Anda di halaman 1dari 20

TUGAS BAHASA JAWA

GAMELAN JAWA

Disusun Dening :

Lathifa Rifda Nuha

XII MIPA 2 – 17

2019/2020

1
KATA PENGANTAR

Puji syukur Alhamdulillah penulis panjataken dumeteng kehadirat Allah


SWT ingkang sampun maringakenlimpahan rahmat taufik kalian hidayah ipun
sehingga makalah menika ingkang anggadahi judhul Gamelan Jawa niki sampun
dirampung aken kanti sae. Selanjut ipun penulis hanggatur aken sholawat serta
salam mugi-mugi tetep kalimpah aken dumateng junjungan kita nabi ageng
Mohammad SAW,serta keluarga nipun,kalian sahabat – sahabat ipun lan kita
sedaya umat ipun.
Makalah niki anggadahi judul “Gamelan Jawa”khusus aken kangge
mempalajari jenis jenis gamelan jawa , bahan bakune, serta cara ngunekne.kangge
memenuhi tugas bahasa jawa.
Kita ucapaken matursuwun sanget dumateng Bu Murtiasih guru Pembelajaran
Bahasa Jawa ingkang sampun katah maringaken bimbingan. kita sadar ing
pendamelan makalah punika tebih saking kata sempurna,ananging mugi-mugi
makalah niki saget bermanfaat kangge penulis ing dalem pados ilmulan kangge para
pemaossedaya kangge nambah ilmu pengetahuan. Mula menika penulis ngarep
aken kritik kalian saran ipun ingkang saget membangun makalah punika.

Semarang, 20-11-2019

Penulis

2
DAFTAR ISI
KATA PENGANTAR….……………………………………………….....………2
DAFTAR ISI…….………………………………………………………....….…..3
BAB1 PENDAHULUAN
A.Latar Belakang …………………………………………………….........………4
B. Rumusan Masalah…………………………………………..…………......…....4
C. Tujuan …………………………………………………..……………......….....4
BAB II PEMBAHASAN
I Pengertian gamelan……………………………………………….........………..5
II Sejarah gamelan ……………………………………………….........………......7
III Jenis jenis gamelan……………………………………………………..............9
IV Jeneng jeneng gamelan lan fungsi kegunaanne……………………………......11
BAB III PENUTUP
A. KESIMPULAN…………………………...…………………………………..20
B. SARAN……………………………………………………………………….20

3
BAB 1
PENDAHULUAN
A. Latar Belakang
Gamelan jawa iku salah siji jinis corak gamelan sing urip nang Jawa Tengah
uga Yogyakarta lan sebageyan Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa iki beda karo
musik gamelan saka daerah liya. Musik gamelan Jawa lumrahe nduwe nada luwih
lembut lan luwih alon. Beda karo musik gamelan Bali sing nduwe nada luwih cepet,
uga gamelan Sundha sing rasa musike nglaras banget lan didhominasi swara suling.
Gamelan Jawa dibagi dadi loro laras utawa tuning sing beda yaiku
laras Slendro lan laras Pelog.gamelan iku bentuke aneka werna lan bahane uga
bedha-bedha serta suarane sing merdu iku uga duweni cara ngunekne sing beda,ana
sing ditabuh,dithutuk,lan di sebul.
B. Rumusan Masalah
Didasar wacanan ing latar belakang ing duwur,mula rumusan makalah ing makalah
niki yaiku :
1. Apa artine gamelan kui?
2. Kepriye sejarahe gamelan iku?
3. Apa ae jenising gamelan mitrut larase iku?
4. Apa ae arane jeneng lan fungsine gamelan iku?
C. Tujuan
Didasar rumusan makalah ing duwur,mula tujuan penulis makalah iki yaiku:
1. Bisa ngerti apa iku gamelan.
2. Bisa ngerti cacahe gamelan.
3. Bisa ngarani jeneng-jeneng gamelan.

