Anda di halaman 1dari 7

SKRIP SHORT DRAMA KOMEDI UHC (07/03/2023)

A. TEMA : POLEMIK UHC BPJS KESEHATAN


B. TOKOH dan PEMERAN
1. Rusdi
 Bapak-bapak usia 45 tahun
 Seorang buruh tani
 Rambut agak tipis dan mulai memutih
 Sifat gampang panik dan kurang informasi terkini karena
pekerjaannya yg sudah menyita waktunya
 Gagap teknologi
 Type suami takut istri
2. Susan
 Anak perempuan usia 10 tahun
 Perawakan kurus
 Anak ke 4 pak Rusdi
 Sifat penakut
 Anak cerdas yang kritis namun penurut kepada orang tuanya
 Gampang sakit – sakitan
 Suka makan pedas
3. Markonah
 Perempuan usia 40 tahun
 Perawakan besar
 Sifat cerewet, diktator
 Suka mengambil keputusan tanpa berfikir panjang
 Mudah panik
 Suka tidak mau mendengar kata suami
4. Cak Karto
 Pak RT usia 50 tahun
 Terlihat bijaksana
 Suka membantu warganya
 Perawakan sedang
 Sifatnya tenang namun pasti
 Humoris
 Punya sawah yg dikerjakan oleh pak Rusdi
5. Yuk Jum
 Perempuan usia 40 tahun
 Suka mempengaruhi tetangganya
 Suka ikut campur urusan orang lain
 Perawakan sedang
 Bestie markonah
 Pekerjaan IRT
 Tidak punya anak
6. Nakes/dokter
 Usia 35 tahun
 Bersikap tenang
 Baik hati
 Tidak membeda – bedakan pasien
7. Kapten UHC
 Gagah
 Laki laki superhero
 Suka membantu orang yg sakit tidak punya biaya berobat

C. PLOT : alur cerita menggunakan alur maju


a. Tahap Eksposisi : Latar belakang tokoh Rusdi, Markonah, dan Susan)
b. Tahap Komplikasi : Konflik timbul karena Susan sakit sudah 5 hari tidak bisa
sekolah. Membuat orang tuanya khawatir.
c. Tahap Klimaks : Rusdi dan Markonah bertengkar tentang sakit Susan. Dianggap
kena kiriman santet dan akan dibawa ke dukun untuk diobati, namun Yuk Jum
datang dan semakin kacau
d. Tahap Resolusi : Cak Karto mengetahui pertengkaran mereka di sawah. Dan
meminta keterangan apa yang terjadi. Kemudian memanggil kapten UHC
e. Tahap Katastrope : Markonah menyadari kesalahannya dan bersedia membawa
susan berobat ke Puskesmas.

D. PENGEMBANGAN DIALOG
Dialog dalam tahap komplikasi (latar ada di Jalan)

Markonah terburu buru membawa susan pergi ke sawah untuk menemui bapaknya
yang sedang bekerja.

Markonah : ayo to sus kowe ki nek mlaku mbok sing cepet. Gek ngejak bapak mu
ning mbah Suro. Kowe ki jelas kelebon jin Geni. Awakmu panas e ngene. Iki jelas
ketempelen pas kowe dolanan patil lele karo Sigit ning sor wit asem wingi.

Susan : ora lo buk,aku ki ora ketempelan jin. Wingi kae aku maem seblak
lombok sak ton, gek terus awakku maleh lemes mergo mencret. Saiki panas buk e

Markonah : kowe ki lek dikandani buk e kok ngeyel ae to sus. Biasane kowe
mangan lombok 5 ton yo rapopo. Mosok iki gur sak ton ae limang dino panggah sek
ra penak awakmu.
Susan : hoalah buk e i lo... bbeh ra kuat aku buk kon mlaku neh..sek
sek..asoh sor wit keres kuwi lo buk..

Markonah : yowes nduk. Nyoh mimik o sek. Marai yo ra enek gojek lo ning kene
ki nduk, gek duwe ontel yo digowo pak mu nyambut gawe ngunu. Opo jane numpak
kebo ae yo mau ki

Susan : (tidak menanggapi ibunya, sambil minum duduk karena kepalanya


mulai pusing lagi)

Tidak lama kemudian Yuk jum lewat sambil membawa rantang. Karena habis
mengirim makan suaminya yg juga buruh tani di sawah Cak Karto. Menghampiri
mereka yang sedang duduk dibawah pohon keres

Yuk Jum : lohhh nah Markonah kowe ki ngopo ning ngesor wit karo anakmu?

Markonah : iki lo susan wes loro 5 dino. Arep tak gowo nang mbah Suro, tapi tak
ngejak Pak e pisan. Kan omah e cedhak sawah kono.

Yuk Jum : la ngunu kok mbok jak mlaku to nah nah ..

Markonah : hallah la piye, desone awak dewe ki pnates mlebu acara primitiv run
away, arep mesen ojek online ora ono. Gek adoh soko endi endi. Bbeh bbeh... kok
gething aku...

Yuk Jum : iyo bener, awak dewe jane lek dijejerne sofia latjuba yo ra kalah ayu
yo nah... saking awk dwe uri nig ndeso ngene ki..ayo tak terne ning mbah suro.. kuwi
lo tumpakno ontelku dituntun wae. Kabeh yo biasane digowo mbah suro disuwuk
langsung mari.

Markonah : iyo, tapi dek wingi kae Gianto sing sek tas mati ki sikil e mambune
bbeh nemen lo, sampe bosok. Kuwi sak urunge yo digowo ning mbah suro. Omonge
kuwi sikile dikirim i santet uwong isine uli karo lading. Medeni. Tapi kok yo ora
waras. Malah parah bar disuwuk mbah suro

Yuk jum : hallah kuwi mergo Gianto wes tuo gek pancen nom nom ane
snengane golek nyambik di bedili. Jelas kuwi kenek jin alas.wes yooo to susan gek
digowo mbah suro ae

Susan : buk aku wedi


Markonah : wes jo wedi. Gur disuwuk nduk

Yuk Jum : iyo sus..menengo ae...aku penasaran kowe ketemplek an opo yooo..

