Anda di halaman 1dari 10

TUGAS BAHASA JAWA

CERITA WAYANG JAWA

NAMA: - Rinne Mahadevita (23)

- Zahra Salsabila (35)

KELAS: 8C
PANDHAWA LAN KURAWA

Laire PANDAWA 5

 Yudhistira, mangkenipun Ratu Ngamarta


 Bima Sena, mangkenipun satriya Jodhipati
 Arjuna satriya ing Madukara
 Nakula, satriya Sawojajar
 Sadewa, satriya
Salejengipun kapethikaken daya ngriptaning
leluhur Wali Sanga ing Buku “Nonton Wayang Dari
Berbagai Pakeliran : dening R.M Pranoejoe
Poespaningrat.
Keluarga Pandawa dapat pula dihubungkan
dengan kewajiban Islam yang Lima.
Putadewa dihubungkan dengan syahadat. Ia
sabar dan pengasih, selalu mengabulkan perintah
orang, bahkan isteri dan nyawanya pun akan
diberikan bila diminta.Ia mempunyai pusaka
kalimasada, yang bertuliskan kalimah syahadah.
Bima dihubungkan dengan shalat, mukanya
selalu menunduk seperti orang yang shalat. Ia
tidak melayani orang lain jika pekerjaanya sendiri
belum selesai, isyarat bahwa salat tidak boleh
dibatalkan.
Arjuna dihubungkan dengan puasa, jiwanya
teguh dan gemar bertapa. Walaupun berparas
tampan, namun ia selalu berpenampilan
sederhana. Untuk berbuat sederhana tetapi indah,
memrlukan pengengkangan hawa nafsu yang kuat.
Nakula dihubungkan dengan zakat. Ibarat
orang yang senang mengeluarkan zakat karena
giat bekerja.
Sadewa dihubungkan dengan haji.
Menggambarkan orang yang mampu melakukan
ibadah haji karena hartanya cukup, terpenuhi
sandang pangannya.

Lairipun KURAWA 100

Pasanganing Destarastra kaliyan Dewi Gandari


(putra saking Tistapa, mbakyunipun Sangkuni)
nglairaken putra cacahipun 100, dipunjuluki
KURAWA, tuladhanipun Duryudana, citraksi,
citraksa, kartamarma.

BARATAYUDA

Baratayuda Jayabinangun mujudaken


peperangan dahsyat antawisipun kaluwarga
Bharata. Inggih punika pertempuran antawisipun
pihak pandhawa kaliyan pihak kurawa.
Sasampunipun Prabu Pandhu Dewanata seda
panguwaos praja dipunasta Destarata. Nanging
praktekipun sedaya komadho praja
dipuntindakaken dening Dewi Gendari kabantu
sengkuni.
Prabu Suyudana saged jumeneng nata saking
keparengan prabu Drestarastra. Prabu destrarasta
tansah maringaken ikhtiaripun dewi Gendari
kaliyan sengkuni, tansah damel reka punapa
kemawon supados pandhawa saged dipunusir
nilaraken negari ngastina.
1. Bale Sigala-gala
Kangge nindakaken niat jahat punika Prabu
Duryudana ihtiar para pandhawa dipunkempalaken
wonten Bale Sigala-gala, lan terus
dipunbesmi(dipunobong).

Langkah –langlah punika dipunmangertosi


dening pamanipun, inggih punika Widura. Widura
enggal nyukani pitulungan, nyukani kabar dhateng
para pandhawa. Wasana para pandhawa saged
damel terowongan kangge medal. Ugi Pikantuk
pitulungan saking Dewa(bathara narada).
Kanthi pitedahan Dewi Kunthi Arya Bima
dipunkawinaken kaliyan Dewi Nagagini saking
pasanganpunika lair Anantaraja.

