I. STANDAR KOMPETENSI
Mampu mendengarkan dan memahani wacana lisan nonsastra maupun sastra dalam
berbagai ragam bahasa Jawa.
II. KOMPETENSI DASAR
1.1 Mendengarkan sambutan dalam upacara adat pengantin Jawa yang disampaikan secara
langsung atau dalam bentuk rekaman
III. INDIKATOR
A. Werdinipun Sesorah
Micara, sesorah, utawi pidhato, uga sinebut medharsabda yakuwi nglairake gagasan,
panemu, utawa osiking ati sarana lisan ana sangarepe pawongan akeh. Tumindak micara
kuwi kalebu sakabehing pari-polahing wong sing mujudake polahing tumindak , kalebu
obahing awak, pasuryan, rasa-pangrasa sarta jiwaning manungsa. Mula kuwi panindaking
micara sawenehing wong bias ora lumaku kanthi apik, amarga ora ana wong urip sing
sampurna. Mula sesorah kudu digladhi, tansah nyinau sarta nulad para priyayi singwis
limpat. Wong pancen sesorah sing apik kuwi ora saderma ngapalake.
Menawa mangkono, sawenehing pawongan sing kapatah dadi panata titi laksana kuwi uga
kalebu pawongan sesorah utawa pidhato, ananging beda jejibahane. Bias trampil sesorah
kuwi kudune sregep sinau lan seneng gladhen.
B. Jinising Sesorah
1. Sesorah kanthi cara apalan/memoriter
Sesorah kanthi cara iki, juru pamedhar sabda kudu ngasta cathetan utawa tulisan luwih dhisik
banjur diapalake nganti ora ana tembung-tembung kang kacicir. Dadi ora ana panemu-
panemu anyarrasa-pangrasa amarga wis tinulis kabeh ana sajronong cathetan sing wis
digawe. Mung wae, yen ana apalan kang kelalen, bisa njalari kabeh apalan kang wis dilakoni
ilang. Cara iki mung digunakake kanggo pawongan utawa bocahh-bocah sing nembe ajar
pidhato.
2. Sesorah kanthi cara naskah/teks/manuskrip
Sesorah utawa pidhato cara naskah utawa teks kuwi juru pamedhar sabda kudu ngasta
naskah nalikaning pidhato banjur diwaca sawutuhe. Cara iku biasane digunakake para
pejabat utawa punggawaning negari, mligine ana upacara-upacara resmi. Kanthi ancas
supaya ora mlenceng karo tjuan sakawit, ora kliru lan wektu kang sumadya winates. Dene yen
ana rembug-rembug liyane antaraning pejabat lan masyarakat diterusake ana ing acara
sarasehan utawa temu wicara.
Pidhato cara dadakan kuwi, pidhato sing ora kkanyana-nyana sadurunge. Mula saka kuwi,
pawongan sing tinanggenah sesorah kanthi cara iki kudu pawongan sing wis trampil ing
pamicara lan sugih pengalaman uga kawruhe. Kepara pawongan mau wis kalebu ahli sesorah.
Sesorah cara iki, juru pamedharsabda kudu ngasta cathetan cilik (outline) minangka gaman
utawa pangeling-eling urutaning isi sing bakal kawedharake. Cathetan mau mung isi wos-
wosing gati sing arep diwedharake. Cara iki biasa digunakake dening dwija kang arep mulang
ana ing sangareping muride.
Juru pamedhar sabda kudu nguwasani bahan utawa perkara sing diwedharake sarta wani
caos tanggapan tumraping panyaruwe. Tanggapan kuwi kudune nduweni dhasar utawa
landhesan ora amung waton ngomong. Mula kudune nduweni sangu ilmu kang mumpuni.
2. Nduweni Rasa Wani
Juru pamedhar sabda uga nduweni rasa wani micara ngadhepi wong akeh. Amarga bisa uga
kalah prabawa karo pawongan sing diadhepi. Apamaneh yen sing diadhepi kuwi nduweni
prabawa lan kepinteran kang luwih.
3. Patrap utawa sikep
Patrap utawa sikep kudu sing trengginas, tanggap, manteb, luwes, pantes, wibawa, aora
ingah-ingih, apamaneh wedinan. Nalikaning ngadeg kudu jejeg, ora ndhoyong, ora cekelan
kepara lendhetan cagak. Parlu dimangerteni juru pamedhar sabda utawa juru paniti laksana
sajroning ngayahi wajib/jejibahan uga dadi pasugatan mungguhing para
tamu.ngegreng/semuwa utawa orane swasana wiwahan gumantung uga saka paraga kasebut.
Mula kuwi, kudune nduweni utawa ora uwal saka tata krama utawa trapsila yakuwi solah
bawa, tindak-tanduk sing prasaja utawa apa anane ora digawe-gawe. Owah-owahaning
pasuryan katon sumriingah anengsemake amarga swasanane nyenengake.
4. Busana lan ngadi sarira
Tegese nalika nindakake ayahankuwi busana utawa ageman lan ngadi sarira kudu
diselarasake kahanan.
Basa minangka piranti utawa sarana lelantaran, sesambungan utawa lung-tinampa karo para
tamu utawa sing ngrungokake, mula saka kuwi basane ora basa ndakik-ndakik sing ora
dimangerteni dening sing ngrukokake, ananging basa sing gampang dimangerteni wong akeh.
Dene basa sing trep uga basa sing bener tuntunaning parama-sastra. Pamilihing tembung,
pangrakiting ukara, laguning ukara (intonasi) ingkang cetha, kendho-kenceng, inggil-andhap,
cepet rindhik lsp. Ringkesing basa kudu sing komunikatif, tegese kudu ngilingi:
Sapa sing ngajak guneman;
V. PENDALAMAN MATERI
Ing ngisor iki ana sesorah utawa sabta tama (ular-ular) ana tata cara temanten Jawa, wacanen
kanthi permati !