Anda di halaman 1dari 16

KELAS IX – WULANGAN BAB 1

CRITA WAYANG RAMAYANA

Dening :
1. Nur Lailiyah Imawati,S.Pd
(kelas 9A, 9B, 9C)

2. Ika Wahyuningrum, S.E


(kelas 9D, 9E)

3. Wahepi Suhartatik, S.Pd


(kelas 9F-9J)
WULANGAN BAB 1
CRITA WAYANG RAMAYANA “Rama lan Sinta”

Kompetensi Dasar
3.1. Memahami Teks Cerita Ramayana
4.1. Menanggapi Isi Teks Cerita Ramayana
“Rama Lan Sinta”
Wonten nagari naminipun Kosala, dumunung ing kitha Ayodya. I
ngkang jumeneng nata Prabu Dasarata. Sang Prabu kagungan gar
wa cacah tiga. Kaliyan Dewi Kosalya peputra Rama. Kaliyan Dewi K
ekeyi peputra Barata. Dene kaliyan Dewi Sumitra peputra kem
bar, Lesmana tuwin Satrugna.

Prabu Dasarata sampun sepuh sanget. Sang Prabu arsa lereh


kaprabon. Rama ginadhang-gadhang nggentosi kelenggahanipun ing
kang rama. Ananging, Dewi Kekeyi boten narimakaken manawi Ra
ma kawisudha minangka raja Ayodya. Garwa angka kalih punika n
gersakaken Barata, putranipun ingkang jumeneng nata. Kanthi
awrat ing manah, panyuwunipun Dewi Kekeyi dipunsembadani deni
ng Prabu Dasarata. Wusananipun Rama kedah nglampahi gesa
ng ing wana dangunipun 14 warsa.
“Rama Lan Sinta”
Tindakipun Raden Rama kadherekaken ingkang garwa, Dewi Sinta, dalah
Lesmana. Lampahipun dumugi ing wana Dhandaka. Ing papan punika, ketiganipun
kepanggih Sarpakenaka, rayinipu Prabu Rahwana, raja Alengkadiraja. Sarpakenaka
ingkang asipat raseksa wanodya punika kepencut kabagusaning Rama. Rama botan
nglanggati. Sarpakenaka lajeng manggihi Lesmana. Lesmana babar pisan botan nggape
piyambakipun. Sarpakenaka nesu, ngamuk. Lesmana boten kirang weweka. Raseksa
wanodya, rayinipun Prabu Dasamuka, lajeng karumpung grananipun saha kaperung
talinganipun. Piyambakipun lajeng ngadhep ingkang raka. Rakanipun karerepa murih
malesaken wirangipun. Prabu Rahwana sagah. Lampahipun Prabu Dasamuka tumuju wana
Dhandaka nitih kreta kencana ngambah jumantara kadherekaken Kala Marica.
“Rama Lan Sinta”

Dumugi wana Dhandaka, Kala Marica ingkang asipat raseksa wewah wujud

dados kidang kencana, kidang elok ing warni asisik emas endah ngelam-elami, ngengreg

merak ati. Kidang rukmi nunten wira-wiri sacelaking papan dunungipun tiyang tetiga.

Sinta sumerep kabregasaning kidang. Piyambakipun gawok, tuwuh prentuling manah

kepingin ngingah kidang rukmi. Rama kasuwun nyepengaken kewan ingkang ngelam-elami

saha memencut manah punika.


“Rama Lan Sinta”
“Dhuh Raden, pangayomaning jiwa-raga kula. Ing sangajenging netra wonten kidang
kencana ingkang elok ing warni. Inggih nembe sapisan punika kula sumerep wujuding
kidang ingkang ulesipun kencana. Mendah senenging manah kula menawi saged ngingah
kidang punika minangka panglipuring manah ing salebeting wana ingkang bawera punika,”
aturipun Putri Manthili.

