BERBICARA
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan sastra
maupun nonsastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa
II. KOMPETENSI DASAR
2. Mengaitkan pitutur luhur yang terkandung dalam wayang dalam kehidupan sehari-
hari
3. Memberikan contoh pitutur luhur dalam kehidupan sehari-hari yang sesuai dengan
pitutur luhur yang terdapat dalam cerita wayang yang disajikan
IV.MATERI PEMBELAJARAN
1. PITUTUR LUHUNG ING TANAH JAWA
Budaya jawa ngono ora mung moncer ing babagan wujude sing akeh lan maneka warna
(kayata: wayang, kethoprak, ludruk, sintren, jinis-jinis tarian, gendhing-gendhing jawa lsp.).
ananging uga kebak piwulangan kang ngemu pitutur luhur. Utamane ana pawayangan.
Pitutur luhur kang kinandhut ana kabudayan kuwi ing antaraning ing ngisor iki.
Ambeg, adil paramarta, memayu hayuning bawana
Tegese panguwasa/pimpinan kuwi kudu welas asih marang sapa wae. Kisma tegese lemah,
lemah kuwi sapa wae sing ngidak-ngidak, ora kabeda-bedakake kabeh ditresnani.
Laku hambeging tirta
Tegese panguwasa utawa pimpinan kuwi kudu adil kaya bayu kang tansah warata ndhuwure.
Yen adil iki dijejegakebisa dadi pepadhang lan bisa ngresiki regedan. Bayu kuwi ora tau
tumindak ban cinde ban ciladan (pilih kasih).
Laku hambeging dahana
Tegese dadi pimpinan utawa panguwasa kudu teges, ora ingah-ingih, kaya geni kang panas
mbakar apa wae. Ananging kudu ditimbang-timbang adhedhasar akal sehat, saengga
tumindake kuwi bisa ditangggungjawabi.
Laku hambeging samirana
Tegese panguwasa utawa pimpinan kuwi kudu teliti niing ngendi wae. Apik alane kahanane
rakyat lan negara kudu dimangerteni.
Laku hambeging samodra
Tegese panguwasa utawa pimpinan kudu nduwe inspirasi kaya dene srengenge kang
amadhangi alam donya saisine.
Laku hambeging candra
Tegese panguwasa utawa pimpinan kuwi kudu bisa madhangi ning ora manasake, kaya dene
sunare mbulan.
Laku hambeging kartika
Tegese panguwasa kuwi kudu nduweni kapitayan dhiri, istilahe wong saiki percaya dhiri
utawa confidance. Ora ketang ana sajroning awake nduwene cacad utawa kekurangan.
Dipindhakake kartika/lintang ing langit, sandyan cilik nanging tetep sumunar hamadhhangi
petenging wengi.
Tatas titis tatag tutug
Tegese ddadi panguwasa kudu nduweni watak kang teliti utawa titi saben ngadhepi perkara.
Titis tegese tepat ora tau geseh, yen nggarap samubarang ora tau geseh
wektune. Tatas tegese tuntas ora tau mangkrak utawa separo-paro, tatag tegese tahan utawa
ora grusa-grusu, ora sembrono. Tutug tegese rampung.
Gemi nastiti ngati-ati
Gemi nduweni teges hemat ora boros, lan prasaja. Gemi beda karo medhit utawa
cethil. Nastiti kuwi ditujokake marang pawongan kang nduweni patrap gemi. Dene ngati-
ati tegese ngadohi resiko sing paling ala lan ora ngepenakake sapa wae.
Gotong royong gugur gunung
Mikul dhuwur tegese bisa nggawe arum utawa wangi asmane wong tuwa, dene mendhem jero
tegese bisa nutupi utawa nasabi cacad utawa kekurangane wong tuwa.
