
Gilang.

Bu Yanti: Drama piye karepmu. Wong aku eruh dewe saman mbonceng wong wedok liwat ngarep
somahe Risa. Tonggone Risa ye? Hooh? Modelanmu pak. Tampang biasa nglarani ora kira kira.

Sumarto: Lambemu Yan. Aku ora segenit kui karo wong wedok nganti tak bonceng opomaneh liwat
ngarepane Risa. Podo arep golek mati( ngendua karo buang muka)

Kurang ajar tibake dee mau Ning omahe Risa, tak kiro nk omah (bathine)

Bu Yanti: pokok e aku ora trimo.

Sumarto: Pancene dee ayu isih enom. Turu Yo pinter golek duwit(semaure Sumarto santai)

Bu Yanti: Sing luwih nom. Luwih sugeh teko aku. Jane kurangku ki opoto pak, aku manut karo Saman.
Aku mbok kon kerjo teko omah ae aku manut. Aku kon dadi ibu rumah tangga ae manut. Ngewangi
ngrumat anak e dewe budal. Kurang opo aku pakne? He? Ojo lali aku saman nikahi Yo mbondo pak,
mbondo omah, mbondo duwit, aku ora mung mbondo awak tok pak mrene. Aku Yo mbantu Saman
pak ngge mbangun omah iki dudu Saman tok. Ojo sampe omah iki kok nggoni karo selingkuhanmu
kui. Titenono kui. Awas !!!!.

Sumarto: Yowes nek ngunu awakdewe pisah ae, ngurusi urusane dewe dewe.

Bu Yanti: Oke, nek panjalukanmu mekunu tak turuti. Mugo ae Kowe mati disek tinimbang aku, kena
karma saka Pangeran.

(Sumarto ngangkat tangan arepe napok Bu Yanti)

Lambemu Yan. Wes awakmu ngalio tinimbang ajur nek kene.

Seiring berjalannya waktu akhire Bu Yanti Lang pak Sumarto cerai. Gilang sing eruh wong tuane cerai
nelangsa rumangsa uripe wes ora kopen mung iso meneng lan ngelamun saben dinane

Scene 6

Latar tempat: kelas

Gilang dina-dina mung iso nglamung mikir wongtuane wes bubar bahkan deweke ora kerumat wong
tuane.

Budi: Heh Lang Koweki nyapoto tak sawang kaet mau koyo wong ra duwe tujuan urip.

Gilang: Pancen Iyo

Budi: loh loh sek sek hop. Koweki jane enek masalah opoto lang, kene cerita nek masmu.

Gilang nglirik Budi

Gilang: wong tuaku cerai.

Budi: he?? Pegat Lang? Kok Yo iso kilo, padahal mbokmu ayu Lo. Mosok ebesmu teko megat.

Gilang: Buktine..
Budi: Hoalah Lang Lang pancen uripe manungsa ki ora lepas saka ujian, kowesing sabar ae. Fokus
Lang fokus. Itungane Kowe kari sedilut kas lulus teko sekolahan Iki, mosok Kowe arep medot tengah
dalan, Yora?

Gilang: hufff. Embuh Bud aku bingung. Ning omah hawane panas ora betah aku. Oranek sing nyukupi
aku.

Budi: Kowe kudu semangat Lang, Kowe anak Lanang, Ojo loyo

Yanti: Sampean teko ngendi mas mulihe bengi men?

Yanto: Loh aku yo kerjo to buk

Yanti: Aku nggak selugu kui mas, ojo ngapusi aku aku eroh bla bla bla

Mereka tukaran

Trus pak yanto ngangkat tangan ape nampar bu yanti

Anda mungkin juga menyukai