“Yayi, salumahing bumi sakureping langit tan ana kang ngembari. Tresnane pun kakang
marang sliramu tanpa pepindhan. Labuh tresnaku marang sliramu, saiki uga bakal
dakwujudi pepenginanmu. Kidang kang kokarepake bakal dakcekel. Mula lilanana pun
kakang linggar saka pakuwon,” ngandikanipun Raden Rama dhumateng ingkang garwa.
“Rama Lan Sinta”
“Inggih, Kakangmas. Donga kula saking papan pasutapan tansah umiring tindak paduka,”
aturipun Sinta sinartan esem ingkang ngujiwat.

“Ya, Yayi. Welinge pun kakang, aja pisan-pisan metu saka pagering pakuwon tanpa
palilahku. Wis yayi, karia slamet,” ngandikanipun Raden Rama.

Kidang pinuntut wingking dening Raden Rama arsa kecepeng. Kidang nebih. R
ama ngetut malih. Kidang mlajeng sangsaya tebih. Rama ngetog karosanipun kanthi nu
tuti mlajeng. Danguning-dangu plajenging kidang tebih saking dununging pakuwon
. Raden Rama suda kasabaranipun. Putra Ayodya punika lajeng menthang gendhewa n
glepasaken jemparing. Kidang kepanah, kenging cumeprot. Sakala kidang njola, mbekik
sarosanipun ngantos kapireng dening Sinta. Pambekiking kidang lamat-lamat ka
dos pisambatipun Raden Rama. Dewi Sinta ndugi bilih Rama manggih katiwasan. Lesm
ana kapurih nglari puruging swanten. Kanthi gegancangan, Lesmana ngestokaken dhaw
uh. Samangke Sinta tanpa rowang.
“Rama Lan Sinta”
Sumerep ingkang dipunener piyambakan, Rahwanaraja ingkang sampun dumugi

sacaketing pakuwon, girang-girang gumujeng salebeting batos. Raja Alengkadiraja nunten

mindha-mindha pandhita kesrakat ingkang ngelak saha luwe nyuwun boga-toya ing

wiwaraning pager. Sinta welas dhateng kawontenaning pandhita memba-memba. Nalika ngulu

ngaken omben saha tetedhan, tanganipun Sinta kageret dening pandhita memba-memba.

Piyambakipun karudapeksa, kalebetaken kreta kencana mumbul nggegana. Badar wujuding

pandhita dados Dasamuka, raja Alengkadireja, inggih rakanipun Sarpakenaka. Taksih

njola-njola bangga, jelih-jelih asesambat, Sinta kadhusta dening raja raseksa kabekta

dhateng Alengkadiraja.
“Rama Lan Sinta”
Jathayu, kagendra, inggih rajaning peksi mitranipun Prabu Dasarata, mireng
pisambatipun Sinta. Sareng sumerep anakipun mitranipun dipuncidra dening Rahwana,
Jathayu tumunten nututi ngantariksa.

“He, Rahwana raja! Balekna Dewi Sinta. Apa ora ngerti yen Sang Dewi iku garwane Raden
Rama. Apa lekasing raja gung kang kaya mangkono iku pantes lamun tinulad dening para
kawula? Mula, sadurunge kebacut, enggal ulungna Putri Manthili, dakpisungsungake maneh
marang ngarsane Raden Rama…!” panguwuhipun Jathayu.

“Haaaa…., ha…, ha…! Dhasar manuk ora ngerti karepe wong gandrung. Ora prelu kowe
ngandhani. Aku wis ngerti. Mula, becik kowe balia bae sadurunge dakpothel gulumu,
daksempal-sempal swiwimu, dakoklek-oklek sikilmu, dakjabuti wulumu!” ngendikanipun
Rahwana.

“Minangka mitrane Prabu Dasarata, sapisan maneh dakelingake. Balekna Dewi Sinta apa
Dasamuka tumekaning pralaya ?” aturipun Jathayu.

“E lhadalah, sapira banggane manuk. Majua leganing atiku!” ngendikanipun Rahwana.