4
BAB II
PEMBAHASAN
I. Pengertian Gamelan
Gamelan jawa iku salah siji jinis corak gamelan sing urip nang Jawa Tengah
uga Yogyakarta lan sebageyan Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa iki beda karo
musik gamelan saka daerah liya. Musik gamelan Jawa lumrahe nduwe nada luwih
lembut lan luwih alon. Beda karo musik gamelan Bali sing nduwe nada luwih cepet,
uga gamelan Sundha sing rasa musike nglaras banget lan didhominasi swara suling.
Gamelan Jawa iku nduwe gatra-gatra pentatonis lan nduweni 2 laras, yaiku
laras slendro lan laras pelog. Laras slendro nduweni urutan gatra-gatra 1 2 3 5 6 (ji
ro lu ma nem).Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kaperang
dadi pathet nem, pathet sanga, lan pathetmanyura. Urutan iki umume kanggo
pagelaran wayang. Laras pelog nduweni gatra-gatra 1 2 3 4 5 6 7 (ji ro lu pat ma
nem pi). Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kaperang dadipahtet nem, pathet
lima, lan pathet barang.

Piranti gamelan Jawa bisa dikelompokake dadi 4 bageyan yaiku gongan,


balungan, panerusan, lan kendhang. Gong, kempyang, kethuk, kempul lan kenong
menika kalebu gongan. Balungan iku rangkeyan melodi ing gamelan. Dadi ing jinis
musik gamelan iki inti melodine ana ing rangkeyan swara balungan iki. Sing
kalebu balungan yaiku saron panerus, saron barung, demung lan slenthem. Saron
demung utawa asring disebut demung iku salah sawijining piranti gamelan
Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron. Iki jinis saron paling
gedhe ukurane, sing paling cilik peking sing tengah-tengah saron
barung tembe demung. Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog demung lan slendro
demung. 2 jinis piranti panerus iki ndhuwe laras beda-beda. Wilah saron demung
iki paling gedhe ing kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 cm dawa lan
ambane 9 cm. Saron demung ndhuwe swara paling rendah ing kelompok
saron. Panerusan yaiku bonang, gender, gambang, siter lan

