Anda di halaman 1dari 4

CERITA WAYANG

“tali darma”
Adegan 1 : Kurusetra

 Karna telah berdiri tegak menjadi Senopati Ngastina, lalu dia teringat peristiwa-
peristiwa sebelum Baratayudha terjadi
 Dalam ingatan Karna Duryudana dan Sengkuni menyindir Karna supaya membantu
Kurawa di Baratayudha kelak

Adegan 2 : Kerajaan Awangga


 Karna mengatakan ke Surtikanthi bahwa ia akan maju ke Baratayudha
 Surtikanthi bersikeras agar Karna tidak pergi ke medan laga
 Karna meyakinkan Surtikanthi bahwa ia bisa mengalahkan musuh
 Surtikanthi menerima tekad Karna
 Karna menidurkan Surtikanthi dengan tembang
 Karna teringat saat dia bertemu Kresna sebelum perang Baratayudha

Adegan 3 : Kurusetra
 Karna mengalahkan bala Pandhawa
 Karna menemukan Arjuna setelah mengalahkan bala Pandhawa
 Mereka berperang, dari adu kekuatan, perang madras dan menthang gandhewa
 Arjuna melepas panah Pasopati
Adegan 1 : Kurusetra

( Adipati Karna telah berdiri tegak menjadi senopati Kurawa, namun teringat peristiwa saat
di pesanggrahan sebelum Baratayuda dimulai)

1. Drydna : Hmmm,, menapa nggih mboten kemutan, sinten ingkang ndadosaken ratu
ugi sinten ingkang paring kamukten, bebasanipun sinundhul puyuh
tinumplak punjen
2. Sngkni : Kula mboten maiben, nyatanipun taksih awrat anggenipun njangkahaken
suku, langkung-langkung mengsah kadangipun piyambak.
3. Drydna : Hmmm, rikala tentrem sekeca anggenipun lelembon tilem, sareng
kapengkok ing pancabaya jebul ubayanipun mbalenjani
4. Karna : Yayi Prabu, sampun dipunlajengaken anggenipun ngundha mana pun
kakang, wekdal menika sampun ndungkap titi mangsa kula mengsah jurit
nrenggalangi para Pandhawa sakwadya balanipun. Kantuna sekeca lenggah,
dereng ngantos serap surya badhe kula pisungsungaken sirahipun Pandhawa
gangsal
5. Drydna : Hladhalah kaka prabu, menika ingkang kula rantos.

( Perang Baratayuda berupa siluet wayang kulit disertai opening film pendek mulai dari
perkenalan peraga dan lain-lain)

Adegan 2 : Kadipaten Awangga

6. Surtikthi: dhuh sinuwun, kula aturi murungaken tekad paduka manjing ing palagan.
7. Karna : Surtikanthi, aja lali yen sliramu iku garwane prajurit
8. Surtikthi: ananging paduka anggadhahi tanggel jawab tumrap kaluwarga
9. Karna : yenta pun kakang murungaken sedyaku banjur ana ngendi dununge
kasatriyanku?
10. Surtikthi: lajeng kula kedah kados pundi sinuwun?
11. Karna : apa rumangsane diajeng pun kakng wus ringkih? Apa rumangsane diajeng
Karna ora bisa unggul lumawan Pandhawa? Dhuh nimas,, sawangen
netrane pun kakang,, sunaring pasuryanku bisa nglebur mungsuh sajroning
paprangan
12. Surtikthi: dhuh sinuwun, donya prapteng delahan kula mboten saged pisah kaliyan
paduka
Tembang mijil
Surtikanthi, garwaku wong manis
Aja gawe kagol
Kae katon rembulane gedhe
Gilar-gilar cahyane nelahi
Kula mboten wani
Pisah lan sinuwun

( Surtikanthi tertidur dipangkuan Karna, dan Dan Karna teringat kembali saat bertemu
dengan Kresna)

13. Kresna : yayi Karna, apa sira ora kelingan yen Pandhawa kuwi adhi-adhimu dewe?
14. Karna : kaka prabu, Duryudana sak kurawane punika mboten saged badhe wani
Bratayuda menawi mboten kula ingkang angojok-ojoki. Amargi kula
pitados angkara murkanipun kurawa mboten badhe sirna menawi mboten
sareng kaliyan pejahipun ingkang nyandang. Kula nglilakaken jiwa raga
kangge kamuktening Pandhawa.

Adegan 3 : Kurusetra

( Karna mengalahkan bala Pandhawa seperti Tambakganggeng, Udawa, Surata, Sucitra.


Setelah bala Pandhawa dikalahkan. Arjuna dan Karna saling berhadapan, perang tangan
kosong, madras, perang gandhewa dan Arjuna melepaskan Pasopati. Muncul bayangan
dewi kunthi saat membawa bayi sambil menangis, dengan tembang yang bernuansa sedih)

Anda mungkin juga menyukai