Anda di halaman 1dari 4

PARIBASAN, SALOKA, PARIKAN, ISBAT,

WASITA ADI
1. PARIBASAN
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa
pepindhan.

Tuladha paribasan :
1. Anak catur mungkur
Tegese : ora gelem ngrungokake rrasaning liyan kang ora prayoga.
2. Keplok ora tombok
Tegese : melu seneng-seneng, nanging ora melu ngetokake wragad.
3. Blaba wuda
Tegese : merga seneng banget lomane, nganti awake dhewe nandhang
kencingkrangan.

2. SALOKA
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa
pepindhan. Nanging kang dipindhakake wonge.

Tuladha saloka ;
1. Gajah ngidak rapah
Tegese : wong kang nglamar wewalere dhewe
2. Sumur lumaku tiniba
Tegese :wong kang kumudu-kudu dijaluki warah
3. Lahan karoban manis
Tegese : wong bagus / ayu rupane becik bebudhen.

3. PARIKAN
Ana 2 jenis parikan yaiku
1. Parikan sing dumadi saka rong gatra (parikan tunggal)
2. Parikan sing dumadi saka patang gatra (parikan rangkep)
Tuladha :
1. Sepet sepet, sawone mentah
– Di empet-empet, selak ra betah
2. Wedang bubuk, gula jawa.
– Yen kepethuk, ati lega
3. Wajik klethik, gula abang
– Aja sunthik, yen tumandhang
4. Kembang jagung, dipethik Cina
– Barang wis kadhung, dikapakna
5. Godhong kecipir, mrambat kawat
– Najan gak mampir, nanging liwat
6. Manuk kutut, manggunge
– Yen ra nurut, bisa keblinger
7. Manuk emprit, menclok godhhong tebu
– Dadi murid, sing sregep sinau
8. Yen kembang-kembange lamtara, dudu kembang wora-wari
– Mumpung sih ish mudha, sing taberi ngati-ati
9. Esuk nyuling sore nyuling, sulinge arek Yogyakarta
– Esuk eling sore eling, sing dieling ora rumangsa
10. Awan-awan aja keluyuran, ana pak mantri numpak sekuter
– Kapan-kapan aku keturutan, duwe kanca sinaune pinter
11. Yen kembang kembange kacang, dudu kembange puspa nyidra
– Sih cilik dikudang-kudang, bareng gedhe gawe rekasa
12. Esuk nembang sore nembang, tembange asmarandana
– Esuk ngadhang sore ngadhang, sing diandhang ra teka-teka

4. ISBAT
Isbat yaiku unen-unen kang ajeg panganggonelan mawa surasa tartamtu. Isbat
awujud racikaning tembunh kang ndhapuk ukara, ngemu teges entar lan
ngemu’pasemon’. Tembung ‘isbat’ tegese ‘ketetapn’. Isbat saemper paribasan,
tegese luereg marang flsafat lan pasemon. Lumrahe dianggo istilah, kosep,
utawa, kredho ing ngelmu tasawuf, makripat, filsafat kejawen, utawa idheologi
‘sangkan paran’.
Tuladha :
– Golek banyu apepikulan warih
– Golek geni adedamar
– Kodhok ngemuli lenge
– Nggoleki galihing kangkung
– Nggoleki isining bumbung wungwang
– Nggoleki susuhing angina
– Nggoleki tapaking kuntul nglayang
– Nggoleki wekasaning langit
– Lsp

5. KATA BIJAK / WASITA ADI BAHASA JAWA


Tuladha :
a. Urip iku kudu urup. Hidup itu mesti menyala, hidup itu hendaknya member
manfaat bagi orang lain disekitar kita, semakin besar manfaat yang bias kita
berikan tentu akan lebih baik.
b. Adhang-adhang tetese embun. Berharap datangnya sesuatu walau sedikit dan
tak pasti
c. Memayu hayuning bawana, ambrasta dur hangkara. Manusia hidup di dunia
harus mengusahakan keselamatan, kebahagiaan dan kesejahteraan serta
memberantas sifat angkara murka, serakah, dan tamak.
d. Ojo adigang, adigung, adiguna. Jangan merasa paling kuat, merasa paling
agung, merasa paling penting.
e. Sura dira jaya jayaningrat, lebur dening pangastuti. Segala sifat keras hati,
picik, angkara murka, hanya bias dikalahkan dengan sikap bijak, lembut hati
dan sabar.
f. Ajining diri dumunung ana ing lathi, ajining raga ana ing busana. Nilai diri
terletak dimulut, nilai fisik terletak pada pakaian.
g. Ngluruk tanpa bala, menang tanpa ngasorake, sekti tanpa aji-aji, sugih tanpa
bandha. Berjuang tanpa perlu membawa massa, menang tanpa merendahkan
atau memermalukan, berwibawa tanpa mengandalkan kekuasaan, kekuatan,
kekayaan dan keturunan, kaya tanpa disadari kebendaan.
h. Daton serik lamun ketaman, daton susah lamun kelangen. Jangan gampang
sakit hati manakala musibah menimpa diri, jangan sedih manakala kehilangan
sesuatu.
i. Diobong gak kobong, disiram gak teles. Disakiti, ditekan, dihina, disa-siakan
tetapi tetap sukses.
j. Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.
Didepan menjadi teladan/contoh, ditengah menjadi Pembimbing, dibelakang
menjadi pendukung.
k. Iso nembang, ra iso nyuling, iso nyawang ra iso nyandhing. Hanya bias
mengagumi seseorang tapi tidak bias memiliki.
l. Ojo gumunan, ojo getunan, ojo kagetan, ojo aleman. Jangan mudah terheran-
heran, jangan mudah menyesal, jangan mudah terklejut-kejut, jangan mudah
kolokan atau manja. (jadi jika ingin sukses anda harus giat dan pantang
menyerah dan jangan cepat puas).
m. Gusti Allah ora sare. Tuhan tidak pernah tidur (jadi segala perbuatan kita dan
semua yang terjadi di dunia ini tak pernah luput dari pengamatan Yang Maha
Kuasa)
n. Ojo ketungkul marang kalungguhan, kadonyan lan kemareman. Janganlah
terobsesi atau terkungkung oleh keinginan untuk memperoleh kedudukan,
kebendaan dan kepuasan duniawi.
o. Ngono yo ngono, ning ojo ngono. Kita boleh saja berperilaku sekehendak
kita, tetapi jangan sampai berlebihan.

Anda mungkin juga menyukai