5
rebab. Bonang barung yaiku salah sawijine bageyan perangkat Gamelan Jawa kang
duweni bentuk pencu banjur diarani bentuk pencon. Laras slendro wilahe ana 12
cacahe, banjur kang Laras Pelog wilahe ana 14 cacahe. Bonang Barung manggone
ing rancakan saka kayu kang bentuke kaya amben. Pencon kuwi mau ditata ing
rancakan ditumpangake ing tali kang diarani pluntur. Bonang barung ditabuh
nganggo kayu kang cacahe 2, kayu kuwi mau sing bageyan dhuwur diblebet
nganggo kain lan pluntur. Cara nabuh bonang kuwi ana akeh pola tabuhane, yaiku
polatabuhan gembyang, mipil, imbal, sekaran, klenangan, lan liya-liyane.
Bonang barung kuwi gunane kanggo
mbukani gendhing. Sakliyane kuwi, bonang barung uga bisa kanggo nuntun
alur gendhing. Khusus ing pola mipil, bonang barung kuwi bisa kanggo
nuntun Instrumen liyane. Bonang Barung ora bisa dadi lagu penuntun,
nanging kolaborasi karo bonang penerus gawe pola lagu lan ing aksen-
aksen penting bonang gawe sekaran kang biasane ana ing akhir kalimat
lagu.Yen kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo
kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhern,
piranti iki digolongake piranti perkusi. Kendhang diselehake ing wadhah
panyangga saka kayu sing wujude memper huruf Y. Kendhang ing musik gamelan
fungsine kanggo mimpin lan ngarahake musik. Kendhang nduweni jinis lan ukuran
kang werna-werna. Ukurane kendhang antarane 20 cm nganti 45 cm. Kendhang
bentuke kaya drum lan dimainake kanthi cara ditabuh. Masing-masing 4 kelompok
iku nduweni fungsi dhewe-dhewe kanggo nggawe swara sing harmonis.
Gamelan Jawa nduwe aturan-aturan sing wis pakem antarane katata saka pirang-
pirang rambahan lan pathet utawa jero cetheking swara, uga ana aturan sampak
utawa cepet-rendhete laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan lan
melodine wis diatur ing bageyan-bageyan sing saben-saben ketata 4
gatra. Pandangan urip Jawa kang digambarake sajrone musik gamelan yaiku
kaselarasan kauripan jasmani lan rohani, kaselarasan sajrone omongan lan
tumindak saengga mujudake toleransi ing sasama. Wujud nyata ing musik gamelan
Jawa yaiku tarikan tali rebab kang sedengan, paduan seimbang swara kenong, srin,
kendhang lan gambang lan swara gong kanggo nutup irama. Gamelan Jawa biasane
dianggo ngiringi pagelaran wayang lan tari-tari. Saliyane musik, gamelan Jawa uga
ana swara sindhen kang nembangake lancaran, ladrang, lan gendhing-gendhing
Jawa.
6
II. Sejarah Gamelan
Musik gamelan duwé sajarah sing tuwa saumuran karo kasebaré
budaya Hindu lan Buddha ing Nusantara. Utamané nalika kawanguné karajan-
karajan gedhé kaya karajan Majapahit. Jaman Majapahit iki piranti gamelan wiwit
kawangun. Mula-mula, gamelan Jawa iku kasil saka budaya Hindu kang banjur
kagubah dening Sunan Bonang. Seni perkembangané musik Jawa iki kira-kira ana
pas anané kentongan, rebab, [tepukan tutuk] saka anané gèsèkan ana tali utawa
pring tipis nganti nuju prakembangané piranti musik saka bahan logam.
Ngrembakané musik gamelan diperkirakaké nalika anané kenthongan, rebab,
tepukan, banjur gèsèkan ing tali utawa pring tipis nganti tekan alat musik kang
digawé saka logam. Gamelan Jawa kalebu musik kanthi nada pentatonis. Nalika
dituthuk kanggo ngiringi gendhing. Gamelan Jawa duwéni rong puteran
yaiku sléndra lan pélog. Sléndro nduwéni limang nada saben oktaf yaiku 1 2 3 5 6
[C- D E+ G A]. Nadha slendro duwéni interval kang kacèké mung sithik. Déné
pélog nduwèni 7 nadha saben oktaf yaiku 1 2 3 4 5 6 7 [C+ D E- F# G# A B]
kanhti interval kang bedané utawa kacèké akéh. Komposisi musik gamelan digawé
kanthi aturan-aturan kang gumahtok, yaiku gamelan ana rong puteran lan
duwéni pathet, ana watesé sak gongan lan melodhiné digawé ing unit kang kasusun
saka 4 nadha.
Zoetmulder ngandharaken bilih tembung gamel kaliyan alat musik perkusi
yaiku alat musik ingkang ditabuh. Miturut basa BaliBali wonten
istilah gambèlan ingkang dados gamelan. Konon, ing mitologi Jawa, gamelan
dipunriptakken dening Sang hyang GuruSang Hyang Guru ing warsa Saka, dewa
ingkang mandegani sedaya Tanah Jawa, kaliyan istana ing
Gunung Mahendra ing Medangkamulan (sapunika Gunung Lawu). Sang Hyang
Guru punika nyiptakaken 2 Gong kangge ngundang arwah dewa-dewa, lajeng saged
kasusun set gamelan. Gamelan ing jaman rumiyin dipundamel saking watu, wit-
witan, tulang kewan. Nalika ing jaman modern sapunika, piranti gamelan
dipunriptakaken kanthi nglampahi proses industri, ingkang bahanipun werni-werni.
Gamelan saged dipundamel saking timah putih (Sn) lan tembaga (Cu), ugi saged
dipundamel saking kuningan, singen, utawa Wesi.
Gamelan biyasané kanggo ngiringi tarian, utawa seni pertunjukkan
kayata wayang kulit lan kethoprak.Gamelan biyasané kanggo ngiringi swara
penyanyi Jawa.Penyanyi kang lanang diarani wiraswara déné penyanyi kang wadon
7
jenengé waranggana. Seni gamelan kang kerep dipentasaké jaman saiki arupa
gamelan klasik lan kontemporèr. Salah sijiné gamelan kontemporèr yaiku jazz-
gamelan kang nduwéni campuran musik kang nadhané pentatonis lan diatonis.
Salah sijiné panggonan kanggo ndeleng seni gamelan yaiku ing Kraton
Yogyakarta. Biyasané dianakaké ing Bangsal Sri Maganti. Déné kanggo ndeleng
perangkat gamelan kang umuré wis tuwa yaiku ing panggonan bangsal liyané kang
manggon rada memburi.
Nalika jaman Majapahit, instrument gamelan ngalami perkembangan kang
apik banget kanthi ngraih bentuk nganti saiki lan kasebar ing manéka dhaérah,
kayata:
1. Bali.
2. Sunda utawa Jawa Barat.
Bukti otentik kang sepisanan babagan kahanan gamelan ditemokaké ing Candi
Borobudur, Magelang Jawa Tengah kang ngadeg awit abad kaping 8. Ing reliefé
katon maneka piranti kayata:
suling bambu.
lonceng.
kendhang (ing maneka ukuran).
kecapi.
instrument kang ana dawai utawa senaré kang biasa digésék lan dipetik, kalebu
sithik gambaran babagan èlemèn instrumen logam. Perkembangan sawisé
kuwi, gamelan digunakaké kanggo ngiringi pagelaran wayang lan tarian. Kanthi
akhiré ngadheg dhéwé minangka musik dhéwé lan dijangkepi karo swara
para sindhen.
Jinis gamelan werna-werna lan kapérang miturut laras lan tlatah panyebarané.
Munculé gamelan didhisiki karo budhaya Hindu-Budha kang
ndominasi Indonèsia kanthi awal mangsa pencatatan sejarah, kang uga
makili seni asli Indonésia. Instrumené dikembangaké kanthi bentuké kaya
mangkéné iki ing jaman Kerajaan Majapahit. Ing pambedané karo musik India, siji-
sijiné dampak ke-India-an ing musik gamelan yaiku kepriyé cara nyanyikaké.
Ing mitologi Jawa, gamelan diciptakaké déning Sang Hyang Guru ing
mangsa Saka, dewa kang nguasai kabèh tanah Jawa,
kanthi istana ing gunung Mahendra ing Medangkamulan (saiki Gunung
Lawu). Sang Hyang Guru pertamané nyiptakaké gong kanggo ngundhang
8
para dewa. Kanggo pesen kang luwih mligi banjur nyiptakaké rong gong, sawisé
kuwi kabentuk set gamelan.

