RESI JATHAYU
Prabu Dasarata duwe kanca sing raket jenenge Resi Jatayu. Resi Jatayu mau minangka rajaning manuk.
Resi Jatayu iku sing meruhi nalika Sinta utawa putri mantune Prabu Dasarata dicolong Rahwana. Resi Jathayu
banjur enggal ngrebut Sinta saka regemaning Rahwana. Nanging Resi Jathayu kalah kuwat, mula Resi Jathayu
kalah, swiwine tugel sengkleh, wulune dibrodholi, ditendhang nganti kejet-kejet. Rahwana saya cepet lakune
anggone nggondhol Sinta, Sinta kelaran, kabeh perangan awake krasa lara, satemene pengin uwal nanging
sansaya kenceng sikepane Rahwana. Wusanane amung bisa nangis melas asih njaluk tulung ngrerintih sedhih.
Sekar cundhuk mentul, gelang, kalung padha tiba kocar kacir
Tumeka Negara Alengka Sinta dipameri endahing kraton, barang-barang lan prabotan kang edi peni,
mawarna warna mas inten barleyan Sinta ora gumun lan ora ngrewes Rahwana nyoba ngarih-arih sarta nglelipur
Sinta. Sinta crita manawa ora kepencut nanging tetep setya marang Rama. Krungu kandhane Sinta, Rahwana
muntab lan ngincim marang Sinta yen ora manut bakal dipateni, nanging Sinta tetep teteg atine ora wedi mati.
Ana ing tengahing alas Dhandhaka, Rama anggone ngoyak kidang ora bisa kecekel. Rama lan Lesmana
banjur bali nglenthung ora oleh gawe lba kagete bareng wis tekan papan dununge Sinta wis ora ana. Digoleki,
diceluki ora ana wangsulan Rama saya kaged bareng nemu cundhuk mentul sing pating pececer. Ing pangira Sinta
mesthi dicolong Rama nesu jagad saisine bakal dijungkir walik angin bakal diendheg segara kali bakal desat
banyune wit-witane bakal dibedhol. Tujune Lesmana bisa ngreripih lan nglipur dadi lilih. Kekarone banjur
nerusake laku nggoleki ilange Sinta.
Tumeka ana ing panggonane Resi Jatayu, kahanane Resi Jatayu menggeh menggeh lan megap-megap
kaya meh mati nanging isih bisa nyritakake lelakone lan menehi weruh menyang endi parane Rahwana sing
nyolong Sinta, durung nganti rampung Resi Jatayu tumekaning pati. Jalaran wis ora bisa ketulungan mula Resi
Jatayu banjur kaobong dening Rama, keluke geni kumebul menyang langit sing arahe tumuju menyang negara
Alengka lan keprungu swara tanpa rupa sing isine menehi pituduh carane ketemu Sinta. Ora watara suwe
kekarone banjur padha budhal, sajrone ati ora leren-leren anggone ngalembana marang lelabuhane Resi Jatayu.
(Kapendhet saking buku Padha Bisa Basa Jawa)
1. Ora watara suwe kekarone banjur padha budhal, sajrone ati ora leren-leren anggone
ngalembana marang lelabuhane Resi Jatayu.
Ngalembana duwe teges ... .
A. Ngece
B. Ngapik-apik
C. Ora percaya
D. Nacad
Resi Jatayu keprungu ana swara wanodya jerit-jerit. Resi Jatayu nggoleki swarane
kuwi mau. Tekan dhuwur angkasa, Resi Jatayu weruh kreta kencana sing nggawa lungane
Dewi Sinta. Resi Jatayu banjur ngreteni menawa Dewi Sinta kadhusta dening Raden
Rahwana. Resi Jatayu sing luhur budine ora seneng nyawang wanodya sing dipeksa dening
Raden Rahwana. Apa maneh wanodya kuwi mau garwane Raden Ramawijaya, putra kanca
rakete. Resi Jatayu enggal-enggal nyegat abure Rahwana. Awake Dewi Sinta sadhela-dhela
polah arep ucul, nanging tetep disikep Rahwana. Gelang lan kalunge Dewi Sinta padha tiba
pating kececer. Resi Jatayu njaluk supaya Raden Rahwana ngeculake Dewi Sinta, nanging
Dewi Sinta digegegi, ora diwenehake.
(Kapendhet saking cariyos Ayu Sita tuwin Bagus Rama anggitanipun Dra. S.A.Satiti, penerbit Media
Wiyata)
6. Tumindakipun Jathayu nalika sumerep Sinta dipuncidra dening Rahwana inggih punika
….
7. Namung tiyang setunggal ingkang boten gadhah raos welas, inggih punika Rahwana.
Ukara kasebut yen diowahi basa ngoko dados ... .
A. Namung tiyang siji sing ora duwe raos welas, yaiku Rahwana.
B. Mung wong siji sing ora duwe rasa welas, inggih Rahwana.
C. Mung wong siji sing ora duwe rasa welas, yaiku Rahwana.
D. Namung wong setunggal sing boten gadhah raos welas, inggih Rahwana.
8. Paraga ingkang watakipun mboten nggadhahi raos welas asih inggih punika ….
A. Jathayu
B. Dasarata
C. Lesmana
D. Rahwana