“Rama Lan Sinta”
Jathayu bandayuda kaliyan Dasamuka. Dedreg udreg-udregan, silih-ungkih.
Jathayu arsa ngrebat Sinta, nanging Dasamuka mambengi. Danguning-dangu Jathayu
kalindhih. Swiwinipun sisih kering katrajang kridhaning Dasamuka. Sengkleh. Jathayu
katelasan daya, katendhang kumleyang ing awang-awang, dhawah ing siti kejet-kejet
klebekan.

Dhawahing Jathayu kapanggih Raden Rama kaliyan Lesmana. Jathayu suka


katrangan manawi Sinta kadhusta dening Rahwanaraja. Kekalihipun nututi. Awit saking
pambiyantunipun Wanara Seta, nuwun inggih Anoman, Raden Rama dalah rayinipun kasil
manggihaken dunungipun Dewi Sinta kasingidaken.

Rahwanaraja boten ngulungaken Dewi Sinta. Bandayuda tan kenging


dipunendhani. Dasamuka kajemparing Brahmastha dening Raden Rama, njrebabah ing
bantala, pralaya, tiwas, sirna marga layu. Rama kapanggih malih kaliyan pepujaning
wardaya, Dewi Sinta.

Sumber: http://gootez.blogspot.co.id/2012/02/cerita-pewayangan.html
Tegese Tembung:
No Basa Umum Basa padinan Basa Krama Krama Inggil
1. duwe duwe gadhah kagungan
2. anak anak lare/yoga peputra
3. diconto ditiru/dinut dipuntiru dipuntiru/tinulad
4. dheweke dheweke/ piyambakipun panjenenganipun
dheknen
5. weruh/ngerti weruh/roh sumerep pirsa
6. ati ati manah penggalih
7. lunga/lelungan lunga/ lelungan kesah/ tindak/tindakan
kekesahan
Tegese Tembung:
No Basa Umum Basa padinan Basa Krama Krama Inggil
8. ngratoni/dadi raja dadi raja dados raja jumeneng nata
9. duwe anak duwe anak gadhah lare/yoga kagungan
peputra
10. arep arep, ape, badhe arsa
ameh
11. urip urip gesang sugeng
12. abot abot awrat awrat
13. diterke diterke, ditutke dipunteraken kadherekaken
Tegese Tembung:
No Basa Umum Basa padinan Basa Krama Krama Inggil
14. oncat oncat oncat

15. perang perang perang bandayuda


16. dicolong dicolong dipunpandung, kadhusta
dipuncidra
17. pangan-banyu pangan -banyu tetedhan-inuman boga-toya,
dhaharan-unjukan

Lsp ……………. ……………. ……………. …………….


Tugas 1: Wangsulana manut crita Rama lan Sinta ing dhuwur!

1. Sapa Prabu Dasarata iku?


2. Apa panyuwune Dewi Kekeyi marang Prabu Dasarata?
3. Tindake Raden Rama menyang alas Dhandhaka kadherekake sapa
wae?
4. Apa panyuwune Dewi Sinta marang Raden Rama bareng nyumurupi
kidang kencana ing satengahe alas?
5. Nalika Dewi Sinta kacolong Dasamuka raja Alengka, sapa sing aweh
pitulungan arep ngrebut Dewi Sinta saka tangane Dasamuka? Banjur
kepriye wusanane?
Tugas 2: Jlentrehna wewatekane paraga wayang ing ngisor iki!

1. Prabu Dasamuka : ………………………………………………………


2. Prabu Ramawijaya : ………………………………………………………
3. Dewi Sinta : ………………………………………………………
4. Sarpakenaka : ………………………………………………………
5. Raden Lesmana : ………………………………………………………

 Pilihen kang trep wewatekan ing ngisor iki :


a. adil paramarta, wibawa, wicaksana, susila anoraga (lembah manah, andhap asor)
b. setya tuhu, welas asih, tresna asih, setya bekti marang garwa.
c. angkara murka, gampang kepencut kabagusaning priya, buta arepan (gampang nesu),
wadulan
d. sabar, welas asih, wicaksana
e. angkara murka, wengis, mentalan, tegelan, brangasan, daksiya kaningaya
Matur Nuwun

Anda mungkin juga menyukai