III. Jenis Gamelan Miturut Larase


1. Gamelan Laras Sléndro
Sléndro utawa saléndro iku salah siji titilaras ing gamelan. Saliyané sléndro, ana
uga titilaras pélog. Ana 5 swara (nada). Titilaras Sléndro béda karo titilaras pélog.
Ing slendro ora ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras sléndro duwé 5 nada ing
saben gembyang utawa oktaf, ya iku 1 2 3 5 6. Kanggo gampangé asring
dipadhakaké karo C-D E+ G A ing titi laras kulonan. Siji lan sijiné nada nduwé
béda interval swara sing cilik.
a. Asal-usul
Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan sléndro wiwit ana ing tanah Jawa.
Ana kang ngira yèn sléndro ana sesambungane karo Wangsa Syailendra kang
naté kawentar ing Jawa kuna. Ana sawetara ahli sing golèk sesambungané
sléndro karo andha swara tradhisional ing Indhia lan Cina.
b. Notasi
Angka Pangucap Jeneng
1 ji (siji) barang
2 ro (loro) gulu
3 lu (telu) dhadha
5 ma (lima) lima
6 nem (enem) nenem

c. Watak lan pathet


Ing Bali, sléndro minangka kahanan sing sedhih, amarga asring dianggo bareng
karo anglung kanggo acara ngobong mayit.
Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kapérang dadi nem, sanga, lan manyura.
Urutan iki lumrahé kanggo pagelaran wayang
1) Pathet nem
Lumrahé ditulis ‘’sléndro nem’’. Pathet iki dinggo ing swara kang cendhèk
kanthi adhedasar 2 karo 3. Pérangan swara ing pathet iki asring disilih déning
pathet liyané. Sléndro pathet nem sareng pelog lima dianggo kanggo