2. Pendhawa Dadu
Sasampunipun pendhawa saged medal saking
bale Sigala-gala, wusana saget medal mbangun
praja wonten ing tlatah Endraprastha utawi
Amarta. Sedaya wiwit ikhtiyar nyusun kekiyayatan
kanthi tumindak ingkang sae lan jujur.
Kosok wangsulipun para tokoh Kurawa ningali
para satriya pandawa sami gumugah tuwuh
sedaya bala kurawa sansaya sanget anggenipun
dendam. Kurawa Ngastina nglajengaken niat
jahatipun, ngangge siasat licik lan jahat. Prajurit
kurawa sansaya sombong, jalaran rumaos
nggadhahi kekiyatan ageng. Ningali pandhawa
namung nggadhai kekiyatan tokoh/cacahipun 5.
Kurawa Ngastina wiwit ngacakaken siyasat
licik: ndhatengaken pandawa dipuntantang main
dhadhu.
Kanthi tumindak licik lan licin, Arya sangkuni
sanget ngawonaken pandhawa. Padhawa
dipunpeksa supados masrahaken negari, kraton,
para pribadhi saha semahanipun minangka
totohanipun(sebagai taruhan).
Pandhawa kawon, kedah nindhakaken Ukuman
nyingkir dhateng wana, 13 taun laminipun.
Sasampunipun ndungkap, ukaman wekdal 13
taun, pendhawa kedah nyamar ngantosboten
saged dipunngerosi wonten pundi panggenanipun.
Pranyata ndungkap wekdal ukuman 13 taun,
pendhawa nyamar wonten negari wiratha, sami
ngawula (menjadi hamba) dhateng prabu
Matswapati/ Gurgandana. Ing pungkasaning taun
13, kawontenanipun Pandhawa boten sagetd dipun
mangertosi dening kurawa ngastina klebet mata-
matanipun.
Cathetan ingkang ndamel nggrantesing
manah, ing salebetipun main dadu, Dewi drupadi
dipun ruda paripeksa(penghinaan) ingkang
sakalangkung jahat saking arya Dursasana.
Ngantos rikmanipun Dewi Drupadi ngore(terurai).
Dewi drupadi sumpah : Rambutku yang terurai
ini tidak akan kusanggul kembali sebelum kucuci
dan kukramasi dengan darah arya Dursasana.
Dene pengalaman sanes, ing taun 13,
prastawa kawinipun Bima/Wijasena kaliyan dewi
Arimbi, putrid negari Pringgadani. Pasanganipun
bima-arimbi nglairaken Arya Gathotkaca.

3. Kresna Duta
Sampunipun Pandhawa bebas saking ukuman
13 taun, malahan sakpunika saged muncul
mandhireng pribadi, nuruti obah mosike donya,
lanniat wanton ngadhepi sinten kemawon, lan
negari pundi kemawon, asal sedaya tumindak
dipundhasari: adil, leres, jujur, ngregeni tata
rembag kamanungsan.
Inggih wiwit sapunika pandhawa badhe
nggugat dhateng Bala Kurawa, ngangge syarat-
syarat ing nginggil:
1.Dinten wontenaken rembagan antawisipun
kurawa ngastina, ngengingi sedaya hak
warisanipun para warga pandhawa ingkang taksih
dipunkuwasai para warga ngastina
2.Kangge niyat punika sanget perlu dipunaturi
rawuh ing siding, sedaya utusan saking sedaya
praja ingkang mihak pandhawa. Sabotenipun Prabu
sri kresna ingkang minangka ngasta sesepuh
penasehat agung pandhawa, minangka utusan
mundhut hak warisan pandhawa kanthi cara
damai.

Ing tengah-tengah sidang, Sri Kresna


dipunsekseni para dewa, inggih punika:
Sang Hyang Parasurama
Sang Hyang kanwa
Sang Hyang Janaka
Bathara narada
Bebarengan kaliyan Sri Kresna ing tengahing
sidang ngendikaken sedaya kewajibanipun
minangka duta, pranyata boten kasil.
Kurawa tetep boten badhe pasrah sajengkal
lemah, senadyan punika sanes gadhahanipun
ngastina.
Sareng mireng pangandikanipun Sri Kresna,
bala kurawa sami muntap, Sri Kresna sak
pasederekanipun dipun krubut prajurit Kurawa,
badhe dipunsedani.
Sri Kresna telas kesabaranipun, ngantos
muntap triwikrama, matek aji bala
sewu(brahalasewu) Kraton Ngastina ajur-mumur.
Wusana kawontenan punika dipun leren lan
dipunsirep dening Bathara Narada. Maksudipun
Kurawa dados gagal.
Ningali glagat kawontenan, saha akhlaqipun
kurawa 100 kados mekaten, sajakipun Bratayuda
boten badhe saget dipunselaki.

Prastawa saderengipun Batarayudha, inggih


punika, tilaripun bambang irawan (putra arjuna)
nalika Bambang Irawan tumuju dhateng
panggenan kempalipun pandhawa. Bambang
Irawan tilar dipugigit kalasrenggi. Kalaserenggi
dendham dhateng janaka. Bambang Irawan
rupinipun kados janaka, dipunkinten Bambang
Irawan Punika Janaka.
Daerah perang Baratayuda wonten ing tegal
Kuruksetra, kalih kalihpun, kurawa kaliyan
pandhawasami sibuk siyaga kubu-kubu markas ing
pinggir Tegal Kuruksetra.
Baratayuda ngantos kelamapahan 18 dinten,
tuwin mbekta kurban sakinten sekawan yuta
prajurit.

Anda mungkin juga menyukai