Latar ada di Sawah


Sesaat kemudian , Markonah, Susan dan Yuk Jum sudah sampai di sawah menemui
Rusdi yang sedang menanam padi.

Markonah : Pakkk.... bapak... rinio

Rusdi : Nyapo to buk...sek nymabut gawe ki lo

Markonah : ayok to gek ndang cepet. Anakmu selak lemes

Rusdi tidak lama menghampiri Markonah, susan dan yuk jum di pinggir sawah.
Sambl mencuci tangan dan kakinya di perairan sawah.

Rusdi : Ono opo to buk. La nyapo kok rombongan mrene ki

Markonah : Pak ayok ngeterne susan ning mbah Suro. Awak e tmbah panas ki
bocah e. Buk e ra wani lek ijen. Mbah suro rodok serem.

Rusdi : la nyapo kok digowo mbah suro? Opo ra ning puskesmas opo rumah
sakit ae to buk

Markonah : hallah la kowe ki opo yo duwe duit? Njajal saiki duitmu piro?

Rusdi : yo mengko iso utang Cak Karto sek to buk

Markonah : bendino kok utang. Wingi kae yo wes utang, nyaur e nganggo
upahmu lo pak.. la kapan awak dewe ki sugih e...wes to ning mbah suro ki dibayar
nganggo beras lek panen sesok oleh kok.

Rusdi : tapi lek urung mbayar mengko dirabi lo buk. Delok kae bojone
uwakeh. Sampean gelem anak e awak dewe dipek bjo lek rung mbayari.

Yuk Jum : wes to Rus, penak ning mbah Suro, awak dewe ki wong cilik. Ora
duwe asuransi koyo wong kerjo pabrik. Pokok anakmu ndang sehat
Rusdi : ojo to buk. Pokok e ojo dijak mbah suro. Bapak g setuju. Entenono
aku golek utangan mengko sore

Markonah : hoalah pak, spo arep percyo ngutangi awak dewe. Ora ono sing iso
nggo jaminan. Ayok toh gek mangkat. Anakmu selak kepanasan

Rusdi : ojo bu. Pokok e bapak g setuju

Mereka masih ramai sibuk bertengkar, tiba tiba Cak Karto datang. Karena Cak Karto
biasa melihat lihat sawahnya saat buruhnya sedang bekerja.

Cak Karto : lo lo bu mar, yuk jum, enek opo iki kok podho bengkerehan ning
sawah? Kae lo susan semaput

Rusdi : astaghfirullah... anakku... ngene ki gara gara buk e

Markonah : kok aku to pak. Sampean ki kesuwen lo ket mau dijak kok mbulet

Yuk Jum : wes yoh yoh ojo rame ayo gek dijak ning mbah suro

Cak Karto : Lo lo lo nyapo kok malah dijak mbah suro?

Yuk Jum : ki lo cak karto, susan loro wes 5 dino. Arep dijak yuk nah nng mbah
suro. Cak rusdi dijak pisan malah mbulet. Yo iki akhir e susan semaput

Cak Karto : lo la nyapo kok ning mbah suro, ora di gowo puskesmas slempit
ae.malh cidek ngarep omah cak rusdi.

Yuk jum : wedi ra duwe duit cak...arep utang sampean mau ki omonge

Cak Karto : Lo nyapo bingung, ning puskesmas ora bayar. Ono program
pemerintah jenenge U....UUU...UHT ta?

Markonah : UHT kan susu cak?

Cak Karto : iyo yo..opo yo...sek sek tk celukno kapten wingi sing ketemu aku
ning rumah sakit. (menelpon kapten UHC)

Tidak lama kemudian,Kapten UHC datang


Kapten : tet te re tetetttt.... kapten datang. Ada apakah memanggil kapten yg
sedang istirahat tidur??

Cak Karto : iki lo kapten, arep berobat wedi larang. Wingi ono program UHT opo
kapten?

Kapten : kuwi program UHC cak, ora UHT. Program pemerintah Gresik kanggo
wong wong kyo awak dwe ngene ki. Sing ora duwe asuransi kesehatan, ora duwe
duit, ora usah wedi biaya larang. Kabeh GRATIIIIIISSSSSSSSSSSSSSSSSS

Markonah, Cak Rusdi, Yuk Jum, Cak Karto kabeh mlongo karo bareng bareng
ngomong mosook????

Kapten : Tenan, ayok gek ndang digowo ning puskesmas slempit. Susan ben
ndang diobati. Ben ngerti sakit e kenopo.

Akhirnya semua bersama sama membawa susan ke Puskesmas Slempit agar segera
ditangani.

Latar ada di UGD Puskesmas sLEMPIT...............


Nakes : selamat datang, monggo bapak ibu lgsg masuk mawon ditidurkan di
bed biar saya priksa

Markonah : sek sek sek dokt...mbayar opo ora?

Nakes : mboten, gratisssss

Cak Rusdi : kok iso???? Sinten mawon dokt sing angsal gratis??? Terus kapan
saget didamel?

Nakes : La iki sik arep dibahas..... kono ndang lungguh cak... ngarep dewe
ben paham, UHC kuwi kanggo sopo, kapan iso digawe, terus piye mekanisme ne
utowo sistem e, ning ndi ae iso digawe, terus lapo kok iso gratis??? Opo negoro ora
bangkrut????

Selamat menyaksikan .....

Anda mungkin juga menyukai