9
pagelaran wayang watara jam 21.00-24.00, wiwit jejer tekan perang
prampogan utawa perang gagal.
2) Pathet sanga
Lumrahé ditulis sléndro sanga. Ana kalané uga disebut barang miring. Pathet iki
adhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling karo pélog
pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti wengi. Ing
pagelaran wayang purwa pathet sanga iki digunakaké watara jam 24.00-03.00
wiwid jejer pandhita utawa wetuné Bambang tekan perang kembang.
3) Pathet manyura
Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang sléndro
liyané, pathet manyura luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo
pelog barang, pathet iki ing pagelaran wayang purwa dienggo ing wayah ésuk,
wiwitané wengi, pungkasané wengi watara jam 03.00-06.00 wiwit salebaré
perang kembang tekan tancep kayon lan kanggo upacara-upacara mirunggan.
Tembung Manyura tegesé 'merak' maksude ing wektu iku wis prak-ésuk.
2. Gamelan Laras Pélog
Pélog iku salah sijiné titilaras ing gamelan. Saliyané Pelog, ana uga Slendra.
Pelog béda karo Slendra , ing Pelog ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras Pelog
duwé 7 nada ya iku 1 2 3 4 5 6 7.
a. Asal-Usul
Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan laras Pelog wiwit ana ing tanah
Jawa. Para empu Karawitan uga ora ana sing ngerti babagan iki. Nanging sing
jelas, laras Pelog iku kalebu ing larang anyar ing donya karawitan ing Jawa.
Amarga, asliné laras Gamelan ing Jawa iku biyèn mung slendra.
b. Notasi
Angka Pangucap Jeneng
1 ji (siji) panunggul
2 ro (loro) gulu
3 lu (telu) dhadha
4 pat (papat) pélog
5 ma (lima) lima
6 nem (enem) nem

10
7 pi (pitu) barang

c. Watak lan Pathet


Ing Bali, Pélog minangka kahanan sing seneng, amarga asring dienggo kanggo
acara nikahan lan kanggo iringan Tari.
Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kapérang dadi Nem, Lima, lan Barang.
1) Pathet Nem
Lumrahé ditulis "Pelog Nem’’. Pathet iki dienggo ing swara kang cendhek kanthi
adhedasar 2 karo 3. Perangan swara ing pathet iki asring disilih déning pathet
liyané. Ing pelog pathet 5 dienggo kanggo pagelaran wayang sadurungé tengah
wengi.
2) Pathet Lima
Lumrahé ditulis "Pelog Lima".Pathet iki adhedhasar swara angka 5 karo 1.
Pathet iki dienggo selang-seling karo pelog pathet nem ing
pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti tengah wengi.
3) Pathet Barang
Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang Pelog liyané,
pathet Barang luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo Sléndra
Manyura, pathet iki dienggo ing wayah ésuk, wiwitané wengi, pungkasané
wengi, lan kanggo upacara-upacara mirunggan.

IV. Jeneng-jeneng Gamelan Lan Fungsine


Piranti gamelan Jawa bisa dikelompokake dadi 4 bageyan yaiku gongan, balungan,
panerusan, lan kendhang. Gong, kempyang, kethuk, kempul lan kenong menika
kalebu gongan. Balungan iku rangkeyan melodi ing gamelan. Dadi ing jinis musik
gamelan iki inti melodine ana ing rangkeyan swara balungan iki. Sing kalebu
balungan yaiku saron panerus, saron barung, demung lan slenthem. Saron demung
utawa asring disebut demung iku salah sawijining piranti gamelan Jawa sing
ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron. Iki jinis saron paling gedhe ukurane,
sing paling cilik peking sing tengah-tengah saron barung tembe demung. Ana 2 jinis
saron demung yaiku pelog demung lan slendro demung. 2 jinis piranti panerus iki
ndhuwe laras beda-beda. Wilah saron demung iki paling gedhe ing kelompok saron
ukurane kira-kira 35,5 cm dawa lan ambane 9 cm. Saron demung ndhuwe swara

