Anda di halaman 1dari 3

ULANGAN CRITA RAMAYA

A. Wenehana tandha ping (x) ing wangsulan ngisor iki!

Kidang Kencana
Nalika Rama, Sinta lan Lesmana ngumbara, tindakipun dumugi ing tengahing
wana.Boten atawis dangu kekiteran Kidang Kencana .Pirsa Kidang Kencana, Dewi Sinta
nyuwun dipun cepengaken. Dening ingkang garwa sang garwa tumuli ambujung Kidang
Kencana. Pegat,apisah Rama lan Sinta, Kidang kencana tanggap ing sasmita , hangendering
cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih,den ira apepisahan kalawan garwa
mayasari.
Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking Kidang,
sapandhurat kumlebet katingal kidang Kencana haleledhang, Rama sigra hangembat
gendhewa,menthang langkap, wastra lumepas, hangener dhateng Kidang, tumancep
warayaning mring hangganing Kidang sangsam Kencana, gumlundhung pejah kasulayah.
Eloking kahanan, sareng gumalundhunging Kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica
hangemba –emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
1. Raden Rama, shinta lan Lesmana ngumbara nganti tekan...
a. Guwa
b. Gunung
c. Ngalengka
d. Alas
2. Lesmana kuwi sejatine......Rama.
a. Kangmase
b. Adhine
c. Bapake
d. Garwane
3. Apa kang dipingini Dewi Sinta..
a. Ngombe
b. Woh-wohan seger
c. Kidang Kencana
d. Ngumbara adoh
4. Ing tengahing alas, Dewi Sinta pirsa kidang kencana kang warnane...
a. Putih
b. Ireng
c. Emas
d. Abang
5. Kidang kencana iku sejatine malihane...
a. Rahwana
b. Marica
c. Dasamuka
d. Anoman
6. Kenengapa kidang kencana bisa ambruk?
a. Suwiwine sengkleh
b. Diapusi dening Rama
c. Tiba lan kena gamane Rama
d. Kena panahe Rama
7. Gemlundhunging Kidang kencana dibarengi swara sing niru swarane..
a. Rahwana
b. Kalamarica
c. Raden Rama
d. Anoman
Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak
hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning
wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka
Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal
lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung
pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama.
8. “Tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira”. Manahira tegese...
a. Atine
b. Awake
c. Pikirane
d. omongane
9. Kenangapa Dewi Shinta ndawuhi Lesmana supaya Lesmana nggoleki Raden Rama?
a. Raden Rama paring dhawuh Lesmana supaya nggoleki panjenengane
b. Ana swara mbengok kang mirip swarane Raden Rama
c. Dewi Shinta meksa nyusul Raden Rama
d. Lesmana melas marang Raden Rama
10. Nalika Dewi Sinta ngira swara sambat kuwi swarane Rama, Raden Lesmana..
a. Ngelingake Dewi Sinta
b. Nyarujuki dhawuhe Sinta
c. Ngendelake
d. Mlayu aweh pitulungan
Ing tengahing margi Rama lan Lesmana kepanggih kaliyan Peksi
Jathayu.Sasampunipun cariyos menawi Dewi Sinta kadhustha dening Prabu
Dasamuka ing Ngalengka, Peksi Jatayu pejah. Pejahipun jethayu amarga kenging
gegamanipun Rahwana nalika peksi jethayu ngalangi Rahwana nggondol Sinta.
Rama lan Lesmana tumuli nglajengaken lampah madosi Sinta ingkang
kadhusta Rahwana. Ing satengahing margi kepanggih kaliyan wanara seta pun
Anoman. Anoman tumuli pratela badhe ngabdi dhateng Prabu Rama. Pramila Rama
lan Lesmana anggenipun madosi Dewi Sinta kabantu Anoman.

11. Kang menehi kabar menawa Dewi Sinta kadhusta Rahwana yaiku...
a. Anoman
b. Jethayu
c. Rahwana
d. Lesmana
12. Manuk garudha kang nyoba nulungi Dewi Sinta yaiku...
a. Jethayu
b. Andanu
c. Ataboga
d. Rahwana
13. Nalika Rama lan Lesmana nerusake laku goleki Dewi Sinta kapethuk wanara seta sing
jenenge?
a. Anoman
b. Jethayu
c. Dasamuka
d. Andanu
14. Jethayu ngalangi rahwana amarga Rahwana.....Dewi Sinta.
a. Ndhusta
b. Nggoda
c. Ngece
d. Ngremehake
15. Pejahipun Jethayu amarga kena...
a. Katerak angin kang banter
b. Gegamane Rahwana
c. Pusakane Rama
d. Gegamane lesmana

B. Garap pitakonan ing ngisor iki manut printahe!


1. Apa tegese tembung-tembung ing ngisor iki?
a. Kadhusta d.Peksi
b. Hangemba e. Arinta
c. Kejot
2. Tulisana paraga lan watake saka crita kidang kencana ing dhuwur!
3. Piwulang apa kang bisa kok jupuk saka crita mau?

Anda mungkin juga menyukai