Miturut Siti Hardiyanti (1991) idiom utawa bab-bab kang magepokan klawan pangitutur
luhur kang sumbere saka budaya jawa yakuwi:
Kudu angon wektu
Gawe rusak ora becik, dene gawe rusaking mungsuh dudu barang kang aneh
Sing sapa gawe seriking liyan , kuwi uga arep nemahi cilaka
Sing sapa seneng udur, kuwi bakal kena bebendu dening Pangeran
Sing sapa seneng gawe nelangsaning liyan, iku ing tembe bakal kena piwales saka
penggaweane dhewe
Lamun sira seneng dialem wae, ing tembe ketemu bab-bab kang kurang prayoga.
Muring-muring kuwi dalane antuk pepeteng, mula sapa sing seneng muring ora bakal
antuk pepadhangangrembuge kang perlu kawala
Aja sira mulang gething marang liyan, jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang
ora ana uwis-uwis
Aja dumeh
Siya
Aja kumalungkung
Aja kamingsun
Aja gumedhe
Aja drengki
Aja keminter
Aja karemann
V. PENDALAMAN MATERI
Wacan wayang ing ngisor iki wacanen kanthi titi. Banjur golekana pitutur luhung kang
gumathok karo crita wayang kasebut!
Bayi Abimanyu
KEKASIHE Bambang Abimanyu ya Jaka Pengalasan. Atmajane satriya Madukara Raden
Janaka kang patutan karo Dewi Wara Sumbadra ya Dewi Rara Ireng. Mulane kekasihe
Abimanyu jalaran pinundhut putra dening Raden Arya Bhima (mung diaku). Dene kekasih
Jaka Pengalasan jalaran nadyan putra satriya nanging laire neng tengah alas gung liwang-
liwung. Dene critane mangkene : Manut buku kagungan dalem ing Prawiranegaran
Mangkubumen Ngayogyakarta, nalikane Dewi Wara Sumbadra wayah tingkeban, nedya
angrawuhake para kadang Nata lan satriya, mula Patih Surata ingkang kadhawuhan mangkat,
dene Raden Arjuna nuli mapan sare karo Dewi Wara Sumbadra.
Ambarengi lakon mau, ing satengahing alas Dhandhaka ana Raseksa lan Raseksi alasan, sing
wadon pamitan sing lanang ngupadi memangsan, sing lanang ditinggal. Raseksi mau sekti tur
bisa mabur, bareng ngungkuli sandhuwuring kasatriyan Madukara nuli niyub lan banjur
lumebu iang patengganing kang lagi nendra. Raseksi gandrung marang baguse Raden Arjuna,
Dewi Wara Sumbadra nuli kacidra winadhahan ing kendhaga banjur digawa menyang
Madukara nuli memba warna Dewi Wara Sumbadra laju nusul nggone sare Raden Arjuna.
Kacarita Raseksa kang pinasrahan kendhaga dening sing wadon, nuli tumandang mbukak
kendhaga jebul isi putri ayu. Ngira yen diajangi sing wadon supaya gelem wayuh karo putri
ayu. Dewi Wara Sumbadra girap-girap weruh Raseksa arep mondhong awake. Sembadra
lumaris, nanging tinututan. Dewi Wara Sumbadra nyemplung jurang. Ora adoh saka kono
ana padhepokaning pandhita mertapa ing pretapan Jatisari jejuluk Begawan Jayawilasa.
Kagyat sang mahayogi dene ana angin lesus. Bareng wis mendha sang Begawan niti priksa
papan sacedhake kono, priksa putri ayu neng njero jurang nuli dicedhaki, Sang Putri arsa
babaran, gya tinulungan, bayine miyos kakung pekik warnane, ari-arine pinuja uga dadi
satriya. Jabang bayine sang putri pinaringan asma Jaka Pengalasan, dene kang dumadi saka
ari-ari diparingi asma Aribawa. Bayi diasta kondur menyang Jatisari, den dus banyu gege
walagang gelis gedhe katon jatmika merak ati. Bocak sekarone rukun teruntungan.