11
paling rendah ing kelompok saron. Panerusan yaiku bonang, gender, gambang, siter
lan rebab. Bonang barung yaiku salah sawijine bageyan perangkat Gamelan Jawa
kang duweni bentuk pencu banjur diarani bentuk pencon. Laras slendro wilahe ana
12 cacahe, banjur kang Laras Pelog wilahe ana 14 cacahe. Bonang Barung
manggone ing rancakan saka kayu kang bentuke kaya amben. Pencon kuwi mau
ditata ing rancakan ditumpangake ing tali kang diarani pluntur. Bonang barung
ditabuh nganggo kayu kang cacahe 2, kayu kuwi mau sing bageyan dhuwur diblebet
nganggo kain lan pluntur. Cara nabuh bonang kuwi ana akeh pola tabuhane, yaiku
polatabuhan gembyang, mipil, imbal, sekaran, klenangan, lan liya-liyane. Bonang
barung kuwi gunane kanggo mbukani gendhing. Sakliyane kuwi, bonang barung
uga bisa kanggo nuntun alur gendhing. Khusus ing pola mipil, bonang barung kuwi
bisa kanggo nuntun Instrumen liyane. Bonang Barung ora bisa dadi lagu penuntun,
nanging kolaborasi karo bonang penerus gawe pola lagu lan ing aksen-aksen
penting bonang gawe sekaran kang biasane ana ing akhir kalimat lagu. Yen
kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi
antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhern, piranti iki
digolongake piranti perkusi. Kendhang diselehake ing wadhah panyangga saka
kayu sing wujude memper huruf Y. Kendhang ing musik gamelan fungsine kanggo
mimpin lan ngarahake musik. Kendhang nduweni jinis lan ukuran kang werna-
werna. Ukurane kendhang antarane 20 cm nganti 45 cm. Kendhang bentuke kaya
drum lan dimainake kanthi cara ditabuh. Masing-masing 4 kelompok iku nduweni
fungsi dhewe-dhewe kanggo nggawe swara sing harmonis.
Gamelan Jawa nduwe aturan-aturan sing wis pakem antarane katata saka
pirang-pirang rambahan lan pathet utawa jero cetheking swara, uga ana aturan
sampak utawa cepet-rendhete laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan
lan melodine wis diatur ing bageyan-bageyan sing saben-saben ketata 4 gatra.
Pandangan urip Jawa kang digambarake sajrone musik gamelan yaiku kaselarasan
kauripan jasmani lan rohani, kaselarasan sajrone omongan lan tumindak saengga
mujudake toleransi ing sasama. Wujud nyata ing musik gamelan Jawa yaiku tarikan
tali rebab kang sedengan, paduanseimbang swara kenong, srin, kendhang lan
gambang lan swara gong kanggo nutup irama. Gamelan Jawa biasane dianggo
ngiringi pagelaran wayang lan tari-tari. Saliyane musik, gamelan Jawa uga ana
swara sindhen kang nembangake lancaran, ladrang, lan gendhing-gendhing Jawa.

12
NO NAMA GAMBAR DESKRIPSI
1. KENDHANG Kendhang nglayani utama kanggo
nyetel irama. Kendhang iku rung
dening tangan, kanthi ora ana alat.
Remaja jinis cilik diarani ketipung,
tengah sing diarani kendang ciblon /
kebar. Pasangan ketipung ana siji
liyane sing disebut kendang gedhe sing
disebut kendang kalih.
Kendang 2 diputer kanthi tembang
utawa gendhing kanthi alus, kayata
ketawang, kalhuk loro, lan rancak
ladrang dadi. Bisa uga dimainaké
kanthi cepet ing pambuka lagu jenis
lancaran, ladrang irama tanggung
jawab. Kanggo muter kendhang,
mbutuhake wong sing jero ngenani
budaya Jawa, lan dimainake kanthi
perasaan insting saka pemain, mesthine
karo aturan sing ana.

2. DEMUNG Piranti kasebut ana ing wujud kunci


SARON kanthi enem utawa pitung slats (oktaf)
PEKING sing ditumpangi ing bingkai kayu sing
uga berfungsi minangka resonator. Mie
instrumen dimainake karo tabuh sing
digawe saka kayu. Miturut ukuran lan
fungsi, ana telung jinis saron: - demung
(paling gedhe), - saron (Medium) lan, -
peking (paling cilik).

13
DEMUNG
Alat iki gedhe lan beroktaf
tengah.Demung muter balungan
gendhing ing papan sing dawane.
Umumé, siji piranti gamelan duwe siji
utawa loro demung. Nanging ana
gamelan ing istana sing duwe luwih
saka loro demung.

SARON
Alat iki medium lan dhuwur
beroktaf.Seperti demung, saron barung
muter balungan ing wilayah sing
diwatesi. Ing teknik kecenderungan
ganjaran, rong lagu saron muter sing
cepet. Sawijining set gamelan duwe
rong saron, nanging ana luwih gamelan
lan rong saron.
PEKING
Saron beroktaf sing paling cilik lan sing
paling dhuwur.
Iki lagu utawa peking panon nyanyi
lagu kontinental kaping pindho utawa
kaping papat.

3. GONG Gong nandhani awal lan pungkasan


gendhing lan menehi rasa
keseimbangan sawisé tembang
gendhing panjang.
Gong wigati banget kanggo nandhani
pungkasaning grup dhasar lagu, supaya
grup kasebut dhewe (yaiku ukara

14
tembang antarane rong pemukul)
diarani gongan.

4. BONANG Bonang dipérang dadi rong jinis, yaiku


bonang barung lan bonang panerus.
Bentenane gedhe lan cilik, uga cara
muter irama. Bonang barung gedhe,
beroktaf tengah kanggo lintang
dhuwur, iku salah siji saka pemimpin
instruments ing tawon engineering
ansambel.Khususnya shelled, pola
muni tansah anticipates nada sing bakal
mimpin instruments songs jinis
lainnya.Pada gendhing bonang, bonang
barung muter gendhing opener lan
nuntun alur lagu gendhing.
Wonten ing teknik ganjaran insentif,
bonang barung mboten nindakaken
panuntun; dibentuk pola intertwine
karo panerus song bonang, lan penting
logat logat bonang bisa nggawe
Sekaran (songs garnish), biasane ing
ukara pungkasan song.
Bonang panerus iku bonang boneka
sing dhuwur.
Ing teknik perkusi pipa, irama bonang
panerus nduweni kecepatan muter
kaping pindho saka bonang barung.
Sanajan nunggu balungan balungan,
bonang panerus ora dadi lagu
bimbingan, amarga kecepatan lan
dhuwur wilayah nada.

15
5. SLENTHEM Miturut konstruksi, slenthem kalebu
kulawarga jenis kelamin; Tinimbang
kadang disebut panembung jender.
Nanging slenthem nduweni blades
kaya pisong saron;
Slenthem sing paling cilik ing
kelompok instrument saron. Seneng
demung lan saron barung, slenthem
muter lagu balungan ing wilayah sing
winates.

6. KETHUK Kenong minangka jinis instrumen gong


KENONG kayata horisontal, disapu ing tali sing
digawe ing pigura kayu. Ing ngeklik
struktur gendhing, kenong minangka
instrument paling penting kaping kalih
sasampunipun gong.
Kenong ngeculake gongan dadi loro
utawa papat ukara kenong.
Saliyane nggayutake struktur
gendhing, nada kenong uga
digandhengake karo gendhing;
dheweke bisa muter nada sing padha
karo nada balungan; Dheweke uga
ndhisiki nada balungan sakwise nuntun
gendhing; utawa bisa muter nada
kempyung siji kanthi nada balungan,
kanggo ndhukung rasa pathet.
Ing kenongan cepet, ing ayaka yakan,
srepegan, lan sampak, kenong beats
ngarahake aliran gendhing gendhing-
gendhing kasebut.

16
Kethuk sami kaliyan kenong,
fungsiipun sami kaliyan kenong.
Kethuk lan kenong tansah main
interweaving, beda ing irama muter
piyambak.

7. GENDER Instrumen kasebut kasusun saka garis


logam sing digawe kanthi tali ing
ndhuwur lubang resonator. Jenis
kelamin dimainke kanthi taplak meja
sing digawe (bunder ing lapisan kain)
kanthi batang sing cendhak.
8. GAMBANG Instrumen digawe saka slab kayu sing
dipasang ing gerobogan sing uga dadi
resonator. Tujuh belas nganti rong
puluh blades, wilayah Gambang kalebu
loro octaves utawa luwih. Gambang
diputer kanthi tabuh bunder sing
nduweni batang gedhe sing biasane
sungu / sungu. Akeh gambang muter
gembyangan (oktaf) kanthi pola corak
kanthi cepet.
Gambang uga bisa muter macem-
macem lagu utawa rhythmic
ornamentations.
9. REBAB Instrumen kawat kabel kanthi rong
kabel dilapisi ing watu kayu kanthi
awak berbentuk ati sing ditutupi dening
membran (kulit tipis) saka dodo sapi.
Minangka salah sawijining instrumen
utama, rebab diakoni minangka
pimpinan lagu ing ensembles, utamane
ing gaya ngilo.