Jaka Pengalasan pinaringan klangenan pitik jago dijenengake Bedhil, nuli nyuwun pamit
bakal adu jago. Kawuwusa kang aneng kasatriyan Madukara Dewi Sumbadra gadhungan uga
wis babaran mijil kakung, nanging pasuryane raseksa, diparingi asma Bambang Sembotho
utawa Senggotho. Sing kautus momong Semar sapranakane. Para Panakawan dhewe ya
gumun, geneya Raden Janaka iku bagus tanpa cacad jebul peputra raseksa. Bambang
Sembotho kuwi uga nakal lan rewel, banjur kepengin dolan menyang alas. Ing wana ketemu
Jaka Pengalasan karo Aribawa nggawa jago si Bedhil golek mungsuh. Bambang Sembotho uga
duwe jago aran Mimis, ngajak adu jago totohan. Yen Jaka Pengalasan jagone kalah dikethok
gulune, nanging yen Bambang Sembotho jagone kalah mung diwenehi jaran tumpakane.
Jago nuli diedu, wusana jagone Bambang Sembotho ditladhung si Bedhil mati kapisanan.
Jarane dijaluk ning ora oleh, njur perang karo Jaka Pengalasan. Bambang Sembotho kalah
nangis wadul Raden Arjuna. Raden Arjuna muntab sigra ngliga pusaka, nedya mateni. Bocah
loro mlayu mulih menyang Jatisari. Raden Janaka nututi. Bareng tekan Jatisari, Jaka
Pengalasan lan Aribawa madul marang kang eyang Begawan Jayawilasa lan Dewi Wara
Sumbadra yen dioyak satriya nggawa keris. Bareng Raden Arjuna tekan Jatisari, priksa Dewi
Wara Sumbadra ana kono, sang Begawan Jayawilasa nuli matur purwa madya wasana. Saiki
Sang Arjuna priksa yen kang ana Madukara kuwi palsu, mula Dewi Wara Sumbadra, Jaka
Pengalasan lan Aribawa diboyong menyang Madukara. Jroning Raden Arjuna mbujung Jaka
Pengalasan, Raden Gathutkaca kang nenggani Kasatriyan Madukara. Rawuhe ingkang paman
sagarwa putra nulya njateni kabeh sandining lelakon. Jaka Pengalasan lan Aribawa
kadhawuhan mrajaya Sumbadra kang ana ing ndalem pengkeran.
Wara Sumbadra tiron ketaman pusakane Jaka Pengalasan badhar dadi Raseksi terus
kaprajaya dening Raden Gathutkaca. Bambang Sembotho prang lan Aribawa cinakot Aribawa
mati. Bambang Sembotho. Tamat mendhung peteng kang ngendhanu ing kasatriyan
Madukara. Dene anggone kekasih Raden Abimanyu mau awit nalika Wara Sumbadra
babaran nyuwun ditulungi Bhima ingkang nalika semana mentas kondur mertapa, lan wis
antuk wahyu Widayat sarta wahyu Maninten. Mula bareng jabng bayi wus lair pinangku
dening Sang Bhima. Wahyu Widayat manjing ana ing anggane jabang bayi, lan banjur
akekasih Abimanyu.
Rehning tirta susune Wara Sumbadra durung mijil, saka eguh pratikele Sri Kresna, sang
Bhima kadhawuhan anesepsi. Wantuning satriya kekasihing Bathara, sakala payudarane
raden Bhima modod telung jempol, mijil banyu susu, sinesep dening bayi Abimanyu
ndadekake seger lan walagang gelis gedhe glewo sarta sinung kasekten saka dayane : Wahyu
Widayat. Dene Rahyu Maninten tiba ing negara Wiratha, ya wahyu loro mau kang ing tembe
bangkit nyambung dharah ratu ing negara Ngastina sak jajahane, bisa kawengku bali ing
astane dharah Pandhawa. Suka panggalihe satriya Pandhawa, dene rampung ing pacoban,
genti ngundhuh nugraha agung.
PS – 26 / 2006
A. Pitutur luhur kang ana crita ing ndhuwur
5
B. Tembung-tembung angel saka wacan ing dhuwur goleki tegese!
Kekasih =
Atmaja =
Patutan =
Tingkeban =
Ngupadi =
Raseksi =
Nuli =
Kacidra =
Kendhaga =
Patenggan =
Mahayogi =
Jatmiko =
Merjaya =
Badar =
Sinung =