17
Ing paling gendhing-rendhing, rebab
nduweni pambuka gendhing,
nemtokake gendhing, laras, lan pathet
sing bakal diputer. Wilayah nada rebab
nyakup ukuran apa wae gendhing. Dadi
aliran lagu rebab menehi petunjuk sing
jelas ing path gendhing.Pada lagu
gendhing.Pada biasane gendhing,
rebab uga menehi pituduh musik
kanggo gamelan kanggo ngalih saka
siji bagean liyane.
10. SITER Siter minangka bagéan saka gamelan
sing sumber swara minangka senar
(kawat) sing mbutuhake tantangan ing
cara petik. Instrumen jinis iki katon
saka wujud lan werna swara ana telung
jinis, yaiku siter, penerus siter (ukuran
luwih cilik tinimbang siter), lan
clempung (ukuran luwih gedhe
tinimbang siter). Ing karawitan
karawitan karawitan utawa konser lan
wayang accompaniment siter fungsi
minangka pangrengga lagu.
11. SULING Liyane instrumen gamelan sing uga
dienggo minangka lagu pangrengga
sing disuling. Instrumen iki digawe
saka wuluh utawa bambu paralon sing
diwenehi bolongan minangka nada
utawa determinant laras. Ing salah siji
mburi sisih kang ing lambé inflatable
gawan ing lapisan diwenehi disebut
tutup jamangan sing serves kanggo
saluran udhara, nyebabake ing getaran

18
online sing nimbulaké gangguan utawa
sistem swara inflatable ring ing cara
iki. Ing tradisi musisi, suling ana rong
jinis, yaiku wangun sing laras suling
Slendro wis papat bolongan sing meh
equidistant, nalika laras pelog lima
bolongan karo beda jarak. Ana uga
suling mawa enem bolongan sing bisa
digunakake kanggo pelog lan Slendro
barel.

19
BAB III
PENUTUP
A. Kesimpulan
Saking pembahasan ing duwur mau ana makalah iki,isa dijupuk kesimpulan
yaiku ana werna werna antarane:
1. Gamelan jawa iku salah siji jinis corak gamelan sing urip nang Jawa Tengah uga
Yogyakarta lan sebageyan Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa iki beda karo musik
gamelan saka daerah liya.
2. Gamelan Jawa dibagi dadi loro laras utawa tuning sing beda yaiku laras Slendro lan
laras Pelog. Laras yaiku susunan nada-nada ing siji gembyangan sing wes
ditentokno duwur utawa endek lan ditata nadane. Laras Slendro kasusun saka 5
bagian,ananging Laras Pelog kasusun dadi 7 deret nada. Gamelan disajikno
minangka iringan wayang utawa kanggo sajian karawitan bebas utawa klenengan
utawa konser gamelan.
3. Jeneng jeneng gamelan iku ana:boning ,slentem,demong,saron, saron penerus
utawa peeking,kethuk lan kenong,kempul lan gong,gambang,siter,lan suling.

B. Saran
Menika sing saget kula sampekne babakan materi sing dibahas ing jero
makalah iki,tentune isih akeh kekurangan lan kelemahanne mula kurange
pengetahuan utawa reverensi materi ing makalah iki.

Kula ngatahaken harapan saking para pemaos,khususe dosen kalian kanca-


kanca kangge menehi kritik lan saran sing saget membantu sertasaget bangun demi
kesempurnaan makalah niki lan penulis makalah niki wonten ksempatan-
kesempatan lintu nipun.mugi-mugi makalah niki saget migunani tumprap penulis
sertasaget mafaati tumprape para pemaos ing umumipun.

20

Anda mungkin juga menyukai